47.
Aku dadi sansaya gumun krungu wangsulane wong tuwa
kuwi. Dheweke ngaku yen olehe weruh sapa aku lan asal-usulku sarta ngerteni
nggonku lelungan iki arep menyang ngendi. Nanging keri-keri malah nodhi marang mungguh
sing dadi tekad anggonku arep ngupadi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki. Thik
ngonowa isih nganggo meden-medeni barang, yen kongsi kleru ancas lan tujuwanku
lire wis mlenceng saka dhawuhe Rama Tumenggung Jatikusuma jarene aku ora bakal
kasembadan ketemu karo Eyang Doradruwasa malah kepara bakal kesasar lakuku
anjog inga lam sonyaluri kumpul karo panunggalane jim setan peri prayangan.
Mula aku banjur nggagas, ora arep niutup-nutupi apa
sing ana atiku marang wong tuwa sing nyalawadi lan sajak wis ngerteni jaba
jeroku iki. Aku kuwatir yen nganti aku goroh sethithik wae, bisa-bisa aku kaya
sing dikandhakne mau, ya iku kesasar ing laku. Lan yen nganti kesasar ing laku,
ateges aku ora bakal bisa bali menyang Majapahit maneh lan kanthi mangkono
ateges gegayuhan nggonku arep mangun bebrayan karo Andalu bakal gagar wigar tan
kasembadan babar pisan.
“Inggih nyuwun pangapunten saderengipun Kyai” aku
wiwit aweh wangsulan karo tembung sing ngati-ati “Mila estunipun kados ingkang
sampun Kyai dhawuhaken bilih anggen kula kekesahan menika awit nglampahi
paukuman utawi pidana saking Rama Tumenggung Jatikusuma, nanging kula ugi
ngertos bilih anggenipun Rama Tumenggung paring pidana menika boten saking awit
kinandhesan raos gething dhateng kula malah kepara inggih awit saking agenging
sihipun Rama Tumenggung mila kula kedah nglampahi paukuman menika. Inggih awit
saking menika salah satunggal ingkang ndadosaken kula nggadhahi greget ingkang
gumregut menika”.
“Mula bener sing mbok nkandhakne Suwanda” wong tuwa
kuwi nyelani ngganku wangsulan “Wong tuwamu angkat kuwi banget tresnane marang
sira lan ora kepengin uripmu kesasar-sasar ing dalan sing ora bener. Sabanjure
sira kandha yen kuwi salah sijine sing ndadekne sira duwe tekad nglakoni
paukuman iki kanthi seneng, lha jalaran liyane ?”.
“Nuwun inggih Kyai” aku wangsulan alon, atiku nicil
seneng, wong tuwa kuwi ora ngluputake wangsulanku sing nyata jujur metu saka
prenthuling ati suciku “ingkang angka
kalih, mila kula kepengin sanget ngalab berkahipun Kanjeng Eyang Resi
Doradruwasa ing Bumi Kedhuwang, ing pangajab saged pikantuk seserepan utawi
ngelmi jatining sih, jalaran wekdal menika kula nembe nandhang gandrung
kapirangu dhateng satunggaling pawestri lan kepengin sanget saged mangun
bebrayan kalihan piyambakipun. Rumaos kula katresnan kula dhateng pawestri kala
wau saestu tresna ingkang tulus lahir trusing batin, nanging dening Rama Tumenggung
katresnan ingkang kula dhawahaken dhateng pawestri kasebat dereng trep, malah
panjenenganipun dhawuh bilih kula nembe kabidhung ing hawa nepsu ingkang
kekemul tembung tresna. Makaten ingkang saged kula aturaken dhateng jengandika
Kyai, samangke borong anggen jengandika badhe amastani, menawi ta atur kula
lepat kula saestu nyuwun gunging pangaksami”.
“Wasis tenan sira Suwanda” wong tuwa kuwi gumuyu
ngekek “Si Kiswara nyata ora tuna duwe siswa kaya si Kunthing sing saiki wis
baud nangkarake kawruhe marang para mudha kaya si Suwanda iki”.
Aku dadi gumun semu rada ora kepenak ing ati, aku
ngira yen wong tuwa iki sanajan nggadhuh ngelmu sing akeh, nanging kira-kira
merga kakehan ngelmu sing diwadhahi lan wadhahe ora nyukupi temah ndadekne wong
kuwi rada owah nalare. Aku kerep krungu crita yen akeh para brahmana sing isih
mudha banjur kerep tumindak sing ora klebu nalar lan sing keneh-keneh ngana
kae, mangkono iku jalaran iya durung bisane ngelmu sing ditampa kabeh mlebu ing
wadhahe. Samono uga wong tuwa sing ana ngarepku iki, dheweke nyata wis
kagadhuhan sesurupan sing ora sethithik, nanging merga nglemu sing ditampa durung
mlebu kabeh ing wadhahe, ndadekne rada ngawur karo sing diucapne. Taka rani ngawur
merga kumawani nyebut kanthi njangkar marang Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara
uga wani nyebut asma alite Rama Tumenggung Jatikusuma karo sebutan Kunthing.
Nanging, aku ora wani nesu marang wong tuwa kuwi, bab anggone nrucak marang
Kanjeng Eyang Panembahan Kiswara lan Rama Tumenggung Jatikusuma kuwi upama ana
walate dudu aku sing bakal nampa, sarta temene sikep nrucak kuwi ora gawe
kapitunane sapa-sapa kajaba ya kapitunane wong tuwa kuwi dhewe.
“Wangsulanmu kuwi mau ora luput Suwanda” wong tuwa
kuwi guneman maneh, nutugne olehe nanggapi wangsulanku sing mau “mula pancen ora
sethithik wong sing keblithuk dening tembung tresna utawa katresnan. Akeh sing
keplecuk temah kleru, merga dayaning hawa nepsu katresnan utawa rasa tresna
sing satemene suci banjur dicarub karo panyurunge hawa nepsu malah wekasane
jeneng tresna utawa katresnan direbut lan didhaku dening hawa nepsu. Kang
mangkono mau kaprah ing sadhengah papan lan panggonan, hawa nepsu diarani katresnan
jati, sing tundhone nguwohake menungsa dadi bodho lan nyidrani prenthuling ati
sucine dhewe. Akeh wong sing satemene mung seneng marang awake dhewe nanging
rumangsane wis seneng marang wong sing dianggep ditresnani. Kajaba saka iku
akeh wong sing nglorot drajating tresna sing luhur lan suci awit tresna kuwi
pletikaning sipating Hyang Agung sing digadhuhne marang titahE, banjur ngecakne
katresnan kaya dene wong dol tinuku ing pasar, katresnan diajeni kaya dene
barang dagangan sing dipurih ana bebathene, bebathen sing wujude dadi karemane
hawa nepsu. Kang kena keplecuk nggone merdeni tresna lan katresnan kaya
mangkono mau mula mratah ing ngendi-endi, wiwit sing ana kutha gedhe nganti
tekan pucuking gunung sing sepi, wiwit ratu nganti tekan kere sing manggon neng
ngisor kretek, wiwit brahmana nganti tumekan para sudra, ora ana bedane akeh
sing padha ngecakne kang mangkono kuwi mau. Lan iki ora winates rupane tresna
lan katresnan ing antarane wanita lan priya utawa suwalike, nanging uga wujude
katresnan antarane wong tuwa marang anake sarta anak marang wong tuwane.
Katresnan sing dicakne kabeh kudu nganggo pitukon yen kongsi pitukon kuwi ora
diwujudi mangka katresnan utawa tresna malah mbalik dadi gething sing
ngluwih-luwihi, ya iku rasa gething mung sabab ora oleh pitukon kaya sing
dikarepake, pitukone bisa wujud apa wae, ana sing rupa kang kasat mripat
nanging uga akeh sing dumunung ana rasa. Ora arang mung ing sajroning wektu sagebyaring
that-thit, tresna malih dadi gething, gething dadi tresna. Nanging sira Suwanda
sumurupa, wong tuwamu ya si Kunthing utawa Tumenggung Jatikusuma ora kepengin
anak angkat sing wis didhaku dadi anake dhewe kuwi, kesasar dalan sajroning
nindakne darmaning Sih utawa darmaning katresnan”.
Akeh-akeh wong tuwa kuwi nggone guneman, nanging kabeh
sing diucapne cetha yen ngemu pitutur luhur, pitutur sing sumbere saka kawruh
jatining kamanungsan. Tak gagas-gagas pituture wong tuwa ing ngarepku iki nyata
ngelmu sing jero banget sing ora gampang bisa dirasakne luwih-luwih yen mung
dirungokne satleraman wae. Malah jujur wae, aku mung bisa mbenerake sing
dikandhakne wong tuwa kuwi nanging bener sing kepriye aku kangelan nggenahake.
“Apa sing tak kandhakne iki mula ora angger wong bisa
kanthi cepet mangerteni karepe, Ngger Suwanda” wong tuwa kuwi nutugne rembuge,
wangune weruh apa sing lagi tak pikirne “jalaran ngelmu iku cetha kelakone iya among
kanthi laku, ngelmu kang mung tinulis ing angen-angen lan ora ana sing dilakokne
sajroning urip kang nyata padha wae karo unining kidung sing dienggo
gegandhangan dening bocah cilik sing ora weruh tegese malah bisa uga kaya tembung-tembung
sing metu saka ocehe manuk menco sing mung bisa niru unine suwara sing tau dirungu
nanging ora ngerti tegese”.
“Kasingguihan Kyai” aku sumela rembug mbeberake apa
sing dikandhakne wong tuwa kuwi.
“Saiki sumurupa bakal tak jarwani sapa sejatining
ingsun iki, rungokna kanthi tumemen supaya ora tumpeng suh nggonmu ngerteni sapa
sejatining wong tuwa ing ngarepmu sing kober mbok kira wong sing owah pikire”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar