27.
Nganti
sauntara aku ora bisa nata ukara kanggo mangsuli pangrigene Lancur apa dene
Tayu, sing kekarone padha ora nyarujuki Waraka adeg papan kanggo ngombe arak
lan lelangen beksan sarta papan kanggo palanyahan sing ditutupi nganggo pawadan
papan kanggo pijet kuwi. Aku dhewe satemene mbenerake apa sing dadi pawadane
wong loro kuwi, nanging upama panjaluk utawa rerigene wong loro kuwi tak turuti,
tan wurunga Waraka bakal dadi gela lan cuwa. Nek sing gela kuwi mung Waraka tak
anggep ora sepiroa, nanging yen nganti sing gela lan banjur salin tampa karo
aku genti Makara munggahe marang Ki Suwela, aku durung bisa nggambarake kepiye
mengko dadine. Wong loro sing sadurunge iki kober kegadhuhan rasa sengit marang
aku jalaran kawicaksanane Rama Tumenggung sing dianggep ora adil, kuwi mesthi
bali dadi gething maneh marang aku, lan olehku mbudidaya ndandani srawungku
karo wong loro sasuwene iki bakal muspra tanpa guna, malah kepara ndadekne
sansaya gethinge Ki Suwela lan Makara marang aku.
Kanggo
sauntara, kandhane Ki Suwela sadurunge Tayu lan Lancur teka sing ngrembug
rancangan anggone mbudidaya Andalu supaya bisa dadi selirku, ilang saka
angen-angenku. Pikiranku nunjem marang apa sing dikandhakne Tayu lan Lancur
iki. Kekarone duwe panemu dhewe-dhewe lan duwe wewaton sing padha dene kuwate.
"Kula
ngertos Gus" bareng wis suwe aku mung meneng dumadakan Tayu guneman alon.
"Ngerti
bab apa Ki Tayu?" pitakonku.
"Gus
Wanda radi kewetan anggenipun paring putusan, pamanggih kula menapa
pamanggihipun Adhi Lancur ingkang badhe kaunjukaken ing ngarsanipun Gusti
Tumenggung Jatikusuma" Tayu ngandhakne apa sing ana pikirane.
"Pancen
bener Ki" wangsulanku "sabab, pancen panemu ndika apa dene panemune
Ki Lancur kuwi kabeh ana benere, nanging bares wae, sadurunge awake dhewe
nindakne panitipruksa ing papan kanggo nggaotane Waraka, aku uga wis tau
rembugan sing akeh karo karo Kakang Makara apa dene Ki Suwela lan kekarone duwe
panemu sing adoh bedane karo panemune ndika sakloron sing uga durung padha
iki".
"Menawi
tiyang kalih menika kula sampun apal sanget Gus" Lancur sing genti guneman
lirih nanging cetha, olehe guneman karo mesem sajak ngece.
"Apal
sing kepite Ki Lancur?" aku takon, jroning batin rada ora pati seneng
weruh eseme Lancur sing sajak ngece ngono kuwi.
"Apal
kalih teku tuwin wewatekanipun ingkang namung mikir betahipun piyambak, waton
piyambakipun angsal bebathen mesthi dipun sengkuyung, saha malih kekalihipun
mila nggadhahi pakareman ing jagading kasukan mendem menapa dene kasukan ingkang
estunipun nganggep bilih para wanita menika namung papan kangge nyuntak
hardaning birahi kemawon " wangsulane Lancur tatag "malah kula
ngertos saking para titiyang ingkang griyanipun sacaketing griya kula, Ki
Makara menika asring sanget ngunjuk lan wuru ing wandenipun Waraka saha meh
saben wanita palanyahan ingkang dipun cawisaken ing mriku sampun nate dipun
ajak sukan-sukan lan ngancani anggenipun sare, sedaya menika miturut criyos
ingkang kula tampi, inggih lelahanan utawi Ki Makara boten dipun kengingi
redana babar pisan, awit panjenenganipun minangka punggawaning dalem
katumenggungan mriki".
Aku
ora enggal aweh wangsulan marang kandhane Lancur iki, merga nek nitik critane
Makara dhewe marang aku, pancen dheweke kerep sanja ing papane Waraka nggaota.
"Menawi
kula benten malih Gus" Tayu genti sing guneman "sanadyan menapa
ingkang dipun aturaken Adhi Lancur menika kula pitados kathah leresipun,
nanging kula malah gadhah panyawang ingkang seje malih".
"Seje
sing kepriye Ki Tayu?" aku genti nakoni Tayu.
"Jengandika
mesthinipun sampun pirsa" Tayu guneman lirih "kados pundi tangkebipun
priyantun kalih niku dhateng jengandika Gus Wanda, wiwit nalika Gus Wanda
miwiti nyuwita ing dalem Katumenggungan mriki. Langkung-langkung sasasampunipun
Gus Wanda sinengkakaken dening Gusti Tumenggung minangka pangarsaning para
Punggawa katumenggungan tuwin kapupu dados putra angkatipun Gusti Tumenggung
Jatikusuma".
"Iya
aku ngerti bab kuwi Ki Tayu" aku aweh wangsulan "pancen nalika aku
diterne dening wong tuwaku nyuwita marang Rama Tumenggung biyen, akeh punggawa
sing ora seneng marang aku sing dianggep bocah ndesa iki, kalebu Ki Suwela lan
Kakang Makara. Luwih-luwih sawuse aku kaparingan kanugrahan lan kaparcayan
dening Rama Tumenggung kaya sing tak lungguhi dina iki, wong loro kuwi sansaya
banget nggone gething marang aku. Nanging, kabeh mau ora saka lupute Ki Suwela
lan Kakang Makara dhewe, nanging aku uga melu luput lan pancen duwe cacad sing
dening Ki Suwela lan Kakang Waraka digedhek-gedhekne, ya kuwi cacadku sing ora
pati bisa srawung karo sadhengah uwong. Nyatane bareng cacadku kuwi wiwit tak
suda, aku banjur bisa lan gelem srawung kaya lumrahe wong urip, rasa gethinge
Ki Suwela lan Kakang Makara marang aku wiwit suda, malah saiki katone wis ilang
babar pisan. Wong loro kuwi kerep wae aweh tutur lan pamrayoga marang aku,
murih aku bisa luwih tumemen nggonku nindakne wajib sing tak tampa saka Ram,a
Tumenggung. Mesthine ndika ya bisa nyawang kaya apa tangkeb lan sikepe Ki
Suwela lan kakang Makara wektu saiki iki".
"Nuwun
sewu nggig Gus" Tayu guneman maneh karo mesem "mila leres, ingkang
kula sawang wekdal samangke, Ki Suwela miwah Ki Makara menika menawi dhateng
jengandika sakalangkung anggenipun ketingal angaosi. Nanging kula ugi sampun
apal watak ingkang dipun gadhuh dening priyantun kalih menika. Malah samangke
kaparenga kula blaka dhateng jengandika Gis Wanda, bilih nalika kula nglampahi
jejibahan cundhuk kemit ing satunggaling dalu ing dalem Katumenggungan, kula
nate nampi jejibahan winadi saking Gusti Tumenggung Jatikusuma gegayutan
kalihan jengandika menapa dene piyantun kalih kala wau".
"Ki
Tayu kaparingan jejibahan dening Rama Tumenggung sing ana sambung rapete karo
aku lan Ki Suwela apa dene kakang Makara? ing babagan apa kuwi Ki Tayu?"
aku takon karo semu rada kaget, merga aku ora ngerti babar pisan yen Rama
Tumenggung wis dhawuh marang Tayu sing ana sambunge karo aku.
"Estunipun
jejibahan menika namung wujud sampiran kok Gus" Tayu nggenahne apa sing
dadi jejibahane "kula namung dipun dhawuhi murih ndherek ngawat-awati Gus
Wanda ingkang wiwit mbudidaya njembaraken pasrawungan saha wiwit kersa ngunjuk
unjukan ingkang saged ndadosaken wuru. Gusti Tumenggung paring dhawuh, bilih
anggenipun Gus Wanda wiwit karem ngunjuk arak utawi ciyu lan sapanunggalanipun
menika wiwit Gus Wanda dipun caosi jimat dening Ki Suwela ingkang wujudipun
kados makaten menika".
Tayu
meneng sedhela banjur ngogoh kanthongan klambine, njupuk barang sing wujude
persis karo jimat sing tak tampa saka Ki Suwela, jimat kanggo nambarake
dayaning arak murih nek diombe dadi ora mendem. Jimat kuwi banjur tak candhak
lan tak iling-ilingi, nyata bener yen jimat kuwi padha karo jimat duwekku saka
Ki Suwela.
"Makaten
inggih Gus" Tayu nutugne nggone guneman "boten ateges kula
ngremehaken dayanipun jimat menika, nanging estunipun jimat menika tunrap
tiyang ingkang dereng mangertosi daya lan sipatipun, sakalangkung ageng
kapitunan ingkang badhe dipun tampi tinimbang kasaenanipun tumrap ingkang
ngrawati jimat menika".
"Lire
kepiye Ki Tayu?" aku takon maneh "jalaran jimat olehe maringi Ki
Suwela duwekku kae, gajege uga tau tak aturne ing ngarsane Rama Tumenggung lan
Rama Tumenggung ora paring dhawuh kaya sing ndika kandhakne iki mau".
"Sangertos
kula nggih Gus" Tayu wangsulan "menawi tiyang ingkang ngrawati jimat
kados makaten menika saben-saben taksih tuwuh raos kepengin nedahaken dhateng
tiyang sanes bilih piyambakipun nggadhahi kekiyatan boten wuru menawi ngunjuk
arak ingkang kadsos menapa kemawon wujudipun, mangka jimat menika saged
andayani dhateng ingkang ngrawati saben-saben inggih ngelak kepengin ngunjuk
arak lan ingkang langkung baken malih, wonten ing wanci-wanci ingkang boten
kamangertosan dening ngrawati jimat menika, jimat menika babar pisan boten
nggadhahi daya menapa-menapa malah kepara kosok wangsulipun. Liripun ing
wanci-wanci tinamtu, jengandika sanadyan sampun ngasta jimat menika, nanging
jengandika dumadakan saged wuru ingkang wurunipun nglangkungi wurunipun tiyang
limrah".
Aku
manthuk-manthuk krungu katrangan sing dikandhakne Tayu mangkono iku, mula
kira-kira ya ana benere, ketitik aku sing isih nduweni rasa kepengin dikira
nduweni kekuawatan dening wong liya yen aku ora bakal bisa mendem nadyan ngombe
arak sing kaya apa wae iki, saben dina tansah kepengin ngombe arak. Saben dina
utawa saben wengi, urip iki krasa durung jangkep yen durung ngombe arak sing
nganti klemun-klemun neng sirah.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar