26.
Kandhane
Ki Suwela ngono kuwi ndadekne kepencuting atiku, iba mulyaning atiku lamun
klakon bisa tansah cecaketan karo Andalu. Pancen nek tak gagas apa sing
dikandhakne Ki Suwela kuwi klebu ing nalar tenan, lire minangka punggawa Dalem Katumenggungan
sing pangkatku mung persis ing sangisore Rama Tumenggung Jatikusuma, yen mung
ngarepake Andalu dadi selirku kuwi nyata barang sing kaliwat lumrah. Aja maneh
mung sak Andalu wong siji, sanadyan upama aku kepengin ngopeni selir kliwat
saka telu wae iya ora bakal ana sing bisa ngirekake. Lan saupama mengko yen anggonku nyelir Andalu
ora ndadekne sarjuning penggalihe Rama utawa Ibu Tumenggung, gampang wae aku
ngumpetake Andalu ing panggonan sing angel diweruhi wong, dadi ora katon yen aku
duwe simpenan wanita sing nyata wis gawe atiku poyang-payingan.
Nanging
sadurunge aku aweh wangsulan marang kesaguhane Ki Suwela mujudne Andalu dadi
selirku, kapeksa nggonku rembugan barang sing wadi iki kandheg. Tayu karo
Lancur sing mau tak kanthi nindakne
panaliten ing papan anggone Waraka anggaota, katon mlaku nyedhaki papanku
jejagongan karo Ki Suwela. Sajake Tayu apa dene Lancur ngira yen anggonku
jagongan karo Ki Suwela iki mung jagongan lumrah kanggo ngisi ing kalane wektu
ngaso.
"Kasigeg
rumiyin Ki Suwela" kandhaku marang Ki Suwela setengah bisik-bisik, merga
Tayu lan Lancur wis sansaya cedhak karo papanku wong loro jagongan "mangke
kemawon dipun lajengaken ing sanjawining wanci makarya".
"Inggih
Anakmas" wangsulane Ki Suwela wis tanggap karo karepku, merga Ki Suwela
uga wis ngerti nek Tayu karo Lancur padha mara "kaparenga kula wangsul
dhateng papan kula nyambut damel malih, sawanci-wanci Anakmas ngersakaken
nyambet rembagan menika, kaparenga nimbali kula".
Ki
Suwela banjur ngadeg lan ninggalake papan palungguhane mbalik menyang
panggonane nyambut gawe maneh. Tayu apa dene Lancur sing simpangan karo Ki
Suwela padha manthuk kurmat, banjur padha golek lungguhan dhewe-dhewe ing sandhingku.
"Kaparengna
nglajengaken matur ngengingi papan anggenipun nggaota Ki Waraka wau Gus"
Tayu miwiti omong, sawuse wong loro kuwi lungguh.
"Iya,
kepriye?" aku mangsuli karo nakoni apa sing arep dikandhakne Tayu lan
Lancur.
"Ketingalipun
kala wau. Ki Waraka nyingidaken prakawis ingkang wonten ing papanipun nyambut
damel Gus" Lancur genti sing guneman "ketitik saking papan ingkang
kangge ngunjuk ciyu saha papan laelangen beksan ingkang sepen boten wonten
tiyangipun babar pisan".
"Ugi
ingkang wonten wingking ingkang criyosipun papan kangge pijet saha ngleremaken
salira lan manah, kala wau ugi boten wonten tiyangipun babar pisan" Tayu
nindhihi rembug.
"Lha
banjur?"
"Mesthinipun
menawi kados ingkang dipun aturaken Ki Waraka bilih panggaotan kekalih menika
boten saben wekdal reja, kathah ingkang ndugeni, kedahipun anggenipun sepen
boten kados kala wau. Sak boten-botenipun para paraga ingkang tinanggenah
lelados dhateng para ingkang badhe dugi, siaga wonten ing mriku. Makaten ugi
para juru pradangganipun, inggih panjak inggih waranggananipun kedahipun wonten
lan sami ngungelaken gangsanipun, boten kok lajeng sedaya boten wonten makaten
menika. Makaten ugi, tukang pijetipun ketingal aneh menawi babar pisan boten
wonten ingkang siaga ing mriku" Lancur ngandhakne panemune, suwarane
nuduhne nek atine ora seneng merga rumangsa diakali dening Waraka.
"Mula
bener kang dadi panemu ndika kuwi Ki Tayu lan Ki Lancur" wangsulanku
kanthi suwara sing sareh "mula mau wis tak kandhakne marang Ki Waraka yen
panaliten dina iki mau durung rampung lan bakal dianakne pamariksa maneh bisa
kanthi terang-terangan nanging uga bisa klawan cara sesidheman".
"Estunipun
saged kemawon pamriksan ing dinten menika kaanggep cekap lho Gus?!?"
Lancur nyauri wangsulanku.
"Rampung
kepriye?" aku durung mudheng karo kandhane Lancur iki.
"Gus
Wanda cekap ngasta Serat Palilah kangge Ki Waraka nglampahaken anggenipun
nggaota ing papan wau, nanging winates ing nggaota sesadean tedhan saha unjukan
limrah, boten nyebataken bab anggenipun ugi nggaota sadean ciyu lan nggelar
papan mbeksa saha papan kangge pijet. Dados mangke Ki Waraka namung dipun
wenangaken nggaota ing mriku minangka bakul tedhan, menawi anggenipun bebakulan
ciyu saha nyawisaken papan beksan tuwin papan kangge pijet, menika babar pisan
boten angsal Serat Palilah saking Dalem Katumenggungan, menawi Ki Waraka taksih
nekad nglampahaken panggaotan ingkang tanpa palilah menika sawanci-wanci saged
dipun dhawahi pidana" Lancur nggenahne sing dadi panemune "atur kula
ingkang makaten menika kala wau, jalaran sampun cetha menawi Ki Waraka bpten
blaka kalihan punggawa Katumenggungan ingkang ngemban jejibahan, kamangka
punggawa menika Raden Bagus Suwanda piyambak, sesulih saking Gusti Tumenggung
Jatikusuma. Sikepipun Ki Waraka makaten menika sami kalihan ngremehaken
kawibawan dalem Katumenggungan".
Nitik
ukara sing kawetu sakalambene iki, cetha yen Lancur rumangsa gela merga
rumangsa wis diapusi dening Waraka sing ora bares nuduhne kahanan satemene apa
sing dilakokne ing papan anggone nggaota. Nadyan pamrayogane Lancur iki ana
benere, nanging pamrayoga sing olehe thukul saka kegawa dening ati sing panas
lan gela mangkono kuwi, cetha yen pamrayoga sing ora linandhesan jiwa
wicaksana. kanggo sauntara pamrayoga saka Lancur iki ora enggal tak wangsuli.
"Nuwun
sewu keparenga kula matur Gus" sawise aku rada suwe ora
wangsulan-wangsulan, Tayu genti sing guneman .
"Iya
piye Ki Tayu?" aku aweh wektu marang Tayu supaya ngandhakne panemune.
"Inggih
nyuwun pangapunten saderengipun" Tayu wiwit guneman ngandhakne karepe
"ing babagan menika kula radi benten pamanggih kalih Adhi Lancur".
"Kuwi
lumrah Ki Tayu, piye mungguh panemu ndika?" aku takon karo mesem, aku
ngira yen Tayu sing luwih duwe watak sabar tinimbang Lancur kuwi bakal
ngandhakne panemune sing luwih klebu nalar tinimbang pamrayoga sing dikandhakne
Lancur.
"Inggih
Gus" wangsulane Tayu sing uga banjur kandha marang Lancur "aku njaluk
pangapuramu ya Dhi? nek sing arep tak aturne marang Gus Wanda mengko beda karo
aturmu mau".
"Ora
dadi apa Kakang" wangsulane Lancur "kabeh-kabeh mau mung panemu sing
dadi pamrayoga sing bakal dadi atur marang Gusti Tumenggung Jatikusuma lumantar
Gus Wanda, panemu sing wis tak aturne mau bisa uga luput nanging bisa uga
panemu ndika sing arep ndika aturne marang Gus Wanda iki mengko uga durung
mesthi nek pas".
"Makaten
Gus" Tayu wiwit ngandhakne sing dadi panemune "mila leres ingkang
dipun aturaken Adhi Lancur bilih Ki Waraka menika sampun ngremehaken punggawa
Dalem katumenggungan, nanging kula boten sarujuk kalih pamanggih bilih
prayoginipun Ki Waraka namung dipun paringi Serat Palilah anggaota winates ing
sesadean tedhan saha unjukan kemawon".
"Ki
Tayu ora sarujuk karo penemune Ki Lancur mau?" aku nggenahne .
"Leres,
kula langkung sarujuk menawi Ki Waraka babar pisan boten kaparingan Serat Palilah
menapa-menapa, awit sanaosa anggenipun nggaota sadean ciyu lan papan pijet
menika boten kaparingan Serat Palilah, nanging kanthi wontenipun Serat Palilah
kangge anggaota sesadean tedhan, menika saged dipun angge kudhung dening Ki
Waraka lan kaginakaken kangge nglampahaken panggaotan ingkang estunipun umbaran
wau. Pramila pamanggih kula, Gus Wanda enggal ngasta Serat bilih Dalem
Katumenggungan boten badhe nukulaken Serat Palilah menapa-menapa dhateng Ki
Waraka, jalaran sampun kabukten menawi Ki Waraka sampun boten blaka malah
kepara ngremehaken dhateng punggawaning Dalem Katumenggungan ingkang nembe
ngemban jejibahan. Anggenipun eber-eber utawi anggaota Ki Waraka kedah dipun
kendeli dugi samanten kemawon, jalaran namung titiang ingkang nistha ingkang
klawan cetha ngremehaken paugeraning Dalem katumenggungan minangka
panyambunging kawicaksanan saking Nagari Majapahit" Tayu nyethakne apa
sing dadi panemune.
Aku
ora nyana babar pisan yen sanadyan suwarane Tayu adoh luwih sareh tinimbang
suwarane Lancur, nanging jebul sikepe Tayu marang Waraka adoh luwih wentala
tinimbang sikepe Lancur. Pancen yen dinalar panemu loro sing beda iki padha - padha
ana benere, nanging uga padha-padha ana sing durung pas lamun ditrapake kanggo
nyikepi panyuwunan saka Waraka sing mbutuhake Layang Palilah kanggo anggaota.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar