Total Tayangan Halaman

Kamis, 21 Juli 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (045)


 

45.

Aku wis menggok nurut dalan sing mau dikandhakne dening Ajar Sarapat, dalan sing tumuju menyang Gunung Lawu. Ora akeh desa sing tak liwati, lakune Baratketiga sing tak tumpaki wiwit ngambah alas gung, ngancik dalan sing rumpil lan akeh pepalang kaya dene ri bandhil lan bebondhotan. Pisan pindho aku kudu mudhun saka gigir jaran lan kapeksa mlaku karo nuntun Baratketiga jalaran kepalang jurang sing mbambing yen ora ngati-ati bisa kepleset kejegur jurang sing jero, ndadekne cilaka. Nanging babar pisan ora ana rasa ngresula sajroning ati, iya labet aku kepengin enggal bisa puruita marang Eyang Resi Doradruwasa lan yen wis ganep patang wulan utawa satus rong puluh dina wis dikeparengake bali lan tumuli bisa dhaup karo Andalu.

 

Sansaya adoh mlebu menyang jero alas, dalan sing kudu tak liwati sansaya ora karuwan. Aja maneh kok olehe liwat karo nunggang jaran, lha wong mlaku wong thok wae ngrekasa. Wekasan aku duwe panemu yen satemene nggawa Jaran kanggo tunggangan iki jebul luwih ngebot-eboti laku, ora ndadekne luwih cepeting laku kaya sing tak kira sadurunge budhal. Mula nalika ngarepake surup srengenge, Jaran Kyai Baratketiga tak lukari sandhangane banjur tak bisiki kupinge :

 

“Baratketiga, aku banget nedha nrima marang kowe sing wis ngeterne lakuku nganti tekan kene, nanging gandheng kahanan dalan sing kudu tak liwati kaya ngene wujude, tak jaluk pangapuramu yen kapeksa aku karo kowe kudu pisah. Sandhanganmu wis tak uculi kabeh muri hora ngganggu nggonmu arep mlaku, saiki yen bisa balia menyang Majapahit maneh menyang dalem Katumenggungan nanging yen ora bisa kowe tak wenangake milih jagad ngendi sing arep mbok panggoni lan milih sapa sing bakal mbok ngengeri urip”.

 

Krungu tembung sing tak ucapne neng cedhak kupinge kuwi, kaya ngerti apa sing dadi karepku, Baratketiga nggedhegake endhase ngiwa nengen bola-bali. Aku ngira yen Baratketiga ora gelem nuruti apa sing tak karepake. Aku dadi rada gela, kandhaku marang Baratketiga maneh :

 

“Kowe kudu nurut apa sing dadi prentahku, aku ngerti yen kowe isih kepengin nutugne nggonmu aweh bebantu marang aku, nanging kowe kudu ngerti nek neng kene iki kowe ora bisa mbantu aku, malah kepara nambahi sesangganku wae, kowe kudu bali saiki!”.

 

Tak sawang saka mripate Baratketiga drodosan banyu luh sing mbanjir mangisor, Jaran peparinge Rama Tumenggung kuwi sajak sedhih lan nangis. Aku dadi sansaya anyel. Merga tak anggep Baratketiga kuwi kaya bocah cilik sing ora gelem ditinggal wong tuwane sing arep lunga blanja menyang pasar, banjur nangis ngana kae. Merga anyel, aku banjur njupuk cuthik, Baratketiga arep tak gitik murih gelem tumuli lunga saka ngarepku.  Nanging wangune Baratketiga ora gelem nampa gitikku malah kepara arep nglawan, ketitik banjur beker-beker ora karuwan. Aku dadi sansaya muring, gitik tak selehne banjur aku njupuk sabet sing luwih gedhe, Jaran kuwi arep tak sampluk. Nanging dumadakan ana kedadeyan sing aneh, ora klebu yen digagas nganggo nalar. Baratketiga dumadakan ilang tanpa tilas, kaya ilange geni damar sing mati ketiyup ing angin. Ora kaweruhan menyang ngendi parane lunga. Aku dadi kaget karo sajroning ati ketuwuhan rasa gumun sing ora bisa tak ngerteni wangsulane.

 

“Heh Suwanda wong bodho sing kumalungkung” dumadakan saka langit keprungu suwarane wong sing nguman-uman aku, suwarane cetha mlebu jeroning kupingku, dudu suwarane angen-angen “bodhomu mbok gendhong mbok indhit, nganti kowe ora ngerti sapa satemene Baratketiga sing wujude mung sak Turangga. Ngeria Suwanda, aku Baratketiga iki satemene gegaman kagungane Gusti Tumenggung Jatikusuma sing dititipne kowe, bisa mbok purih guna lan kabisane lan ora pisan-pisan kowe diwenehi wewenang kanggo nglarani aku. Nanging gandheng kowe saiki emoh kanggonan aku, malah akua rep mbok pilara dumeh kowe kuwasa, aku kapeksa lunga ninggalne kowe. Satemene aku isih kepengin nyoba kasetyanmu marang dhawuhe Gusti Tumenggung nanging pranyata mung samono kasetyanmu, tenane nek mung ngliwati dalan sing kaya apa wae rumpile Baratketiga ora bakal kangelan. Saiki sawangen apa kabisan sing bisa tak tindakne, aku bisa ngambah gegana. Gandheng kowe wis duwe karep supaya aku lunga, ya tak turuti prentahmu, aku lunga lan ora arep bali menyang Majapahit jalaran aku uga ngerti yen ing kana aku wis ora ana sing mbutuhake”.

 

Aku ndhangak mendhuwur, katon Baratketiga kaya manuk mabur kekiteran ing ndhuwurku. Akua rep semaur, kepengin njaluk pangapura marang dheweke, nanging sadurunge tembungku kawetu, Baratketiga wis mabur mendhuwur sansaya dhuwur wekasan ilang nusup mega-mega, embuh menyang ngendi parane. Kaya dilolosi bebalung sarandhuning ragaku, aku lungguh neng lemah, lemes tanpa daya. Rasa getun lan kedhuwung, sedhih lan bingung wor suh dadi siji. Aku nangis nggetuni bodhoning nalarku, babar pisan aku ora ngira yen Kyai Baratketiga ampilane Rama Tumenggung kuwi jebul dudu salumrahing jaran. Nanging jaran sembrani sing bisa mabur ngambah gegana. Saiki jalaran saka bodho lan sembranaku, Jaran sing tenane bisa nggawa lakuku menyang Bumi Kedhuwang kanthi gampang kuwi wis lunga, lunga ninggalake aku jalaran tak prentah lunga. Lungane Kyai Baratketiga karo nggawa ati sing gela marang aku.  

 

Nganti suwe aku lungguh meneng njetung karo ati nelangsa sambat-sambat nutuh awakku dhewe. Ora krasa kahanan ing sakiwa tengenku wis dadi peteng ndhedhet lelimengan. Aku ora bisa weruh apa-apa, jalaran wis rada suwe srengenge sing duwe daya aweh pepadhang marang lumahing bumi, ambles neng cakrawala sisih kulon. Gandheng aku kelingan nek papanku iki cedhak karo jurang-jurang sing jero, aku ora wani obah ngalih saka panggonanku lungguh, kuwatir yen nganti aku salah nggonku njangkah temah kepleset kejegur jurang, mesthi bakal mati ora ana sing ngaweruhi. Aku banjur mapan ngglethak ana kono. Aku lali yen petenging wengi satemene bisa diwiradati sarana nguripake geni nganggo thithikan watu sing tak gawa, thitikan watu minangka piranti kanggo gawe geni.

 

Sanadyan pikiran kuwur, nalar bingung, ati susah, nanging kegawa saka keseling raga, ngglethak neng lemah tanpa payon apa-apa, neng tengahing alas kuwi aku bisa turu kepati. Aku lagi nglilir nalika ana suwara rame, suwarane ayam alas sing padha petok lan kluruk sesautan manembrama tekane srengenge sing durung katon, mung saka cakrawala sisih wetan mega abang wis aweh tengara lamun ora suwe maneh srengenge bakal teka. Aku tangi saka nggonku ngglethak, nanging kaya mau sore, aku durung wani ngadeg utawa ngalih saka papanku kuwi, merga kahanan isih peteng, lor kidul durung cetha ngendi prenahe.

 

mBaka sethithik petenging wengi sansaya nipis. Sanadyan durung ngatonake wujude, nanging srengenge wis nuduhne katiyasane. Bumine wiwit katon padhang. Manuk-manuk wis padha rame anggone ngoceh lan tetembangan ana wit-witan, ora adoh saka papanku leren. Ocehing manuk alas sing ora mung siji jinise, sesahutan mawa unine dhewe-dhewe, ndadekne caruban suwara maneka warna dadi siji, keprungu endah lan kepenak dirungokne. Sapandurat aku lali karo kahanan sing lagi tak sandhang, kepilut endahing suwara ocehane manuk.  Dumadakan aku dijagetne dening suwara sing beda, dudu suwarane manuk sing lagi ngoceh, nanging cetha yen kuwi suwarane manungsa. Suwara sing ora banter, nanging bisa dirungokne kanthi kepenak, suwara rerepen tembang dhandhanggula :

 

Ana loro sandhanganing jalmi

Kang kapisan diarani beja

Cilaka kaping pindhone

Lelorone puniku

Satemene bisane dadi

Sandhanganing manungsa

Mung saka ing laku

Laku becik dadi beja

Laku nistha cilaka ingkang ngeloni

Mangkono kodratira.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...