60.
Sidane aku wong papat wis sarujuk yen kanggo ngarah murih
ora cilaka ing tangane para prajurit lan wong-wong sing dhemen laku cidra, kanggo
sawantara suwene aku arep manggon neng Warunge Togog, ngiras pantes melu
ngrewangi anggone Togog bebakulan lan yen bengi bisa melu nunggu warung kuwi,
merga nek bengi Togog karo sisihane turu neng omahe sing ana sajerone desa
Bulak Pandhe. Codhot apa dene Tomblok merga umur-umurane luwih tuwa sethithik
tinimbang aku, yen ngundang aku cukup njangkar utawa nganggo ater-ater Adhi.
Nalika srengenge wis sansaya mudhun ing langit sisih
kulon, Tomblok lan Codhot padha pamit arep bali menyang omahe. Dina kuwi wong
loro sing nalika budhal saka omah duwe niyat arep menyang sawah, wurung merga
mandheg neng warung sing wekasane kepethuk aku, sing miturut panemune Togog,
Tomblok lan Codhot, prelu dibantu murih ora dadi korbane wong – wong sing
rumangsa lagi menang perang.
“Dina iki mau tumrapku dina sing banget gawe senenge
ati” kandhaku nalika Tomblok lan Codhot ngadeg sawise pamit nek arep bali “aku
bisa kepethuk sedulurku tuwa lan oleh pagaweyan kanggo nutugne uripku. Aku
matur nuwun banget marang Kang Tomblok lan Kang Codhot, luwih-luwih marang Kang
Togog, merga arep ngrekakne aku ndika wong telu padha oleh kapitunan ing dina
iki”.
“Kapitunan sing kepiye Dhi?” Tomblok bali lungguh
maneh karo takon, Codhot melu-melu bali lungguh.
“Lha wis genah ta?” aku wangsulan karo mesem “ndika
karo Kang Codhot, nandhang tuna merga kudune bisa nandangi gaweyan sing durung
rampung neng sawah, nanging wurung merga jagongan karo aku neng kene. Lha nek
Kang Togog, dawegan sepuluh katit digawa wong sing rumangsa menangan mau”.
“St…..” Togog nyaut karo nyelehne driji panudinge neng
lambe “aja diomong, nek krungu wong marakne ora becik”.
“Lhah, wong jenenge ketemu sedulur nek mung ninggalne
gaweyan setugel dina wae, ya ora ana rugine ta Dhi? Ngono kok ndika arani tuna,
kanggoku malah bathi, netepi unen-unen Tuna satak bathi sanak ngana kae lho?”
Tomblok aweh wangsulan.
“Iya Kang” wekasan aku aweh wangsulan “nanging, ndika
wong telu aja padha salah tampa ya? Tenane ngono, tekaku neng kene iki mau ya
nggawa sangu, asile nggonku keklumpuk nalika aku ngumbara golek upa. Mung kanggo
tandha tresna lan atur panuwunku marang ndika wong telu, tak jaluk ndika padha
gelema nampani saperangan cilik saka sangu sing tak gawa iki”.
Aku ngetokne kanthong sing isi dhuwit perak, banjur
tak jupuk isine, kanggo Tomblok lan Codhot wong siji tak wenehi limang klithik,
sing ajine padha karo regane wedhus siji. Lan kanggo Togog tak wenehi sepuluh Klithik,
dadi tikel ping pindho kari sing ditampa Codhot utawa Tomblok.
“Kok mengkono ta Dhi?” Tomblok guneman karo mripate
mblalak kaya wong kaget “dhuwit kuwi gajege olehmu keklumpuk sarana adus
kringet dodol tenaga, kok malah ndika dum-dumne marang aku, iki apa wis bener?”.
“Iya Dhi Genter, dhuwit olehmu buruh-buruh kok mung
arep mbok driyahne marang aku, kamangka gajege ndika kuwi ya isih butuh wragat
kanggo urip lho?” Codhot melu guneman.
“Ngene lho Dhi” Togog amul gunem “Adhi Genter kuwi
cetha nek sedulurku dhewe, karo sedulur kuwi aja dipadhakne karo wong liya,
lire endi sing repot kudu dibantu, endi sing longgar kudu gelem ngrewangi
sedulure sing lagi mbutuhake. Aja banjur mbok regani nganggo dhuwit perak utawa
emas, ajine paseduluran kuwi ora bisa ditandhing-tandhingne karo apa wae”.
“Kakang-kakangku kabeh” aku wangsulan karo mesem “mau
aku rak wis kandha, ndika kabeh aja padha salah tampa. Ya bener nek sing tak
wenehne ndika iki nggonku keklumpuk sarana nyambut gawe tegese iki dhuwit sing
ora olehku tumindak dudu, colong jupuk sapiturute, lan maneh kuwi mung
saperangan cilik saka sangu sing tak gawa, dadi kanggo dina-dina sabanjure aku
isih duwe simpenan sing cacahe cukup malah kepara isih bisa turah nek mung
kanggo ngragati uripku sing kembang plonco tanpa anak tanpa bojo ngene iki.
Dadi ndika tak jaluk gelema nglegani atiku, ndika tampa dhuwit sing mung kena
ngge tuku suruh gambir sapanginangan paribasane iki, minangka tandha yen
anggonku ngaturake panuwun marang Kakang-kakangku ditampa kanthi becik”.
Wekasan wong telu kuwi gelem nampani pawewehku lan padha
ngaturake panuwun dhewe-dhewe. Banjur padha bali menyang omahe, klebu Togog
sing dina kuwi ora sida kapitunan merga dawegan dagangane dirampog dening
prajurit mau.
Nalika wektune wis meh surup srengenge, aku wis
rampung nggonku reresik, adus neng kalen ora adoh ing mburi warung. Aku mapan
lungguhan neng lincak sing manggon neng ngisor wit Randhu alas sawetane warunge
Togog. Karo lungguh, aku nggagas, apa sing bakal tak tindakne dina sesuk. Sing
cetha aku or alali karo ancasku sakawit, tekaku ing kene iki merga kepengin ngerti
kahanane Andalu, malah aku uga wis duwe gagasan yen wis kepethuk, Andalu arep
tak jak lunga saka kene, arep tak jak nemoni Kang mBok Setyawati lan aku arep nembung
marang sedulur tunggal guruku sing kaprenah tuwa kuwi, nek arep nempil
kamukten, murih ditampa dadi kulawarga utawa dadi kawula ing Kraton
Katentreman. Nggagas sing mangkono kuwi, ndadekne aku mesem dhewe, wis
gawang-gawang ing padoning mripat, mendah kaya apa tentreme nek aku wis klakon
mangun omah-omah karo Andalu, wanita sing banget tak tresnani kuwi. Banjur urip
prasaja ing Katon Katentreman, kaya lumrahe wong urip ing karang padesan,
banjur aku kaparingan turun………..
“Lagi mikir apa ta Dhi Genter? Kok mesam-mesem dhewe
kuwi?” ora weruh kapan tekane, dumadakan Togog wis aruh-aruh takon, neng
sandhingku, ditutugne karo kandha “iki lho mBakyumu kepengin weruh adhine sing
lagi teka saka Pandhansari”.
“Kaget aku Kang” aku gragapan aweh wangsulan “sing iki
ta mBakyuku sing selawase durung tau ketemu aku ki?”
Aku manthukne sirah karo mesem marang wong wedok sing
ngadeg neng sisihe Togog, wonge duwe pakulitan resik, awake lemu ora sumbut
karo dedege sing ora pati dhuwur.
“Iya Dhi, ya aku iki Yumu sing jeneng Minthul bojone
kakangmu Togog” Yu Minthul wangsulan grapyak “lha wong wiwit dadi bojone kangmu
kuwi, aku ki durung tau lho dijak sanja menyang Pandhansari kuwi? Nek gagasan
arep ngajak dolan neng nggone Lik Sarma ki jane ya wis suwe, nanging ya mandheg
neng gagasan wae. Malah awakmu sing ndhisiki teka kene, benere pancen ya ngono,
wong nom ki sing kudu ngalahi marani sing tuwa ngene iki”.
Ambak-ambak wong lemu kaya ngono, jebul Yu Minthul ki
jebul ya grapyak, omonge klebu akeh.
“Mbakyumu ki ya ngono kuwi lho Dhi, karo jenenge sing
lanang wae wis lali, aja maneh kok jenengku, lha wong nyebut jenenge dhewe wae
ya ora bener” Togog nrambul gunem karo mesem.
“Aku ki jane ora lali, Kang” Yu Minthul nyaut tembung “nanging
golek murih bgampange wae, wong mandhak mung jeneng wae lho? Wong sak Bulak
Pandhe kene iki arang sing tepung karo Gemi, arang sing ngerti sapa kuwi Mursita,
lha nek karo Minthul bojone Togog, utawa Togog bojone Minthul, wong sak Bulak
Pandhe mesthi wis tepung kabeh”.
“Iya, ya wis, Adhimu Genter ayo ndang dijak mangan,
mumpung isih padhang” Kang Togog aweh wangsulan lan prentah marang bojone.
“Iya tak mlebu warung dhisik, karo tak uripne dilahe,
ben gak kaya warung suwung” Yu Minthul banjur mlaku karo ngindhit tenggok sing
wangune isi sega salawuhane.
Togog menyat, ora nututi sing wedok, nanging nyedhaki
ting sing cumanthel neng emper warung, banjur diuripne dimare.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar