Kacariyosaken
malih dening : Rust Luh Getih
29.
Durung
nganti aku metu, jebul kedhisikan tekane Ki Suwela sing karo mesam-mesem mlaku
mara nyedhaki papanku. Wangune Ki Suwela ngira nek aku arep lunga, ketitik wong
tuwa kuwi banjur takon kanthi suwara sing sajak rada cuwa :
"Anakmas
Suwanda badhe tindak ta?".
"Boten
Ki Suwela namung kepengin dhateng plataran mriku kemawon kok? dangu linggih
jagongan kalih Ki Tayu lan Ki Lancur ndadosaken bangkekan kraos radi
kemeng" wangsulanku karo mesem sing tak banjurake karo pitakonan "Ki
Suwela ngersakaken rembagan kalihan kula menapa?, mangga!"
Aku
mbalik mlebu papanku nyambut gawe sing mau tal enggo jagongan karo Tayu lan
Lancur, Ki Suwela ngetutne neng mburiku.
"Nyuwun
pangapunten Anakmas" kandhane Ki Suwela sawuse mapan lungguh kanthi
kepenak.
"Inggih
? wonten menapa Ki Suwela?" aku takon.
"Prakawis
kersanipun Anakmas Suwanda ingkang ngersakaken mundhut Andalu kinarya klangenan utawi selir, kala wau lho
Anakmas" Ki Suwela wangsulan nyethakne karepe ngadhep aku, karo mesem.
"Inggih?"
aku wangsulan karo neng ati seneng "kados pundi Ki?".
"Inggih
nuwun sewu, menawi kaparengaken dinten niki ugi kula badhe bidhal dhateng Bulak
Pandhe manggihi Ki Kabayan ing mrika, inggih tiyang sepuhipun Andalu,
ndumugekaken dhawuhipun Anakmas dhateng piyambakipun" wangsulane Ki Suwela
sabanjure.
Atiku
krasa seneng banget krungu tembunge Ki Suwela sing mangkono kuwi, saking
senengku nganti sapandurat aku ora bisa semaur apa-apa.
"Saantawis
menika" Ki Duwela nutugne anggone guneman "mangke anak kula pun
Makara ingkang kula prentah murih nyawisaken griya kangge papan panggenanipun
Andalu sasampunipun Anakmas pundhut dados selir, jalaran kula kinten kirang
prayogi dadosipun menawi Andalu kaboyong dhateng dalemipun Gusti Tumenggung
mriki".
"Leres
Ki" wangsulanku "kula nggih sampun ngertos piyambak bilih Rama
Tumenggung menika priyagung ingkang estunipun boten remen dhateng tiyang jaler
ingkang remen kagungan selir, nanging gandheng boten wonten angger-anggering
nagari ingkang ngawisi tiyang jaler gadhah selir, Rama Tumenggung anggenipun
boten remen inggih namung dipun simpen ing salebeting penggalih kemawon".
"Mila
makaten Anakmas" Ki Suwela wangsulan karo ngguyu "estunipun Gusti
Tumenggung Jatikusuma menika ugi sampun asring nedahaken anggenipun nerak utawi
nglangkungi unining paugeran ing babagan menika, namung boten kawistara".
"Liripun
kados pundi Ki Suwela?" Aku durung mudheng karo karepe tembung sing
diucapne Ki Suwela sing kewri dhewe iki mau.
"Makaten
Anakmas" Ki Suwela nggenahake tembunge "Ketang anggenipun gething
dhateng priya ingkang gadhah selir, ngantos Gusti Tumenggung mawi pawadan
kawicaksanan ingkang dipun gadhuh saking nagari, lajeng menggah kula, sok
tumindak kirang adil, inggih menika para punggawa ingkang dados andhahanipun
Gusti Tumenggung ingkang kadenangan gadhah selir lajeng dipun siya-siya,
liripun boten dipun undhakaken pangkatipun, kados kula menapa dene Makara lan
punggawa sanesipun, mila boten mokal menawi punggawa ing Dalem Katumenggungan
mriki menika, kathah ingkang boten wantun mendhet selir kinarya klangenaning
gesang".
Aku
manthuk-manthuk karo ngangen-angen apa sing dikandhakne Ki Suwela iki. Ana sing
bener, nanging ora kabeh bener. Aku nate krungu dhawuhe Rama Tumenggung lan
kandhane punggawa katumenggungan liyane, yen olehe Ki Suwela apa dene Makara
lan wong-wong sing dikandhakne Ki Suwela mau, ora mundhak-mundhak pangkate kuwi
pancen jalaran olehe nindakne jejibahan durung nocogi karo kepiye kudune. Malah
sok isih akeh wong-wong mau kajaba anggone nyambut gawe mung sasenenge dhewe
uga kerep nggunakne gadhuhan pangkat saka negara kanggo nambahi kasugihane
sarana dalan sing ora bener yaiku srana nindhes kawula sing mbutuhake oleh
laden saka punggawa negara. Dene bab anggone padha seneng ngingu selir kuwi
saka rumangsaku durung nate dingendikakne dening Rama Tumenggung dadi
tetimbangan kanggo ngundhakne pangkat. Nanging aku uga tau didhawui dening Rama
Tumenggung menawa Panjenengane pancen ora seneng marang wong sing nyingidne
wong wadon didadekne klangenan nanging ora dirabi kantho sabenere.
Sanajan
mangkono aku ora kepengin mbantah apa sing dadi panemune Ki Suwela kuwi, malah
aku banjur takon sing nuduhne rasa samarku perkara anggonku kepengin ngepek
Andalu dadi selirku iki :
"Lajeng
mangke menawi Rama Tumenggung ngantos pirsa menawi kula ndadosaken Andalu dados
selir kula kadospundi Ki ?".
Ki
Suwela ngguyu rada banter, banjur wangsulan :
"Menika
sampun kula pikiraken Anakmas, inggih awit saking menika kula lajeng prentah
dhateng Makara murih pados griya kangge nyingidaken Andalu, murih boten wonten
tiyang ingkang sumerep, kalebet Gusti Tumenggung lan para punggawa dalem
katumenggungan sedaya, menawi jengandika
sampun mundhut Andalu minangka selir. Nanging sedaya menika bares kemawon,
mbetahaken prabeya Anakmas, ingkang boten saged kula angkat piyambak, pramila
angkah kula, kula badhe matur menawi wonten keparengipun Anakmas Suwanda, kula
badhe nyuwun pambiyantu redana kangge anyekapi kangge anyekapi kabeytahan
menika, nanging menawi Anakmas boten sarju ing panggalih, kula inggih boten
badhe mundur anggen kula badhe netepi kasagahan kula ngaturaken Andalu dados
klangenan jengandika lan prakawis prabeyanipun saged kula ligeraken mawi cara
sanes".
"Prakawis
redana Ki Suwela boten sisah kuwatos" aku aweh wangsulan lan aku uga wiwit
ngerti yen Ki Suwela arep ngecakne cara sing ora bener kanggo nyukupi kabutuhan
sing kanggo pribadiku ya iku olehku duwe karep ngragati nggonku seneng karo
Andalu, lan kang mangkono kuwi cetha yen aku ora bakal mathuk "sepinten
agenging prabeya ingkang dipun betahaken, kula boten badhe kawratan lan kula
boten kepengin namung kangge nyekapi kabetahaning anggen kula badhe remen
nunten damel kapitunaning nagari utawi kawula ing Majapahit".
"Sampun
kaladuk anggen jengandika menggalih Anakmas" Ki Suwela mesem amba
"kula ngertos menawi Jengandika menika priyantun ingkang sakalangkung
tresna dhateng nagari miwah kawula ing Majapahit, mliginipun ingkang mapan ing
laladan Katumenggungan mriki. Lan kula boten badhe njurungaken Anakmas
nindakaken lampah nistha kanthi ngirangi kas kayaning nagari ingkang wonten ing
Dalem Katumenggungan utawi damel kasangsaranipun kawula, nanging Anakmas Suwanda kula aturi
pirsa, bilih gandheng Anakmas menika sampun kondhang minangka sesulihipun Gusti
Tumenggung ingkang sakalangkung wicaksana, pramila inggih boten mokal menawi
boten sakedhik kawula ing Katumenggungan mriki ingkang kaleresan klebet
golonganing "tiyang gadhah", ingkang ngantu-antu kalodhangan saged ngaturaken
pisungsung dhumateng Anak Mas Suwanda".
"Ki
Suwela badhe manggihi titiyang "gadhah" menika kala wau murih purun
udhu kangge nyekapi prabeya ingkang kula betahaken? Boten Ki, kula boten purun
mawi cara menika, celengan kula taksih cekap menawi kangge wragad ingkang Ki
Suwela dhawuhaken kala wau., awit saking menika mangga ndika kula aturi paring
dhawuh pinten cacahing redana ingkang kedah kula aturaken ndika kangge nyekapi
prakawis menika" aku wangsulan karo rada methentheng, nuduhne nek aku ora
seneng nganggo carane Ki Suwela sing keri iki.
"Nyuwun
pangapunten Anakmas" Ki Suwela groyok olehe aweh wangsulan "sepiusan
malih kula aturi pirsa, estunipun saha mila kanyatanipun, dede Anakmas Raden
Bagus Suwanda ingkang mbetahaken pambiyantu saking sinten kemawon ing babagan
redana, nanging kathah titiyang ingkang gadhah lan saestu mbetahaken murih
saged atur pisungsung dhateng Anakmas ingkang dipun anggep wicaksana lan
kanyatanipun mila estu bilih Anakmas menika nyata priyagung ingkang tuhu-tuhu
saged pinercaya dening sok sintena kemawon ing tlatah Katumenggungan mriki,
pramila sepisan malih titiyang kasebat saestu betah atur pisungsung, inggih
kasurung raos panedha nrima awit kawicaksanan jengandika Anakmas".
Rada
suwe aku ora enggal aweh wangsulan marang Ki Suwela. Malah aku banjur njupuk
kanthong isi mas-masan anggonku nglumpukne sasuwene aku ngabdi ing Dalem
Katumenggungan iki.
"Menika
wonten redana sakedhik kangge nyekapi kabetahan kula ing ngajeng wau Ki
Suwela" kandhaku karo masrahne kanthong isi mas-masan kuwi marang Ki
Suwela "mangke menawi taksih kirang, Ki Suwela keparenga paring dhawuh
dhateng kula".
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar