41.
Rama Tumenggung banjur dhawuh luwih akeh maneh sing
bakune aweh wewarah marang aku supaya bisa mbedakne dununge tresna sing suci
sarta dununge tresna sing mung wujud paesan, lire njabane tresna jebul jerohane
isi nafsu pribadi. Wa Anggara sing diajak rembugan dening Rama Tumenggung,
wekasane njurung apa sing dadi dhawuhe Rama Tumenggung kuwi, malah kepara rada
nyengkakake supaya aku enggal-enggal kadhawuhan pangkat menyang Bumi Kedhuwang,
puruita marang Eyang Resi Doradruwasa sing durung tau tak tepungi lan durung
tau tak weruhi mungguh sing dadi papane.
“Iya Kakang” Rama Tumenggung nyaguhi apa sing dadi
panyuwune ki Kebayan ing Bulak Pandhe kuwi “sesuk esuk sadurunge pletheking
surya, Suwanda bakal tak dhawuhi budhal ngupadi papane Wa Panembahan
Doradruwasa ing Bumi Kedhuwang lan nyuwun supaya katampa aggone arep puruita. Ing
tembe sawuse satus rong puluh dina Suwanda puruita ing Kedhuwang lan wis bali ing
Majapahit maneh, mangka prayoga enggal didhaupne karo putraku si Andalu.
Sajroning wektu telung sasi luwih sethithik iki, Kakang Anggara bisa tata-tata
nyepak-nyepakne apa sing dibutuhake anggone arep duwe gawe mantu”.
“Ngaturaken gunging panuwun Gusti Tumenggung” Wa
Anggara atur wangsulan “nanging apa piranti kanggo Anakku Suwanda murih bisa
katemu lan katampa dening Wa panembahan ing Kedhuwang wis dicawisake?”.
“Keris Kyai Bancik peparinge Rama Panembahan marang
aku biyen bakal tak ampilake marang Suwanda supaya didadekne bukti menawa
Suwanda kuwi isih sambung rapete karo Rama Panembahan Kiswara lan kanthi
mangkono ateges uga ana sambunge karo Wa Resi Doradruwasa, dene minangka lakune
mbuh bakal ditempuh pirang dina aku ora ngerti, mengko sadurunge budhal kareben
Nyi Menggung sing nyawisake sangu kanggo wragad lakune anake iki” Rama
Tumenggung paring wangsulan marang Wa Anggara. Banjur ditutugne paring dhawuh
marang aku :
“Ngger Suwanda, kaya sing wis sira rungokne apa sing
dadi rembugku karo Wakmu mau, sesuk sadurunge pletheking surya sira kudu wis
ninggalake Dalem Katumenggungan iki kanggo nglakoni paukumanmu sarta kanggo
ngupadi sangu anggonmu arep urip bebrayan karo Andalu”.
“Inggih Rama boten langkung ngestokaken dhawuh saha
nyuwun tambahing pangestu mugi kula saged lebda ing karya” wangsulanku karo kurmat
nyembah.
“Rama mung bisa nuduhake ancer-ancer wae dununge Bumi
Kedhuwang, golekana dhewe papan sing sabenere lan pusaka Kyai Bancik iki
tampanana tuduhna marang Eyangmu Resi Doiradruwasa sawayahwayah sira wis kepethuk
panjenengane, kandhakna yen sira iku putraku pulunane Siwakmu Anggara sing isih
siswane Eyangmu Panembahan Kiswara saka Gunung Argapura” Rama Tumenggung
maringake Keris Kyai Bancik marang aku “sabanjure, yen sliramu wis njangkahne
sikil metu saka Dalem katumenggungan kene, ora pisan-pisan sira dikeparengake
noleh memburi, lire mbalik lakumu kanggo marani papan iki maneh sadurunge
kasembadan apa sing sira sedya. Bebasan saupama nganti ana kedadeyan gunung
mbledhos bumi gonjang-ganjing sing ndadekne Dalem katumenggungan saisine iki
mawud sliramu ora dikeparengake noleh ngulati, luwih-luwih nyedhaki, lamun
durung tutug genep Kaping telu saka patang puluh dina puruita marang Eyangmu
Resi Doradruwasa. Ngerti?”.
“Nuwun inggih mangertos Rama”
“Ngger Suwanda” Wa Anggara genti sing guneman “Wakanmu
ora bisa nyangponi apa-apa marang keng slira, mung Waa rep titip mbok menawa
ing bisa sira gunakne sajroning sliramu nindakne lelaku, tampanana iki
Slendhang Pita sing tak tengeri kanthi jeneng Sipat. mBok menawa sawayah-wayah
sliramu ngadhepi bebaya utawa ana wong sing nedya gendhak sikara marang keng
slira, Slendhang Sipat iki kebutne kaping telu marang ragamu karo nenuwuna
marang Hyang Suksma mbok menawa ing kono margane sliramu oleh pitulungane Hyang
Agung”.
Wa Anggara ngetokne slendhang saka waliking agemane
banjur dipasrahne marang aku.
“Ngaturaken nedha nrima ingkang sakathah-kathaipun Wa”
aku nampani Slendhang Sipat sing diulungne marang aku dening Wa Anggara karo
ngaturake panuwun “peparing sipat kandel saha pangestunipun Wa Anggara
dhumateng kula mugi sageda dados lantaran kasembadaning sedya kula, necep
ngelmu dhateng Eyang Panembahan Resi Doradruwasa ing Kedhuwang saha sageda
wangsul malih kanthi rahayu”.
“Iya Ngger, saungkurmu Wakmu bakal ndhedhepe ing
ngarsane Hyang Maha Agung muga lakumu kalis saka rubeda lan bisa kasembadan apa
sing sira sedya”.
Sawengi natas aku ora bisa ngeremne mripat. Anane mung
ngolang-aling ing dhuwuring amben paturon. Ana rasa seneng, marem sing worsuh
lan rasa kuwatir. Rasa seneng lan marem dene Wa Anggara lan Rama Tumenggung wis
padha nyarujuki malah kepara njurung nggonku arep mengku Andalu dadi sisihanku.
Kanthi mangkono wis kena diejibake yen Andalu bakal klakon dadi sisihanku. Kumlebat
ing angen-angenku, mendah kaya apa senenging atiku yen wengi-wengi ngene iki
ora turu ijen mung nyandhing guling ngene iki, nanging sing ana sisihku iku
Andalu sing tansah siaga ngladeni apa sing dadi karepku. Wewayangane Andalu
katon gawanggawang ing angen-angenku, Andalu sing sarwa nengsemake yen kadulu.
Andalku sing sulistya pasuryane lan empuk kepenak suwarane. Nanging dumadakan
aku kelingan, yen mengko sadurunge pletheking srengenge aku kudu budhal
nindakne wajib, ninggalne Dalem Katumenggungan arep lunga menyang Kedhuwang
sing durung tau tak ngerteni ngendi kuwi papane. Mesthi bakal ngliwati alas
gung liwang-liwung, kebak ri bandhil bebondhotan, bakal nggerit ing tepining
ancala, ngunggahi gunung lan ngudhuni jurang sing terbis, mbuh pirang dina
suwene. Ora mokal ing sajroning lelaku menyang Kedhuwang sesuk kuwi, aku bakal
nemoni pepalang sing malang ngadhang laku, bisa wujud brandhal lan begal sing murih
apa sing dadi sanguku, bisa wujud kewan galak sing luwe lan ngelak, kewan galak
sing dhemen lan karem mangsa daginge manungsa, panunggalane Singa Barong, Macan
Gembong, Ula Gedhe lan liya-liyane.
“Andalu…… “ ora krasa lambeku nyebut jenenge wanita
sing wis dadi memaniking atiku kuwi “tak suwun puji lan pandongamu marang Sang
Hyang Agung, mugamuga aku bisa enggal ngrampungake kuwajiban sing didhawuhne
Rama Tumenggung iki, lan enggal bisa bali sarta kasembadan aku lank owe urip
bebarengan klawan antuk panjurung lan pangestune Rama Tumenggung sarta Wa
Anggara, ya wong ayu”.
mBarengi karo kluruke jago ing wanci parak esuk, aku
wis tata-tata budhal. Sandhangan lan dhuwit celengan wis tak pethuk dadi siji.
Pusaka Kyai Bancik peparinge Rama Tumenggung wis tak sengkelit neng bangkekan,
tak tutup nganggo klambi sing tak enggo. Slendhang Pita ya Slendhang Sipat
peparinge Ki Anggara, iya calon Bapa Maratuwa wis tak tak enggo sabuk. Banjur
lon-lonan aku metu saka papan paleremanku.
“Wis samapta kabeh Ngger?” jebul Rama lan Ibu
Tumenggung wis lenggah neng pringgitan lan Rama Tumenggung ndangu marang aku.
“Sampun Rama” aku wangsulan cekak karo arep mapan
lungguh.
“Saiki nyuwuna pangestu sarta pamita marang Ibumu
luwih dhisik” Rama Tumenggung paring dhawuh. Aku ora semaur, banjur nyaketi
papan lenggahe Kanjeng Ibu Nyai Menggung karo nyembah.
“Suwanda nyuwun pamit badhe puruita dhateng Kanjeng
Eyang Resi Doradruwasa, Ibu boten langkung pangestunipun Ibu ingkang kula
suwun, mugi dados sarana rahayuning lampah kula” aturku karo nyembah, ora krasa
ana luh tumetes sing nelesi pipiku.
“Iya, iya Ngger putrane Ibu bocah bagus Suwanda” Ibu
paring wangsulan karo suwara sing nuduhake sekeling penggalihe “mbanyu mili
pangestune Ibu marang sliramu, muga-muga Hyang Maha Agung tansah ngayomi kabeh
salaku jantramu Ngger”.
“Ngaturaken genging panuwun Ibu” wangsulanku karo
suwara sing katut trenyuh.
“Lan iki ana dhuwit emas sakanthong, tampanana mbok
menawa ing paran sliramu mbutuhake apa-apa” Ibu Nyi Tumenggung maringake
kanthong cilik isi dhuwit mas marang aku.
“Lan ing latar ngarep kae, wis tak cawisake Turangga
Kyai Baratketiga, gunakne dadi saranane nggonmu arep lelaku” Rama Tumenggung
ngimbuhi rembug.
Esuk, kuwi aku klakon budhal ninggalake dalem
Katumenggungan arep nggoleki lan puruita marang Eyang Doradruwasa sing mapan
ing perenging Gunung Lawu sisih lorkulon. Tanpa tumoleh, Kyai Baratketiga tak
gelak lakune, nrabas bun-bun esuk sing kekemul pedhut mudhun saka langit .
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar