48.
Atiku nratab, jebul sanadyan mung tekan ing
angen-angen, ora tak blakakne nek aku duwe pangira wong kuwi lagi owah pikire,
wong kuwi ngerti. Aku banget getun dene aku mau ndadak mikir sing ora-ora,
nanging ya piye maneh wong dhek mau aku pancen rada gela, krungu asmane Eyang
Panembahan Kiswara sarta asmane Rama Tumenggung dijangkar ngono wae dening wong
sing durung cetha sapa sejatine wong iku. Dilokne ngono kuwi akua rep kumecap
njaluk pangapura, lan arep tak cethakne yen olehku duwe pangira mau ora ateges
ngremehne wong kuwi, nanging dhapur mbenerake crita sing asring tak tampa yen
sadurunge dadi wong waskitha ora arang wong kuwi kudu nglakoni kaya wong sing
lagi lara nalare. Nanging durung nganti lambeku obah, wong tuwa kuwi wis
nutugne olehe guneman :
“Anane aku gelem njarwani jeneng sira sapa satemene
Ingsun iki, jalaran aku weruh yen sing arep sira temoni, ya iku Doradruwasa kuwi
selawase durung tau mbok weruhi, aja maneh kok sira Suwanda, sanadyan wong
tuwamu angkat wae satremene uga durung tau srawung karo siwakane kuwi. Ngertine
wong tuwamu angkat lan bakal maratuwamu yen Doradruwasa kuwi saiki mapan ing
Bumi Kedhuwang, iya mung merga kalorone padha percaya karo sing dikandhakne
Kiswara”.
“Mila kasinggihan ingkang jengandika dhawuhaken menika
Kyai” aku nyela rembug nalika wong tuwa kuwi leren sedhela nggone guneman merga
nelesi gorokane.
“Kamangka anggone Kiswara ninggalne jagad padhang iki
wis watara telungpuluh tahun kepungkur lan miturut petungane wong wektu iku
umure Kiswara wis satus rong puluh tahun lan Wong tuwamu angkat sarta bakal
maratuwamu kuwi uga dikandhani dening Kiswara yen umure Doradruwasa kuwi luwih
tuwa seket tahun tinimbang Kiswara, dadi saiki iki umure Doradruwasa wis rong
atus tahun” kaya ora nggatekne olehku nyela wuwus wong tuwa kuwi nutugne olehe
guneman.
Aku banjur meneng ora saulu apa-apa, sanadyan wong
tuwa kuwi wis rada sauntara mandheg olehe crita, menengku mau merga aku isih
ngenteni intoning rembug sapa satemene wong tuwa kuwi sing wiwit mau durung
dikandhakne marang aku.
“Apa sliramu percaya karo sing dikandhakne Tumenggung
Jatikusuma lan Kebayan Bulak Pandhe sing ora tinemu nalar kuwi Suwanda?”
dumadakan wong tuwa kuwi nakoni aku, ora enggal nyebutne sapa sejatine dheweke.
“Boten kepanggih nalar ingkang kados pundi Kyai? dhawuh
ingkang kula tampi saking Rama Tumenggung tuwin Wa Anggara sadaya jumbuh
kalihan nalar kula, kalebet anggenipun dhawuh murih kula puruita dhateng Kanjeng
Eyang Panembahan Doradruwasa ingBumi Kedhuwang menika” aku aweh wangsulan,
atiku rada runtik awit wong tuwa kuwi ngarani sing didhawuhne Rama Tumenggung
lan Wa Anggara marang aku ana sing ora tinemu ing nalar.
“Klebu isih uripe Doradruwasa sing miturut petung wis umur
rong atus tahun kuwi?” wong kuwi takon maneh karo mesem sajak ngece.
“Mila Rama Tumenggung paring dhawuh bilih Eyang Resi
Doradruwasa menika kaparingan kanugrahan yuswa Panjang, Kyai” aku nggenahne
dhawuhe Rama Tumenggung marang aku “kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nembe badhe kundru
ing kasedan jati menawi sampun wonten lelampahan ingkang sinebat Sirna Ilang
Kertaning Bumi, kamangka dugi sapriki lelampahan ingkang tinengeran mawi
sebatan kala wau dereng nate wonten, dados cetha menawi Eyang Resi Doradruwasa
estu taksih sugeng lan dereng badhe seda”.
“Iya pancen dening Begawan Satiban, gurune, Kiswara
nate oleh warta kaya sing sira kandhakne mau lan Kiswara uga percaya, jalaran Begawan
Satiban kuwi kajaba gurune uga wong tuwane Kiswara lan sedulur tuwane
Doradruwasa sing cilikane duwe jeneng Satibi” Wong tuwa kuwi nambahi critane
lan mesthi wae ndadekne aku sansaya tambah rada ngerti sapa sejatine Eyang Panembahan
Kiswara apa dene Eyang Resi Doradruwasa kuwi “nanging, sing arep tak takokne
marang sira rada beda maneh”.
Aku dadi rada anyel maneh marang wong tuwa kuwi, mau
wis kandha nek arep nepungake dhirine, nanging malah isih terus wae anggone
takon lan saupama aku wegah wangsulan cetha yen bakal dadi gelane atine,
kamangka aku ora kepengin gawe gelane liyan luwih-luwih marang wong tuwa sing
nyatane nggadhuh kawruh sing sesurupan maneka warna iki.
“menapa malih Kyai?” aku mbalik takon, suwaraku tak
gawe lumrah wae.
“Saupama jebul crita sing ditampa Kiswara sing banjur
dicritakne marang Tumenggung Jatikusuma sarta Kebayan Bulak Pandhe sing tumuli
dikandhakne marang sira, magepokan karo umure Doradruwasa utawa Satibi kuwi
jebul ngaya wara, apa sing bakal sira tindakne?” Wong Tuwa kuwi ngucapne apa
sing dadi pitakone marang aku.
“Ingkang kapisan Kyai” aku aweh wangsulan “mugi Kyai
uninga bilih dhawuh ingkang dipun tampi saking tiyang sepuhipun Eyang
Panembahan Kiswara lajeng kadhawuhaken dhateng Rama Tumenggung Jatikusuma tuwin
Wa Anggara menika dede crita ingkang ngayawara. Kaping kalihipun, ingkang badhe
kula lampahi inggih nyadhong dhawuh saking Eyang Resi Doradruwasa jalaran
anggen kula dugi ing Kedhuwang mrika mangke mila namung badhe ndherek necep
kawruh saking Panjenenganipun”.
“Bagus!” Wong tuwa kuwi guneman rada seru “sira ora
gelem mlebu marang tembung saupama sing tak kandhakne lan tetep ngandel yen Satibi
isih urip nganti tekan saiki. Saiki genti tak walik pitakonku wangsulana kanthi
jujur!”.
“Inggih sumangga suwawi kadhawuhna Kyai” wangsulanku
tatag.
“Kaya sing sira kandhakne ing ngarep, ya iku sira
durung tau midak bumi ing Kedhuwang kaping pindho sira uga durung wanuh karo
Resi Doradruwasa kuwi. Kamangka lagi mlaku oleh sedina wae gajege sira wis
salah marga banjur dituduhne dalan sing kudu mbok liwati dening wong sing ngaku
aran Ajar Sarapat wingi, dadi gelem ora gelem sira kudu aweh wangsulan marang
aku sing nggunakne tembung upama, upama lakumu saka Majapahit nganti tekan
Kedhuwang utawa malah kesasar tumiba ing papan liya, banjur ora bisa ketemu
karo mBahmu sing jejuluk Resi Doradruwasa kuwi, sira banjur arep kepiye he?”
wong tuwa kuwi bali nggunakne tembung upama kanggo nakoni aku.
Aku mikir sedhela, nata ukara kanggo aweh wangsulan
marang wong tuwa sing ngajak nggelar cangkriman iki, anggonku mbatang
cangkriman aja nganti gawe gelane sing nyangkrimi.
“Kepriye Suwanda?” wong tuwa kuwi ngambali olehe
takon, sawuse aku rada sauntara meneng.
“Inggih Kyai” aku aweh wangsulan “inggih bakenipun
kula menika namung sadremi ngemban dhawuhipun tiyang sepuh, prakawis kasil lan
botenipun menika gumantung dhumateng kamirahaning Hyang Agung. Tekad kula
namung badhe madosi lan puruita dhateng Eyang Resi Doradruwasa, menawi saged
kasembadan ingkang kula sedya, menika tuhu sampun jumbuh kalih angen-angen
kula. Dene menawi pranyata kula boten kasil panggih kalihan Eyang Resi
Doradruwasa inggih badhe kula padosi ngantos satelasing umur kula. Makaten ugi
menawi panyuwun kula dhumateng Eyang Resi dipun kabulaken kula sakalangkung
ngaturaken genging panuwun, dene menawi dereng kaparengaken inggih badhe kula
budidaya murih Eyang Resi Doradruwasa kersa ngrentahaken sih kawlasan nunten marengaken
kula puruita saha badhe kula tengga ngantos kula boten saged nengga malih”.
“Gedhe banget tekadira Suwanda” Wong Tuwa kuwi nanggapi
wangsulanku karo mesem “mung kuciwane sajake ora kabeh apa sing mbok jangka lan
mbok karepake dikabulne dening Hyang Agung, nanging sira aja kongsi cilik ati,
awit nyata sir amula pantes dadi putrane Tumenggung Jatikusuma”.
“Nuwun sewu Kyai” gandheng ngani suwe wong mau ora
gelem nyebut jenenge aku banjur nekad takon “estunipun jengandika menika
sinten?”.
“He he he……” Wong Tuwa kuwi gumuyu lirih banjur
kandhane “ngertia ngger Suwanda, Ingsun iki satemene kumara sing lagi ngumbara,
ya kuwi kumara utawa aluse mBahmu ya Resi Doradruwasa sing wis nyedhaki bali
menyang asal-usulku, satemene tunggangan kanggo baliku menyang jaman langgeng
kuwi ora ana liya aluse Kyai Baratketiga sing mbok tumpaki wingi kae, saiki
Kyai Baratketiga wis sira tundhung lunga jalaran mbok anggep ngreregoni lakumu
sing sumedya menyang Kedhuwang. Ngertia Suwanda, saiki Baratketiga wis tekan
Kedhuwang nunggoni ragaku sing lagi semedi, yen sira kepengin enggal tekan
Kedhuwang sawangangen lakuku sing mesa ting gegana, mengko sira bakal weruh ana
teja, ya kuwi wujudku sing satemene . Paranana papane Teja kuwi, mangka sira
bakal ketemu karo sing sira upadi”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar