Total Tayangan Halaman

Jumat, 15 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (039)


 

39.

Aku mung meneng ora bisa semaur, aku ngerti Rama Tumenggung Jatikusuma duka marang aku. Nanging Rana Tumenggung ora kelangan rasa tresnane. Muruh jejeging adil pancen aku kudu nampa pidana saka Panjenengane, sanadyan saupama aku gelem ngeyel bisa wae aku selak ngemohi tumibane pidana jalaran ora angger-anggering negara sing tak terjang, nanging aku panggah ngrumangsani yen kaluputanku iki ora marang negara, nanging marang wong tuwaku angkat ya Rama Tumenggung, dadi arepa kaya apa aku panggah luput lan saupama aku ngeyel, bisa-bisa Rama Tumenggung banjur ilang rasa tresnane marang aku temah aku ora dipidana nanging banjur dibalekne marang wong tuwaku sing ana desa lan jejer kalungguhanku minangka putrane Rama Tumenggung disuwak, aku bakal ora ana sing ngajeni maneh. Mula aku ya banjur pasrah kanthi meneng. Mau Rama Tumenggung wis ngendikakne yen aku wis gelem ngakoni luput lan kaluputan sing tak tindakne nyatane durung kebacut, dadi aku bakal nampa pangentheng-entheng sajroning nampa pidana iki.

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangaksami Gusti Tumenggung” dumadakan bareng wis sauntara kahanan tintrim Wa Anggara munjuk atur marang Rama Tumenggung.

 

“Ki Kebayan, wektu iki Tumenggung Jatikusuma lagi ruwet penggalihe” Rama Tumenggung paring wangsulan sadurunge Wa Anggara gubeman luwih akeh “dadi Tumenggung Jatikusuma ora bisa diajak guneman dening Kebayan utawa liyane, nanging Kunthing sing uga lagi buneg nalare mbutuhake kanca omong, mula nek Kakang Anggara arep ngajak rembugan karo Kunthing, manga tak aturi nbacutne gunem sing arep dikandhakne”.

 

“Iya Dhi, iya” Ki Anggara wangsulan karo mesem “minangka sedulur temu tuwa, aku mung bisa kandha marang siadhi supaya nggedhekne rasa sabar lan nggedhekne rasa panarima marang Hyang Maha Agung, jalaran apa kang dumadi sajroning uripe titah ora bakal kedadean kajaba awit wis oleh palilah saka pangwasane Gusti, lan satemene Gusti ora bakal kagungan kersa gawe sengsarane kawulaNe sing ora njarag ngliwati dedalan sing anjog marang kasangsarane dhewe”.

 

“Iya Kakang, aku mung bisa masrahake kabeh apa kang bakal dumadi ing tembene, marang Hyang Maha Agung dene anggonku mbudidaya iki mung jalaran aku nindakne dhawuhE, ya iku wajibing titah sing gelem pasrah, kudu gelem obah nindakne apa sing jumbuh karo kekuwatan sing digadhuhne, dene kasil lan orane pabudidayaning titah kuwi kabeh gumantung saka KawicaksanaNe” Rama Tumenggung genti wangsulan.

 

“Bener kuwi Dhi” Ki Anggara manggut-manggut sajak nyarujuki sing dadi wangsulane Rama Tumenggung “sabanjure, ya aku nyuwun pangapurane si Adhi luwih dhisik sadurunge tak tutugne nggonku arep ngandhakne apa sing dumadakan tuwuh ana sajroning atiku, magepokan karo kang lagi wae dikandhakne dening Angger Suwanda iki mau”.

 

“Iya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan karo nyawang praupane Ki Anggara “tak suwun kakang aja ndadak nganggo ewuh pakewuh marang adhimu sing mung siji iki, tak jaluk Kakang Anggara tumulia paring dhawuh apa sing jare ndika dumadakan tuwuh ing angen-angen lagi wae iki mau”.

 

“Ngene ya Dhi” alon-alon Ki Anggara ngandhakne apa sing dikarepne “bares wae, bareng aku krungu yen putramu Angger Suwanda kepengin mengku anakku wadon si Andalu, minangka wong tuwa aku rumangsa seneng jer nyatane sadurunge nampa kojah saka Ki Suwela, Angger Suwanda luwih dhisik kepengin ngepek Andalu dadi sisihane. Mula yen si Adhi arep ngandhakne nek aku wis ngunggah-unggahi ya mangga, aku ora arep cuwa, akua rep takon marang si Adhi, apa sakirane Adhi Kunthing ora kabotan upama duwe besan kakangmu sing mung pangkat Kebayan manggone neng ndesa pisan iki?”.

 

Aku njomblak krungu tembunge Wa Anggara sing ngajak besanan Rama Tumenggung, jalaran mau aku wis mupus sanajan kanthi ati sing mbok menawa bakal tatu rojah-rajeh. Mupus mokal bisa nampani katresnane Andalu, jalaran aku bakal nampa pidana saka Rama Tumenggung, kanthi mangkono ora bakal ana sing ngluputake yen Wa Anggara bakal tuwuh rasa sengit marang aku, luwih-luwih Wa Angara ya wis pirsa nek aku wis nyarujuki rerigen saka Ki Suwela supaya aku luwih becik ngepek Andalu dadi selirku tinimbang dadi sisihanku. Nanging rasa kaget sing kaworan seneng iki babar pisan ora tak tuduhne, aku isih ngenteni dhawuh saka Rama Tumenggung sing mau durung rampung. Pidana rupa apa sing kudu tak lakoni sawuse nampa pangentheng-entheng awit anggonku wis bares gelem crita apa anane lan ngakoni kabeh kaluputan sing wis tak tindakne.

 

“Aku uga seneng Kakang” bareng wis sauntara kendel, Rama Tumenggung tumuli mangsuli panembunge Wa Anggara “malah kepara seneng banget yen Kakang Anggara kersa ngepek mantu anakku sing nyatane wis tumindak luput kaya sing dikandhakne dhewe mau. Nanging sadurunge aku aweh wangsulan marang Kakang Anggara, tak suwun Kakang Anggara nakoni anakku wadon si Andalu luwih dhisik, gelem utawa orane saupama diolehne karo Suwanda,  nek putramu si Suwanda cetha nek wis gelem malah kena diarani yen ditakoni gelem apa ora dijodhokne karo Andalu, mesthi rindhik asu digitik olehe mangsuli iyane”.

 

Aku ora bisa ngampet esemku nalika krungu wangsulane Rama Tumenggung sing mangkono kuwi. Kanthi wangsulan iki cetha lamun Rama Tumenggung wis nyarujuki saupama aku nglakoni urip bebarengan karo Andalu. Nanging, banjur kepiye karo pidana sing durung cetha sing bakal ditibakne marang aku iki mengko?.

 

“Satemene sanadyan durung tau tak takoni, aku wis ngerti wangsulan apa sing bakal tak tampa saka putra ndika si Andalu kuwi Dhi” Wa Anggara guneman karo praupan sing nuduhake senenging atine “jalaran, nalika ngepasi Andalu sing saiki kerep ngancani mbakyune, tilik menyang omah, aku krungu olhe rasan-rasan Andalu karo biyunge, yen Andalu uga wis kayungyun marang Priya sing lagi sepisan kepethuk, mung kuciwane Andalu uga ngrumangsani yen mung saanak Kebayan, kamangka sing wis ngrebut atine Andalu kuwi, priyagung sing uga putrane Gusti Tumenggung. Nalika kuwi, aku krungu Biyunge Andalu aweh pitutur, murih Andalu ngakeh-akehne nggone nyedhak marang Gusti, mbok menawa kanthi mangkono Gusti ora bakal kangelan ngowahi barang sing mokal dadi barang sing kudu dumadi. Lan aku kapeksa durung mblakakne marang sisihanku yen tekane Ki Suwela awan ngarepakae surup mau duwe karep ndadekne Andalu dadi selire Angger Suwanda, kira-kira upama wis tak blakakne banjur sisihanku crita marang anake wedok, Si Andalu bakal nekad gelem kanthi senenging ati didadekne selire Angger Suwanda, jalaran aku ngerti yen Andalu temen-temen wis kayungyun marang Angger Suwanda”.

 

Ana rasa mongkog sajroning atiku, jebul ngibarat suwara kendhang, munine ora mung dikeplak tangan sesisih, nanging muni sing bisa nuwuhake irama endah merga dikeplak dening tangan kiwa lan tengen. Tresnaku marang Andalu bakal bisa dadi katresnan sing tundhone bakal nguwohake kamulyaning urip, jalaran Andalu uga tresna marang aku.

 

“Ngene ya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan karo mesem “yen mangkono wis ora ana maneh sing dadi pepalang anggone awake dhewe bebesanan, kajaba mung siji”.

 

“Apa kuwi Dhi?” Wa Anggara takon karo suwara rada njengek.

 

“Suwanda kudu nglakoni pidana luwih dhisik” Rama Tumenggung paring dhawuh karo suwara sing babar pisan tanpa rangu.

 

Wa Anggara katon suntrut polatane, nanging durung guneman apa-apa. Nganti Rama Tumenggung nutugne olehe ngendika :

“Kanggo jejeging adil, putramu Suwanda kudu nglakoni paukumane, nanging tak suwun kakang Anggara aja kesusu cuwa gedhene dadi gela marang aku, jalaran paukuman sing kudu dilakoni anakku Suwanda iki mengko, ngiras pantes anggone Suwanda bisa antuk sangu sing bisa kanggo ngayomi sisihane ya iku Andalu”.

 

“Nyuwun pangapunten Rama” aku ketrucut atur “menapa kula kaparengaken ngertos pidana menapa ingkang kedah kula lampahi?”.

 

“Sliramu bakal tak sebratake sauntara saka dalem Katumenggungan kene Ngger”  Rama Tumenggung paring wangsulan “nanging ora suwe, mung telu kaping patang puluh dina wae. Sajroning wektu satus rong puluh dina kuwi, sliramu tak dhawuhi puruita marang Eyangmu Resi Doradruwasa sing mangasrama ing bumi Kedhuwang, ya iku ing pereng kulon saka Gunung Mahendra, utawa Gunung Lawu”.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...