62.
Karta Cikrak ngingset lungguhe nyedhaki papane lungguh
Togog, noleh ngiwa, nengen banjur noleh memburi. Sawuse sing ditoleh ora ana
wewayangan apa-apa sing sajak dikuwatirake, banjur setengah bisik-bisik wiwit
guneman. Mangsuli pitakone Togog sing lugu mau.
“Kowe ngerti punggawa Dalem Katumenggungan sing jeneng
Makara kae?” sadurunge mangsuli pitakone Togog, luwih dhisik Karta Cikrak
takon.
“Ya ngerti ta Dhe?” Togog wangsulan “Makara sing senengane
mendem ciu karo kondhang tukang ndhemeni bojone wong liya kae ta?”.
“Iya bener” Karta Cikrak nyauti rembug “lha ya Makara
kae sing ngandhani para Prajurit yen kira-kira wae Raden Bagus Suwanda bakal niliki
kuburan kembar kuwi, merga kandhane Makara, satemene Raden bagus Suwanda kuwi
kayungyun marang Andalu, malah jarene wis duwe niyat arep didadekne garwane,
nanging dening wong tuwane Makara sing jeneng Ki Suwela, arep direkakne murih
Andalu ora digarwa dening Raden Bagus Suwanda, cukup didadekne selir wae”.
“Oo, dadi Andalu kae selire Raden Bagus Suwanda?” Togog
nyelani takon.
“Durung sida, merga durung nganti klakon nyelir
Andalu, Raden Bagus Suwanda dumadakan murca saka dalem Katumenggungan, menyang
ngendi parane ora ana sing ngerti” Karta Cikrak aweh wangsulan.
“Nuwun sewu Dhe” karo ngempet gumronjaling dhadhaku
sing wis panas aku nyoba amul rembug “Ndika wau criyos nek sing ngandhani para
prajurit murih ngulat-ulati kuburan kembar niku sinten Makara?, nanging ndika nggih criyos nek tiyang sepuhe
Makara niku rencange Den Bagus Suwanda? Pripun
ta genahe ngoten?”.
“Kowe durung pati mudheng bab iki Ter” Karta Cikrak
semaur alon “maune Makara kuwi rak andhahane Raden Bagus Suwanda neng dalem
Katumenggungan kana? Klebu Ki Suwela ya dadi andhahane Raden Bagus Suwanda.
Nanging kuwi biyen jaman sing jumeneng minangka Tumenggung isih Gusti Tumengung
Jatikusuma, wong tuwane angkat Raden Bagus Suwanda. Bareng Gusti Tumenggung
Jatikusuma seda ing rana, Ki Suwela lan Makara banjur padha malik tingal, ora
bela pati awit gugure pepundhene, malah banjur melu nyawiji karo para prajurit
kraman. Malah kabare sadurunge ana kraman sing ndadekne Kanjeng Sinuhun
kendhang saka praja kae, Ki Suwela lan Makara wis mangun pasekuthon karo
wong-wong ing Keling, nanging ya kanthi sesidheman. Lagi sawuse Gusti
Tumenggung gugur, wong loro kuwi banjur ngatonake jati dhirine”.
“Keparat ora weruh kabecikan tenan wong-wong sing
mangkono kuwi” ora sengaja aku nggeget untu karo ngetokne pangucap minangka
rasa gela lan kuciwaku marang Ki Suwela lan Makara.
“Pancen ya ngono kuwi tekune wong loro kae” Karta
Cikrak semaur alon “wong-wong kene ya wis apal kabeh karo tekune wong loro kae.
Nanging awake dhewe iki wong cilik sing ringkih ora duwe daya kekuwatan
apa-apa, bisane mung mbenerake apa sing dadi ucape sapa sing lagi kuwasa”.
“Enggih Dhe” aku kelingan yen wektu kuwi aku iki
Genter dudu Suwanda, mula tembungku ya tak gawe kaya mau sadurunge aku krungu
kabar yen Andalu wis dikubur neng Kuburan Kembar.
“Wong cilik kaya awake dhewe ngene iki” Karta Cikrak
guneman maneh, suwarane luwih alon tinimbang mau “bisane mung ngrewangi para
bendara sing lakune bener sing saben wektu tansah mikirake kawulane kaya Raden
Bagus Suwanda kuwi, mung sarana ndedonga lan nyenyuwun marang pangwasane
Bathara, muga-muga Jawata kang Kawekas tansah paring pangayoman marang
panjenengane. Lan muga-muga wae, wong-wong sing tekune kaya Suwela lan Makara
kae enggal nampa benduning Dewa jumbuh karo kaculikane”.
“Iya Dhe” Togog genti semaur “nanging olehe nyenyuwun
kuwi cukup ana ing batin wae, nek nganti keprungu wong-wong sing mBathara marang
kumrincinge dinar, sadurunge panyuwune awake dhewe dimirengne dening Jawata,
awake dhewe wis kedhisikan digantung utawa ditugel gulune, didadekne
pangewan-ewan”.
“Kuwi wis cetha Gog” wangsulane Karta Cikrak “awake
dhewe pancen kudu luwih ngati-ati, senajan satemene apa sing ditindakne cengkah
karo suwaraning batin. Kaya yen ngadhepi iblis kaya Makara kae, tata gelar
awake dhewe kudu kurmat lan kudu nyembah-nyembah, nanging sajroning batin rak
misuh-misuh ta? Mosok menungsa waras kaya awake dhewe iki dikongkon ngajeni
Iblis sing mripate wuta, nganti ora weruh ing budi becik, ora mung tumindak
cidra mangun pasekuthon karo mungsuh wae, malah kabar sing tak tampa jebul
Makara kuwi uga melu ngrodhapeksa Andalu sing cetha yen kuwi wanita sing banget
ditresnani dening Raden Bagus Suwanda sing wis paring kekocah lan kamukten
marang dheweke”.
Sansaya umub rasane getih sing mili ing sarandhuning
ragaku krungu kandhane Karta Cikrak sing keri dhewe iki mau. Ora nyana ora
ngira babar pisan yen Makara jebul wis kliwat wates nggone nyidrani kekancan
antarane aku lan dheweke. Jebul menungsa kuwi wis wani melu ngrodha peksa
Andalu lan sawuse Andalu suduk jiwa lan dipendhem neng kuburan kembar, saiki
genti arep ngarah patiku sarana kongkonan prajurit kraman murih gawe cilakaku.
Nanging aku isih eling, yen dina kuwi aku isih sajroning sesinglonan, durung
wancine wong-wong kuwi ngerti yen aku iki sejatine Raden Bagus Suwanda, putra
angkate Rama Tumenggung Jatikusuma. Mula aku ya banjur meneng, ngempet lan
ngedhem panasing ati. Mung sajroning tekad, aku duwe prasetya, kudu bisa
malesake lara wirange Andalu marang Makara lan para prajurit kraman sing wis
ngrodhapeksa dheweke.
“Pancen jagad iki lagi gonjang-ganjing tenan kok Dhe” keprungu
Togog guneman ngegongi rembuge Karta Cikrak “nek Makara utawa Ki Suwela tega
nyidrani Gusti Tumenggung Jatikusuma munggahe marang Kanjeng Sinuhun Prabu,
kuwi jalaran kepengin oleh palungguhan sing luwih dhuwur maneh, lha nek Juragan
Waraka kae? Mung merga wedi yen dikira duwe kasetyan marang Ki Kebayan sing
tenane isih maratuwane dhewe, banjur wani tumindak nistha, Rinten sing ora dosa
apa-apa, diuman-uman banjur dikongkon mati lampus dhiri kaya sing ditindakne sedulur
kembare, kamangka Juragan Waraka ya ngerti nek Rinten kuwi wis ajiwa loro, awit
Rinten lagi ngandheg jabang bayi sing dumadi saka wijine Juragan Makara dhewe.
Dadi mung merga kepengin oleh rai saka para prajurit Kraman, Juragan Waraka uga
wis tega mateni anak bojone dhewe. Apa ngono kuwi ora luwih edan maneh?”.
Sadurunge Karta Cikrak aweh wangsulan, dumadakan saka
kadohan keprungu suwarane wong lagi rerepen, adoh banget nanging keprungu
cetha, rerepen tembang Asmaradana :
Lelakon ing jagad iki,
Nyata angel diraksakna,
Yen ora wening nalare,
Nalar kang wening punika,
Wahyu saka hyang suksma,
Mula aywa kongsi kliru,
Ngati-ati ywa tinilar.
Karta Cikrak, Togog, Minthul lan aku padha mingkem. Tembang
Asmaradana sapada kuwi cetha yen aweh pepeling supaya kabeh padha ngati-ati,
supaya kabeh padha ding waspada. mBok menawa pancen bener apa sing dikandhakne
dening Togog, yen jagade lagi gonjang-ganjing. Urip neng jagad sing lagi gonjang-ganjing
yen ora ngati-ati bisa dadi lan cilakane. Kahanan dadi sepi, ora ana sing
guneman apa-apa, kabeh kairup dening perbawaning tembang Asmaradana sing
keprungu ditembangne dening sawijining wanita, ora ana sing bisa ngira-ira
suwara kuwi saka ngendi asale, nanging bisa dirungokne kanthi cetha. Angi wengi
ing mangsa ketiga sansaya ngidhit nggone sumilir, nambahi kekes lan sepining
wengi.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar