Total Tayangan Halaman

Senin, 11 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (033)

33.

Sauntara Ki Anggara ngrahabi pasugatan sing wis cemawis,  Rama Tumenggung paring dhawuh marang aku supaya ndelok kahanane Makara, Lancur lan Tayu.

“Wong-wong sing ana latar mau coba ungaken Ngger, tinimbang dadi pikiran sing ora ana gunane wong-wong kae kongkonen bali wae, kuwi nek wis padha bisa ngadeg, nek durung ya mengko nek wis padha bisa tangi konen bali. Aku durung bisa nemoni, merga isih ana tamu sing luwih wigati”.

 

“Inggih Rama” wangsulanku banjur alon-alon mundur arep menyang plataran ngarep.

 

Lagi tekan pendhapa, jebul Tayu karo Lancur lagi lungguh neng panggonan sing mau dienggpo jagongan karo aku, sauntara Makara ora katon.

 

“Lha kakang Makara neng endi Ki Tayu?” aku nakoni Tayu, merga pas aku tekan pendhapa sing nyawang luwih dhisik marang aku Tayu, Lancur isih ndhingkluk dadi ora ngerti yen aku mara.

 

“Ketingalipun sampun wangsul Gus” wangsulane Tayu, Lancur melu ndengengek nyawang aku.

 

“Kok ketingale kuwi piye ta? Apa olehe lunga ora pamit ?” aku negesi takon.

 

“Kalawau nalika kula tulungi saking anggenipun kantaka, kula ajak dhateng pendhapa boten kersa, sareng pirsa menawi Adhi Lancur dereng tangi, lajeng madosi kagunganipun dhuwung, nanging boten kepanggih, lajeng kesah tanpa pamit” Tayu nyritakne sing wis kedadeyan.

 

“Dadi Kakang Makara karo Ki Lancur sawise tiba mau kober ora eling ta?” aku genti takon maneh.

 

“Inggih Gus” sing wangsulan malah Lancur “kula piyambak boten ngertos sangkan paraning bilahi, nalika meh kemawon dhuwungipun Ki Makara njebol dhadha kula dumadakan kula sumrepet lajeng boten eling, naming lamat-lamat kula taksih sumerep jengandika nampel pedhang ing tangan kula lajeng nyurung pundhak kula temah kula dhawah ing siti”.

“Menawi kula radi langkung cetha anggen kula ningali Gus” Tayu mbumboni rembug “kala wau, nalika kula sumerep Adhi Lancur keseser mengsah Ki Makara estunipun kula badhe suka pambiyantu, ngrencangi Adhi Lancur murih boten kenging katuweg dhuwungipun Ki Makara, nanging jebul karumiyinan jengandika ingkang lankung cukat katimbang srikatan ingkang nyamber walang, ngrebat keris saking astanipun Ki Makara saha pedhang saking tanganipun Adhi Lancur. Saestu babar pisan kula boten nyana menawi Gus Wanda menika jebul kagungan kadigdayan ingkang nggegirisi kados makaten wau”.

 

Aku dadi ora mudheng karo kandhane Tayu lan Lancur kuwi. Aku dhewe mau ya ora weruh sangkane, ngerti-ngerti Ki Anggara sing durung tau tak tepungi wis ngadeg ana antarane Makara karo Lancur, lan wis kasil ngrebut gegamane wong loro kuwi. Kok saiki malah Tayu lan Lancur kandha yen sing ngrebut gegamane Makara lan Lancur kuwi mau aku. Aku dadi rada bingung.

 

“Mengjo dhisik Ki Tayu lan Ki Lancur” sawise meneng sedhela aku banjur takon “ndika sakloron apa ora weruh tekane Wa Anggara mau?”.

 

“Kula sumerep sasampunipun jengandika ngrebahaken Adhi Lancur miwah Ki Makara lajeng wonten tiyang ingkang wicanten dhateng Gus Wanda, nanging kula boten ngertos menapa ingkang dipun aturaken, lajeng ngertos-ngertos kula sumerep Gusti Tumenggung sampun wonten mriki, paring dhawuh dhateng tiang kala wau sarta jengandika murih dhateng panirat wingking” Tayu aweh wangsulan .

 

“Menawi kula bares kemawon boten sumerep Gus” Lancur melu wangsulan “awit kula sampun semaput lan boten eling menapa-menapa. Kula ugi rumaos gumun, awit boten nyana babar pisan bilih jengandika menika saged kanthi gampil damel kula lan Ki Makara rebah semaput tanpa nandhang tatu babar pisan”.

 

“nDika sakloron apa uga durung tau wanuh karo Wa Anggara, tamu sing lagi teka mau?”

 

“Dereng Gus, mila kula nembe sepisan menika sumerep piyambakipun” wangsulane Tayu.

 

Satemene aku kepengin ngandhakne marang wong loro kuwi yen aku babar pisan ora tumindak apa-apa, lan sing dikandhakne wong loro kuwi ora bener, merga sing dikira aku mau tenane ngono Wa Anggara, nanging ora sida. Merga kanggo aweh weruh marang Tayu apa dene Lancur, murih wong loro kuwi bisa percaya, mbutuhne wektu sing rada suwe, sauntara wektu iku  ing panirat mburi Ki Anggara karo Rama Tumenggung lagi ngendikan sing aku kepengin ngerti isine. Mula aku milih nyumenekake dhisik anggonku arep nggenahake marang wong loro kuwi yen tenane aku ora kaya sing dkandhakne mau.

 

“Ki Tayu lan Ki Lancur” kandhaku sabanjure “perkara anggone Kakang Makara lan Ki Lancur kantaka mau bisa dirembug ing liya wektu, saiki sing prelu dak kandhakne marang ndika sakloron, Rama Tumenggung dina iki lagi nampa tamu sing nggawa perkara sing wigati banget, dadi durung bisa nampa atur palapuran saka awake dhewe. Mula prayogane, ndika sakloron bali wae, awit aku ya kadhawuhan ndherek nemoni Wa Anggara ing panirat mburi”.

 

“Inggih Gus” Tayu aweh wangsulan “mangga menawi jengandika badhe wawan pangandikan kalihan Gusti Tumenggung tuwin tamu ingkang nembe dugi wau, kaparenga kula kalih Adhi Lancur, wangsul”.

 

Sawuse wong loro kuwi ninggakne pendhapa, aku bali menyang panirat nusul Rama Tumenggung lan Wa Anggara sing lagi jejagongan.

 

“Kaya sing dak aturake marang Angger Wanda ing ngarep” Ki Anggara miwiti guneman maneh, sawuse aku lungguh ing papan sakawit “Punggawa Dalem Katumenggungan sing rawuh ing pondhokku mau awan kuwi Ki Suwela, wong tuwane Ki Makara sing mau tak pisah anggone gelutan karo kancane”.

 

“Lha tekane Suwela neng daleme Kakang Anggara kuwi, nggawa dhawuh saka Dalem Katumenggungan apa karepe dhewe?” Rama Tumenggung nyelani rembug, nakokne mungguh jejere Ki Suwela sing mertamu marang daleme Ki Anggara.

 

“Nek tak nalar, kuwi saka karepe dhewe, nanging bareng nyandhak lan nyangking kalungguhanku minangka Kebayan Desa sing digandhengake karo kalenggahane Angger Suwanda minangka sesulihe Gusti Tumenggung Jatikusuma, aku dadi ora pati ngandel karo sing dikandhakne Ki Suwela marang aku, awan mau. Mula aku ya banjur daya-daya nakyinake menyang Dalem Katumenggungan iki” Ki Anggara atur wangsulan “jalaran, sing didhawuhne Ki Suwela mau kuwi, beda adoh karo watak wantune Gusti Tumenggung Jatikusuma”.

 

“Lha Suwela ngandhakake apa marang Kakang Anggara?” Rama Tumenggung mundhut pirsa maneh.

 

Ki Anggara unjal ambegan landhung kaping telu, banjur wiwit semaur :

 

“Kanggo atur wangsulan marang pitakone Adhi Kunthing iki, tak undurne maneh critaku, murih luwih cetahne”

 

“Ora apa-apa Kakang, dimundurne ya kena, waton bisa nambahi cethane apa sing wis kedadeyan tumrap Kakang Anggara utawa Desa Bulak Pandhe sing dadi tanggung jawabe Kakang Anggara” tumanggape Rama Tumenggung marang ki Anggara.

 

“Tenane ngono, watara setahun kepungkur aku iki rak kapusan ta Dhi?”

 

“Kapusan sing kepiye Kakang?”

 

“Kapusan magepokan karo anakku wadon sing siji, ya si Rinten” Ki Anggara atur wangsulan kanthi nyritakne lelakone “sadurunge kapusan, aku rak ya diparani dening Ki Suwela, nanging wektu kuwi, Ki Suwela ora nyangking asmane Gusti Tumenggung lan kalungguhane minangka punggawa Dalem katumenggungan. Ki Suwela nembung anakku wadon loro-lorone, Rinten karo Andalu. Rinten ditembung arep diselir dening putune Ki Suwela, sing jarene uga isih kaprenah wayahe Gusti Tumenggung Jlampar, jenenge Waraka sing dadi sodagar sugih dhewe sa Majapahit lan anakku si Andalu ditembung arep dipundhut selir dening putrane Ki Suwela, sing jenenge Makara, ya wong sing mau tukaran neng plataran mau”.

 

“Banjur Kakang Anggara kepiye?” Rama Tumenggung nyela wuwus.

 

“Sanadyan nalika kuwi atiku runtik, merga wis diremehne dening Ki Suwela, nanging isih bisa tak peper kanepsonku” Ki Anggara atur wangsulan “ora tak kandhakne yen aku ngukuhi piwulange Bapa Guru, nanging tak wangsuli kanthi sabar, yen aku ora bisa masrahake anakku wadon marang sapa wae sing kepengin ngepek anakku dadi selire, lan upama ana sing nekad meksa aku supaya nglilani anakku wadon dadi selir, mangka bakal tak kukuhi nganti tumetese getih kang pungkasan”.

 

“nDika wangsuli ngono kuwi Suwela banjur kepiye?” Rama Tumenggung mundhut pirsa karo semu mesem.

 

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...