24.
Wektu kang wis
dirancang kanggo nitipriksa kahanan warung lan papan panggautane Waraka.
magepokan karo anggone Waraka njaluk Layang Palilah saka Dalem Katumenggungan,
wis teka. Awan kuwi dikancani Tayu karo
Lancur, abdi dalem Katumenggungan, aku budhal menyang warung papan anggone
nggaota Waraka, saperlu nindakne jejibahan. Waraka lan sisihane bareng ngerti yen aku teka
ing warunge kanthi ancas arep nganakne panitipriksa padha gupuh anggone nampa
tekaku sakanca. Kabeh andhahane diprentah supaya aweh pambiyantu marang Tayu
lan Lancur kanthi nuduhne papan-papan sing arep didelok kahanane sarta mangsuli
kanthi becik apa sing ditakokne abdi dalem Katumenggungan loro sing lagi
nindakne jejibahane kuwi. Sauntara Waraka dhewe karo sisihane padha ngajak aku mider
ngubengi lan nuduhne mungguh kahanane warunge.
Sengaja aku wong telu
sing saka Dalem Katumenggungan iki mlaku dhewe-dhewe, sing diweruhi padha
dicathet lan mengko bakal dicocogne asil panyawange wong telu iku dadi siji,
yen wis lagi digawe dudutan sing bakal dadi atur ing ngarsane Rama Tumenggung,
mungguh utawa orane yen anggone Waraka njalukne idi palilah kanggo papane
nggaota kuwi upama dituruti.
"Bebakalan ingkang
dipun ocal ing warung menika meh sedaya anggenipun tumbas inggih dhateng para
kawula ing kanan keringipun papan
menika, Raden" kandhane Waraka nalika aku nyawang bebakalan pangan sing
durung diolah, kaya beras, jagung, janganan lan sapiturute "namung menawi
bumbu-bumbunipun mila kula padosaken dhateng Kitha, awit ing mriki radi angel
anggenipun pados".
"Sadaya bebakalan
menika meh saben enjing, wonten tiyang mriki ingkang dugi nyade wos lan
janganan ingkang dipun betahaken wande
menika Raden" Rinten sing ngancani sisihane melu nggenahne apa sing lagi
wae dikandhakne sing lanang "namung menawi panunggilanipun ayam, bebek,
menthok kala-kala kula utawi Kakang Waraka ingkang murugi dhateng kandhang
gadhahanipun tiyang mriki ugi".
"Yen mangkono kuwi
jenenge ngajak bareng mlaku tangga teparo sing ana kene Ki Waraka" aku
aweh tanggapan karo sing dikandhakne Waraka lan Rinten "tegese antarane
ndika karo para kadang sing manggon ana sacedhake papan kene padha bisa
gentenan anggone andum rejeki".
"Inggih
Raden" Waraka aweh wangsulan "dados asil anggenipun nanem kanca tani
ing laladan mriki, kajawi dipun sade dhateng peken mriku, ugi kathah ingkang
kula tumbas, malah kala-kala menawi wande nuju reja, tiyang estri ugi asring
dhateng peken pados wewahan bebakalan, awit ingkang dipun teraken para kadang
sok boten nyekapi kabetahaning wande".
Tayu karo Lancur saka
papan sing beda padha nyedhaki papanku. Kekarone nuduhne asil nggone mriksa
kahanan sing dicathet ing sabak cilik ditulis nganggo grip. Sawuse tak delok, asil
panalitine wong loro kuwi ora akeh kaceke, kekarone nuduhne yen olehe nggaota
Waraka dodol panganan lan omben oleh biji sing becik.
Sawise olehe niti
perangan ngarep wis dianggep cukup, Lancur karo Tayu genti mlaku menyang sisih
mburine papan kuwi, ya iku warung sing nyawisake omben sing bisa marakake wuru
yaiku panunggalane arak, ciu lan sapiturute. Ing papan perangan tengah iki
kajaba dicawisi papan kanggo lungguhe wong sing padha tuku, uga ana papan kang
diiseni gamelan saplagri sarta papan sing wangune kanggo ulah beksa. Nanging
kahanane warunge Waraka perangan tengah kuwi katon sepi, ora ana wong sing
teka, beda banget karo warung sing perangan ngarep sing rame dening wong sing
padha jajan golek ngombe lan panganan.
"Sepen Gus" Lancur lan Tayu meh
bareng olehe kandha marang aku sing isih lungguh neng njaba dikancani Waraka
lan Rinten.
"Sepi? Apa ora ana
wonge?" aku genti takon marang Tayu lan Lancur nganggo suwara sing rada
banter, dadi Waraka lan Rinten ya padha melu krungu.
"Mila makaten
menika kawontenanipun Raden" Waraka sing ora tak takoni, malah sing
ndhisiki aweh wangsulan "benten kalih ingkang wonten ngajengan kala wau,
ingkang radi reja, menawi ing mriki boten ajeg, sok ingkang betah lajeng sami
dugi nanging ugi sok sepen kados makaten menika".
"Ngono ya Ki
Waraka?" aku takon.
"Inggih
Raden".
"Nanging bakenipun
perangan tengah menika, mila kangge nyawisi tiyang ingkang mbetahaken ciu lan
sapanunggalane ugi kagelar sesukan langen beksa ta Ki?" Lancur genti sing
takon.
"Leres makaten
nDara" wangsulane Waraka "manawi ing wingkingipun mrika papan kangge
aso salira miwah kangge ngladeni titiyang ingkang mbetahaken dipun peteki murih
otot-otot ingkang kaken saha badan ingkang sayah saged pulih wangsul dados
seger malih. Nanging dinten menika ugi nembe sepen, boten wonten ingkang dugi,
sami kalih kawontenanipun perangan tengah menika".
Sawuse Lancur lan Tayu
nyathet apa sing dikandhakne Waraka ing sabake, banjur Tayu nyedhakne lambene
neng kupingku, bisik-bisik alon sing mung bisa tak rungokne dhewe. Aku mesem
wis ngerti karo sing dikarepne Tayu.
"Tak kira, kanggo
dina iki, anggonku nganakne panaliten papan panggaotan sing ndika suwunake
Layang Palilah saka Katumenggungan wis cukup Ki Waraka" kandhaku marang
Waraka sawuse Tayu rampung nggone mbisiki kupingku.
"Ngaturaken
genging panuwun Raden" Waraka wangsulan praupane nuduhne senenging atine
"lajeng kinten-kinten Serat Kekancingan saking Gusti Menggung saged
kaparingaken kula, ngentosi pinten dinten malih Raden?".
"Kuwi aku ora bisa
ngandhakne saiki Ki Waraka" wangsulanku "awit apa sing wis dicathet
dening Tayu karo lancur iki mengko bakal diaturne ing ngarsane Gusti
Tumenggung, lha mung Gusti Tumenggung sing kagungan wewenang mutusake, layang
palilah kuwi bisa diwetokne utawa ora gumantung marang kawicaksanane Gusti
Tumenggung, aku, Lancur lan Tayu iki mung saderma bisa ngunjukne ing
ngarsane".
"Kalih malih"
Lancur ngimbuhi rembugku "dhawuhing weca ing Serat Paugeran Katumenggungan
nyebataken, anggenipun punggawa Katumenggungan niti priksa menika boten namung
kaping sepisan kemawon, nanging sak boten-botenipun kedah kaping tiga, ingkang
sepisan mawi cara kados makaten menika kala wau, dene ingkang sanesipun saged
mawi cara sanes, jumbuh kalih wewenang ingkang dipun gadhuh dening ingkang
kawogan".
"Makaten inggih
nDara?" Waraka takon marang Lancur.
"Sing dikandhakne
Lancur kuwi pancen bener Ki Waraka" aku sing aweh wangsulan "gandheng
panitipriksa kapisan iki wis tak anggep cukup, saiki aku sakanca kepareng
njaluk pamit bali menyang Dalem Katumenggungan maneh".
"Nyuwun
pangapunten Raden" Waraka semaur "lajeng panitipriksa ingkang
salajengipun benjang menapa?".
"Jumbuh karo
unining Layang Paugeran, ndika lan sapa wae sing nyuwun palilah kanggo nganakne
laku panggaota, ora diwenangake ngerti kapan panitipriksa sing kapindho lan
sabanjure kuwi ditindakne uga ora dikeparengake ngertri luwih dhisik sapa punggawa
kang kajibah nindakne gaweyan iki" aku aweh wangsulan jumbuh karo unining
paugeran.
"Inggih Raden,
boten langkung kula namung ndherek" Waraka guneman maneh "nanging
saderengipun jengandika kundur, mugi kersaa dhahar langkung rumiyin, mangga
kula dherekaken dhateng ing sasana dhahar".
Aku ora enggal semaur,
nanging malah genti-genten aku nyawang Lancur lan Tayu, kaya njaluk panemune
wong loro kuwi. Nanging Lancur lan Tayu ora aweh wangsulan kajaba ngangkat
baune tandha yen manut.
"Mangga Raden kula
dherekaken" kandhane Waraka maneh "kula suwun Raden miwah para
bendara wonten lumunturing sih dhateng abdi ingkang sampun tata dhahar kagem
jengandika sami, nadyan badhea kados menapa raosipun, mugi Raden tuwin Bendara
kekalih paringa lega dhateng manahipun abdi jengandika ingkang sampun
anyawisaken dhaharan".
Wekasane aku apa dene
tayu lan lancur, mung bisa manut karo apa sing dadi panjaluke Waraka, mangan
panganan sing wis ditata lan dicawisake. Bubar mangan, aku banjur mbaleni
nggonku pamitan. Nanging aku ngrasa dadi ora kepenak bareng Rinten karo sikep
sing kurmat ngulungake kanthong cilik isi dhuwit marang aku lan Tayu karo
Lancur.
"Nek sing iki
kapeksa aku ora bisa nampa Nyai" kandhaku marang Rinten "jalaran
unining Paugeran Katumenggungan nyebutake, lamun ana Punggawa sing nalikane
nindakne wajib, banjur gelem nampani paweweh saka kawula sing lagi katitipriksa,
mangka punggawa mau ora pantes maneh nutugne anggone ngabdi ing Dalem
Katumenggungan".
Tayu karo Lancur sing
krungu olehku guneman padha mesem karo manthuk-manthuk tandha yen kalegan
atine. Beda karo Waraka sing banjur katon sajak kacuwan. Nanging aku wis wegah
migatekne maneh, Tayu karo Lancur tak sasmitani murih daya-daya ninggalne papan
kono.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar