25.
Satemene
sajroning nindakne jejibahan ing papan kanggo nggaotane si Waraka iki mau, ing
atiku tuwuh rasa sing ora pati kepenak. Jalaran sing tak gambarake sadurunge
aku budhal karo Tayu lan Lancur mau, jebul ora njudhul. Bares wae, nganti tekan
saiki wewayangane Andalu babar pisan ora bisa tak lalekne. Mau sadurunge budhal
nganti tekan warunge Waraka, aku duwe pangira yen bakal kepethuk karo Andalu,
saora-orane bakal weruh klebate, merga aku duwe pangira yen Andalu kuwi manggon
tunggal saomah karo Rinten, sedulur kembare, wong wingi Andalu ya wis kandha
nek dheweke melu nyengkuyung paguyuban karawitan lan langen beksa sing olehe
gladhen ana ing panggonane Waraka. Nanging, jebul meh setengah dina aku niti
priksa kahanan ing warunge Waraka, kenya ayu sing wis ngreridhu atiku kuwi
babar pisan ora ketok klebate. Ya lumrah wong pancen mau kuwi, kagunane
karawitan sing kulina digelar awor karo warung papan ngombe ciyu, padha karo
kahanan warunge, sepi, ora ana sing mara.
Ya
merga rasa cuwa ora klakon bisa kepethuk Andalu kaya sing tak angen-angen
sadurunge kuwi, tekan Dalem Katumenggungan aku banjur lungguh thenger-thenger
ijen ing papan sing kulina tak panggoni. Pikiranku nglambrang tekan
ngendi-endi, golek wangsulan pitakone ati sing kepengin weruh wektu kuwi Andalu
lagi ana ngendi lan lagi nindakne gaweyan apa?.
Merga
mau wis disuguhi mangan ing panggonane Waraka, awan iki wetengku ya ora krasa
luwe. Nalika abdi dalem katumenggungan sing kulina ngladekne dhaharan kanggo
para punggawa Dalem Katumenggungan aweh weruh yen kanggo manganku wis tumata,
aku ya ora pati migatekne.
"Awan
iki aku ora mangan Bibi" aku aweh wangsulan nalika Bibi sing tata dhahar
kuwi ora enggal ngalih saka ngarepku merga ngenteni nggonku aweh wangsulan
"mau wis disuguh mangan ing warunge Ki Waraka sing tak titipriksa karo
Lancur lan Tayu".
"Inggih
sampun" wangsulane Bibi juru ladi dhahar kuwi "menawi makaten kaparengna,
dhaharan kagem Raden Bagus Wanda kula lorot dhateng wingking".
Aku
ora semaur maneh, merga aku isih pengin ngetutne rasa cuwaku sing ora ketemu
karo Andalu. Karo lungguh neng kursi ngadhep meja, awakku tak sendhekne
memburi, sirah rada dhangak nyawang pyan sing ana dhuwurku, neng pyan kuwi
kaya-kaya bisa tak sawang mobah musike Andalu sing tansah merak ati.
"Ehm...ehm,
nyuwun pangapunten kula ingkang sowan Anakmas" lagi wae gagasanku
nglambrang dumadakan dikagetne suwarane wong dhehem-dhehem, banjur ngandhakne
nek arep nemoni aku. Ki Suwela katon mesem karo mbungkukne awake bareng aku
ngalihne panyawang saka pyan genti ngingeti dheweke.
"Mangga
pinarak mriki, Ki Suwela" aku ngacarani wong tuwane Makara kuwi supaya
lungguh neng kursi ing sisihe meja sing tak dhepi.
"Nyuwun
pangapunten Anakmas" Ki Suwela wiwit guneman sawise mapan lungguh
"menapa kala wau ing panggenanipun Waraka Anakmas mrangguli prakawis
ingkang damel runtiking panggalih jengandika?".
"Boten
niku Ki?" wangsulanku karo suwara nuduhne yen ora ana apa-apa
"kenging menapa nDika mundhut pirsa makaten? Menapa kula katingal mrengut
kemawon Ki?".
"Boten
makaten Anakmas" Ki Suwela mesem "sokur menawi boten wonten prakawis
ingkang damel dukanipun Anakmas Suwanda. Kula namung radi kuwatos, kala wau
wancinipun dhahar si Tayu kalih Lancur ingkang tindak dhateng panggenanipun
Waraka, boten tumut nedha malah lajeng pamit badhe ngrumiyini ngaso. lajeng
kula tingali Anakmas ugi boten dhahar lan boten ngasokaken salira, malah taksih
lenggah ing mriki".
"Oh,
niku ta Ki?" aku wangsulan karo mesem amba "kala wau Lancur, tayu lan
kula saderngipun wangsul saking wandenipun Ki Waraka, dipun segahi tedhan,
dados kula tiyang tiga sampun nedha ing mrika, mila dugi griya inggih taksih
kraos tuwuk".
"Inggih,
inggih Anakmas, inggih sampun menawi makaten" Ki Suwela guneman maneh,
suwarane keprungu nek atine ayem "nuwun sewu, menapa anggenipun niti
kawontenan ing mrika sampun rampung Anakmas? Kados pundi menggah wohing
paniti?" .
Aku
banjur kandha blaka marang Ki Suwela yen olehku niti kahanan papan kanggo
nggaotane Waraka durung jangkep, jalaran warung sing nyawisake arak lan
nyuguhake pagelaran ulah langen beksan sarta papan kanggo ngladeni wong sing
mbutuhne pijet lagi sepi, dadi isih mbutuhne niti priksa maneh.
"Lho?
kepiye ta Waraka iki?" Ora mangsuli apa sing tak critakne Ki Suwela malah
grenengan dhewe "kudune ki rak ya sanadyan ora ana sing mara, nanging para
anadhahan sing ngayahi jejibahan ing kono, klebu para niyaga lan pesindhen
sarta ledhek-ledheke, dicawisne dadi bisa dipundhuti pirsa dening sing nindakne
papriksan.....".
"mBok
menawi awit kawontenan sepen, lajeng ingkang kulina nyambut damel ing mriku
sami wangsul Ki" aku aweh wangsulan marang anggone Ki Suwela grenengan.
"Dados
Anakmas tuwin Lancur lan Tayu wau boten kepanggih para ingkang kulina wonten
mriku Anakmas? Menapa Andalu ingkang dados kembanging para waranggana ingkang
taksih warisipun Waraka piyambak menika ugi boten wonten?" Ki uwela takon,
sajake isih rada cuwa karo Waraka.
"Mila
makaten Ki" wangsulanku "waunipun kula nginten menawi Andalu menika
manggenipun kempal sagriya kalih Ki Waraka lan Nyi Rinten, jebul boten".
"Mila
makaten Anakmas" Ki Suwela aweh katrangan "Andalu menika taksih
ndherek tiyang sepuhipun, inggih Ki Kebayan ing Bulak Pandhe. Nanging
mesthinipun Makara rak nggih saged kengkenan Andalu, murih ndherek nyugata
rawuhipun Anakmas Suwanda ingkang badhe niti priksa papan panggaotanipun Waraka
menika?".
"mBok
menawi pancen Ki Waraka nembe kesupen Ki" aku wangsulan karo ngguyu lan
tanpa krasa aku keprucut gunem nek aku rada cuwa merga Andalu ora ana
"tiwas saking griya wau kula ngangen-angen badhe kepanggih kalihan
sedherek kembaranipun Nyai Rinten menika, jebul kecelik".
"Inggih
Anakmas" Ki Suwela nimbangi esemku "nuwun sewu, ketingalipun Anakmas Suwanda anuju prana
menawi kepanggih kalih kembaranipun Rinten menika ? Anakmas estu waskitha ing
paningal, mila yoganipun Ki Kebayan Bulak pandhe menika estu kenya ingkang
kajawi sulistyeng warni ugi nggadhahi kalangkungan ingkang kathah".
Aku
lagi krasa yen wis ketrucut rembug, nanging gandheng wis kebacut, aku ya banjur
ora niyat nyelaki apa sing dadi panemune batinku.
"Inggih
Ki, pancen rumaos kula Andalu menika kados ingkang Ki Suwela dhawuhaken
menika" kandhaku sabanjure.
"Manawi
makaten, prayoginipun Andalu enggal kapundhut kemawon Anakmas" Ki Suwela
aweh pamrayoga marang aku gegayutan karo Andalu "awit ngibaratipun sekar,
Andalu menika nedheng-nedhengipun mekar lan boten mokal menawi kathah kumbang
ingkang kepengin nesep madunipun. Dados miturut pamanggih kula, langkung
prayogi menawi Anakmas enggal paring dhawuh bilih Anakmas ngersakaken mundhut
Andalu".
"Makaten
inggih Ki?" aku kapencut karo sing dikandhakne Ki Suwela iki "cobi
kula tak matur dhateng Kanjeng Ibu tuwin Rama Tumenggung ing prakawis menika,
menawi Ibu tuwin Rama Tumenggung sarju
ing penggalih, kula badhe daya-daya manggihi Ki Kebayan Bulak Pandhe,
saderngipun kerumiyinan jejaka sanes".
"Nuwun
sewu Anakmas" Ki Suwela aweh wangsulan "kula kinten menawi Anakmas
ngersakaken matur dhateng Gusti Tumenggung langkung rumiyin menika kenging
dipun wastani kedangon, kula kinten langkung sae menawi Anakmas mawi cara
sanes".
"Liripunkados
pundi Ki?"
"Badhea
kados menapa Andalu menika namung yoganipun Kabayan, Anakmas" Ki Suwela
guneman karo mesem "lan jengandika menika putranipun Gusti Tumenggung,
menawi awewaton bobot, bibit lan bebet inggih saged dipun wastani njomplang,
utawi boten timbang. Nanging, menawi Anakmas estu-estu ngersakaken pun Andalu,
langkung prayogi menawi Andalu menika kapundhut ampean utawi selir kemawon.
Dados boten prelu Anakmas nyuwun palilah dhateng Gusti Tumenggung, jalaran
Anakmas boten badhe palakrami, nanging namung badhe mundhut selir minangka
klangenan. Lan ing babagan menika, kula minangka abdi ingkang setya dhateng
jengandika Anakmas Raden Bagus Suwanda, sagah lan ngemban jejibahan ngaturaken
Andalu dados selir jengandika Anakmas Suwanda".
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar