46.
Suwara tembang kuwi ora seru, nanging
keprungu kanthi cetha dibolan-baleni kaya wong sing lagi mulang marang bocah
sing lagi jajalan nembang. Aku dadi kasengsem marang unine tembang lan ukara
sing ngemu pitutur kuwi. Alon-alon aku tangi, ngadeg, kahanan ing sakiwa
tengenku sansaya mundhak padhang. Mung wae, dumadakan awakku krasa ndhredheg,
wetengku krasa luwe banget, aku kelingan yen wiwit budhal saka Dalem
Katumenggungan mula pancen aku durung klebon panganan apa-apa, dadi wis sedina
sawengi aku nglakoni pasa, mula ya lumrah nek saiki krasa ndhredheg kentekan
tenaga.
Aku kelingan nek dening Kanjeng Ibu, iya
Nyi Menggung, nalika aku arep budhal wingi disangoni panganan sing awet lan uga
maregi, awete nganti kuwat rong puluh dina ora mambu lan isih enak dipangan
sarta ora mbebayani. Wujude Jenang Alot sing digawe saka pathining Ganyong sing
diolah nganggo santen karo gula klapa.
“Jenang iki bisa mbok gunakne nganti
sliramu tekan ing papane Eyangmu neng Kedhuwang kana, Kaki” ngono kurang luwih
dhawuhe Nyai Menggung sawise jenang kuwi dibuntel nganggo mori taplak lan dilebokne
awor karo sandhangan sing tak wadhahi kanthongan rada gedhe “iki tetelane
mateng tenan, mula kajaba luwih padhet ya bisa dadi luwih awet, ora gampang
mambu”.
“Inggih Kanjeng Ibu” wangsulanku nalika
kuwi.
Alon-alon jenang sing diungkus rapet
nganggo godhong gedhang kluthuk banjur dibuntel nganggo mori taplak kuwi tak
wetokne saka kanthongan. Aku babar pisan ora nggagas kaya nek neng omah ngana
kae. Tangi turu kuwi luwih dhisik ya banjur reresik awak, nek uwis lagi mikir
nambani luwene weteng. Esuk iki, aku ya ngerti nek durung kambon banyu, aja
maneh kok adus wijik tangan utawa raup wae ya durung, nanging ketang saking
kepengine supaya enggal mari anggonku ndhredheg, godhong sing dadi wungkuse
jenang alot tetelan kuwi wiwit tak bukak. Jenang wiwit tak iris, nanging nalika
aku nyandhak sairis arep tak emplok, dumadakan aku dikagetne maneh dening
suwara sing mau kober gawe sengseme atiku :
Elok temen wong taruna iki
Durung suwe nggone ninggal wisma
Wis nglalekne pituduhe
Rama lan Ibunipun
Ingkang tansah amituturi
Kuwajibane kawula
Marang Gustinipun
Kang paring sandhang lan tedha
Kanthi nyebut asmaNe ing saben kapti
Klebu yen arep nadhah.
Tratab!. Aku kelingan. Rama lan Ibu
Tumenggung kerep banget paring pakulinan becik sing kudu ditindakne dening wong
sawayah-wayah arep nganggo sandhangan utawa arep mangan. Ya iku nyebut asmaNe
Hyang Agung luwih dhisik.
“Kanthi nyebut asmaNe, awake dhewe dadi
eling Maha Murahing Gusti marang awake dhewe, iya awit saka Sih Welase Gusti
awake dhewe bisa nyandhang lan bisa mangan. Kaping pindho awake dhewe bakal
kelingan, saka ngendi asal-usule sandhangan sing arep dienggo utawa panganan
sing arep dipangan, antuke sandhang lan pangan kuwi merga saka tumindak sing
cengkah karo wewarahE apa ora? Wis ngrebut sandhang lan pangane liyan apa olehe
luru kanthi dalan sing bener?. Lan bakal tansah eling yen anggone golek
sandhang karo pangan kuwi nganggo cara sing cengkah karo wewarahE, mangka
drajade awake dhewe kuwi luwih asor tinimbang kewan. Kajaba saka kuwi, kanthi
eling marang Hyang Agung sadurunge nganggo sandhangan utawa ngemplok panganan,
awake dhewe bakal eling mbok menawa isih ana wong liya sing ora bisa nyandhang
lan ora bisa mangan awit ora ana sing arep dienggo utawa arep dipangan lan
kuwajibane titah sing wujud manungsa kudu gelem andum rejeki sing ditampa awit
peparinge Gusti, yen mung mikir butuhe dhewe kuwi padha karo menungsa sing lali
marang jati dhirining kamanungsane” ngono salah siji pituture Kanjeng Rama
Tumenggung sing kerep banget tak rungokne merga meh saben dina dibolan-baleni.
Iki mau aku pancen wis lali marang pitutur
kuwi, merga saking luwene wetengku, aku kesusu arep ngemplok jenang sing lagi
rampung tak iris. Aku ora nyebut asmaNe, aku lali ora nggagas saka ngendi
asal-usule panganan sing arep tak emplok, lali ora mikir kiwa tengenku ana sing
luwih mbutuhake apa ora. Dadi tembang dhandhanggula sing keri dhewe iki mau
cetha yen wis ngelingake aku. Mula aku banjur bali kepengin weruh sapa sing wis
ngidungake pitutur kang sinawung ing tembang iki.
Jenang tak selehne maneh, ora sida tak
emplok. Banjur aku tolah-toleh, nitik asale suwara tembang sing wis ngelingake
aku kuwi mau. Nanging sing tak weruhi mung rungkude bebondhotan, jurang sing jero
lan alas sing ketel. Ora ana manungsa babar pisan. Dumadakan saka papah rada
adoh keprungu maneh suwara sing tak goleki sapa sing ngunekne kuwi :
Prayogane lamun sampun eling
Ngunjukena panuwun marang Hyang
Nulya nedha ditutugne
Aywa kongsi keladuk
Yen keladuk adhakan lali
Lekase wong memangan
Mung murih rahayu
Rahayu slameting badan
Nguja hawa aluamah disingkiri
Raharja kang tinampa.
Krungu pitutur sing sinawung ing Dhandhanggula
ngono kuwi, aku tumuli nutugne nggonku ngemplok jenang sing wis tak iris.
Watara ana telung nyari akehe jenang sing wis mlebu wetengku, tumuli aku ngombe
lan olehku mangan ora tak tutugne. Merga aku ngerti isine pitutur kuwi mau
jumbuh lan pituture Rama Tumenggung sing kerep tak rungu. Jenang alot telung
nyari kuwi satemene wis nykupi kanggo njaga kekuwataning raga, senajan satemene
weteng sing krasa luwe isih ngongkon cangkem supaya nutugne anggone ngemplok,
nanging yen dituruti bisa ndadekne ora beciking raga, kwaregen kuwi nyata cetha
ora becike. Godhong gedhang sing mau kanggo mbunteli tetelan jenang kuwi tak
balekne, banjur tak lebokne ing wadhah sakawit.
“Ngaturake kasugengan ing esuk iki Sang
Pangumbara” dumadakan ana wong alok ana mburiku, aku gageyan noleh. Ana wong
tuwa sing rambute wis putih kabeh, nanging awake isih katon seger, sanajan
kulit tangane ora bisa nyingidake yen wong kuwi wis tuwa.
“Matur Nuwun Kyai, awit berkahing Kyai kula
manggih rahayu” aku gage wangsulan kanthi kurmat banget, awit soroting mripate
wong tuwa kuwi nuduhne yen wong iki wong sing nyata-nyata duwe perbawa gedhe “kula
ugi ngaturaken genging panuwun dene sampun paring pemut saha pitutur dhateng
kula”.
“Tiba sapadha-padha Ngger” wong tuwa kuwi
semaur karo mesem katon yen karenan penggalihe “apa angger Suwanda temen yen
arep tindak menyang Perenging Gunung Lawu sisih lor kulon?”.
Dumadakan aku dadi kaget, wong tuwa sing
lagi sepisan iki kepethuk aku, teka wis ngerti jenengku lan uga ngerti
tujuwanku lelungan. Ora krasa aku ndomblong, lali ora enggal wangsulan.
“Dadi wong kuwi aja seneng gumunan Ngger”
wong tuwa kuwi guneman maneh panggah karo mesem “wong sing weruh utawa ngerti
ora merga duwe mripat lan kuping, nanging merga ana sing aweh utawa paring
weruh lan ngerti. Klebu aku, aku ngerti nek aranmu kuwi Suwanda, putra angkate
Gusti Tumenggung Jatikusuma saka Majapahit, saiki lagi lelaku arep menyang bumi
Kedhuwang, kuwi mau merga aku ana sing maringi weruh”.
“Nyuwun Pangapunten Kyai” aku genti semaur “mbok
bilih kaparengaken mangertos, jengandika menika sinten? Lan sinten ingkang
sampun paring uninga dhumateng jengandika Kyai temah pirsa nami saha asal-usul
kula tuwin sedya kula nglampahi kekesahan menika?”.
“Tak wangsuli saka sing keri Suwanda” wong
tuwa kuwi mesem amba “sing maringi aku ngerti marang apa sing lagi wae mbok
takokne iki mau, ora ana liya kajaba Sang Hyang Maha Agung, Dzat Tan kena kinaya
apa, kang wus kepareng mbukak wiwara antarane atiku lan atimu. Dene yen sira
kepengin ngerti sapa satemene aku, aku mbutuhake wangsulan saka sliramu luwih
dhisik. Apa sing ndadekne sira duwe greget temah humregut nggonmu arep menyang
Kedhuwang iki? Kamangka satemene kabeh mau awit sliramu nindakne paukuman saka
wong tuwamu angkat? Yen wangsulan sing tak tampa saka sliramu mengko bener,
mangka sliramu bakal ngerti sapa satemene aku nanging yen kongsi kleru,
selawase sliramu ora bakal ngerti sapa jenengku lan nggonmu lelungan iki ora
bakal tekan ing papan kang mbok tuju jalaran bakal menggok lan anjog ing jagad
petengm jagad sonyaluri”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar