43.
Munir
sing dening Aman dianggep beja jalaran bakal bisa ngrabi Saropah, jebul malah
ngrasakne sing kosok baline. Tumrap Munir, gelem neken kesaguhan arep ngrabeni
Saropah kuwi dudu kanugrahan nanging kacilakan. Maune Munir nggagas ora arep
netepi kesaguhan sing wis ditandha tangani neng ndhuwur meterei, nanging bareng
kelingan sing dikandhakne Pak Ketua Keamanan Kampung sawise dheweke neken
layang kesaguhan , Munir dadi mengkeret. Githoke mrinding.
"Sampean
bisa wae sawise metu saka omah kene banjur ngglenes ora nggagas karo isine
layang sing sampean tandha-tangani kuwi" kandhane Pak Ketua Keamanan
Kampung wengi kae "aku ngerti nek sampean ki Lawyer sing endhag
ngenggak-ngenggokne ukara ben bisa luput saka jiretan ukum, nanging sampean ya
kudu ngerti nek kajaba ana KUHP ya ana sing diarani Hukum Adat, nek nganti sing
dicakne nyang sampean hukum adat dening pemuda-pemuda kene, bakal luwih runyam
dadine".
"Nggih
Pak" wektu kuwi Munir mung bisa semaur alon.
Kajaba
saka kuwi, Munir sing wis bengeb raine lan lara awake uga kudu tanggung jawab
marang sing duwe mobil sing disewa. Ndadakne nganti pulih kaya maune. Munitr
jan rumangsa cilaka mencit ngana kae. Ya pas Munir nggelak mobil sewan arep
digawa menyang bengkel esuk kuwi, mobile simpangan karo Mobil Pajero Sport sing
dhek emben ketemu ana ngarep omahe mBok Sadikem. Ustadz Mahfudzi sekalian
garwa, arep sanja menyang daleme Bu Kaji Ali.
"Matur
nuwun saestu lho Us kalih Ustadz" ngendikane Bu Kaji sawuse padha bage
binage ngabarake keslametane dhewedhewe "saestu kula sampun kapang sanget
kalih Ustadzah saha Ustadz, ning sabensaben badhe sowan mrika ki kok ya ana-ana
wae pepalange".
"Mila
kedahipun ingkang nem ngeten niki ingkang sowan Bu Kaji" Bu Mahfudzi
wangsulan karo mesem "nanging nggih sami, Abine niku ingkang radi kangelan
nata wekdal".
"Inggih
Us" Bu Kaji ngendika maneh "lha badhe pripun malih tiang Ustadz niku
sampun dados gadhahane umat ingkang cacahipun inggih kathah, sami anggenipun
mbetahaken Ustadz".
"Lha
ndelalah enjing niki wau longgar, Bu Kaji" sing semaur genti Ustadz
Mahfudzi "mila lajeng kula langaken sowan mriki niki wau".
"Inggih
Ustadz" Bu Kaji paring wangsulan "ndelalah niki wau si Thole ngepasi
mlebet dhateng sekolahan Pondhok, nggih nyuwun pangapunten si Sodik boten saged
manggihi Ustadz".
"Boten
dados menapa Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi mesem semanak "mila kula seja
anggen kula sowan mriki wau mligi badhe sowan Bu Kaji, malah menawi saged Dhik
Sodik sampun ngantos pirsa rumiyin kok".
Penggalihe
Bu Kaji dumadakan krasa nggragab, mireng ngendikane Ustadz Mahfudzi sing sajak
nyala wadi kuwi. Nek olehe rawuh mrono sengaja nglimpekne Sodik lan mligi arep
kepethuk Bu Kaji, genah nek ana apa-apa sing dadi wadine Sodik. Bu Kaji banjur
emut maneh apa sing dicritakne Munir wingenanane, penggalihe dadi sansaya
trataban. Pasuryane katon pucet, nuduhne nek lagi kejot penggalihe.
"Abine
niku senengane kok damel kejot lho?" Bu Mahfudzi sing pirsa glagat ora
kepenak ing pasuryane Bu Kaji, gage anggone ngendika "boten kok Bu Kaji,
mila Abine niku sampun pirsa menawi dinten niki wau Dhik Sodik anceran mlebet,
boten kok neja badhe nglimpekaken Dhik Sodik".
"Estunipun
wonten menapa ta Tadz? Si Thole damel kalepatan menapa?" Bu Kaji genti
matur marang Ustadz Mahfudzi.
"Tenan
ta Bi?" Bu Mahfudzi nyaut rembug karo nyawang pasuryane kakunge "Bu
Kaji dados kejot nginten ingkang boten-boten dhateng Dhik Sodik. Nggih sampun
mangga diaturne menawi Dhik Sodik boten tumindak ingkang boten sae".
"Nyuwun
pangapunten Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi banjur ngendika sareh "Babar
pisan Dhik Sodik boten tumindak menapa-menapa, saestu. Lha sowan kula niki wau,
kajawi njampeni raos kapang dhateng Bu Kaji, ugi wonten sambetipun kalih
dhawuhipun Bu Kaji dhateng kula kala rumiyin, bab madosaken calon ingkang cocog
kalih Dhik Sodik. Alhamdulillah, calon menika sampun kepanggih, larenipun
sregep, trampil, remen berjuang, pinter lan nyambut damelipun boten tebih
saking mriki, tiang inggih ndherek mucal ing Sekolahan Pondhok, dados
sasekolahan kalih Dhik Sodik".
"Dados
Sodik sampun tepang kalih lare wau Ustadz? lha piyambakipun mucal menapa ing
Sekolahan Pondhok niku Tadz?" Bu Kaji sajak kepencut karo sing lagi wae
dingendikakne Ustadz Mahfudzi.
"Sampun
tepang namung inggih dereng lami" wangsulane Ustadz Mahfudzi "menawi
Mapel ingkang dipun cdepeng inggih jumbuh kalih ijazahipun Pendidikan Jurusan
Bahasa Indonesia, nanging gandheng tiyange enthengan tur nggih samubarang sarwa
saged, lajeng kapasrahan nyepeng dados Pelatih Pencak Silat kangge para siswi,
ugi ken tumut mucal ing ketrampilan karawitan sekolah. Lare niku mila santri
kula piyambak, rumiyin ugi nate dados siswanipun Ustadzah Laila putinipun Kyai
Anam Ngarengan, dados kula saestu ngertos piyambak bilih lare niku klebet lare
ingkang pethingan, jan cocog sanget menawi saged dados garwanipun Dhik
Sodik".
Akeh-akeh
olehe ngendika Ustadz Mahfudzi sing nyritakne kaluwihan lan kekurangane Waginem
marang Bu Kaji. Nanging babar pisan durung ngandhakne jeneng Waginem marang Bu
Kaji. Bu Kaji dhewe sawuse mireng apa sing dingendikakne Ustadz Mahfudzi banjur
nggagas, saupama Sodik kapeksane ora gelem digandhengne karo Restu, sajake
bakal luwih apik nek dijodhokne karo Guru anyaran sing ditawakne Ustadz
Mahfudzi iki.
Anggone
padha wawan pangandikan antarane Bu Kaji karo tamune kuwi kasigeg sedhela, saka
njero omah Sampir metu arep ngladekne unjukan kanggo tamune bendarane, ditutne
Simpen sing ndhisiki mlaku ana ngarepe.
"Lho
kowe wis mulih ta Pir?" Bu Kaji
dumadakan mundhut pirsa marang Sampir.
"Sampun
Bu Kaji, dhawuhipun Bu Kaji sampun kula lampahi, alhamdulillah sedaya sing
dikandhakne Mas Munir kala wingenane nika boten leres sedaya, Mas Sodik boten
kados sing diwadulne Munir" Sampir wangsulan ngiras ngaturake wohing
dinuta.
"Ya
wis, aja ngalih dhisik, lungguha kene , mengko critakna apa anane ben Ustadz
Mahfudzi pirsa pisan" Bu Kaji banjur paring dhawuh marang Sampir lan
Simpen "kowe ya melu neng kene pisan Pen".
Abdine
Bu Kaji lanang wedok kuwi ya banjur mapan lungguh, rada adoh karo kursi sing
dilenggahi Ustadz Mahfudzi lan garwane.
"Mangga
Tadz, mangga Us dipun kedhapi sawontenipun" sawuse meneng sedhela Bu Kaji
banjur ngacarani tamu-tamune supaya ngedhapi pasugatan sing lagi wae diaturake
.
"Inggih
Bu Kaji" wangsulane Ustadz Mahfudzi lan garwane meh bareng.
"Nyuwun
pangapunten Ustadz" Bu Kaji banjur ngendika maneh "estunipun kula
niki rak nembe mawon bingung carup kalih sedhih boten kantenan ta Tadz".
Ustadz
Mahfudzi ora wangsulan mung netrane wae ora kedhep mirsani Bu Kaji karo sorot
kebak tandha pitakon.
"Critanipun
rak ngaten" Bu Kaji nutugne olehe ngendika "Ustadz taksih kemutan
pulunan kula ingkang radi mbeling nika?".
"Sinten
nggih Bu Kaji?" Ustadz Mahfudzi mbalik nyuwun pirsa.
"Munir
nika lho Tadz......."
"O
alaah, Dhik Munir ingkang rumiyin krama kalih Susiana?"
"Leres
Ustadz".
"Inggih,
wonten menapa kalih Dhik Munir Bu Kaji?" Ustadz Mahfudzi banjur nyuwun
pirsa.
"Munir
niku kala wingenane dolan mriki" Bu Kaji nggenahne critane "criyos
kathah-kathah sing ndadosne kula boten eca nedha ugi boten angler tilem".
"Lha
kok saged ngantos makaten menika, menapa no Bu Kaji ingkang dipun ngendikakaken
Dhik Munir?" Bu Mahfudzi genti sing nyuwun pirsa.
Bu
Kaji unjal napas rada dawa, banjur nyritakne apa sing diwadulake Munir marang
panjenengane. Ora kliwatan, Bu Kaji ya dhawuh yen wis oleh rerigen lan
pamrayoga saka Simpen, abdine. Olehe Bu Kaji wis telepon marang Ririen ngrembug
critane Sodik sing digawa Munir ya dicritakne, Kabeh wis ora ana sing
ditutup-tutupi, klebu anggone mbudidaya Bu Kaji lan Ririen arep njodhokne Sodik
karo Restu lan kekuwatirane Bu Kaji yen nganti Sodik wis mambu ati marang
wanita sing nyambut gawene dadi pesindhen, kamangka wiwit biyen Bu Kaji kuwi
kepengin banget bisa duwe mantu sawijining Guru, mbuh guru TK, Guru SD, Guru
apa wae, watone Guru. Merga Bu Kaji pirsa, adhakan sing wis, guru ngono pinter
paring piwulang becik marang putra-putrane.
"Mila
kula lajeng nggega rerigenipun Simpen" Bu Kaji mungkasi anggone paring
crita "kula lajeng kengkenan Sampir, pados sisik melik magepokan kalih
criyos ingkang dipun aturaken Munir kala wau. Samangke Sampir sampun wangsul,
mbeta criyos ingkang leres. Mangke kersanipun criyos piyambak, kados pundi
menggah leresipun kawontenan".
ana
candhake,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar