40.
Aku durung kepengin atur wangsulan marang dhawuh
pangandikane Rama Tumenggung kang wis nibakne putusan, pidana sing kudu tak lakoni.
Jalaran aku isih ngenteni dhawuh candhake sarta pituduh liyane magepokan karo wujuding
pidana sing kudu tak lakoni, kaya upamane wiwit kapan pidana kuwi lumakune. Sauntara kuwi, Wa Anggara uga meneng durung kumecap,
mung panyawange wae manther marang Rama Tumenggung sajak arep ana sing
disuwunake weruh.
“Kakang Anggara mesthine isih kemutan ta yen setahun
sadurunge Rama Panembahan Kiswara kundru ing kasidan jati biyen nate paring
dhawuh yen isih kagungan sedulur kapernah tuwa sing manggone neng Bumi Keduwang?”
pirsa yen Ki Anggara nyunarake panyawang sing ngemu tandha pitakon, Rama
Tumenggung banjur paring dhawuh, ngelingake ceita jaman sing wis adoh kawuri.
“Kuwi bener Dhi, malah yen ora kleru Rama Panembahan
uga paring dhawuh yen Wa Panembahan Doradruwasa kuwi kasinungan nugraha dening
Hyang Agung yuswa sing dawa” Ki Anggara nyauti dhawuh pangandikane Rama
Tumenggung “mung emane nganti Rama Panembahan Kiswara kundru narang jaman
kelanggengan, aku durung tau kepethuk karo Wa Resi Doradruwasa kuwi, dadi
saupama saiki kepethuk, ya padha karo Angger Suwanda ketemu akum au, Angger Suwanda
wis tau krungu sing sinebut Kebayan Bulan pandhe nanging durung pirsa
menungsane. Apa si Adhi wis tau pirsa
wujude Wa Panembahan Doradruwasa sing mangasrama ing perenging Gunung Lawu
sisih lor kulon kuwi?”.
“Yen Kakang Anggara wae durung tau kepethuk karo Wa
Panembahan Doradruwasa, apa maneh aku?” Rama Tumenggung mbalekne pitakone Wa
Anggara karo mesem “nanging aku percaya yen Wa Panembahan Doradruwasa kuwi isih
sugeng, merga miturut dhawuh pangandikane Rama Panembahan biyen, sedane Wa Resi
Doradruwasa kuwi mbesuk yen wis ana lelakon sing sinamarake nganggo pocapan
Sirna Ilang Kertaning Bumi, lan nganti dina iki pocapan kuwi durung tau ana kedadeyane”.
“Iya Dhi, aku tau krungu weca kuwi lan tak eling-eling
unen-unen Sirna Ilang Kertaning Bumi sing ngendikane Rama Panembahan yen wis
titi wancine bakal kondhang dadi pocapan ing ngendi-endi, nanging nyatane
nganti teka saiki pocapan kuwi durung tau tak rungu, dadi cetha yen Wa Resi wektu
iki isih sugeng. Banjur si Adhi paring dhawuh marang Angger Anggara supaya
sajroning wektu satus rong puluh dina kudu puruita marang Wa Resi, apa si Adhi
isih rumangsa kurang anggone meleg Angger Suwanda marang ngelmu agal lan alus
sing digadhuh Adhi Kunthing sala Rama Penembahan biyen ?” Wa Anggara ngaturne
pitakonan nanging semune kaya melehake marang Rama Tumenggung yen mung kudu
ngangsu kawruh agal lan alus wae, tenane ora kudu adoh-adoh tekan perenging Gunung
Lawu sisih lor kulon, merga Ngelmu sing
digadhuh dening Rama Tumenggung ya ngelmu agal ya ngelmu alus wis kena diarani
turah saka tembung pepak.
“Ora mengkono Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan
“nanging ing ngarep wus tak aturake, yen putra ndika iki kudu nglakoni
paukuman, nanging paukuman sing ditampa Suwanda iki mengko bakal nguwohake kawruh
sing bisa nuntun marang kamulyaning urip langgeng iya ing jagad sing kasat mata
iki uga ing jagad mbesuk yen wis tekan delahan. Jalaran, nek mung lupute
Suwanda kaya sing wis diaturake mau, satemene luwih gampang nggone ndandani.
Nanging kaluputan sing keri sing lagi mandheg ana angen-angene Suwanda, kuwi
sing luwih mbebayani, mbebayani ora marang sapa-sapa nanging marang dhiri
pribadine Suwanda dhewe”.
“Dadi kajaba nandhang luput kaya sing wis dikandhakne
mau Si Adhi isih pirsa maneh kalupiutan sing mapan ana Angger Suwanda? Kaluputan
apa maneh kuwi Dhi?” Wa Anggara nyuwun pirsa nanging suwarane ketara yen ora
pati bisa nampa karo sing didhawuhne Rama Tumenggung. Aku dhewe dadi uga banjur
krasa dheg-dhegan, mau katone Rama Tumenggung wis ora duka maneh karo aku,
nanging iki lagi wae paring dhawuh yen aku isih duwe luput sing durung tak
critakne, kamangka saweruhku kabeh kedadeyan ya sing wis klakon lan ya sing
isih mandheg tekan angen-angen wis tak aturne ing ngarsane Rama Tumenggung,
nanging iki Rama Tumenggung malah ngendika utawa kena diarani paring pandakwa
yen aku isih nyingidne kaluputanku. Apa kuwi?.
Rama Tumenggung gumujeng alon, banjur ngendika :
“Mosok Kakang Anggara ora pirsa? Kaluputan sing ana
sajroning batine putramu Suwanda?”
“Ya sing gedhe pangapura ndika wae Adhi” Wa Anggara
semaur alon “awit saka cubluking nalarku, panggraitane si Adhi adoh ninggalake
panggaritaku sing isih mapan ing papan ngisor iki”.
“Mau Kakang Anggara rak ya miring dhewe ta?” Rama
Tumenggung paring dhawuh maneh “yen putra ndika si Suwanda kuwi mula pancen
kepencut marang Andalu, lan aku ngerti yen kuwi kawiwitan saka Suwanda weruh
tata gelare Andalu sing alus manis nengsemake, temah wis ana rasa jroning atine
Suwanda yen arep nempuh apa wae supaya bisa mengku ragane Andalu, malah nek
prelu arep wani nerjang apa sing dadi sirikanku. Dadi aku duwe dudutan yen
anggone Anak ndika Suwanda kepengin omah-omah karo Andalu kuwi jalaran Suwanda
kepencut ayune Andalu, kuwi sing taka rani luput sing ora disumurupi dening
Suwanda apa dene Kakang Anggara”.
“Mengko dhisik Dhi” Wa Anggara nyaru wuwus nugel
pangandikane Rama Tumenggung “tak kira aran lumrah yen ana pria kasengsem
marang rupa ayu lan wanita kayungyun marang pria jalaran ndulu rupa sing bagus,
jer kuwi wis dadi sipat sing katut lahir bareng tumemplek ing ati lan rasane
saben wong. Banjur lupute Angger Suwanda ana ngendi Dhi?”.
Jroning batin aku mbenerake apa sing dadi panemune Wa
Anggara, yen anggonku kasengsem marang Andalu iki dening Rama Tumenggung
dianggep luput, mangka aku bakal weruh yen jagad iki kebak dening wong kleru. Jalaran
mung pria sing ora duwe pangrasa lamun ora kepencut rupa sing ayu lan tuhu wong
bodho sing ora duwe nalar yen ana pilihan loro ayu karo ala banjur milih rupa
sing ala. Nanging apa Rama Tumenggung bodho?.
“Ngene ya Kakang, perkara wong kepencut marang rerupan
sing nengsemake atine kuwi pancen lumrah, nanging dadi ora becik yen anggone
omah-omah wong kuwi miung jalaran saka kayungyun endahing rupa. Jalaran bisa
uga satemene Suwanda kuwi ora tresna marang Andalu, nanging Suwanda dhemen
marang rupane Andalu sing saiki isih ayu, kang mangkono kuwi tuhu mbebayani
tumrap Suwanda dhewe, jalaran jagad wis weruh yen ayuning rupa kuwi sipate mung
sauntara yen wis kepangan dening lakuning wektu rupa bakal sirna ganti salin
warna. Lan rupa kuwi sawanci-wanci bakal bisa owah merga kahanan sing ora
langgeng iki, yen ayune wis entek rasa kayungyun bakal melu entek. Kajaba saka
iku, akeh wong sing anggone padha omah-omah sing maune jare arep mujudne
kulawarga sing bagya mulya, ning nyatane ora sethithik sawuse padha omah-omah
banjur malah nandhang papa lan cntraka. Kang manhkono kuwi merga anggone padha
miwiti omah-omah among linandhesan saka ubaling hawa napsu, ya napsu sing pinoles
dening tembung tresna”.
“Iya Dhi, iya” Wa Anggara nglenggana lan wiwit bisa
nampa apa sing didhawuhne dening Rama Tumenggung. Lan aku uga wiwit sethithik
ngerti yen sing dikersakne Rama Tumenggung kuwi kasangsayan lan kacintrakan
sing kerep diprangguli dening wong omah-omah kuwi adhakan mung jalaran nuruti
hardhaning hawa. Lan aku uga wiwit bisa nyandhak yen satemene antarane katresnan
kang satuhu kuwi beda karo uruping genining napsu birahi.
“Mulane sadurunge nindakne palakrama Suwanda tak prentah
supaya gelem puruita marang Wa Resi Doradruwasa iki, aku duwe purih dimen
Suwanda bisa antuk ngelmu sejatining tresna lan bisa ngecakne sing diarani
katresnan jati. Jatining katresnan kuwi duwe sipat mardika lan kudu bisa
disandhang dening saben titah sing kepengin nggayuh kamulyan. Tuwuhing rasa tresna
kuwibisa karana sabab, nanging sing kecondhokan rasa tresna kudu bisa ndadekne
mardikane katresnan, ya iku nulad sipat Maha Asihing Gusti, kang tresna marang
titah ora karana apa-apa”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar