43.
Wong telu kuwi meneng sedhela sajake lagi nggagas
wangsulan sing tak wenehne. Banjur wong telu kuwi padha guneman klesik-klesik
padha kancane, aku ora ngerti apa sing lagi diomong, merga kajaba lirih, basa
sing digunakne ya beda karo basa sing kulina tak enggo, wangune wae basa wewadi
sing mung dingerteni wong telu kuwi thok. Aku ethok-ethok ora krungu, malah aku
banjur mbalikne awak marani Baratketiga sandhangan sing maune tak kendhoni,
bali tak tata lan tak kencengi maneh.
Nalika aku lagi mbenerne sandhangane Baratketiga, wong
telu kuwi mlaku marani, nanging aku ora maelu, api-api ketungkul ndandani tungganku.
“Kisanak, ndika kuwi arep menyang endi, olehku
rembugan durung rampung kok malah arep ndika tinggal?” wong sing mau nakoni aku
takon maneh.
“Lho isih ana ta sing arep ndika takokne menyang aku?”
karo noleh aku mbalik takon “nek ndika nakokne sing ana sambung rapete karo
laladan kene, bares wae aku ora ngerti, nek ndika takon aku saka ngendi lan
arep menyang ngendi, gajege ya wis tak wangsuli kanthi cetha ta?”.
“Ora perkara kuwi sing arep tak rembug” wong kuwi
wangsulan suwarane wiwit ketara nek rada banter “nanging akua rep ngecakne
kuwajibanku minangka prajurit marang ndika sing pantes tak sujanani”.
“Aku tumindak apa Kisanak? Yen ndika kuwi pranyata
Prajurit Majapahit, ya gene ora ana tandha pangkat kaprajuritan sing nemplek
ing sandhangan sing ndika enggo? Aja ngawu-awu dadi prajurit yen mung arep
memedeni kawula Majapahit kaya aku” ora krasa aku katut kepancing karo omongane
wong mau, meh wae aku ketrucut ngaku yen aku iki isih punggawa Dalem
Katumenggungan reh-rehane Tumenggung Jatikusuma, nanging tujune aku banjur
eling yen akum au wis kandha nek tilas abdine Gusti Tumenggung, embuh
Tumenggung sapa ora tak genahne, dadi aku ora sida blaka apa anane.
“Aku pancen Prajurit Majapahit sing anyar kisanak”
wangsulane wong kuwi, suwarane bali mendhek “dudu Prajurit Majapahit sing
kulina ndika weruhi. Aku sakanca iki abdi lan pandhereke Gusti Adipati
Girindrawardana sing jumeneng Keling, sing bakal nggenteni keprabone Prabu
Brawijaya ing Majapahit. Dene kuwajibanku sakanca, ngendheg lakune wong sing arep
ngliwati dalan kene, iya sing saka kulon iya sing saka wetan, ora kena
mbacutake laku kajaba yen wis ana bukti nyata yen wong kuwi nyata-nyata setya
lan tresna marang Negara Majapahit, klebu ndika sing mau kandha nek arep
menyang perenge Gunung Lawu, dadi saka kene ndika arep ngulon”.
“Aneh, aku lagi ngerti iki ana wong ngawur sing ngawu-awu
dadi prajurit Majapahit banjur arep tumindak sing cengkah lan pranatan
kaprajuritan Majapahit” aku grengengan alon nanging tak seja supaya wong telu
kuwi melu krungu “dumeh aku mung sak tilase abdi pekathik wae banjur arep diapusi”.
“Aku ora ngawur Kisanak” wong kuwi bali guneman rada
banter “aku ya ora arep ngapusi, saiki ndika tak prentahne supaya masrahake
kabeh barang sing ndika gawa klebu jaran sing ndika rakiti kuwi marang aku.
Barang lan jaran ndika kuwi dibutiuhake kanggo wragad ndandani Majapahit sawuse
mengko klakon pindhah kutha menyang Kadhiri, jumbuh karo sing dilenggahi Raja
Majapahit sing anyar yaiku Gusti Adipati Girindrawardana”.
“Oo, cethane sing tak adhepi iki bangsane Begal sing
golek mangsan ta jebule?” aku semaur santak. Jroning batin aku isih duwe
kapracayan yen mung ngadhepi bangsane begal ngene iki wae, sanadyan dikrubut
lima Kirakira aku isih menang. Luwih-luwih saiki aku uga nggawa sipat kandel pusaka
keris Kyai Bancik ampilan saka Rama Tumenggung uga Slendhang Sipat peparinge Ki
Anggara calon bapa Maratuwaku.
“Keparat kowe Suwanda” tak wangsuli nganggo ukara
ngono kuwi, wong mau misuh karo mentheleng, tangane wiwit ngepel “aku dudu begal,
nanging aku prajurit. Saiki kowe gelem masrahne apa sing tak kandhakne mau apa
ora he?”.
“Aku ora idhep” wangsulanku tatag, karo tata-tata
siaga ngadhepi bebaya “mboh prajurit, embuh wong ngarit, embuh begal embuh
brandhal nek kowe kabeh ora kepengin tak rangket tak pasrahne prajurit
Majapahit supaya dilebokne pakunjaran, enggal tumuli padha sumingkira saka
ngarepanku!”.
Tanpa guneman apa-apa wong mau mlangkah maju karo
ngirimne dugangan ngarah marang lambungku. Tujune aku waspada, dugangane bisa
tak endhani lan tanganku genti kemlawe aweh ngarah marang sirahe wong kuwi. Nanging
padha karo pandugange mungsuhku, pupuhanku jebul isih bisa diendhani dening
wong kuwi. Dumadakan wong telu kuwi kaya semayan, ngebyuk bareng nrajang aku,
aku dadi rada kaget, mung tujune sadurunge aku ngabdi ing dalem katumenggungan
aku wis diweleg ngelmu kanuragan dening wong tuwaku lan sabanjure aku uga wis
akeh nampa piwulang kanuragan saka rama Tumenggung, dadi ngadhepi kruyukane
wong telu sing maju bareng iki, aku isih bisa ngladeni kanthi becik. Kabeh
serangan isih bisa tak endhani utawa tak tangkis kanthi becik, malah siji loro
sadhukan lan pupuhanku krasa bisa ngenani peranganing awake mungsuh-mungsuhku.
Wong telu kuwi tak anggep begal sing bodho, jalaran
anggone ngadhepi aku maju bebarengan. Upama duwe nalar, wong telu kuwi rak bisa ngirit tenaga
lan napase?. Lire olehe maju gentenan siji-siji, nek sing maju wis krasa kesel
lan ambegane wis menggeh-menggeh, bisa mundur supaya digenteni kancane. Nanging
cara iki ora dicakne, dadi aku ya luwih seneng, sanadyan ya rada abot ngadhepi
wong telu sing maju bareng.
Kira-kira oleng seketan jurus nggonku ngadhepi
kruyukane wong telu sing carane perang isih katon kasar lan ngawur, isih
ditambahi karo kerepe olehe padha misuh-misuh lan omong lekoh nalikane ketiban
sikil utawa kepelanku sing ora bisa diendhani, wong telu kuwi padha mencolot
memburi. Telu-telune banjur padha ndudut pusaka saka wrangkane dhewe-dhewe.
Sing siji, ya kuwi sing mau ngajak omongan aku dhisik dhewe, ngetokne pedhange.
Sing loro padha nglolos tumbake.
“Suwanda, tinimbang mengko patimu ndadak nganggo
pasiksan saka aku wong telu, luwih becik yen kowe pasrah wae” kandhane wong sing nyekeli
pedhang kuwi karo nyawang aku “aku ngerti yen satemene kowe kuwi dudu tilas
pekathik kaya sing mbok kandhakne neng ngarep. Kowe mesthi punggawa Majapahit
sing bodho sing ora manut karo para punggawa sing wis manunggal karo barisan
saka Keling lan Kedhiri. Nadyan ta mangkono aku isih gelem aweh pangapura marang kowe nek
kowe gelem masrahne jaran lan barang-barangmu marang aku. Perkara mbesuke kowe
bakal mati neng tanganku ing madyaning peperangan, kuwi perkara seje. Saiki
sepisan maneh tak takoni, kowe milih mati neng kene apa milih masrahne jaran
lan barang-barangmu marang aku?”.
“Lucu tembungmu kuwi kisanak” wangsulanku karo ngguyu,
nanging aku kober rada ngedhap merga tak sawang pucukpucuk tumbak lan pedhang
sing dicekeli wong telu kuwi katon busem ora sumorot nalika kena soroting
srengenge, iki nuduhne nek gegamane wong-wong kuwi dudu gegaman wantah, nanging
gegaman sing ngemu wisa utawa warangan sing mbebayani “sajake nggonmu dadi begal
durung pati suwe ya? Ketitik lagi ngadhepi tilas pekathik wae kowe wong telu
kethetheran, ngono kok wani-wanine ngaku prajurit he?. Sepisan maneh tak
elingne, nek kowe kepengin slamet diage minggata saka ngarepku kene, nek ora
minggat aja takon dosamu apa nek aku kapeksa ngrangket kowe lan masrahne marang
Prajurit Majapahit sing temenan supaya kowe kabeh padha dikunjara!”.
Bubar muni ngono kuwi, kanggo njagani bebaya sing ora
tak karepake, alon-alon Slendhang Sipat peparinge Wa Anggara tak udhari saka
bangkekanku. Tak cekeli pas tengah-tengahe nganggo tangan tengen. Aneh, durung
nganti aku ngucapne mantra wewarah saka Wa Anggara, ketara yen Slendhang Sipat
wis ngetokne pangaribawa sing nggegirisi. Ana ganda arum kaya gandane kembang
melathi lan ing papan kono krasa kaya malih dadi angker lan nyeremake.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar