Total Tayangan Halaman

Minggu, 10 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (031)


 

31.

Nanging Lancur ora migatekne babar pisan marang nesune Makara sing nganti suwe ora bisa guneman ketang saking nesune. Malah Lancur melu ngadeg, mundur sajangkah sajak siaga ngadhepi bebaya. Tayu nusul melu ngadeg, nanging ora ngalih saka papane. Kari aku dhewe sing isih lungguh, nanging aku ya durung bisa nata ukara kanggo ngleremne sing lagi padha panas atine.

 

“Kedahipun jengandika niku pirsa” Lancur nutugne olehe guneman karo suwara sing canthas “sanaosa kula menika naming andhahan jengandika, nanging ing babagan nglampahaken jejibahan, kula boten kebawah jengandika malih, nanging kebawah dening punggawa ingkang sampun paring dhawuh dhateng jengandika menawi kula kadhawuhan ndherekaken punggawa kala wau, inggih menika Raden Bagus Suwanda. Atur kula dhateng Gus Wanda ingkang nyebat tiyas sanes wau, mila leres kula tujokaken dhateng jengandika, jalaran ing babagan pakaryan menika jengandika klebet tiyang sanes, sanaosa jengandika menika lelurah kula, nanging dening paugeran, kula kasampiran wewenang murih boten maelu sinten kemawon kajawi dhateng Gus Wanda minggahipun Gusti Tumenggung Jatikusuma. Dados jengandika sampun lajeng duka kados lare alit ingkang boten angsal tumut dolanan kancanipun ingkang langkung ageng ngaten menika”.

 

“Setan!, wis wani kowe marang aku, Lancur?” Makara maju sajangkah karo misuh banter.

 

“Borong anggen badhe jengandika mastani” wangsulane Lancur tatag “ingkang cetha, kula namung nuhoni unining paugeran”.

 

“Keparat!” Makara nggetak karo ngobahne tangane sing wis ngepel kanggo ngampeng sirahe Lancur.

 

Nanging Lancur wis siaga, tangane Makara sing kumlebat kaya kilat ngampleng sirahe bisa diendhani, banjur mencolot memburi, nata kuda-kuda siaga aweh panglawan. Ngerti kamplengane luput, Makara sansaya mundhak nesu, kanthi cukat sikile obah ndugang wetenge Lancur. Sing didugang jebul wis jaga-jaga, mbarengi sikile Makara ngarah wetenge, Lancur gage mapagne karo dhengkule sing diangkat kanggo namengi wetenge. Ora wurung panyadhuke Makara kena ditangkis, nanging Lancur panggah kontal memburi watara telung jangkah, sauntara panyadhuke Makara mbendal, Makara uga kontal memburi watara telung jangkah uga.

 

“Dudu neng kene papane Ki Makara” Lancur guneman sereng “yen ngajak gojeg, ayo tak enteni neng plataran kana!”.

 

Ora ngenteni oleh wangsulan, Lancur banjur mencolot mlayu menyang latar ngarep pendhapa dalem Katumenggungan kuwi. Makara sing sansaya nesu merga ping pindho aweh panyerang marang Lancur nanging loro-lorone ora oleh gawe kuwi, ora semaur nanging malah banjur mlayu nututi Lancur mudhun menyang latar. Tayu sing ngadeg ora adoh karo papanku lungguh, ora sranta melu mlayu nututi wong loro sing arep kerengan kuwi. Aku sing ora kepengin antarane Makara karo Lancur apa dene Tayu padha tukaran, banjur nututi melu mudhun menyang latar arep misah sing lagi padha siaga adu kanuragan.

 

Nanging jebul Lancur karo Makara wis kebacut ngecakne juruse dhewe-dhewe. Kekarone padha cepet lan cukat polahe, genti genten anggone ngendhani sarta nangkis pangrangsange mungsuhe uga anggone padha genti males ngrangsang mungsuhe. Mangkono kuwi ndadekne aku kangelan arep misah wong loro kuwi, sanadyan Tayu satemene uga wis mbudidaya melu misah, nanging Makara lan Lancur wis kebacut rame anggone padha ngunggar kasudiran. Suwaraku sing banter bengok-bengok aweh prentah supaya wong loro kuwi padha ngendheg anggone tukaran, babar pisan ora digape.

 

Malah sansaya suwe, sansaya rame. Ing kahanan sing remeng-remeng, merga latar pendhapa kuwi mung kepadhangan ting-ting cilik sing dipasang ing pinggir latar, katon Makara wis ndudut keris saka wrangkane, banjur dienggo gegaman kanggo nglawan Lancur. Aku dadi kaget lan mundhak anggonku kuwatir, samono uga Lancur katone malah luwih kaget maneh. Lancur mencolot nisih banjur ngimbangi, pedhang sing nggantung neng lempenge kiwa, didudut banjur diputer karo nyedhaki Makara sing wis siaga nggunakne kerise. Kahanan dadi sansaya nguwatirake, yen wong loro kuwi ora enggal bisa dipisah, kena dipesthekne yen bengi kuwi ing plataran pendhapa Katumenggungan mesthi bakal ana rajapati utawa saora-orane raja tatu. Aku bengok-bengok, aweh prentah marang Makara lan Lancur supaya ngendheg anggoine padha kerengan. Nanging kekarone sajak wis padha ora gelem ngrungokne prentahku maneh, kekarone wis kasengsem anggone kepengin enggal ngrampungi mungsuhe, mungsuh sing satemene kancane dhewe. Aku dadi sansaya bingung.

 

Nanging, dumadakan tanpa tak ngerteni sangkan parane, ing antarane Makara karo Lancur wis ana paraga sing ngadeg jejeg, ora guneman apa-apa. Paraga kuwi tumuli obah sing prasasat kaya kilat cukate, ngerti-ngerti keris sing ana tangane Makara lan pedhang sing dicekeli Lancur wis ngalih ana tangane paraga sing lagi teka kuwi. Malah Lancur karo Makara uga wis padha pating glinting tiba neng lemah durung bisa tangi, embuh dikapakne.

 

Sawuse Lancur lan Makara wis padha ngglethak lan rekasa anggone arep padha tangi, paraga kuwi banjur mrepegi papanku karo guneman, suwarane keprungu abot nanging cetha diryungokne :

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Raden” kandhane wong sing lagi teka kuwi karo aweh kurmat marang aku “tiyang kalih menika kersanipun klekaran rumiyin ing latar mriki, samangke kaparenga Jengandika nglarapaken kula ing ngarsanipun Gusti Tumenggung, awit wonten prakawis ingkang sanget langkung wigati”.

 

“Nuwun sewu ndika menika sinten Kyai?” merga aku durung wanuh karo wong kuwi, aku banjur nakoni dheweke luwih dhisik.

 

“Nyuwun pangapunten Raden” wong kuwi aweh wangsulan “nami kula Anggara, kawula saking dhusun Bulak Pandhe, wonten prakawis ingkang kedah kula unjukaken ing ngarsanipun Gusti Tumenggung gegayutan kalihan wontenipun punggawa Dalem Katumenggungan ingkang nedya damel kasangsayanipun kawula kanthi kekudhung asmanipun Gusti Tumenggung ingkang amabeg adil para marta”.

 

“Punggawa Katumenggungan?” aku rada kaget karo wangsulane wong kuwi “sapa kuwi Kyai?”.

 

“Ora neng kene Ngger wangsulane pitakonmu kuwi” tanpa weruh sangkane dumadakan  Rama Tumenggung wis jumeneng ing sisihku lan  paring wangsulan marang pitakonku marang Ki Anggara sing ngakune kawula saka desa Bulak Pandhe.

 

Aku noleh ngingeti Rama Tumenggung, nanging panjenengane ora ngrewes, malah banjur paring dhawuh marang Ki Anggara :

 

“Kakang Anggara, ndika kandhakne sawutuhe mengko marang aku ing Panirat mburi kana, kareben putraku Suwanda melu ngrungokne” Rama Tumenggung banjur dhawuh marang aku “Siwakmu Anggara dherekna menyang panirat mburi kana Ngger”.

 

Ora ngenteni wangsulan Rama Tumenggung banjur jengkar ninggalne aku lan ki Anggara.

 

“Mangga Wa, kula dherekaken” kandhaku marang Ki Anggara sawuse Rama Tumenggung ora ana kono.

 

“Mangga Raden, kula dherekaken” wangsulane Ki Anggara karo manthuk kebak rasa kurmat.

 

Karo mlaku ora entek-entek anggonku gumun lan kepengin weruh sapa satemene ki Anggara iki. Awit nek nitik anggone ngendika rama Tumenggung sarta olehe mbasakne aku marang Ki Anggara kanthi sebutan Siwa, mesthine Ki Anggara kuwi dudu kaya sing dikandhakne yen mung kawula lumrah sing manggon neng desa Bulak Pandhe. Nanging bares wae, aku durung wani takon marang Ki Anggara, sapa satemene dheweke iki.

 

“Pinarak kene kakang” nalika aku karo Ki Anggara tekan panirat mburi, Rama Tumengung wis lenggah neng klasa, banjur ngacarani Ki Anggara lungguh.

 

Ki Anggara nyembah banjur mapan lungguh neng klasa, neng ngarsane Rama Tumenggung. Aku ya banjur arep mapan lungguh ing mburine Ki Anggara, nanging Rama Tumenggung paring sasmita supaya aku lungguh ing sisihe.

 

“Sadurunge aku takon sing akeh-akeh” Rama Tumenggung miwiti ngendika “luwih dhisik aku ngaturake panuwun Kakang, awit Kakang Anggara wis ngendheg polahe wong loro sing ora duwe duga, wis gedhe tuwa nanging isih seneng tukaran kaya bocah cilik, kathik mangkonowa anggone padha tukaran ing latar Katumenggungan ing ngarepe anakku Suwanda pisan”.

 

“Kula ingkang nyuwun pangaksami Gusti Tumenggung” Ki Anggara wangsulan karo nyembah “inggih awit saking kepengining manah kula enggala saged ngabyantara ing ngarsa jengandika, temah kula kumawantun kanthi lancing, misah punggawa Katumenggungan ingkang sami kerengan kala wau”.

 

“Sing ditindakne Kakang Anggara mau wis trep banget” Rama Tumenggung ngendika karo mesem “jalaran aku weruh dhewe, Makara karo Lancur wis ngremehake putraku Suwanda, kekarone babar pisan ora ngrungokne apa sing diprentahne dening Suwanda, kamangka Suwanda kuwi wis dak paring wewenang nyulihi aku, kanthi mangkono Lancur apa dene Makara kae padha karo wis wani marang aku. Tujune banjur Kakang Anggara rawuh lan misah kekarone. Dadi sepisan maneh, aku ngaturake panuwun marang ndika kakang Anggara”.

 

Rampung anggone paring wangsulan, Rama Tumenggung banjur aweh sasmita marang aku supaya aku melu guneman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...