37.
Rama Tumenggung ngasta cangkir unjukane banjur
disruput, karo bali nyelehne cangkir menyang klasa, panjenengane tumuli
ngendika :
“Yen ora kleru nggonku nyemak lan ngrungokne kabeh
kang dikandhakne Ki Kebayan ing Bulak Pandhe mau, kedadeyan kuwi wis rada suwe
olehe lumaku. Kamangka kedadeyan lan warta mangkono kuwi cetha yen ana sambung
rapete karo kaslametane Kunthing, lire bisa ndadekne lana lan orane nggonku nampa
kapracayan saka Gusti Prabu kanthi nglungguhi pangkat Tumenggung. Mula nyata
eman, dene sedulurku tuwa sing nyumurupi anane kedadeyan lan warta kang
mangkono iku, teka mung disidhem lan disimpen dhewe, apa sing ngalang-alangi Ki
Kebayan Bulak Pandhe aweh weruh marang aku ing babagan iki?”.
“Lepat nyuwun pangapunten Gusti” Ki Anggara gupuh
mangsuli “anggen kula boten caos uninga dhumateng Gusti Tumenggung menika mila
wonten sababipun, inggih menika kula kinten Gusti Tumenggung ingkang ambawahi
prajurit lan telik sandi, sanadyan boten patos kathah cacahipun, sampun nampi
palaporan bab menika. Kaping kalih, inggih awit saking puteging manah kula
ingkang tansah kapentog nalikanipun kula ngupadi srana murih anak kula Rinten
enggala saged lepas saking mantu kula Waraka, ndadosaken kula boten saged mikir
kanthi sae. Nanging kula panggah ngrumaosi bilih kula mila pantes kawastanan lepat,
awit saking menika kula ugi boten badhe suwala utawi nggrantes menawi ta kedah kapatrapan
pidana saking Gusti kula Tumenggung Jatikusuma”.
“Ha ha ha……” Rama Tumenggung gumujeng nanging ora pati
banter “nDika ora luput Kakang, malah aku sing kena diarani sembrana, nganti
ana lelakon lan kedadeyan kang mangkono iku, aku ora weruh lan ora krungu. Iki
cetha yen aku wis sembrana, malah mbok menawa wae, bocah telik sandi Katumenggungan
kene wis kena pangaribawane wong sing ora seneng karo aku, temah ora aweh palapuran
apa-apa marang aku”.
“Inggih Gusti” Ki Anggara semaur alon “nanging ingkang
magepokan kalihan arum saha kuceming asma jengandika Gusti Tumenggung taksih
wonten malih, ingkang sengaja badhe kula aturaken dinten menika, kados ingkang
sampun kula aturaken wosing sedya kula sowan dalu menika, kala wau ngajeng”.
“Iya, iya Kakang” Rama Tumenggung mesem “nganti lali
yen mau Kakang Kebayan kandha nek ana punggawa Katumenggungan sing teka ing
Bulak pandhe lan nggeret, nyangking utawa malah kekudhung nganggo jenengku lan
jenenge anakku Suwanda. Saiki coba ndika cethakne pisan Kakang, mumpung durung
kebacut kliwatan”.
“Inggih Gusti” Ki Anggara njejegne anggone lungguh
banjur wangsulan “rawuhipun Ki Suwela ing gubug kula, siyang macak serap kala
wau, nyariyosaken bilih piyambakipun ngemban dhawuh saking Angger Raden Bagus
Suwanda, minangka sesulih saking Gusti kula Gusti Tumenggung Jatikusuma”.
Ki Anggara leren sedhela anggone kandha. Nanging
tembung lan ukarane Ki Anggara sing keri dhewe iki wis gawe atiku trataban ora
karuwan. Ana rasa kuwatir kaworan rasa wedi nampa deduka saka Rama Tumenggung. Aku
wis bisa mbadhe apa sing arep diaturne Wa Anggara marang Rama Tumenggung, ya
kuwi bab olehe Ki Suwela sing wis nyaguhi marang aku yen bakal ngaturake Andalu
dadi selirku. Aku dadi ora krasa jenjem nggonku lungguh.
“Suwela ngaku yen dikongkon dening anakku Suwanda apa?”
Rama Tumenggung mundhut pirsa.
“Boten namung awit kadhawuhan dening Raden Bagus
Suwanda kemawon Gusti, nanging Ki Suwela ugi dhawuh menawi Gusti Tumenggung ugi
sampun nyarujuki kersanipun Gus Wanda ingkang dipun dhawuhaken dhateng Ki
Suwela menika” Wa Anggara olehe wangsulansajak ngati-ati banget “nanging salebeting
batos kula mila boten patos pitados, jalaran menawi nitik dhateng kapitayan
saha tindak sugengipun Gusti Tumenggung Jatikusuma, ketingal anggenipun mokal
menawi Gusti Tumenggung Jatikusuma paring pasarujukan dhateng Gus Wanda ingkang
paring parintah dhateng Ki Suwela ingkang cengkah kalih piwucalipun sawargi
Rama Panembahan Kiswara. Langkung-langkung sareng kula miring piyambak saking
Gus Wanda bilih Angger Suwanda menika anggenipun kepanggih kalih anak kula
Andalu nembe kaping sepisan, raosing manah kula wewah anggenipun boten pitados
dhateng Ki Suwela, malah lajeng kula ganthuk-gathukaken kalih lekasipun Waraka
ingkang cetha dados sapukawatipun Gusti Tumenggung Raden Secayuda”.
“Mengko dhisik Kakang” Rama Tumenggung nyelani ature
Wa Anggara “dawa kaya unining layang
kuna sing ndika kandhakne iki mau, nanging aku malah dadi bingung, merga Kakang
Anggara mala hora ngandhakne Suwela kuwi kandha apa marang Ki Kebayan ing Bulak
Pandhe?”.
“Sewu nyuwun gunging pangaksami Gusti” Ki Anggara wangsulan
alon, suwarane panggah keprungu nek ngati-ati “mila atur kula ingkang
ngandhar-andhar angedhukur kala wau, namung murih cethanipun menawi ingkang kula aturaken sampun rampung, inggih
nyuwun pangapunten menawi atur kula malah ndadosaken bingungipun penggalih
jengandika. Cekaipun Ki Suwela criyos bilih ngemban dhawuh saking Raden Bagus
Suwanda kinen mundhut anak kula Andalu saking tangan kula, badhe kakersakaken
minangka seliripun Raden Bagus Suwanda. Ki Suwela ugi paring dhawuh menawi kula
mbetahaken pitukon wujud brana picis sepinten cacahipun ugi badhe dipun cekapi,
nanging menawi kula lila legawa boten nyuwun menapa-menapa, mangke Gusto kula
Raden Bagus Suwanda panggah badhe paring nugraha dhateng kula. Makaten ingkang dados
atur kula ing ngarsa jengandika Gusti Tumenggung, borong anggenipun badhe
amurba”.
Aku sing wis mbadhe apa sing arep diaturne Wa Anggara
wae, bareng krungu atur sing kaya mangkono iku dadi sansaya luwih kaget lan
ndhrodhog ora karuwan, mula ya ora mokal yen Rama Tumenggung luwih kejot maneh
penggalihe. Tak lirik Rama Tumenggung katon mbrabak abang pasuryane, wajane
digegetne cetha yen lagi ngempet duka sing ngobong ing jajane. Nanging duka
marang sapa? Marang aku? Marang Ki Suwela sing ora ana kono? Apa malah duka
marang Wa Anggara sing teka nggawa warta sing neka-neka?.
Aku dhewe sing rasane atiku ora karu-karuwan banjur rumangsa
diadhepake marang dalan loro, sing yen tak liwati bakal nuwuhake kapitunan sing
gedhe. Dalan loro mau yaiku, sing siji yen nitik karo ature Wa Anggara kuwi
mau, gampang wae aku ngucapne tembung selak, matur marang Rama Tumenggung yen
babar pisan ora tau kongkonan utawa rembugan karo Ki Suwela sing magepokan karo
Andalu. Jalaran nalika aku rembugan mau awan karo Ki Suwela perkara anggone Ki
Suwela arep budhal nemoni Andalu, ora ana sing krungu kajaba mung aku karo Ki
Suwela dhewe. Dadi saupama Rama Tumenggung lan Ki Anggara sing kena dijibne
mesthi percayane karo kandhaku, banjur Ki Suwela kandha yen temen-temen wis ana
rembug antarane aku karo dheweke bab anggonku kepencut marang Andalu, bakal ora
ana sing percaya, luwih-luwih apa sing dikandhakne Ki Suwela mengko cetha yen
ora ana seksine. Kanthi mangkono aku bakal bisa nylametake aku saka dukane Rama
Tumenggung sing satemene nyimpen rasa sengit marang wong lanang sing dhemen
nguja hawa nepsu sarana ngopeni wong wadon simpenan utawa selir. Nanging, yen dalan
iki sing tak pilih, aku rumangsa ora bisa nyelaki batinku dhewe, mligine batin
sing saben wektu tansah njerit awit ketaman panahing Sang Hyang Asmara, temah
kayungyun lan ora bisa nglalekne wewayangane Andalu. Sing kapindho, bisa uga
aku ngadeg kadi dene satriya, matur ing ngarsane Rama Tumenggung yen pancen aku
wis kongkonan Ki Suwela mbudidaya murih aku bisa nuruti panjeriting atiku sing nandhang
gandrung kapirangu marang Andalu. Yen dalan iki sing tak pilih, mangka aku ora
bisa nggambarake kaya apa dukane Rama Tumenggung marang aku sarta ora bisa
ngira-ira pidana apa sing bakal tak tampani jalaran wis ngremehake pitutur
luhur sing kerep tak tampa saka Rama Tumenggung magepokan karo wajibing wong
lanang yen lagi kesandhung rasa tresna marang wanita. Ora mokal menawa merga
aku wis kebukten duwe karep ngopeni selir, banjur dening Rama Tumenggung
dilorot kalungguhanku malah bisa uga banjur anggone ngrengkuh aku dadi putra pupone
banjur diwurungake lan aku dibalekne menyang desa maneh. Sansaya suwe tak
gagas, sirahku sansaya krasa mumete……..
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar