Total Tayangan Halaman

Rabu, 29 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (028)


 

28.

Apa sing dikandhakne dening Tayu kuwi ngelingake aku marang dhawuh pituture Rama Tumenggung jaman semana sing ngandhakne yen jimat kang wujude kaya ngono kuwi digawe kanthi srana ngelmu karang, pancen kanthi kekeraning ngelmu karang kuwi kaya-kaya nduweni daya linuwih nanging satemene ora klena diejibake mungguh daya lan kekuwatane, malah kepara nalika kapengkoking pancabaya adhakane sok ambalenjani. Mula aku ya banjur ora enggal aweh wangsulan, aku uga isih ngenteni apa sing arep dikandhakne Tayu sabanjure sing durung nyandhak underaning rembug sing tak takokne mau, ya iku sampiran kuwajiban sing didhawuhake dening Rama Tumenggung marang dheweke sing tanpa tak ngerteni sadurunge.

 

"Salajengipun Gus" Tayu tumuli guneman maneh nyambung kandhane sing mau "Gusti Tumenggung estunipun nguwatosaken Gus Wanda menawi ngantos kapaeka dening piyantun kalih ingkang miturut paningalipun Gusti Tumenggung boten sae menawi ngantos dipun raketi nanging ugi mbebayani menawi ngantos dipun tebihi menika. Inggih awit saking menika, kula lajeng kaparingan dhawuh kinen ngawat-awati Gus Wanda, sampun ngantos Gus Wanda mlebet ing wuwu ingkang dipun gasang dening tiyang kalih menika".

 

"Apa Rama Tumenggung nguningani yen Ki Suwela apa dene Kakang Makara duwe niyat arep gawe cilakaku Ki Tayu?" aku nugel rembuge Tayu kanthi takon.

 

"Kula boten ngertos Gus" wangsulane Tayu "nanging kula gadhah panginten, mbok bilih Gusti Tumenggung ingkang sampun dangu pirsa dhateng watak wantunipun piyantun kalih menika, boten mokal menawi estunipun kasaenanipun tiyang kalih kala wau estunipun namung lamis, kasaenan ingkang kadamel sarana kangge damel kasangsaranipun tiyang ingkang dipun arah cilakanipun. Menawi saking pamanggih kula piyambak, kanthi lelandhesan ngelmu titen, tiyang kalih niku estunipun salebeting manahipun suthik menawi ngantos namung dados andhahan, awit ngrumaosi bilih kekalihipun nggadhahi kapinteran ingkang langkung onjo tinimbang sinten kemawon. Kados ingkang asring dipun criyosaken piyambak dening tiyang kalih kasebat nalika Gusti Tumenggung misuda Gus Wanda dados pangarsaning Dalem Ktumenggungan kala samanten. Kekalihipun malah kumawantun nyebar wartos bilih Gusti Tumenggung menika kirang waskitha ing pamawas, ingkang miji jengandika lare saking dhusun ingkang kaanggep dening kekalihipun taksih bodho lan boten saged makarya, benten kalih kekalihipun ingkang sampun dangu anggenipun ngabdi dados punggawaning dalem Katumenggungan. Namung rahayunipun, nalika kekalihipun mbebujuk para kanca abdi dalem Katumenggungan murih boten nggatosaken sadaya dhawuh saking Gus Wanda, taksih langkung kathah abdi dalem punggawa Dalem Katumenggungan ingkang boten nggega".

 

"Sabanjure apa maneh Ki Tayu?" nalika Tayu leren sedhela anggone guneman, aku ora sabar banjur nyelani njaluk supaya Tayu nutugne kandhane.

 

"Inggih awit saking menika, kula lajeng sansaya pitados dhateng dhawuhipun Gusti Tumenggung" Tayu wangsulan.

 

"Dhawuh sing endi maneh?" aku takon, merga saka rumangsaku wangsulane Tayu iki keprungu yen ulet-uletan dadi mbulet ora karuwan.

 

"Inggih dhawuh murih ngatos-atos kalih piyantun kalih menika lan mbudidaya murih piyantun ingkang sae-sae, liripun estu-estu kagungan kasetyan dhateng Nagari lan Kawula Majapahit sampun ngantos kenging pambujukipun piyantun kalih kasebat temah dados lan cilakanipun. Ing babagan menika, bares kemawon kula gadhah panginten bilih estunipun anggenipun ngadhahi tangkeb lan sikep ingkang sae dhateng Gus Wanda menika, jalaran kekalihipun namung pados srana murih jengandika saged dipun lena salajengipun dipun paeka murih asma jengandika Gus Wanda ketingal kados ingkang dipun criyosaken dening kekalihipun rikala jengandika dipun pitados dening Gusti Tumenggung nglenggahi palenggahan minangka sesulihipun Gusti Tumenggung rumiyin" Tayu nyethakne apa sing dikandhakne "inggih kanthi kula saged ngaturaken menika ing ngarsa jengandika Gus Wanda, menika boten kok awit kula kumalancang atur tutur dhateng Gus Wanda, nanging inggih namung dhapur nindakaken kuwajiban ingkang dipun sampiraken dening Gusti Tumenggung dhateng kula".

 

Akeh-akeh sing dikandhakne Tayu marang aku, sing ora pati tak senengi merga Tayu wola-wali ngandhakne yen apa sing dikandhakne kuwi kekudhung dhawuh saka Rama Tumenggung. Mula sanadyan yen dirasak-rasakne, ora kabeh sing dikandhakne tayu kuwi luput, nanging aku uga duwe panemu dhewe sing metu saka asiling pamikirku dhewe. Lan sing bisa maca kahanan kuwi ora mung Rama Tumenggung dhewe luwih-luwih Tayu, aku uga bisa maca lan ngrasakne kahanan sing tak temoni saben dinane. Yen Tayu bisa ngronce tembung sing bisa nuwuhake dudutan lamun Ki Suwela apa dene Makara kuwi wong julig sing duwe watek lamis, mangka aku ya bisa weruh yen arepa kaya apa Ki Suwela lan Makara uga kabecikan. Kosok baline, aku ora mung bisa maca Ki Suwela lan Makara wae, nanging uga bisa maca tangkeb lan sikepe Tayu lan punggawa-punggawa liyane. Aku uga kelingan pituture Rama Tumenggung marang aku, sing ngandhakne supaya aku luwih ngati-ati lan aja gampang percaya marang wong sing seneng golek rai, kanthi dodolan kancane, memada lan ngeler alaning rowang ing ngarepe dhuwuran, murih dheweke katon becik dhewe. Mula krungu kojahe Tayu sing kekudhung dhawuh sinandi saka Rama Tumengung iki, aku kudu luwih dawa maneh nggonku ngulir lakuning pikir.

 

"Aku banget nedha nrima marang ndika Ki Tayu" wusanane aku aweh wangsulan "nanging ndika ya kudu ngerti, sanadyan aku iki mung bocah ndesa nanging uga kaparingan nalar lan budi sing ora beda karo wong kutha. Tegese, aku ya bisa maca lan ngangen-angen karo apa sing ana sakiwa tengenku. Lan mesthi wae, sadurunge aku gawe dudutan angen-angenku mesthi bakal munggah lan mudhun, nimbang lan nglimbang, endi sing jumbuh karo kahanan sing samesthine, ora mung wewaton saka kira-kira luwih-luwih wewaton apa jarene wong crita".

 

Tayu katon mbrabak krungu wangsulanku sing mangkono kuwi, nanging ora semaur apa-apa. Malah banjur ndhingkluk, nyawang lemah karo ora jumecap apa-apa. Satemene aku ya rada getun karo wangsulanku sing nyenggol rasa pangrasane Tayu kuwi mau. Nanging wis kadhung tak ucapne, mula aku banjur mikir, golek cara piye carane supaya Tayu ora kelarut-larut nggone gela.

 

"Ngene wae Ki Tayu lan ndika Ki Lancur" wekasan aku oleh dalan kanggo ngencerake kahanan sing kober rada kaku "bab sing magepokan karo Ki Suwela apa dene Kakang Makara, bisa ditutugne mengko utawa kapan-kapan yen ana wektu sing becik lan mirunggan, merga aku ya ngerti ing babagan nggonku ngabdi marang negara lan kawula ing Majapahit lumantar dadi ing dalem Katumenggungan iki, mbutuhake rerigen lan pamrayoga saka andika kuwi kabeh".

 

"Inggih Gus" Tayu mung meneng karo manthuk, sing wangsulan mung Lancur dhewe.

 

"Sabanjure, mbaleni rembug ing ngarep, ya iku magepokan karo panyuwune Ki Waraka sing mbutuhake Layang Palilah sing ditapak-astani dening Rama Tumenggung lan dipikuwati klawan cap Dalem Katumenggungan, gegayutan karo olehe anggaota Ki Waraka" kandhaku sabanjure.

 

"Kula kinten sampun cekap Gus" Tayu sing maune meneng karo ndhingkluk aweh wangsulan cekak.

 

"Cukup kepiye Ki Tayu?" aku takon.

 

"Kula sampun atur pamanggih makaten ugi adhi Lancur ugi sampun ngaturaken pamanggihipun"  Tayu wangsulan "kula pitados sanaosa dereng kula pireng, Jengandika Gus Wanda tartamtu ugi sampun kagungan pamanggih. Inggih kanthi pamanggih-pamanggih kala wau, kula pitados jengandika langkung pana anggenipun nata ukara ingkang badhe kunjuk ing ngarsanipun Gusti Tumenggung".

 

"Bener Ki Tayu, awit sing kagungan wewenang napak astani Layang Palilah kuwi ora ana liya kajaba  Rama Tumenggung, mangka luwih prayoga yen kabeh panemu kang ana iki diaturne ing ngarsane Rama Tumenggung, mengko apa sing dadi putusane Rama Tumenggung  kuwi sing kudu ditindakne".

 

Ora suwe Lancur karo Tayu banjur pamitan mundur, ora ana tandha-tandha yen Tayu isih nggembol rasa gela ing atine. Aku uga banjur menyat kepengin metu nyawang hawa njaba.

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...