34.
Ki Anggara melu mesem, wangune wong kuwi bisa maknani
eseme Rama Tumenggung. Banjur karo njejegne anggone lungguh, nutugne olehe
crita :
“Maune Ki Suwela ora pati percaya karo apa sing tak
kandhakne, punggawa dalem Katumenggungan kuwi banjur dheweke ngetokne kanthong
sing kebak dhuwit mas, mbuh sepira cacahe. Karo kandha yen olehe ngersakne
anakku Rinten lan Andalu arep didadekne selire Waraka lan Makara kuwi ora
lelahanan, nanging bakal nganggo pitukon sing ajine ora sethithik lan sadurunge
pitukon kuwi diparingake marang aku, aku ya arep diparingi bebungah sing wujude
dhuwit mas sakanthong sing dicekeli kuwi”.
“Ya ora maido wong Suwela kuwi klebu wong sing sugih,
luwih-luwih si Waraka sing jarene anake Sodagar saka negara Cempa kae, mesthi
sugihe punjul saka ping satuse kaduwekanku” Rama Tumenggung nyelani rembug.
“Mula bener Dhi” Ki Anggara semaur “nanging rahayune aku
isih kaparingan eling dening Hyang Maha Agung, yen aku nate nampa weca saka
Bapa Guru ya Rama Panembahan Kiswara bebarengan karo si Adhi nalika samana”.
“Weca sing endi kuwi Kakang?” Rama Tumenggung nyelani
takon.
“Ya weca utawa wejangan sing nganti saiki dikukuhi
dening si Adhi sanadyan Si Adhi wis kegadhuhan pangkat sing ora cendhek saka
ngersa Dalem Sang Prabu” Ki Anggara suka wangsulan “ya iku Rama Panembahan
sanadyan selawase nglakoni gesang wadat, parandene paring dhawuh marang aku lan
si Adhi supaya gelem nglakoni sing diarani palakrama, malah Rama Panembahan uga
dhawuh sakehing ngelmu sing wis dilintirake marang awake dhewe ora bakal bisa
dcakne kanthi sampurna yen awake dhewe ora gelem palakrama”.
“Iya Kakang” Rama Tumenggung nyambung rembug “lan
nyatane Kakang Anggara apa dene aku uga wis nglakoni dhawuhe Rama Panembahan
Kiswara kuwi, aku wis klakon ngrabi wong wadon sing saiki dadi Nyi Menggung lan
Kakang Anggara uga wis mengku garwa sing dadi biyunge Rinten apa dene Andalu”.
“Wejangan sing kaping pindho” Ki Anggara nutugne
anggone kandha “Rama Panembahan ora ngeparengake sok sapawa sing ana sambung
ngelmune karo Rama Panembahan, nglakoni salah siji saka sing dadi pepacuhe ya
iku : netesake kama marang wanita sing dudu sisihane sing dirabi kanthi
nindakne paugeraning kapitayan kang dirasuk, sing angka loro ora dikeparengake
anuruti branta marang wong kang duwe jinis sing padha, lanang karo lanang apa
dene wadon karo wanita, kaping telu Rama Panembahan uga ora ngeparengake wayuh,
tegese awake dhewe nganti duwe bojo luwih saka siji, kajaba yen sisihane wis kapundhut
dening Gusti, dene jangkepe sing kaping papat dhawuhe Rama Panembahan biyen
wong lanang sing duwe klangenan rupa wong wadon sing ora dirabi utawa sing
diarani selir utawa garwa ampil, kuwi kena diarani wong lanang sing nistha
bebudene”.
Ki Anggara leren sedhela anggone guneman banjur
nyruput unjukane. Jroning atiku ngangen-angen apa sing lagi wae dikandhakne
dening Ki Anggara kuwi. Lan aku dadi ngerti ya gene, Rama Tumenggung kuwi
nganti saiki garwane panggah mung siji, ya iku mung Kanjeng Ibu, Nyai Menggung
thok. Beda banget karo priyagung liyane sing kagungan pangkat sing padha malah
akeh sing pangkate isih ana sangisore Rama Tumenggung nanging garwane
pirang-pirang lan isih padha ngingu klangenan sing cacahe uga akeh.
“Sabanjure” Ki Anggara nutugne crita “Yen nganti awake
dhewe ora nggugu lan nuruti apa sing dadi wecane Rama Panembahan, mangka Rama
Panembahan suthik ndhaku awake dhewe minangka siswane, sakehing ngelmu sing
tinampa saka Rama Panembahan bakal mbalik mungsuhi awake dhewe nganti awake
dhewe nemu pati sing nistha, kang tembene bakal kumpul karo bangsane dhedhemit
sing nasar, samangsa-mangsa awake dhewe wis tekan ing janjine”.
“Kabeh sing ndika dhawuhne kuwi nyata bener lan aku
isih eling lan bakal tak kukuhi nganti kukuding jagadku, sartane aku ora bakal
sudi duwe anak lan turun sing wani nindakne pepacuhe Rama Panembahan Kiswara ya
gurune dhewe kuwi Kakang” Rama Tumenggung ngendika nimbangi apa sing wis
dicritakne dening Ki Anggara.
Kaya didhodhog rasane dhadhaku, krungu dhawuh
pangandikane Rama Tumenggung sing mangkono iku. Kanthi mangkono, ateges nggonku
arep ndadekne Andalu dadi selirku kaya sing dieguhne dening Ki Suwela kae bakal
cabar lan ambyar. Luwih-luwih bareng saiki aku ngerti yen Andalu kuwi jebul putrane
Wa Anggara, sedulur tuwa tunggal guru karo Rama Tumenggung. Rasane atiku pepes,
pepenginanku bisa mengku Andaru bakal ora bisa kasembadan.
“Ya merga aku isih eling karo dhawuh sing diwecakne
dening Rama Panembahan Kiswara kuwi, kanthi basa sing tak alus-alusake kapeksa
aku ndaga apa sing dadi kersane Ki Suwela, sanadyan aku weruh yen Ki Suwela
kuwi isih klebu agul-agul ing dalem Katumenggungan kene” Ki Anggara njangkepi
wangsulane.
“Lha nanging nyatanipun samangke Nyi Rinten sampun
dados garwanipun Ki Waraka, garwa ingkang angka tiga, kados pundi menika Wa?”
aku ketrucut nibakne pitakonan marang Ki Anggara.
“Iya kuwi piye Kakang?” Rama Tumenggung ngimbuhi pitakonan
“malah kabar sing tak tampa, jare putraku si Rinten saiki malah wis nggarbini?”.
Ki Anggara unjal ambegan landhung, banjur karo suwara
sing ngemu rasa sungkawa aweh wangsulan :
“Ya kuwi sing tak kandhakne yen aku wis kapusan mau Dhi.
Sepasar sawuse tembunge ki Suwela tak tulak, Waraka teka ing Bulak Pandhe.
Ujube olehe teka nemoni aku kuwi, jalaran rumangsa wis kakehan dosa marang
Hyang Agung, ya kuwi dumeh kasinungan bandha sing akeh, dheweke wis nindakne
laku ora prayoga, ya iku ngingu selir sing sapirang-pirang cacahe. Banjur
Waraka kandha yen dina kuwi kabeh selire wis dibalekne marang wong tuwane
dhewe-dhewe lan diangoni bandha sing cukup, Waraka dhewe arep nglakoni laku
tobat sarana ngenger lan suwita marang aku”.
“Waraka sing jare isih kaprenah wayahe Tumenggung
Jlampar, anake Sodagar sugih saka negara Cempa kuwi nyuwita marang Kakang Kebayan
Bulak Pandhe? Kakang Anggara ya kersa nampa pasuwitane?” Rama Tumenggung
mundhut pirsa karo ngincangne imbane.
“Pancen saewuhan dhewe Adhi” wangsulane Ki Anggara “mesthine
si Adhi uga isih kemutan marang dhawuhe Rama Panembahan kang nyebutake akeh
wong becik sing nggadhuh ati semuci suci sing temahan kabecikane ora manjing
ana jiwane, dene lakune wong kang mangkono iku ya iku ora percaya marang pangwasane
Gusti sing wenang aweh pituduh marang wong ala temahan dadi wong becik,
adhakane wong mangkono iku gampang ora ngandel marang liyan, dhemen sujana
marang wong sing arep tumindak becik……”.
“Cekake rembug pasuwitane Waraka banjur ndika tampa?”
Rama Tumenggung nigas rembuge Ki Anggara.
“Bener Dhi” Ki Anggara wangsulan “Waraka tak tampa
dadi siswaku lan wiwit tak wulang ngelmu kasampurnaning urip. Sasuwene ngenger
ing omahku, tindak tanduk lan solah bawane Waraka nuduhake yen dheweke temen-temen
lagi nglakoni patobatan. Sakehing kasenenganing Donya kabeh disingkur, malah
mangan ngombe saben dinane iya saka olehe mbanting raga meres kringet nyambut
gawe ing sawah lan pategalan. Kasenengan ngombe arak lan ciyu wis ditinggal,
saben bengi mung ana gothakan nindakne laku samadhi nyaket marang Hyang Suksma.
Kanca-kancane akeh sing padha teka ngendhangi, nanging kabeh tinampa dening
Waraka karo wangsulan yen dheweke saiki wis milih laku dadi kawulane Gusti, lan
arep urip sing akeh nyedhake marang Gusti tinimbang mikirake kadonyan sing
nduweni sipat ora langgeng. Samono uga sikepe marang anakku Rinten apa dene
Andalu, sanajan maune Waraka jarene kayungyun kepengin ngepek Rinten dadi
selire, nanging saiki wis beda sikepe. Anane mung ngajeni lan kurmat banget
marang anak-anakku sing jarene anake wong sing wis nuntun dheweke ngambah dalan
lan manjing urip sing kebak katentreman. Meh kabeh wong sa desa Bulak Pandhe
padha seneng marang Waraka, jalaran bocahe sing seneng srawung nanging ora
ninggal tata Susila, sarwa ngajeni lan dhemen tetulung marang sapadha-padhane
urip. Ngono kuwi lumaku kira-kira meh setahun”.
Ki Anggara leren olehe crita, malah banjur katon ndhegleng
sajak ngrasakne getun.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar