Total Tayangan Halaman

Rabu, 13 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (036)

 

36.

Rikat sing wis arep ngadeg dadi murungake karepe, anjur bali lungguh kaya mau. Dheweke nyawang praupanku sajak nyethakne marang karepku sing wis menggak anggone arep bali. Aku tanggap banjur mbaleni anggonku kandha :

 

“Sepisan maneh aku njaluk pangapura kisanak, awit aku durung sumurup jebul ndika kuwi uga nggilut kapitayan sing padha karo kapitayanku sing wis arang gelem migatekake iki. Mula tak jaluk ndika gelema nyritakne ana kedadeyan apa sing disandhang dening anakku Rinten apa dene mantuku si Waraka”.

 

“Inggih saderengipun kula inggih nyuwun pangapunten Ki Kebayan” sawuse mikir sedhela Rikat banjur aweh wangsulan “mila suwaunipun kula boten ngertos menawi Rinten menika putranipun Ki Kebayan lan kula ugi boten mangertos bilih Ki Kebayan sampun kepareng malakramekaken Rinten kalihan Waraka. Kula nembe ngertos inggih nembe kalih dinten menika, nalika kula miring saking Bakul wedang ingkang manggen sacaketing griyanipun Waraka, ingkang ngraosi Waraka kalih semahipun ingkang angka tiga, inggih pun Rinten menika”.

 

“Piye Kisanak? Rinten kuwi bojone  Waraka sing angka telu?” aku kaget krungu kandhane Rikat mangkono mau.

 

“Leres Ki Kebayan” wangsulane Rikat “Waraka menika saderengipun palakrama kalihan Rinten mila sampun lan taksih gadhah semah cacah kalih ingkang dipun damelaken griya ing tengah-tengahing Kitha, lajeng Rinten ingkang jejer minangka semah ingkang kaping tiga, dipun damelaken griya ing pinggiraning kitha. Kajawi gadhah semah cacah tiga, Waraka ugi taksih ngingah wanita simpenan ingkang cacahipun langkung saking gangsal”.

 

“Aku durung pati bisa nampa klawan kabar sing ndika gawa iki Kisanak” Aku nyoba nyelani anggone crita si Rikat “jalaran, watara sewulan kepungkur Waraka lan Rinten sanja mrene lan Rinten uga ora crita apa-apa, mung nembung marang aku supaya nglilani sedulur kembare ya kuwi si Andalu dijak menyang kutha murih ngancani Rinten, jalaran wektu iki Waraka kerep lunga rada adoh nindakne laku dagang. Aku uga wis ngidini”.

 

“Leres Ki Kebayan” Rikat malah mbenerake kandhaku “Waraka menika tuhu tiyang ingkang julig, sanaosa wekasanipun Rinten ugi lajeng ngertos menawi Waraka gadhah semah cacah kalih salintunipun piyambake sarta gadhah selir ingkang kathah, nanging Rinten boten badhe saged menapa-menapa jalaran Waraka sampun ngajrih-ajrihi menawi ngantos Rinten wantun neka-neka badhe dipun lunasi. Kula inggih sampun sumerep sedherek kembaripun Rinten ingkang nami Andalu menika mila sampun manggen kempal kalihan mbakyunipun. Nanging boten kapurih ngancani kemawon, jalaran Andalu ingkang nggadhahi kasagedan ulah beksa menika badhe dipun ginakaken kangge makiyati anggenipun Waraka anggaota ingkang mapan boten tebih saking dalem Katumenggungan reh-rehanipun Gusti Tumenggung Jatikusuma, dados mangke kula suwun Ki Kebayan kersaa nglodhangken wekdal kajawi mertuwi Rinten ing Kitha, ugi kaparenga mirsani wande enggal ingkang ageng ingkang mapan ing caket peken, boten tebih saking dalem Katumenggungan”.

 

Aku mung bisa meneng ora bisa ngucap apa-apa krungu kandhane Rikat sing kaya ngono kuwi. Rikat uga banjur nutugne critane, yen satemene Waraka kuwi nyata wong sing julig, pinter macak dadi wong sing suci ngungkuli brahmana, uga kerep macak dadi wong sing seneng dana driyah marang wong sing mbutuhake pitulungan. Nanging kabeh mau nganggo petung sing bisa dijupuk bebathene. Sawuse rampung crita Rikat banjur pami bali, lan meling supaya aku gelem mbuktekne dhewe bener utawa lupute kabar sing dikandhakne kuwi.

 

Let sedina saka tekane Rikat, aku banjur ninggalkne omah kanthi sesidheman ngulat-ulati kahanan omahe Waraka lan golek kabar mungguh kaya apa panguripane Waraka. Jebul sing dikandhakne Rikat wingi, ora ana sing ora bener. Malah nalika dina candhake aku ngulat-ulati warung anyar sing dikandhakne Rikat wingi, jebul neng dalan prapatan cedhak pasar kuwi Waraka yasa papan panggaotan kajaba warung kanggo dodolan panganan uga nyawisake papan kanggo sukan-sukan, ngombe ciyu lan nenggak arak, mendem-mendeman uga nyawisake papan panglipur gelaran karawitan sing ngiringi para wanita sing pinter ulah beksa lan sing luwih nggilani maneh jebul Waraka uga yasa papan panggaotan wujud cecawis wadon palanyahan kanggo nuruti wong-wong sing dhemen ngumbar hawa nepsune”.

 

“Lha kakang Anggara banjur piye bareng nemoni kanyatan urip sing kaya mangkono kuwi?” dumadakan Rama Tumenggung sing maune mung kendel mirengake critane Ki Anggara banjur mundhut pirsa.

 

“Inggih menika ingkang ndadosaken abdi jengandika sansaya puteg salebeting manah Gusti” Ki Anggara atur wangsulan, saiki nganggo basa sing alus, kaya basane Kebayan sing ngadhep punggawa negara sing pangkate Tumenggung “ndelalah boten dangu saking anggen kula ngulat-ulati pagesanganipun Waraka saha anggenipun nggaota menika, Rinten kalih Waraka dipun tutaken Andalu sanja dhateng Bulak Pandhe. Kados padatan lare tetiga niku babar pisan boten nedahaken sampun nindakaken lampah gesang ingkang cengkah kalih piwulang ingkang kula sukakaken.  Nanging kula sampun ngertos piyambak kawontenan ingkang sanyatanipun. Waraka saha Rinten lajeng kula celuk, kula takeni sarta kula kandhani bilih piyambakipun menika jebul sampun ngawoni mripat kula. Ngapusi dhateng kula, nyepelekaken dhateng sedaya piwucal kula”.

 

“Lha bareng ndika dukani ngono kuwi Waraka banjur kepiye Ki Kebayan?” Rama Tumenggung banjur mundhut pirsa maneh.

 

“Wekdal niku Waraka lajeng ndheprok nangis saha nyuwun pangaksami” Ki Kebayan Bulak Pandhe atur wangsulan “piyambakipun ngaken bilih piyambakipun sampun nglampahi kados ingkang kula dakwakaken sedaya, nanging piyambakipun ugi ngaken menawi anggenipun purun tumindak makaten kala wau awit dipun peksa dening priyagung Nagari Majapahit ingkang cinaket kalihan Gusti Prabu. Priyagung kasebat sanaosa naming pangkat Tumenggung nanging nggadhahi wewenang ngerehaken prajurit ingkang sakalangkung kathah. Saben dinten priyagung kasebat tansah mbudidaya mangun kekiyatan saking kawula alit, kojahipun Waraka kangge nggayuh drajat ingkang langkung inggil malih sarta murih sansaya caket kalih Kanjeng Sinuhun”.

 

“Sapa asmane priyagung kuwi Ki Kebayan?” Rama Tumenggung sajak kasengsem karo kandhane Ki Kebayan sing keri dhewe iki.

 

“Miturut cariyos saking Waraka,priyagung menika ngagem asma Raden Tumenggung Secayuda” Kebayan Bulak Pandhe atur wangsulan.

 

“Raden Secayuda?” Rama Tumengung njengkerutne palarapane.

 

“Leres Gusti” Ki Anggara mbenerake.

 

“Raden Tumenggung Secayuda kuwi ora aran punggawa maneh, nanging panjenengane kuwi isih kalebu sentana dalem, awit isih kaprenah pulunan karo Kanjeng Sinuhun, putra nak sanake Gusti Prabu, dadi ya pancen bener yen panjenengane nyata kecaket karo Gusti Prabu Kanjeng Sinuhun Brawijaya” Rama Tumenggung paring weruh mungguh cethane sapa sing diarani Ki Anggara wis meksa marang Waraka supaya ngapusi dheweke kuwi.

 

“Mila Waraka ugi criyos, sanaosa Tumenggung Secayuda menika sampun cinaket kalihan Sang Prabu nanging taksih rumaos ering kalihan jengandika Gusti Tumenggung Jatikusuma, mila lajeng mbudidaya murih panjenenganipun saged langkung moncer asmanipun ing ngarsanipun Sang Prabu tinimbang asmanipun adhi kula inggih Gusti kula pun Kunthing utawi Gusti Tumenggung Jatikusuma. Anggenipun marentahaken Waraka nindakaken panggaotan ingkang kados kula aturaken ing ngajeng menika, kajawi kangge nglempakaken redana kangge ngragati lan nyengkuyung gegayuhanipun Gusti Secayuda” Ki Anggara nutugne olehe kandha, banjur meneng sedhela ngenteni tumanggape Rama Tumenggung.

 

Nanging rama Tumenggung ora ngendika apa-apa kajaba mung manggut-manggut karo mirsani mangisor.

 

“Salajengipun Waraka sumpah ing ngajeng kula” gandheng Rama Tumenggung ora ngendika apa-apa Ki Anggara banjur nutugne olehe guneman “sanaosa piyambakipun mila sampun manunggal kalih Gusti Tumenggung Secayuda, nanging piyambakipun boten badhe mewahi raos sakitipun anak kula pun Rinten saha badhe anjagi kasucenipun pun Andalu. Waraka sagah badhe merak semah-semahipun sedaya sarta badhe paring kamardikan dhateng sedaya selir-seliripun, piyambakipun nyuwun inah tigang wulan kangge mujudaken ingkang dipun criyosaken ing ngajeng kula kala wau”.

 

“Ana sing banget tak anggep eman Kakang Anggara” Rama Prabu ngendika alon, nanging katon wis gawe kagete Ki Anggara.

 

“Eman kados pundi Gusti?” sajak ora sranta Ki Anggara banjur nyuwun pirsa.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...