61.
Kanthi dipadhangi dimar teplok aku wong telu mangan
bareng. Rampung mangan, Yu Minthul kandha yen pancen aku arep manggon neng
kene, kanggo manganku saben dina aku dipenging olah dhewe, nanging arep dikirim
saka omah. Aku mung meneng sing ateges nyarujuki apa sing dadi karepe Yu
Minthul sing dibenerake dening Kang Togog. Aku uga dadi sansaya percaya marang
Togog, jebul sisihane wae wis ora diblakani sapa sejatine aku, malah Kang Togog
wis gawe crita yen aku iki temen-temen sedulur nak dulure dhewe sing durung
ditepungi dening sisihane.
Kang Togog banjur ngajak aku metu saka jero warung,
nggelar klasa neng latar, merga rembulan purnama wis njudhul saka langit sisih
wetan. Ing mangsa ketiga ngene iki, nggelar klasa ing tengah latar kasunaran
dening padhange rembulan tanggal kaping lima las ngene iki, nyata bisa ndadekne
padhange angen-angen tenan. Sumribite barat sing silir-silir nggawa hawa adhem
bisa nggampangne ilanging rasa kesel sawuse nyambut gawe meres tenaga sedina
muput ing wayah awane.
Dalan ngarep warung sing tumuju menyang Desa kuwi
jebul ora sepi banget, sanajan ing wayah wengi, sedhela-sedhela ana wong mlaku
liwat kono. Siji loro padha aruh-aruh marang Kang Togog lan sisihane sing uga
wis lungguh neng klasa.
“Nglaras ta Gog? Lha warunge ko kora mbok bukak?” ana
wong liwat neng dalan mandheg sedhela karo ngluruhi Kang Togog.
“Durung gawe panganan Dhe, sing mau awan wis entek”
wangsulane Togog.
“Iya saben dina rak ya ngono ta?” Wong kuwi guneman
maneh “kok mung sing tak dhengarekne ki, padatan kowe nek wengi ngene iki ra
kora tau ninggalne bojomu? Lha bengi iki kok isih neng warung?”
“Lha iki bojoku ya melu neng kene iki? Malah karo
adhine barang kok!”
“Lhah kuwi mau Minthul ta? Ketutupan wewayangane wit
Munggur, ndadekne aku pangling, tak sengguh nek wong lanang kuwi mau” wong kuwi
mlaku nyedhak karo nutugne olehe takon “adhine
Minthul sing endi maneh? Wong Minthul ki ora duwe tunggal kok, kowe omong nek
karo adhine barang kuwi?”.
“Adhiku nak dulur Dhe” wangsulane Togog karo ngingset lungguhe
aweh panggonan marang wong sing lagi teka “Adhiku Genter saka Pandhansari”.
“O alaaah” wong kuwi banjur melu lungguh neng klasa “apa
anake suwargi Kang Sarma? Kabare biyen Kang Sarma ki ninggal anak siji, apay a iki?”.
“Inggih Dhe” aku gage wae nyaut “nggih kula niki, larene”.
“Iya-iya, aku iki biyen jaman nom-noman biyen, kancane
glidhig bapakmu, nanging bareng Kang Sarma rabi oleh Pandhansari biyen, banjur
blas ora tau endhang-endhang mrene, ngerti-ngerti aku krungu kabar saka Sawargi
kang Giya nek jarene seduluere nom kuwi wis kepundhut, malah ngertiku sawise
pendhak pindhone” wong kuwi banjur crita “lha jenengmu sapa? Wis omah-omah pa
rung? Kok bojomu ora mbok jak kuwi?”.
“Inggih Dhe, nami kula Genter” wangsulanku nepungne
dhiri.
“Genter iki durung rabi Dhe” Kang Togog nindhihi
rembug “wong wektu iki Pandhansari sepi gaweyan, mula karepku Genter tak kon mandheg
neng kene rada sauntara ben ngrewangi Minthul karo aku ana warung kene”.
“Iya aku krungu kabar jare Pandhansari lagi kena cobaning
Hyang Agung, tanduran padha pusa merga diama dening Tikus wis sawatara suwene. Apay
a pancen mangkono ta Ter? Iya jenengku Karta Cikrak” womg kuwi uga nepungne
dhiri sawuse takon pawarta ngenani Desa Pandhansari sing lagi akeh tikus.
“Leres Dhe” aku wangsulan karo ngarang crita, jeneh
sing dikandhakne Desa Pandhansari kuwi wae aku ya lagi ngerti ancer-ancere,
durung tau weruh papan sing sabenere “mpun wiwit telune mene, tikus lan walang
sangit sami ngrusuhi tanemane tiyang mrika, dados mrika sak niki paceklik turu
alu, tiyang-tiyang kathah sing ngungsi pados tedha, kalebet kula sing lajeng
mriki niki, mergi sedulur kula nggih Kantun Kang Togog kalih Yu Minthul niki
sing kula ngertosi”.
“Niku mawon, angsale sumerep rupane sedulure nggih
nembe mawon kok Dhe” Minthul sing maune meneng lungguh neng pojok klasa rada
adoh melu amul rembug “dadi nggih ama tikus niku enten gunane, saged methukne
sedulur sing empun meh ilang, merga boten tau sanjan sinanjan, kados Kang Togog
kalih Adhi kula Genter niku”.
“He he he” Karta Cikrak nggleges alon “bener kuwi Thul.
Bareng butuhe menungsa sansaya akeh ngene iki ndadekne wong dadi arang dolan,
kabeh ketungkul karo gaweyan saben dinane sing ora ana rampunge, kaya aku iki
ya ngono, wiwit omah-omah biyen nganti saiki ya durung tau ngajak mbokmu gedhe
sanja menyang desa klahirane sing neng Sendhangngembes kana, kajaba pas
Maratuwaku tinggal Donya kae, dadi putune maratuwa kuwi saiki pira aku ya ora
ngerti”.
“Iya Dhe” Togog genti sing wangsulan banjur ditutugne takon
“lha iki mau Dhe Karta arep menyang sawah apa mung klintong-klintong nglaras
endahing purnama karo mlaku-mlaku mubeng desa?”.
“Aku wengi iki rak ketiban urak rondha neng Gredhu
cedhak regol mlebu desa kono kuwi ta Gog? Ngancani karo ngladeni para Prajurit
sing ana kono, prajurit sing kereng-kereng saka Kedhiri apa saka Keling kuwi
neh?” Karta Cikrak aweh wangsulan.
“Lha kok malah mlaku-mlaku mrene?” Togog takon.
“Mripate Prajurit-prajurit kae jan awas banget” Karta
Cikrak aweh wangsulan “warungmu sing adate peteng, merga mbok tinggal mulih,
bareng wengi iki mbok sumeti dimar ndudut kawigatene para prajurit kae, banjur
aku dikongkon ndelok mrene, ana apa? Ngono. Lha Jaya Slunthu karo Min Gareng,
mau ya dikongkon ndelok kuburan kembar sing neng lor desa kae”.
“Lha kuburan barang kok dikongkon marani ki apa neng
kana ya ana sing nyumet dimar ta Dhe?” Togog takon karo mesem.
“Jarene Lurah Prajurit sing ana gredhu kana mau, mbok
menawa wae wengi iki bakal ana wong teka sing arep gawe kisruh neng desane
dhewe, lha pandhegane wong sing jarene arep gawe kisruh kuwi jenenge Suwanda,
putrane Gusti Tumenggung Jatikusuma suwargi. Lha kowe rak ya ngerti ta? Nek kuburan
kembar kae kuburane Rinten bojone Juragan Waraka karo sedulur kembare sing
jeneng Andalu, loro-lorone padha mati suduk jiwa sawuse diprawasa dening
prajurit sing menang perang? Let sedina karo
biyunge sing uga lampus dhiri sawuse
ngerti nek Ki Kebayan Bulakpandhe gugur lan Nyi Kebayan suthik dadi reh-rehane
prajurit saka Keling. Satemene sing dirodhapeksa dening Prajurit sing rumangsa
wis unggul yudane kae rak mung Andalu, merga Rinten katon nek wis meteng rada
gedhe, nanging Rinten melu suduk jiwa pisan merga diuman-uman dening sing
lanang. Didakwa nek wis ora suci maneh luwih-luwih nalika Rinten mara menyang
omahe wong tuwane mbarengi Juragan Waraka ora ana omah pisan, saking puteging
nalare Rinten banjur melu nusul kembarane nyudukne patrem sing wis dicencem ing
upase ula weling menyang dhadhane dadi lan triwase”.
Kaya disamber gelap rasane krungu kojahe Karta Cikrak marang
Togog sing mangkono iku, rasane atiku. Andalu sing tak lari kabare jebul wis
dadi korban kawengisane perang, korban merga angkara murkaning manungsa sing
wis kelangan rasa kamanungsane. Andalu wis kari wujud kuburan, merga mati
kanggo nebus lara wirange, sawuse diprawasa lan dirodhapeksa nuruti nepsune
prajurit sing nyata murang tata. Untuku nggeget, dhadhaku kaya pecah merga kobong
dening genining kanepson sing dumadakan nyumet jejantungku. Nanging, aku isih
meneng durung guneman apa-apa. Karta Cikrak, Togog apa dene Minthul sing padha
lungguh tunggal saklasa karo aku durung ana sing weruh yen praupanku mesti wis
owah ora karuwan, sunaring rembulan kang kaling-kalingan wewayangane godhonging
wit munggur sing ngrembuyung, ndadekne praupanku ora ketara yen lagi nesu.
“Lha banjur gandhenge kuburan kembar karo tekane Raden
Bagus Suwanda sing jarene arep gawe kisruh kuwi apa Dhe?” Togog sing babar
pisan ora ngulatne aku, banjur takon marang Karta Cikrak sing lagi wae meneng
anggine kojah.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar