Total Tayangan Halaman

Senin, 11 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (032)


 

32.

Wiwitane aku bingung arep omong apa, nanging aku banjur kelingan yen iki mau lagi wae Ki Anggara wis murungake anane kedadeyan raja pati utawa saora-orane raja tatu, awit anggone kerengan Makara karo Lancur. Mula karo nata lungguhku, aku ngimbuhi rembug :

 

“Saestu kula pun Suwanda ugi ngaturaken panuwun dhumateng jengandika Wa Anggara, ingkang sampun kepareng misah anggenipun kerengan Kakang Makara lan Ki Lancur, ingkang kekalihipun sampun mandi gegaman. Ambok bilih Wa Anggara boten enggal rawuh saha misah kekalihipun, kula kinten salah satunggal saking tiyang kalih wau tartamtu sampun dumugi pejah”.

 

Ki Anggara mesem amba, banjur matur marang Rama Tumenggung :

“Nyuwun pangapunten Gusti Tumenggung, kula radi cubriya salebeting manah, sareng kula mangertosi jalaranipun tiyang kekalih kala wau sami kerengan”.

 

“Mengko dhisik Kakang Anggara, sing ndika ajak guneman iki adhi ndika dhewe,  dadi tak suwun Kakang Anggara njabel anggone nganggo basa krama marang aku, ndika kuwi sedulurku tuwa wakile Bapa Guru sing mung kagungan siswa loro ndika karo aku, dadi tak suwun sepisan maneh ndika kersaa nggunakne basa ngoko marang aku, adhimu ya Si Kunthing iki” Rama Tumenggung ngendika marang Ki Anggara, ndadekne aku ngerti yen jebul Ki Anggara iki sedulur tunggal guru karo rama Tumenggung, lan Rama Tumenggung kuwi asma jaman isih timur jebul Kunthing. Layak mau kanthi gampang bisa ngrebut gegaman sing digoceki Makara apadene Lancur sarta kanthi ora mbutuhne wektu sing suwe kanggo gawe lumpuhe wong loro kuwi, sanadyan lumpuhe sajak ora mbebayani marang jiwane.

 

“Saiki, ndika wangsuli aku tak takon!” Rama Tumenggung nutugne anggone ngendika “apa Kakang Anggara wis luwih dhisik anggone rawuh ing pendhapa Katumenggungan sadurunge Lancur lan Makara kuwi padha tukaran?”.

 

“Ngene ya Dhi” Ki Anggara wangsulan “tenane nek aku matur basa krama marang si Adhi kuwi, ora merga apa-apa, nanging aku ngelingi si Adhi kuwi kagungan sandhangan sing kudu diajeni dening sandhangan sing tak enggo. Lire, dening Sang Prabu Adhi Kunthing kaparingan busana Tumenggung kanthi asma Jatikusuma, sauntara kuwi sandhangan sing tak enggo sing tenane warisan saka wong tuwaku biyen, olehku bisa nganggo iya awit saka palilah dalem Sang Prabu ing Majapahit. Yaiku sandhangan sing rupa Kebayan ing dhukuh Bulak Pandhe, dadi yen aku basa krama marang si Adhi kuwi merga sandhanganku majibake aku basa marang busana sing diagem si Adhi, iya Gustiku Tumenggung Jatikusuma. Mula ana kalane aku sok nganggpo basa ngoko sok ana kalane aku nganggo basa krama marang si Adhi. Dadi tak suwun aja kaduk ati bela panampa, manawa ing ngarepe wong akeh utawa ing pasamuwan aku mesthi nganggo basa krama marang si Adhi, beda yen lagi jagongan dhewe kaya saiki iki, sanadyan ing kene ana Raden Bagus Suwanda, aku wani nganggo tembung ngoko jalaran Raden Bagus Suwanda kuwi kena taka rani ponakanku dhewe, kajaba yen Gus Wanda ora kersa tak dhaku ponakan, aku panggah kanthi senenging ati bakal nggunakne basa krama marang si Adhi lan Angger Suwanda”.

 

“Matur sewu gunging panuwun Wa” aku gage nyauti rembuge Ki Anggara “saestu kula rumaos bombing ing salebeting manah menawi Wa Anggara kepareng ngrengkuh kula minangka pulunan, sanaosa kula naming lare ingkang dipun panggih lan dipun pupu dening Rama Tumenggung”.

 

“Iya, iya Kakang Anggara, arepa kaya apa si Suwanda iki wis dadi putraku dadi iya keneng diarani uga putrane Kakang Anggara” Rama Tumenggung numpangi rembug “saiki ndika wangsuli pitakonku sing maul an ya gene Kakang Anggara duwe rasa jubriya marang sing lagi padha tukaran?”.

 

“Mau awan macak sore” Ki Anggara wiwit guneman mangsuli pandangune Rama Tumenggung “ing Bulak Pandhe aku karawuhan punggawa Katumenggungan, sing kekudhung asmane Angger Suwanda lan Gusti Tumenggung, kamangka anggone kekudhung kuwi adoh banget karo kanyatan sing dadi watak wantune Gusti Tumenggung sing wiwit cilik wis tak ngerteni. Mula sawuse Punggawa Katumenggungan kuwi pamitan, aku ya daya-daya arep sowan Gusti Tumenggung ngaturake bab iki. Nanging nalika aku kanthi sesidheman mlebu pakarangan dalem Katumenggungan, aku weruh yen Angger Suwanda lagi nampa tekane punggawa sing uga duwe sesambungan cedhak karo punggawa sing lagi wae rawuh ing omahku mau. Mula aku banjur nyoba nguping anggone rerembugan Angger Suwanda karo punggawa kuwi, nanging jebul olehe padha rermbugan babar pisan ora nyenggol karo perkara sing tak gawa. Banjur ana punggawa loro sing rawuh maneh, sing lelorone jebul wis semayan karo Angger Suwanda arep mara king ngarsane Gusti Tumenggung, sing weksane dadi padudon antarane punggawa loro sing lagi teka kuwi karo punggawa sing mau teka dhisik malah wekasane banjur dadi padha panase nganti padha nggunakne gegamane dhewe-dhewe”.

 

Ki Anggara leren sedhela anggone guneman, merga ana Bibi abdine kanjeng Ibu Nyai Tumenggung sing mara ngladekne unjukan. Rama Tumenggung Jatikusuma katon njengkerutne palarapane, ketara yen apa sing dikandhakne Ki Anggara banget ndadekne kawigatening penggalihe.

 

“Nuwun sewu Wa” alon-alon aku nyelani rembug sawuse atur sasmita marang rama Tumenggung yen akua rep guneman lan rama Tumenggung mbales kanthi asung sasmita ngeparengake “menapa punggawa ingkang rawuh ing dalemipun Wa Anggara menika Ki Suwela?”.

 

“Bener Ngger, sing rawuh pancen Ki Suwela wong tuwane Ki Makara sing mau tak rebut kerise lan tak gawe lumpuh awake, ya merga kuwi sing ndadekne tuwuh rasa jubriya ing atiku sing dadi sabab anggone Ki lancur kerengan mungsuh Ki Makara iki mau” Ki Anggara mangsuli apa sing dadi pitakonku.

 

“Dados Wa Anggara menika Kebayan Bulak Pandhe, tiyang sepuhipun Andalu saha Rinten semahipun Ki Waraka sodagar sugih yoganipun sodagar saking nagari Cempa menika?” aku bali nggenahne, awit pancen aku durung tau srawung karo Ki kebayan Bulak Pandhe sing jebul isih sedulur tunggal guru karo rama Tumenggung Jatikusuma.

 

“Bener Ngger, aku wong tuwane Andalu, apa keng slira wis wanuh karo anakku wadon kembarane Rinten bojone Waraka kuwi?” Ki Anggara banjur nakoni aku bab sesambungan antarane aku karo Andalu.

 

“Inggih Wa” aku wangsulan blaka “kula mila nate panggih kalihan Andalu kaping sepisan nalika Ki Waraka gadhah damel nengeri tigang wulan anggenipun nggarbini semahipun inggih pun Rinten. Nalika samanten Andalu ngladosi kula ing ulah beksa, lan sasampunipun menika inggih dereng nate kepanggih malih”.

 

“Mengko dhisik” dumadakan rama Tumenggung ngendika nigas anggonku rembugan karo Ki Anggara “iki lagi padha ngrembug apa? Aku kok malah dadi bingung dhewe, merga aku ora ngerti bongkot lan pucuke sing lagi padha dirembug. Coba Kakang Anggara, ndika baleni saka wiwitan supaya aku bisa mudheng, nanging sadurunge manga diunjuk lan diincipi dhisik omben lan panganan yasane adhimu wadon, biyunge Suwanda sing diladekne bocah emban iki mau”.

Ki Anggara mesem amba, banjur ngranggeh cangkir sing ana ngarepe, kopine disruput banjur ditututi karo genti njupuk wajik klethik sing wis disuguhne.

 

“Ya sing gedhe pangaksama ndika Adhi” karo nyuwil wajik sing dijupuk Ki Anggara atur wangsulan marang Rama Tumenggung “iki mau jalaran aku kegeret karo sing dipundhutake pirsa dening Angger Suwanda, mula becike tak balenane anggonku matur marang si adhi Ya Gustiku Tumenggung Jatikusuma, tak wiwitane saka kawitan”.

 

“Iya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan “nanging sadurunge kuwi, prayoga luwih dhisik ayo padha diunjuk banyu panas lan cemilan sing wis diladekne iki”.

 

“Inggih Wa, manga karahabana sawontenipun kanthi mardikaning panggalih” aku melu numpangi rembug, ngacarani marang ki Anggara.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...