35.
Aku
ora wani nyuwara, Rama Tumenggung uga mung kendel ora ngendika apa-apa, mung
pasuryane katon nuduhne rasa sungkawa, kaya-kaya panjenengane uga melu
ngrasakne apa sing lagi dirasakne dening Ki Anggara. Bareng wis rada sauntara anggone meneng anjetung, Ki
Anggara banjur wiwit guneman maneh :
“Saben dina srawung karo Waraka sing solah bawane
sarwa ngresepake atine, anakku si Rinten tuwuh rasa lan mambu ati marang bocah
lanang sing jare lagi .nglakoni laku patobatan kuwi. Aku uga bisa maca, yen
sejatine Waraka uga duwe krenteg nimbangi katresnane Rinten. Sing luwih
ndadekne Rinten sansaya kapencut marang Waraka, kajaba bocah kuwi tindak
tanduke sarwa ngajeni marang sapepadhaning wong lan kelakuwane sing becik, ya
kuwi rasa bektine Waraka marang wong tuwane, mligine marang Biyung sing
nggulawenthah dheweke wiwit cilik. Saben-saben ngarepake wulan Purnama, Waraka
pamitan marang aku yen arep niliki biyunge, telung dina tilik biyung, Waraka
mesthi wis bali maneh ing omah, karo nggawa crita rupa pitutur sing ditampa
saka Biyunge banjur dicundhukne karo wewarahku, prasasat kabeh pitutur sing
dikandhakne marang aku kuwi ora ana lupute babar pisan.
Gandheng aku weruh yen anakku Rinten banget kayungyun
marang Waraka, mula bocah loro kuwi banjur tak lungguhne bareng ana ngarepku,
tak takoni apa pancen kekarone wis padha manteb saupama dijodhokne lan nggebyur
ing jagade bebrayan?.
“Nyuwun pangapunten Bapa” mangkono wangsulane Waraka
marang aku “mila leres bilih kula kepengin sanget saged gesang sesarengan kalihan
Nimas Rinten, nanging kula ngrumaosi bilih saupami dipun ibarataken timbangan,
antawisipun kula kalih Nimas Rinten menika ketawis menawi njomplang. Liripun,
wiwit alit Nimas Rinten sampun nampi tuntunan saking jengandika Bapa Kebayan
ing babagan cara gesang ingkang sae, lan kula kenging dipun upamekaken nembe
sakedhik nampi piwucal saking Bapa Kebayan. Menapa sakintenipun pantes menawi
kula kumawantun ngadeg dados gurulakinipun Nimas Rinten?”.
“Ora luput sing sira kandhakne kuwi Ngger” wektu iku
aku aweh wangsulan “nanging ora kudu mangkono anggone ngecakne, jalaran sing
jenenge ngelmu kuwi kelakone kanthi laku. Dadi sanadyan sliramu ngrumangsani
yen durung akeh kawruhira ing babagan lakuning urip, nanging yen sliramu klakon
dadi bojone si Rinten tak kira uga ora ana alane, jalaran ya kuwi mau, karo
mlaku keng slira bisa nyampurnakne kawruh sing rumangsanira durung sampurna
kuwi”.
“Ngaturaken genging panuwun Bapa” Waraka wangsulan kanthi
kurmat banget marang aku “mila saestu kula sakalangkung tresna dhateng Nimas
Rinten, menawi Bapa Kebayan sampun marengaken kula anjatukrama Nimas Rinten,
kula naming saged ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan. Namung kemawon………”
“Namung apa maneh Ngger?” aku ora sabar nugel rembuge
Waraka.
“Saderengipun kula nindakaken palakrami kalih Nimas
Rinten ingkang tuhu kula tresnani menika, kaparengna kula nyuwun palilah saha
pangestu dhateng Biyung, awit kula ngrumaosi bilih tanpa palilah saking Biyung
mokal anggen kula mangun bebrayan kalih Nimas Rinten saged manggih kamulyaning
gesang, malah kepara boten mokal badhe ndumugekaken kasangsayanipun gesang kula”
Waraka nyethakne sing dikarepake.
Aku rumangsa luwih marem maneh krungu wangsulane
Waraka sing mangkono kuwi. Awit wangsulane Waraka iku cetha nuduhne yen Waraka
temen-temen bocah lanang sing weruh marang tata krama sarta bekti marang
Biyunge. Mula cekaking crita, Waraka banjur dak kongkon bali dhisik saprelu
njaluk pangestu marang wong tuwane. Dina kuwi uga Waraka banjur budhal bali
menyang omahe wong tuwane, arep nindakne apa sing dikandhakne.
Sorene, Waraka wis bali maneh menyang Bulak Pandhe,
tekane ora ijen, nanging dikancani dening paraga loro lanang wadon sing wis
rada tuwa. Wong loro kuwi kandha yen dikongkon dening Biyunge Waraka saprelu
ngaturake panuwun marang aku dene wis aweh palilah marang Waraka anjatukrama
anakku Rinten. Lan minangka tandha tresna lan bektine marang aku, Biyunge Waraka
masrahake kaya lumrahe srah-srahan sing digawa calon temanten lanang marang
calon mara tuwane.
Sepasar candhake, Rinten klakon tak dhaupne karo
Waraka kanthi climen. Sepasar candhake maneh, Waraka pamit nek arep mboyong
Rinten menyang omahe, ora diboyong menyang omahe wong tuwane nanging diajak
ngenggoni omah anyar sing jarene paweweh saka wong tuwane. Angone pamit Waraka
babar pisan ora ninggal tata krama, dheweke kandha yen bakal kerep mara menyang
Bulak Pandhe saprelu njaluk pituduh samangsa-mangsa sajroning nindakne bebrayan
karo Rinten nemoni prakara sing ora bisa dirampungake, mligine sing gegayutan karo
piwulange Rama Panembahan sing tau tak wulangake marang dheweke. Kanthi
leganing ati, budhale Waraka lan Rinten tak pangestoni, kaya lumrahe wong tuwa
sing dipamiti anak arep medhang lawang dhewe.
Kira-kira sewulan sawuse Rinten lan Waraka omah dhewe,
nalika aku lagi arep budhal nindakne kuwajibanku minangka Kebayan ing Bulak
Pandhe, dumadakan ana wong teka ing omahku. Ngakune duwe jeneng Rikat, saka
Kutha Raja Majapahit, isih tanggane wong tuwane Waraka.
“Matur nuwun Kisanak” wangsulanku nalika wong kuwi nepungne
jeneng lan panggonane “yen ndika ngersakne kepethuk Kebayan Bulak pandhe, ya
aku iki wujude. Mula bener yen aku iki wong tuwane Rinten sing saiki wis dirabi
dening Waraka. Banjur kisanak Rikat ngersakne apa dene kepengin ketemu karo
aku?”.
“Inggih sepisan malih kula nyuwun pangapunten Ki
Kebayan” Rikat wangsulan “boten ateges kula badhe ndherek nrambul ing prakawis
ingkang dede prakawis kula, nanging gandheng lampah gesang kula menika nggilut
kapitayan ingkang memper kalihan kapitayan ingkang dipun agem dening Ki Kebayan,
kula wanton-wantunaken sowan Ki Kebayan lan badhe ngaturaken kabar ingkang
kirang sae tumrap Ki Kebayan lan kulawangsanipun”.
“Coba ndika kandha sing cetha lan ora sah ndadak
nganggo rambatan ukara sing angel digerba, ana kedadean apa sing ndika arani
warta sing ora pati nyenengake kuwi?” aku takon karo suwara sing rada banter,
jalaran bisa uga Rikat iki nggawa crita ngayawara sing tundhone mung arep golek-golek,
supaya aku menehi dhuwit marang dheweke.
“Nyuwun pangapunten Ki Kebayan” Rikat wangsulan tatag “sampun
kula kinten, menawi kula criyosaken menapa ingkang sampun kedadosan ingkang
dipun alami dening putra ndika pun Rinten, ndika kathah boten pitadosipun
kalihan atur kula. Inggih awit saking menika, kula namung badhe matur, mugi Ki
Kebayan nglodhangken wekdal kersaa rawuh dhateng griyanipun putra mantu ndika
pun Waraka, nanging sampun paring cecala langkung rumiyin, ing mriku mangke Ki
Kebayan badhe uninga menapa ingkang sampun kedadosan magepokan kalihan ingkang
dipun lampahi dening Rinten”.
“Karep ndika kuwi kepiye? Ditakoni ora mangsuli karo
wangsulan sing tak butuhne malah crita tekan ngendi-endi?” aku sansaya ora
seneng karo carane Rikat guneman.
“Kula kinten sampun cetha ingkang dados atur kula Ki
Kebayan” Rikat sansaya tatag anggone aweh wangsulan “borong anggen badhe ndika
nanggapi, kersa tindak inggih sokur, dene boten inggih manga, bakenipun
minangka tiyang alit ingkang tuwajuh nggilut piwucalipun Panembahan Kiswara
pepundhenipun tiyang sepuh kula, kula sampun mbudidaya nyaosi pirsa dhumateng
ndika Ki Kebayan. Samangke kaparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul”.
Wangsulane Rika tiki cetha yen dheweke rumangsa
kacuwan ngadhepi sikep sing tak tuduhne marang dheweke. Aku dadi getun dhewe,
ya gene aku isih kasinungan rasa jubriya lan ngingu panyangka ala marang wong
sing durung tau tak tepungi sing teka kanthi becik-becik ing omahku.
“mengko dhisik Kisanak Rikat” wekasane aku
ngrumangsani yen rada keladuk nggonku guneman karo dhayohku iku “aja kesusu
bali dhisik, ya aku nyuwun pangapura yen tangkebku marang ndika ora nuju prana,
coba ndika kandhakne sawutuhe ana kedadeyan apa marang anakku Rinten lan
mantuku Waraka?”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar