30.
Ki Suwela ora enggal nampani kanthong sing tak selehne
neng ngarepe kuwi, nanging malah banjur kandha karo suwara sing ora pati banter
:
“Prakawis ingkang menika gampil Anakmas. Kula tak
enggal bidhal rumiyin manggihi Andalu, ndumugekaken kersanipun Anakmas Suwanda.
Mangke manawi sampun cetha bilih anggen kula lumampah menika angsal damel,
nembe ngrembag pinten kathahing redana ingkang kula betahaken kangge nyekapi
kabetahan menika”.
Ora ngenteni wangsulanku, Ki Suwela banjur ngadeg lan
pamitan marang aku nek arep metu dhisik saka papan panggonanku nyambut gawe
kuwi, wektune mula pancen wis sore. Wis wayahe para punggawa dalem
Katumenggungan bali menyang omahe dhewe-dhewe. Aku uga banjur tata-tata arep
bali mlebu menyang papan paleremanku. Wewayangane Andalu isih kumanthil-kanthil
ing pandoning mripat. Dumadakan aku kelingan yen aku isih duwe kuwajiban sing
kudu enggal tak rampungake, ya iku matur ing ngarsane Rama Tumenggung magepokan
karo Layang Palilah Anggaota sing disiunjukne dening Waraka. Mula aku tumuli
metu menyang ngarep, arep ngandhani Lancur apa dene Tayu yen mengko bengi arep
taka jak ngadhep ing ngarsane Rama Tumenggung, mbok menawa wae wong loro kuwi
durung ninggalake papane nyambut gawe.
“Inggih Gus, mangke bakda serap kula kalih adhi Lancur
tak mriki malih” wangsulane Tayu nalika tak kandhani bab kuwi.
“Estunipun menapa boten cekap Gus Wanda piyambak
kemawon ingkang marak ing ngarsanipun Gusti Tumenggung ?” Lancur malah takon.
“Lha Ki Lancur apa mengko ana prelu liyane?” aku
mbalik genti takon “nek pancen ndika ora bisa ngancani aku matur ing ngarsane
Rama Tumenggung, ya ora apa-apa ben mengjo sing ngancani aku Ki Tayu wae”.
“Boten makaten Gus” Lancur wangsulan “menawi Gus Wanda
ngersakaken kula kalihan Kakang Tayu ndherek ngadhep ing ngarsanipun Gusti
Tumenggung kula inggih babar pisan boten kawratan mila kula inggih boten wonten
prelu menapa-menapa. Namung wau kula kinten prakawis asiling paniti priksa ing
papan panggaotanipun Ki Makara ingkang dereng rampung menika, cekap dipun
salirani Gus Wanda piyambak”.
“Ora mengkono Ki Lancur” aku genti aweh wangsulan “yen
sing matur marang Rama Tumenggung kuwi wong telu, rak saupama ana sing kliwatan
sing siji bisa nggenepi, ya mengko diaturne pisan nek anggone awake dhewe
nganakne paniti priksa kuwi isih durung rampung, sing dadi atur mengko ya sing
wis cetha kawuwuhan nyuwun pituduh bab sing durung rampung anggone niti priksa
iki”.
“Manawi makaten kula kantun ndherek Gus lan sendika
ngestokaken dhawuh jengandika” Lancur wangsulan karo mesem.
Wengine nalika aku lagi lungguh neng pendhapa ngrantu
tekane Lancur lan Tayu, dumadakan Makara teka. Nalika tak takoni apa karepe,
wangsulane mung kepengin jagongan karo aku, or arep ngrembug barang sing wigati.
Maune tekane Makara iku ora pati tak gagas, nanging bareng Lancur lan Tayu
teka, aku dadi rada kacipuhan. Jalaran rasane atiku ora kepenak yen ninggal
Makara ijen ana pendhapa, sauntara aku, tayu lan Lancur ngadhep Rama Tumenggung
ing panirat mburi. Pancen mau nalika aku matur Rama Tumenggung yen aku wong
telu arep ngaturake asil paniti priksa kahanan papan panggaotane Waraka, Rama
Tumengung dhawuh yen olehe arep nampa palapuranku kuwi manggon neng panirat
mburi supaya ora ana wong liya krungu sing dadi rembugane. Nanging, saiki malah
ana Makara sing ora ngalih-ngalih saka palungguhane. Kamangka Makara ya ngerti
nek tekane Lancur lan Tayu iki ora mung dolan lumrah, nanging arep ana prelu
sing cukup wigati.
Gandheng Makara ora enggal pamitan, wekasan kanggo
abang-abang lambe banjur tak tawani pisan :
“Kakang Makara, iki aku arep ngancani Ki Tayu lan Ki Lancur
, sowan Rama Tumenggung ngaturake asil anggone wis nindakne paniti priksa
kahanan papan kanggo nggaotane Ki Waraka, apa ndika ngersakne melu ngadhep Rama
Tumenggung ing panirat mburi?”.
“Manawi Jengandika marengaken kula inggih matur nuwun
sanget Gus” aku rada kaget jebul pancen sajake Makara kepengin ngerteni asiling
paniti priksa sing wis talk tindakne mau awan “nanging, kula mangke inggih
boten badhe matur menapa-menapa ing ngarsanipun Gusti Tumenggung, jalaran
kajawi kula boten ndherek niti priksa kula ugi boten ngertos menapa-menapa
gegayutan kalih anggenipun Waraka anggaota”.
“Nuwun sewu Gus” dumadakan Lancur saulu, sadurunge aku
kober aweh wangsulan marang Makara.
“Iya piye Ki Lancur?” aku takon .
“Kula kinten kirang prayogi menawi Ki Makara ndherek marak
ing ngarsanipun Gusti Tumenggung” Lancur nggenahne sing dadi karepe “jalaran,
ingkang badhe katur ing ngarsanipun Gusti Tumenggung menika mangke kenging
kawastanan taksih dados wewadi, awit nembe atur palapuran dereng dados putusan,
manawi wonten tiyang sanes ingkang ngertos, menika saged nuwuhaken pamanggih
ingkang kirang prayogi”.
“Mengko dhisik Ki Lancur” Makara sing krungu tembunge
lancur marang aku ngono kuwi mau, nyaut rembug luwih dhisik “sing ndika aturne
marang Gus Wanda kuwi mula bener, nanging apa aku iki ndika anggep wong liya?
Apa ndika lali yen ing reh tataning gaweyan, ndika iku manggon ing sangisoring
prentahku? Bener, yen sing didhawuhi ndherekne Gus Wanda nindakne paniti priksa
kahanane papan panggaotane Waraka kuwi ndika karo Ki Tayu, nanging ndika kudu
ngerti sanadyan Gus Wanda kuwi sesulihe Gusti Tumenggung Jatikusuma, nanging
sadurunge paring dhawuh marang ndika lan Ki Tayu, Raden Bagus Suwanda luwih
dhisik paring weruh marang aku yen arep ndhawuhi ndika wong loro. Dadi atur
ndika marang Gus Wanda ngono kuwi mau padha karo ngarani aku iki wong liya, apa
pancen ndika sasuwene iki duwe rasa ora ngakoni yen dadi andhahanku ing reh
nyambut gawe ing dalem Katumenggungan kene?”.
Lancur mbrabak abang praupane nampa rembug saka Makara
sing semune aweh srengen ngono kuwi mau, nanging sadurunge Lancur aweh
wangsulan luwih dhisik Tayu sing guneman marang Makara kanthi tembung sing alus
:
“Nyuwun pangapunten Ki Makara, sampun kesesa ndukani
kadang kula pun adhi Lancur, jalaran Adhi Lancur babar pisan boten gadhah niyat
kados ingkang jengandika dhawuhaken niku. Nanging aturipun Adhi Lancur dhateng
Gus Wanda wau naming awit sinurung raos tanggel jawab saha kemedah-kedahipun
Adhi Lancur saged nuhoni menapa ingkang sampun jengandika dhawuhaken dhateng
para andhahan jengandika kalebet dhateng Adhi Lancur lan kula”.
“nDika aja mung waton ngucap Ki Tayu” Makara wiwit
mencereng “sing ndika karo Ki Lancur ajak rembugan iki ora mung aku lho? Nanging
neng kene ana Gus Wanda wewakile Gusti Tumenggung, ndika aja gawe crita sing
tundhone arep gawe alane jenengku ing ngarsane Gus Wanda. Awit sasuwene iki aku ora tau aweh
prentah marang andhahanku supaya nganggep pangarepe kuwi wong liya kaya sing
lagi wae diaturake Ki Lancur marang Gus Wanda mau lho?”.
“Kosok wangsulipun Ki Makara” Lancur sing wiwit mau wis
kepengin guneman, gage wae nyaut rembug “sampun dumeh jengandika niku pangajeng
kula lan kula andhahan ndika, lajeng ndika nganggep kula lan Kakang Tayu menika
anggenipun nyambut damel jalaran ngawula dhateng jengandika, leres kula menika
mila andhahan jengandika, nanging anggen kula ngabdi menika boten dhateng Ki
Makara, nanging dhateng Gusti Tumenggung Jatikusuma minangka wewakiling Gusti
Prabu ing Majapahit. Ingkang dipun aturaken Kakang Tayu kala wau, menawi jengandika
boten nyelaki batin jengandika piyambak, jengandika asring sanget niru
dhawuhipun Gusti Tumenggung ugi dhawuhipun Raden Bagus Suwanda, inggih menika
ndhawuhi muroh sedaya punggawa lan abdi dalem Katumenggungan anggenipun nyambut
damel kedah linandhesan raos setya dhateng angger-angger lan paugeraning nagari
Majapahit, inggih awit kula lan Kakang Tayu boten badhe nyulayani oaugeran saha
angger-anggering nigari kala wau, ingkang dados wewaton kula matur kados
ingkang kula aturaken dhateng Gus Wanda kala wau”.
Krungu rembuge Lancur sing wiwit nganggo suwara sora
ngono kuwi, Makara katon sansaya nesu, praupane mbrabak abang nganti tekan
kupinge, lambene ketok kedher, untune nggeget sajak ngampet kanepsone. Mripate
Makara sing murup dening kanepson kuwi nyawang praupane Lancur, kayakaya lancur
arep diuntal-untala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar