38.
Lagi mumet-mumete sirahku mikir kudu piye sing arep
tak enggo wangsulan magepokan karo sing lagi wae dicritakne Wa Anggara,
dumadakan Rama Tumenggung genti noleh marang prenahku lungguh karo ngendika :
“Mangkono kuwi ngger mungguh gegedhohane Suwela lan
anake sing jeneng Makara sing saiki katon raket nggone srawung karo sliramu. Gandheng kabar sing digawa Wakmu iki mau
nyandhak jenengmu, mula murih adile sira prasajaa kepiye kanyatane apa bener sira
wis kongkonan Suwela supaya Wakmu Anggara masrahake anake wedok murih dadi
selirmu?”.
Pambadheku yen arep didangu bab iki dening Rama
Tumenggung wekasane kelakon tenan. Mesthi wae aku dadi rada blangkemen anggonmu
arepa tur wangsulan, bareng tak timbang-timbang tuna lan bathine, wekasan aku
netepne yen kudu kandha apa anane wae.
“Piye Ngger?” bareng rada sauntara aku ora enggal
wangsulan Rama Tumenggung mbaleni pamundhut pirsane.
“Nyuwun pangapunteh saderengipun Rama” wekasan kanthi
ngati-ati akua tur wangsulan “ugi dhateng Wa Anggara kula nyuwun pangapunten,
murih langkung cetha badhe kula aturaken wiwit kawitan dumugi pungkasan”.
“Iya gage critaa kepiye kang satemene!” Rama Tumenggung
dhawuh maneh, sauntara tak lirik Ki Anggara uga lagi ngingeti papanku lungguh
karo praupan nuduhne tandha pitakon lan kepengin ngertine.
“Mila kados kula aturaken ing ngajeng, bilih kula
kepanggih kalihan Andalu menika nembe kaping sapisan” aku miwiti guneman “inggih
menika nalika kula ndugeni adicara tengeran tigang wulan anggenipun nggarbini
Nyi Waraka, inggih pun Rinten. Nalika samanten dumugi dinten niki wau, kula saestu
boten sumerep manawi Rinten lan Andalu menika jebul putranipun Wa Anggara. Salajengipun,
kula akeni bilih nadyan nembe sepisan kepanggih, nanging pranyata kula sampun
kapencut dhateng kasulistyanipun Andalu, inggih wiwit nalika piyambakipun lados
pasugatan dhateng kula ngantos ngladosi ulah beksa. Lan anggen kula sampun
kelajeng kepencut saha kasengsem dhateng Andalu menika boten saged kula
singidaken, temah ketingal saking patrap kula ingkang sarwa kidhung nalika
ceaketan kalih piyambakipun, inggih kabekta saking raosing jantung ingkang
tansah trataban boten cetha. Ingkang makaten kala wau lajeng dipun sumerepi
dening Ki Suwela menapa dene Kakang Makara.
Ngantos wangsul lan dumugi griya kula tansah kemutan
dhateng Andalu, wewayanganipun saestu boten saged kula kipataken saking
angen-angen kula. mBok bilih inggih makaten menika ingkang winastan sakit
gandrung, kula saestu nandhang gandrung kapirangu dhateng Andalu. Ingkang
sumerep menawi kula nembe nandhang wuyung dhateng Andalu menika namung Kakang
Makara tuwin Ki Suwela piyambak. Nalika kekalihipun kula ajak tetimbangan menawi
kula kepengin sanget mengku Andalu dados sisihan kula, Ki Suwela nyukani penget
bilih gandheng kula menika sanadyan namung putra angkat, nanging inggih putranipun
Rama Tumenggung Jatikusuma, menawi katandhing kalih Andalu ingkang namung
putranipun Kebayan Bulak Pandhe, nyata kasawang saking bibit, bebed lan
bobodipun saestu boten timbang. Menawi kula nekad kepengin ngrabi Andalu dados
sisihan kula sami kemawon kula badhe ngucemaken asmanipun Rama Tumenggung
Jatikusuma, awit sampun kula papanaken jajar kalih Ki Kebayan Bulak Pandhe.
Mireng pamrayogi saking Ki Suwela kados makaten menika
kala wau, ndadosaken manah kula sakalangkung nelangsa, dene kapisan kula
ngraosaken kepengin pala krama kemawon kedah wurung inggih jalaran kaadhang
dening tatacara ingkang kados makaten. Langkung-langkung, nalika Ki Suwela ugi
nyukani penget menawi kula ngantos nekad, wantun matur dhateng Rama Tumenggung bab
anggen kula kepengin mengku Andalu minagka sisihan kula, criyosipun Ki Suwela
boten mokal menawi Rama Tumenggung badhe duka lan boten badhe nyarujuki
pepenginan kula menika. Kula ugi kemutan, Kanjeng Ibu ugi Nyi Menggung ingkang
sampun wongsal-wangsul paring dhawuh dhateng kula murih enggal purun emah-emah,
ugi nate paring dhawuh bilih saderngipun kula emah-emah, kula kedah purun
nglimbang lan nimbang menggah bibid, bebed lan bobodipun calon semah kula. Mila
angkah lan lekas anggen kula badhe matur ing ngarsanipun Rama Tumenggung bab
anggen kula kepengin mengku Andalu menika lajeng kula wurungaken.
Nanging, inggih awit manah kula ingkang kelajeng
gandrung lan boten saged nyupekaken
dhateng Andalu menika, lajeng ndadosaken kula kados tiyang ingkang ling-lung.
Temah kula boten saged mikir kanthi wening, asring anggen kula nindakaken
jejibahan sarwa klentu. Menawi nuju jejagongan kalih tiyang sanes asring boten saged
sambung. Nyumerepi ewahing solah bawa kula kados makaten menika, Ki Suwela
lajeng manggihi kula, piyambakipun nyukani cara murih kula saged gesang
sesarengan kalihan Andalu nanging boten badhe ndadosaken dukanipun Rama
Tumenggung awit boten badhe ngucemaken asmanipun Rama Tumenggung. Ki Suwela
nedahaken dhateng kula, bilih para punggawaning nagari Majapahit menika, wiwit ingkang
pangkatipun inggil ngantos ingkang pangkatipun cendhek piyambak, meh sedaya garwanipun
langkung saking setunggal, wonten ingkang sekawan utawi gangsal sok langkung,
kajawi menika radin-radin ugi taksih nyingidaken wanita simpenan kinarya
klangenan utawi selir . Inggih awit saking menika, Ki Suwela mrayogekaken
dhateng kula murih mundhut Andalu dados garwa selir kula. Nalika kula
nguwatosaken dukanipun Rama Tumenggung menawi kula ngantos kadenangan gadhah
selir, Ki Suwela sagah nyingidaken Andalu ing satunggaling panggenan ingkang
boten badhe kadenangan para punggawa dalem Katumenggungan mriki, satemah boten
badhe wonten kabar bilih kula sampun ngingah selir. Kula lajeng nyuwun pirsa
malih, menapa Andalu purun menawi kula dadosaken selir lan menapa tiyang
sepuhipun ngeparengaken?.
“Sampun kuwatos Anakmas” makaten Ki Suwela wicanten
dhateng kula “Andalu mesthi purunipun, awit ingatase namung anak kebayan saged kapundhut
dados seliripun Anakmas Suwanda ingkang lenggah minangka sesulihipun Gusti
Tumenggung Jatikusuma, mokal menawi Andalu nampik. Dene tiyang sepuhipun, kula
pitados ugi remen menawi yoganipun estri jengandika kersakaken dados selir,
langkung-langkung menawi wonten keparengipun Anakmas paring ganjaran brana
picis dhumateng piyambakipun. Namung kemawon bab brana picis menika, Anakmas
Suwanda sampun ngantos ngedalaken piyambak, kula ingkang sagah badhe madosaken,
jalaran tuhu kathah para kawula ingkang sugih gesangipun ing laladan mriki
ingkang tansah ngantu-antu sageda atur pisungsung dhateng Anakmas, sesulihipun
Gusti Tumenggung ingkang tansah mbudisaya murih sansaya tambah raharjaning
kawula menika”.
Makaten menika cariyos ingkang saged kula aturaken
Rama, lan kula ngrumaosi bilih kula saestu sampun nandhang dosa dhateng Rama
Tumenggung tuwin Wa Anggara, inggih kabekta saking raos kayungyuning manah kula
dhateng Andalu. Lan awit saking menika, kula sampun nglenggana kaparingan
pidana ingkang kados menapa kemawon wujudipun, kula badhe legawa lan boten
badhe nggrantes salebeting manah, jer nyatanipun kula mila sampun nandhang dosa
lan lepat ingkang saestu” aku mungkasi critaku marang Rama Tumenggung, aku
banjur ndhingkluk ngenteni dhawuh saka Rama Tumenggung, pidana apa sing bakal
ditibakne marang aku.
Rama Tumenggung bolaq-bali unjal ambegan landhung, lan
nalika aku nyoba nglirik marang Ki Amggara, Kebayan Bulak Pandhe kuwi ora obah
babar pisan, lungguh ndhingkluk amarikelu, embuh apa unining gagasane.
“Suwanda Ngger, anakku” wasana rama Tumenggung
ngendika “nek diarani luput, pancen sliramu wis luput. Sepisan nalika sliramu
kapencut marang Andalu ya gene sliramu ora matur marang aku, sing dadi wong
tuwamu? Malah sliramu nggugu kojahe Suwela sing mung dhedhasar kira-kira, awit
sing dikarepake bibid, bebed lan bobod dening Ibumu nalika weh pitutur marang
sliramu kae, dudu kaya sing dikarepake Suwela ngono kuwi, ora wujud pangkat,
darajat semat lan sapiturute kaya sing wis mbok aturne mau, jalaran pangkat lan
drajat kuwi mung sampiran, sawayahwayah bisa dientas dening sing nyampirake,
bandha lan kasugihan kuwi mung saderma titipan, yen dening sing nitipake
dijupuk bali sing dititipi iya ora bisa nggondheli. Kaping pindho sira malah
nedya nuruti pangrigen saka Suwela, arep ngingu simpenan lan nyingidake selir,
kuwi padha wae sira ngremehake Maha Wianing Hyang Suksma, mbok menawa wae, aku,
ibumu lan wongwong Katumenggungan ora ana sing weruh yen kowe wis ngingu
senengan, nanging Gusti Kang Maha Agung tuhu Maha Wikan, lan kuwi arep mbok wutakake. Nanging, sanadyan kaya
sing mbok akoni sliramu wis tumindak luput, nanging sliramu luwih cepet eling
sadurunge kebacut, kuwi ndadekne bisa nyuda pidana marang sing bakal mbok tampa”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar