49.
Nganti sauntara suwene aku ora bisa guneman apa-apa,
ana rasa kaget sing njalari aku mangkono kuwi mau. Jalaran wiwit pisanan ketemu
karo wong tuwa sing sajak nyala wadi iki, babar pisan aku ora ngira yen
panjenengane jebul Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sedulur tuwane Kanjeng Eyang
Panembahan Kiswara, lan panjenengane ngendika yen sing ana ngarepku iki mung
aluse dudu badan wadhage. Ora krasa aku nglirik sampeane Eyang Resi
Doradruwasa, jebul pancen anggone jumeneng iki mau ora mancik ing lumahing
bumi, nanging sampeane Eyang Resi iki ana let sakilan saka lemah. Bareng wis
rada eling karo kahanan, aku maju sajangkah banjur ndheprok ing ngarsane Eyang
Resi arep ngaturne pangabekti lan nyuwun sih pangaksama awit aku wis tumindak
sing ora samesthine marang panjenengane, malah mau kober ngira yen panjenengane
iki wong sing lagi lara pikire barang.
Nanging sepira kagetku maneh, bareng dumadakan Eyang
Resi Doradruwasa ilang saka panyawangku, ilang sing tanpa ninggalake tilas
babar pisan. Aku dadi sansaya bingung, ora ngerti apa sing kudu tak tindakne
nemoni lelakon sing nganeh-anehi iki.
“Aja kaya bocah cilik sing lagi tangi saka turu
Suwanda” dumadakan adoh saka langit keprungu suwarane Eyang Resi Doradruwasa
paring dhawuh “sawangen ing langit sisih kulon, ing kana sira bakal weruh ing
ngendi papan dunungku lan yen nyata sira ngarepake bisa kepethuk aku, sira wis ingsun
paring gadhuhan ngelmu sing bisa ndayani ora ngrasakne luwe, ngelak sarta
keseling salira, sira bisa kuwawa ora turu lan ora krasa ngantuk. Daya
kekuwatan kuwi bakal cumondhok ing jiwa lan raganira nganti satus rong puluh
tahun suwene, wis mangsa bodhowa nggonmu arep nerusake laku. Nanging sepisan
maneh ingsun jarwani, mbok menawa sing bakal mbok temu mengko ora jumbuh karo
angen-angene hawa napsu sing mbok gawa wiwit sira budhal saka Dalem
Katumenggungan wingenane”.
Aku ndhangak nyawang prenahe suwara kuwi, sing katon
mung birune langit. Lan nalika mripatku nyawang cakrawala sisih kulon, katon
ana teja ngregemeng ora pati cetha, nelakne yen papane adoh banget saka papan
sing tak panggoni wektu kuwi. Aku ngadeg, dhawuh pangandikane Kanjeng Eyang
Resi Doradruwasa sing lagi wae iku wis bisa tak rasakne. Awakku krasa entheng
kimbuhan seger, daya kekuwatanku krasa yen wutuh. Gageyan aku njupuk gawanku
lan wiwit mlaku mengulon ngarah papane teja sing manther ana sukuning langit.
Kaya sing tak kira sadurunge, mula papane teja kuwi
adoh banget, dadi nganti sore nggonku lumaku, teja kuwi tak sawang isih katon
adoh banget. Nalika srengenge wis angslup ing sisih kulon, sanadyan kahanan
dadi peteng, nanging teja sing arep tak parani papan panggonane kuwi ora katut
ilang, isih katon wae. Mula aku ya ora nglereni nggonku mlaku, luwih-luwih
pancen wektu kuwi, aku babar pisan ora ngrasakne kesel, ora ngrasakne luwe, ora
ngrasakne ngelak lan ora krasa ngantuk, dadi aku pra mbutuhake ngaso babar
pisan. Ngono kuwi kelakon nganti pirang-pirang dina, yen ora kleru olehku
ngetungi kira-kira nganti pitung dina pitung bengi nggonku mlaku ora leren lan
ora kepethuk manungsa siji-sijia uga ora nemoni pringgabayane laku, sing
wekasane lakuku anjog ing sawijining padhukuhan cilik sing asri lan subur.
Tekan papan kono aku ngendhegne nggonku mlaku, ora
jalaran saka kesel, nanging aku kepengin takon marang salah siji saka warganing
padhukuhan kuwi. Ya kuwi nakokne kono kuwi padhukuhan ngendi lan sing diarani
Bumi Kedhuwang kuwi apa isih adoh saka kono, jalaran teja sing ana langit sisih
kulon sing tak parani, wektu kuwi wis ora cetha maneh. Sadhela-dhela ngaton ing
panduluku, sedhela-sedhela banjur ilang. Nanging saben-saben aku ngulati
omah-omah sing ana padhukuhan kuwi, kabeh katon lawange tutupan rapet, ora ana
tandha-tandha yen ana wong sing ngenggoni. Nadyan karo ati gumun, aku banjur
mlaku maneh, lakuku sengaja tak gawe alon karo milang-miling ngulatne kiwa
tengene dalan, mbok menawa bisa ketemu wong sing bisa tak takoni.
Dumadakan aku krungu suwara tracaking jaran sing mlayu,
tak rungok-rungokne arahe saka mburiku, wangune arep ngliwati dalan sing lagi
tak liwati iki. Atiku dadi krasa seneng, aku banjur mandheg neng tengahing
dalan karo madhep menyang prenah asale suwara tracaking jaran sing tumuju papan
kono. Pangrunguku ora luput, ora suwe saka arah wetan katon ana wong loro nunggang
jaran. Lan nalika wong loro kuwi weruh aku sing ngadeg ana tengah dalan, ora nisih
minggir menehi dalan marang sing lagi jejaranan, wong loro kuwi ngendhegne
jarane banjur nyawang aku kanthi mripat cetha yen ngemu rasa sujana.
“Nuwun sewu Kisanak” aku ndhisiki aweh kurmat karo
guneman marang wong loro kuwi “nyuwun gunging pangaksami, awit anggen kula
sampun wantun ngganggu anggen ndika badhe langkung dalan menika”.
“nDika kuwi sapa ? saka ngendi lan arep menyang
ngendi? Sajake lagi sepisan iki aku ketemu karo ndika!” salah siji saka wong
sing jejaranan kuwi takon, kekarone ora kedhep anggone nguwasi aku.
“Nami kula Suwanda Kisanak” wangsulanku prasaja apa
anane “mila leres ingkang ndika sanjangaken, kula mila dede tiyang mriki lan
nembe sepisan menika kula ngancik dhusun mriki. Kula pangumbara saking tebih, asal
kula saking sacaketing Kitharaja Majapahit, ing pangangkah badhe dhateng Bumi
Kedhuwang, nanging kula dereng ngertos marginipun, menapa kisanak kekalih saged
paring pitedah dhateng kula?”.
“nDika saka Kutharaja Majapahit?” wong kuwi ora
mangsuli pitakonku malah banjur takon sajak luwih sujana maneh.
“Leres Kisanak” aku sabar aweh wangsulan.
“Wis pirang dina ndika budhal saka omah?” wong kuwi
takon maneh.
“Dereng dangu, watawis inggih sedasanan ari, Kisanak”
wangsulanku.
Wong kuwi manthuk-manthuk karo nyawang kancane sing
uga manggut-manggut, mung kanthi soroting mripat wong loro kuwi guneman karo
padha kancane. Aku dadi ora kepenak dhewe nampa sujana saka wong loro kuwi.
“Banjur ndika arep menyang Kedhuwang kuwi arep sanja
ing omahe sedulur ndika apa arep ana prelu liya Kisanak?” sawuse inget-ingetan
karo kancane wong kuwi takon maneh.
“Waleh kemawon Kisanak” wasana aku ora sabar aweh
wangsulan “estunipun kula badhe sowan ngabyantara ing ngarsanipun Sang
Panembahan Doradruwasa, nuhoni dhawuh saking panjenenganipun ingkang kula tampi
saking sasmita gaib, nanging kula namung kaparingan ancer-ancer kemawon menggah
papan dunungipun Bumi Kedhuwang. Inggih awit saking menika, menawi ndika
kekalih kasdu ing panggalih, kula nyuwun mugi katedahna margi dhateng Kedhuwang
trepipun ing pundi anggenipun mangasrama Sang Resi Doradruwasa”.
“nDika katimbalan dening Sang Panembahan Kedhuwang?”
wong mau dumadakan malih alus basane.
“Kasinggihan Kisanak” wangsulanku.
Wong loro kuwi banjur mudhun saka gigiring jarane,
karo nuntun jarane wong loro kuwi banjur sansaya nyedhak karo papanku ngadeg.
“nDika sampun dumugi Kedhuwang Kisanak Suwanda”
kandhane wong mau sawise cedhak karo papanku ngadeg “menawi ndika ngersakaken
sowan ing ngarsanipun Sang Panembahan Kedhuwang, inggih Sang Resi Doradruwasa,
sampun caket papan ingkang ndika tuju. Mangga sareng kemawon kalih kula, ing
margi protigan ngajeng mrika menika, menggok nganan inggih ing mriku papan
paleremanipun Sang Panembahan”.
“Inggih matur nuwun Kisanak, manga suwawi kula
dherekaken” wangsulanku karo ati seneng, merga wis dituduhi dalan lan malah
arep dijak bareng.
“Inggih dhawah sami-sami Ki Suwanda” wangsulane wong
mau karo mesem semanak lan basane dadi sansaya alus “inggih nuwun sewu dipun tepangaken
kemawon, kula Jurudah dene menika kadang kula sepuh nenggih kakang Prasanta,
saking Sendhang Pangayoman, ingkang badhe sowan dhateng sesembahan kula, ingkang
ugi siswanipun Sang Panembahan, ingkang sampun sawatawis dereng kundur dhateng
Sendhang Pangayoman”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar