44.
Srengenge sing mau panase kaya ngobong-obonga bumi
dumadakan ketutupan mendhung ireng sing tan kawruhan sangkane sing ndadekne
kahanan dadi surem. Wong telu sing wis padha siaga karo gegamane kuwi dumadakan
mlumpat memburi, kaya weruh barang sing wis gawe mirising atine. Wong telu kuwi
padha inget-ingetan karo kancane, nanging ora guneman apa-apa. Aku dadi sansaya
waspada, mbok menawa wae wong telu kuwi lagi semayan gawe cara piye carane
ngadhepi aku sing wis ngetokne gegaman aneh sing mung rupa slendhang sutra rupa
kuning iki.
“Ya gene padha leren Kisanak? Ayo ditutugne anggone
padha gojeg, yen ndika kabeh ngetokne gegaman sing mawa wisa utawa warangan,
aku cukup nganggo slendhang iki wae. Ayo dibuktekne , ndika wong telu apa aku
sing bakal dadi rebuking bumi ing sacedhake Sendhang iki” aku guneman aweh
panantang marang wong telu sing durung sida nggunakne gegamane kanggo nyerang
aku.
Wong telu kuwi ora ana sing semaur, nanging malah
padha manthuk marang kancane dhewe, banjur tata-tata arep wiwit bali ngrangsang
marang aku. Aku njejegne kuda-judaning sikilku. Kaya welinge Wa Anggara,
Slendhang Sipat tal sabetne marang lengenku karo muji marang Hyang Agung nyuwun
kekuwatan murih bisa unggul ing yuda. Dunadakan sepisan maneh wong telu kuwi murungne
anggone arep nerjang, malah banjur setindak padha mundur maneh. Aku ora ngerti
ya gene wong telu kuwi teka malih dadi kaya wong sing lagi kaweden.
Nanging dumadakan saka walik grumbul, keprungu suwarane
wong ngguyu ngekek, banjur disusul jumedhule sawijining paraga sing macak
nganggo sandhangane Brahmana. Ora nganggo iket, nanging rambute digelung
mendhuwur, ngrasuk jubah rupane klawu, jenggot lan brengose diingu dawa. Beda
karo wong telu mau, Brahmana sing wis setengah umur kuwi gageyan mlaku banjur
mandheg neng tengah antarane aku karo wong telu sing dadi mungsuhku mau.
“Nuwun sewu Denmas” wong kuwi aweh kurmat marang aku
karo guneman alus
“Tak suwun sing gedhe pangapura ndika, awit saka
patrape murid-muridku sing ora weruh Slendhang Sipat piyandel Gunung Argapura,
uga padha durung ngerti yen ndika iki jebul siswane Panembahan Kiswara”.
“Nyuwun pangapunten” aku nimbangi kurmat, Slendhang
Sipat isih tak cekel ana tanganku, banjur wangsulan nganggo basa krama “Sang
Resi menika sinten inggih, dene sampun wanuh kalihan Suwanda ingkang dereng
saged menapa-menapa menika?”.
“Inggih ndherek tepang Raden, nami kula Ajar Sarapat
saking Gunung Gangsir, yoganipun Bapa Resi Kasatnetra, ingkang duk sugengipun
mila mitranipun Panembahan Kiswara” wong sing nganggo sandhangan Brahmana kuwi,
malik uga nganggo basa krama, nepungake dhiri marang aku,merga ngira yen aku
iki isih siwane Eyang Panembahan Kiswara Gurune Rama Tumenggung lan Wa Anggara.
Nek nitik saka patrape wong telu sing didhaku minangka
muride kuwi mau, nadyan wong sing ngaku jeneng Ajar Sarapat iki, pangiraku iya
Ajar sing ora pati nggugu piwulang agama. Mula kanggo ngeden-edeni supaya wong
kuwi ora tiru-tiru murid-muride, aku niyat ora arep blaka yen aku iki mung anak
angkate saka salah siji saka muride Eyang Panembahan Kiswara, lan aku ya ora
arep menging wong kuwi nyebut aku iki siswane Eyang Panembahan Kiswara.
“Inggih Sang Resi, kula ugi nyuwun pangapunten awit kula
boten mangertos bilih ingkang gojegan kalihan kula menika kala wau jebul siswa
jengandika” aku guneman ngiras aweh wangsulan marang Ajar Sarapat “salajengipun
sumangga kula cadhong dhawuh, kaparenga sang Resi paring pepajar dhumateng kula”.
“Kenging dipun sanepakaken nguyahi segara utawi marahi
bebek lelangen menawi kula atur pepajar dhumateng jengandika Raden Suwanda”
Ajar Sarapat wangsulan karo mesem “awit kula ngrumaosi bilih ingkang wonten
ngajeng kula menika tuhu siswanipun Panembahan ingkang dados Kedhunging ngelmi
agal lan alus. Namung kemawon, kula radi ngungun nalika jengandika kala wau paring
dhawuh dhateng murid-murid kula bilih badhe tindak dhateng perenging redi
Mahendra sisih ler kilen, nanging anggen jengandika milih margi kok kados
kirang leres? Awit margi ingkang jengandika tempuh menika anjogipun boten
dhateng Redi Lawu, nanging badhe dhateng Redi Wilis, nuwun sewu menapa Raden
mila badhe dhateng Redi Wilis nanging klentu anyebut Redi Mahendra nalika
paring wangsulan dhateng murid-murid kula kala wau?”.
Aku dadi rada kaget karo wangsulane Ajar Sarapat,
wangsulan iki cetha nek nuduhne lamun lakuku wis njupuk dalan sing ora bener
utawa kena diarani kesasar ing marga. Kamangka pancen aku durung tau ngerti
dalan endi sing kudu tak liwati murih aku bisa tekan papane Eyang Resi
Doradruwasa. Mula kanggo nutupi isin,merga kesasar laku, aku banjur wangsulan karo mesem :
“Mila leres Sang Resi, estunipun kula sampun kangen
kalihan sedherek sepuhipun Panembahan Kiswara ingkang samangke mangasrama ing
Bumi Kedhuwang, nanging bares kemawon kula radi supe marginipun mila kula
lajeng milih liwat papan mriki menika kala wau”.
“Ooo, Raden Suwanda badhe mertuwi dhateng Kedhuwang? Panggenanipun
Sang Maha Resi Doradruwasa, Titah setengah Dewa ingkang yuswanipun langkung
sepuh tinimbang nagari Majapahit menika?” Ajar sarapat jebul luwih ngerti sapa
sejatine Eyang Resi Doradruwasa.
“Mila leres makaten Sang Resi” wangsulanku alon.
“Menawi makaten, kedahipun Raden ing margi protigan
saderenhgipun papan mriki niki wau, Raden mundhut margi ingkang nganan, marginipun
mila ketingal alit, menika margi ingkang anjogipun dhateng Gunung Lawu sisih
ler, watawis lampahan kalih dinten mawi kapal” Ajar sarapat ngandhakne dalan
endi sing kudu tak liwati “menawi margi menika anjogipun dhateng Redi Wilis,
ing mrika rayinipun Panembahan Kiswara ugi wonten ingkang mangasrama, namung
kemawon sampun radi dangu anggenipun murud ing kasedan jati”.
“Inggih, inggih matur nuwun sanget Sang Resi” aku
wangsulan lan sajroning ati rumangsa gumun, dene Ajar sing umure kira-kira sewidakan
tahun iki teka apal banget karo sedulur-sedulure Kanjeng Eyang Panembahan
Kiswara sawargi? “katujunipun niki kula wau kula kepanggih kalihan Sang Resi
ing mriki, saupami boten harak kula saged keblasuk-blasuk awit kesasar ing
margi”.
“Inggih Raden dhawah sami-sami, samangke menawi Raden
ngersakaken nglajengaklen tindak, boten langkung kula ndherekaken raharja lan
mugi tansah manggiha rahayu” kandhane Ajar Sarapat, sing banjur kandha marang
wong telu sing jarene muride mau “Grontol, Gombak karo kowe Ganggeng, ayo padha
nyuwun pangapura marang Raden Suwanda, kuwi ngono isih pepundhenmu dhewe
siswane Panembahan Kiswara saka Gunung Argapura”.
Wong telu sing pating domblong nyawang nggonku wawan
rembug karo Ajar sarapat kuwi tumuli maju karo atur sembah, karo padha guneman
njaluk pangapura marang aku.
“Nyuwun pangapunten Raden, saestu kula boten mangertos”
meh bareng wong telu kuwi nggone guneman karo nyembah.
“Iya-iya Kisanak, tiba sapadha-padha” wangsulanku karo
mesem “aku ya nyuwun pangapura awit aku ya ora ngerti menawa ndika tetelune iki
jebul siswane Bapa Ajar Sarapat, dadi awake dhewe iki mau kena diarani ora ana
sing luput, merga ya jalaran durung padha wanuhe durung padha weruhe yen jebul
isih karo sanakane dhewe”.
“Leres menika Raden” sing semaur malah Ajar sarapat
sing anggone guneman karo maju sajangkah nyaketi aku “mugi-mugi pasedherekan
antawisipun kulawarga Gunung Gangsir kalihan kulawarga Gunung Argapura menika sageda
trus sambet sinambet ngantos pupating jagad”.
Gandheng srengenge
wis sansaya adoh nggone ngglewang mangulon, mula aku banjr pamit arep
nerusne laku. Ajar Sarapat lan murid-muride padha ngucapne atur sugeng tindak
marang aku. Aku milih mbalik, arep ngliwati
dalan sing mau dituduhne dening Ajar Sarapat. Karo mlaku aku rumangsa mongkog dene
wis kagadhuhan Slendhang Sipat dening Wa Anggara, temah dening Ajar Sarapat aku
dikira siswane Eyang Panembahan Kiswara.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar