42.
Dalan-dalan isih sepi, durung ana wong sing metu budhal
menyang papane nyambut gawe. Kyai Baratketiga sing tak gelak sajak kepenak nggone
mlayu ora pati banter nanging uga ora alon, mangulon ngarah menyang prenahe
Gunung Lawu. Karo mlaku aku nggagas, mbuh pirang dina wektu sing tak butuhne
kanggo teka ing papan sing tak tuju mengko, lan yen wis tekan kana lan bisa klakon
ngadhep ing ngarsane Eyang Resi Doradruwasa banjur katampa nggonku puruita,
lagi bisa dietung dina-dina sing kudu tak lakoni, ya iku ping telu saka patang
puluh dina. Nek wis lagi dikeparengake bali lan bakal didhaupne karo Andalu.
Saupama wingen-wingenane kae aku ora nggugu apa sing dirigenke dening Ki
Suwela, kira-kira ora kaya ngene iki kedadeyane. Rama Tumenggung mesthi ora
nibakne paukuman marang aku luwih dhisik sadurunge aku klalon mengku Andalu
dadi sisihanku. Nanging, bola-bali ya barang wis kebacut, ya arep dikapakne
maneh ?. Sing baku saiki aku wis lepas saka kaluputan lan wis oleh idi pangestu
saka Rama Tumenggung yen mengko sawise paukuman iki tak lakoni, kanggo urip bebarengan
karo Andalu.
Nalika srengenge mangsa ketiga wis manjer neng tengah-tengahing
langit, lakune Baratketiga sing tak tunggangi ngliwati sawijining sendhang sing
manggon neng keringing dalan sing arep tak liwati. Aku kelingan dhawuhe Rama
Tumenggung mau sadurunge budhal, sing paring pitutur sanadyan saupama dipeksa
Kyai Baratketiga, jaran sing asale saka negara Sumbawa iki sedina sewengi kuwat
mlayu tanpa leren, nanging Rama Tumenggung paring dhawuh supaya lakune
Baratketiga iki aja nganti kliwat saka separo dina, kudu wis dilereni lan diwenehi
wektu kanggo leren lan goilek pangan lan ngombe, lan wis dirasa cukup lagi bisa
diajak nerusne laku nganti tekan wayah surup. Yen ora kapeksa aku uga ora
dikeparengake nempuh laku ing wanci bengi, lire yen wektune wis wengi aku kudu
leren.
Sauntara Baratketiga tak umbar nyengguti suket ing
pinggiring sendhang, aku leren lungguh sendhen watu sing ana sandhinge ing ngisore
wit gedhe sing ngayomi sendhang kuwi. Hawa adhem sing digawa angin saka alas
sakulone papan kono, nempuh panase srengenge sing preasasat arep ngobong jagad
kuwi, ndadekne kahanan dadi krasa kepenak, ora adhem lan uga ora panas,
ndadekne aku sing lungguh sendhen krasa ngantuk. Nggagas nek nekng kono ora ana
sing prelu dikuwatirake, aku banjur ngeremne mripat nedya nglereni raga lan
pikiranku sinambi ngenteni warege Baratketiga sing lagi nyrengguti suket sing
ijo. Mengko yen srengenge wis rada nggglewang mangulon lagi nutugne laku, ngono
gagasanku.
Kegawa rasa ngantuk jalaran mau bengi babar pisan aku
ora turu lan awak kesel merga sedina mung lungguh neng gigiring jaran,
katambahan hawa sing kepenak, ndadekne ora suwe nggonku ngeremne mripat aku wis
lali ota eling apa-apa, keturon semendhe watu ing ngisore wit munggur sing
gedhene saprangkulan kuwi. Embuh sepira suwene nggonku turu, dumadakan aku
digugah dening anane suwara sing rame, suwarane Baratketiga sing beker-beker sajak
celuk-celuk aweh sasmita marang aku yen lagi ana bebaya sing nekani. Karo
ngucek mripat, aku ngadeg banjur nyawang kiwa tengen, ngulati kahanan, jroning
ati takon ana bebaya apa sing ndadekne Baratketiga beker-beker sajak keweden.
Alon-alon Jaran tunggananku kuwi tak cedhaki.
“Ana apa Baratketiga? Kok geger gember nggugah nggonku
turu?” sanadyan aku ora bakal oleh wangsulan sing bisa tak ngerteni, nanging
aku meksa nakoni tunggangan ampilane Rama Tumenggung kuwi. Rama Tumenggung
biyen kerep paring dhawuh yen sanajan ora bisa guneman nanging jaran kuwi
ngerti nek diajak guneman bendarane lan bakal rumangsa seneng nek dening
bendarane diajak guneman.
Bener, kaya ngerti nek tak jak guneman, Baratketiga
ngobah-ngobahne sirahe dianggut-anggutne mengarep kaya-kaya nuduhi aku yen rada
adoh ing ngarepe ana apa-apa sing pantes disujanani. Gage aku nuruti apa sing
disasmitakne Baratketiga, kanthi ngulati prenah sing dituduhne nganggo anggutan
sirahe. Ora katon apa-apa kajaba grumbulan sing rungkud lan ketel. Murih saya cetha
aku maju telung jangkah maneh karo nguwasi kahanane grumbul. Dumadakan saka
waliking grumbul kuwi jumedhul wong telu sing umur-umurane ora adoh saka
sakdhuwurku, awake ketok nek keker-keker, sandhangan sing dienggo kaya lumrahe
sandhangan sing digunakne dening para prajurit, mung wae ana bedane karo
prajurit sing kulina tak temoni. Prajurit telu kuwi ora nganggo tandha lambing kaprajuritan
Majapahit ing klambine. Wong telu kuwi padha pencolotan sajak kesusu nyedhaki
papanku.
“Heh Kisanak sing lagi tangi saka nggonmu turu” salah
siji saka wong telu kuwi guneman marang aku “ndika melu nututi lintang alihan
sing mengalor apa sing mangetan?”.
Gandheng aku ora mudheng karo sing ditakokne wong sing
kaya prajurit kuwi, aku ora enggal aweh wangsulan. Pitakone iki cetha yen
migunakne basane telik sandi sing mung dingerteni dening kanca utawa rowange
wae. Dadi aku malah kewuhan bingung anggonku arep wangsulan.
“Srengengene wis ngglewang, wektune isih padhang,
ilangna rasa sumelang, Lintang wuluh cacah wolu, metune mangsa kapisan. Sing
ndika kancani luru baluning kalong sapa?” wong kuwi takon maneh, lan aku ora
mudheng karo sing dikarepake, mung bisa ngira-ira mbok menawa wong-wong kuwi
ngira nek aku iki prajurit telik sandi sing lagi nindakne jejibahan.
“Jenengku Suwanda Kisanak” wangsulanku alon lan
ngati-ati “neng kene aku mung leren, sedhela
maneh ya tumuli nerusne laku, yen dikeparengne apa aku oleh ngerti ndika
sakanca kuwi sapa lan ana gawe apa nyedhaki nggonku leren?”.
“Ha ha ha …..” salah siji saka kancane wong sing
nakoni aku kuwi ngguyu banjur kandha marang kancane sing mau nakoni aku “dudu
kakang, wangune mung madha rupa karo sandhangane dhewe wae”.
“Ooo, nDika Ki Suwanda dudu wong kene ta?” Wong sing
dikandhani kancane kuwi ora ngrewes malah banjur nakoni aku maneh “Lha ndika
kuwi priyayi saka ngendi lan arep lelungan menyang ngendi? Nek tak sawang gawan
sing ndika gawa ora akeh, nanging tunggangan ndika iki nuduhne nek ndika kuwi
wong sing kacukupan utawa nek ora ya malah putrane priyayi luhur”.
“Bener Kisanak, omahku rada adoh saka kene”
wangsulanku ngati-ati “nanging kleru yen ndika ngarani aku iki wong sing
kecukupan, jalaran aku tilas abdi pekathike Gusti Tumenggung sing wis rampung
nggonku ngabdi, merga selawase dadi abdi aku ora tau nyuwun blanja marang
bendaraku, mula sawuse oleh sangang tahun aku ngabdi aku banjur diparingi
ganjaran wujud jaran sing tau dadi titihane Gusti Tumenggung iki”.
“Dadi abdi nanging ora tau gelem diparingi blanjan? Banjur
diparingi ganjaran wujud jaran ? Aneh temen?” wong kuwi mesem ketara yen ora
percaya karo sing tak kandhakne.
“Ora aneh Kisanak” aku gagae wangsulan karo mesem “biyen
wong tuwaku kuwi abdi pekathike Gusti Tumenggung, nalika umurku ngancik rolas
tahun wong tuwaku mati, sadurunge mati ningal weling supaya aku ngabdi marang
Gusti Tumenggung murih kesawaban berkah lan aku klakon ketampa dadi abdine
Gusti Tumenggung lan lekasku ngabdi pancen ora luru blanja, nanging ngalab
berkah mula aku matur ora nyuwun blanja. Lan berkah kuwi nyata wis arep
diturunake marang aku lan manggone neng pereng lor kulone Gunung Lawu kuwi
miturut pituduhe wong tuwaku sing tak tampa lumantar impen. Mula aku ya banjur
matur marang Gusti Tumenggung, yen dikeparengake aku nedya mungkasi nggonku
ngabdi jalaran arep nggoleki berkah saka anggonku ngabdi sasuwene iki menyang
papan sing tak kandhakne mau. Mula sawuse genep sangang tahun aku ngabdi, Gusti
Tumenggung njurung karepku, aku kadhawuhan menyang pereng lor kulone Gunung
Lawu kaya sing tak tampa ing impenku mau, lan minangka tandha katresnane Gusti
Tumenggung marang aku abdi sing setya iki, aku diparingi lungsuran tilas ageman
lan titihan sing wis ora kagem maneh iki kanggo saranane lakuku”.
Aku ora ngerti kok dumadakan bisa gawe crita ngayawara
kaya mangkono kuwi kanggo aweh wangsulan wong sing tak kira prajurit sandi iki.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar