63.
Sawuse padha meneng lan ngumbar gagasane dhewe-dhewe, dumadakan
saka gredhu panjagan cedhak regol mlebu desa keprungu thonthongan ditabuh,
uluk-uluk dara muluk rambah kaping telu. Karta Cikrak banjur ngadeg, suwara thonthongan
cakruk nganggo irama dara muluk ngono kuwi wis dingerteni yen duwe teges ana
wong sing neng gredhu parondhan kuwi ngundang kanca-kancane supaya enggal padha
mara mrono, mligine sing padha duwe jejibahan ing wengi kuwi.
“Sajake ana sing celuk-celuk Gog” kandhane Karta
Cikrak karo mbenerne jarike “rumangsane sing nabuh dara muluk kae tekane dhisik
dhewe, ora ngerti nek wong sing wis Gerang iki wiwit mau olehe teka malah wis
nindakne wajib ndelok dimar neng warung kene”.
“Iya Dhe” wangsulane Togog karo melu ngadeg “ayo nek
ndika arep bali menyang gredhu, aku karo Minthul tak bareng, ngiras tak mapir
menyang Gredhu aweh kabar yen warungku bengi iki ana sing nuroni, ya kuwi
Adhiku Genter wong-wong lan prajurit-prajurit kae ben ora duwe pangira sing
neka-neka”.
“Ngono ya luwih becik” Karta Cikrak aweh wangsulan.
“Ayo Thul bali dhisik, Adhi Genter ben leren” Togog
ngajak bojone bali, banjur kandha marang aku “tinimbang mengko weruh apaapa
sing ndadekne dheg-dhegan Adhi Genter turu neng jero warung wae, kahanan lagi
ora pati becik kanggo leledhang ana latar sanadyan rembulane lagi purnama”.
“Iya Kang” aku wangsulan cekak.
Sawuse Wong telu kuwi padha mlaku rada adoh, klasa
sing mau digelar Togog banjur tak gulung tak lebokne neng jero warung. Aku bali
metu lungguh neng lincak sendhen wit munggur karo nggagas apa sing kudu tak
tindakne wengi iki.
Pancen atiku sing lara merga ngerti kelakuwane Ki
Suwela, Makara apa dene Waraka, wis aweh prentah supaya daya-daya tumindak
malesake lara wirange wong-wong sing dadi kurban kajuligane wong-wong kuwi.
Luwih-luwih lara wirange Andalu sing olehe lampus dhiri merga ora kuwat
nandhang wirang jalaran wis diprosa asmara dening wong-wong sing duwe watak
ngungkuli kewan, lan salah siji saka wong kuwi jebul Makara sing kudune aweh
pitulungan marang Andalu, nanging jebul malah dadi salah siji saka kewan-kewan
sing ambleger manungsa kuwi.
Aku uga kelingan yen tenane tekaku ing Bulak pandhe
kene kuwi wis dingerteni dening para telik sandine prajurit Keling lan Kedhiri,
lan tekaku iki bakal dipapagne kanthi kekuwatan sing kliwat saka wutuh, murih
aku bisa dirangket lan digawe cilaka. Mula aku kudu luwih ngati-ati maneh, lan
aku uga ora niyat ngendhani bebaya sing cetha ngadhang lakuku ing Padhukuhan
Bulak Pandhe iki. Jalaran kaya sing wis tak kandhakne neng ngarep, aku ora
bakal ninggalne Desa Bulak Pandhe kene sadurunge klakon males lara wirange
Andalu, putrane Wa Anggara sing mati sia-sia merga saka pakartine Makara sakanca-kancane.
Dumadakan thukul gagasan ing angen-angenku, wengi kuwi
aku arep nggoleki Makara neng omahe sing
manggon neng pinggiran Kutharaja Majapahit. Utang wirange Makara marang Andalu
arep tak tagihne wengi kuwi, nanging aku ya nggagas kepiye carane murih aku
bisa tekan kana lan kepethuk Makara tanpa dingerteni prajurit-prajurit Keling
utawa Kedhiri?. Yen ngono aku kudu bisa tumindak kaya lakune maling, akua rep golek
dalan sing arang diambah menungsa, sing bisa anjog ing omahe Makara. Nek perlu
kanggo mlebu omahe Makara kudu nggangsir tlisig murih ora konangan wong. Dadi memper
karo critane Bambang Aswatama sing nindakne laku maling, nggangsir kedhaton
Ngastina kanggo males ukum marang Dhrethajumena sing wis nugel gulune wong
tuwane, kaya sing dicritakne neng wayang purwa ngana kae.
Kanggo nindakne laku maling ngono kuwi, kudu diwiwiti
sasoresorene iya yen wis ngancik wayah sepi bocah, mula aku banjur nutugn enggonku
lungguh karo ngrancang apa wae sing kudu tak tindakne yen wis klakon adu arep
karo Makara utawa Ki Suwela. Dumadakan saka sisih mburiku krasa kaya ana wong sing
ngelus-elus pundhaku, aku dadi kaget lan tumuli mencolot maju karo noleh, sapa
sing wis ngelus-ngelus pundhakku iki mau.
“Nyuwun pangapunten menawi kula sampun damel kejoting
penggalih jengandika Raden” ana bocah cilik utawa kena diarani bocah bajang,
merga dedege kira-kira mung sadhengkulku wae, sing ngadeg ing tilas papanku
lungguh, karo guneman sing alus kebak trapsila marang aku. Aku dadi gumun, lan
wiwit duwe pangira yen bocah bajang iki dudu bangsane janma manungsa, nanging
bangsane apa?.
“nDherek tepang gladhi wanuh Raden, estunipun kula
sampun radi dangu ndherek jengandika Raden Suwanda, nami kula Bancik Raden”
bocah bajang kuwi guneman maneh, nggenahne sapa dheweke.
“Bancik?” aku wangsulan karo takon “Bancik kuwi sapa? Gajege
lagi iki aku kepethuk karo awakmu he Bocah Bajang? Kowe kuwi bangsane apa? Lan ana
parigawe apa dene bengi-bengi kowe teka nemoni aku neng kene? Sumurupa Bancik,
aku iki Genter anake Ki Sarma saka Pandhansari, isih sedulur nak dulure kang
Togog sing duwe warung iki”.
“He he he he” Bocah bajang sing ngaku duwe jeneng
Bancik kuwi ngguyu, banjur celathu “menawi kalih tiyang sanes, manga kemawon
sakersa ndika badhe ngaken sinten kemawon, nanging menawi kalih kula inggih
tanpa gina ta Raden? Jaragan kula sampun ngertos sedaya lelampahan jengandika
wiwit bidhal nilar Dalem Katumenggungan kalih nitih Turangga Kyai Baratketiga,
lajeng kepanggih kalih alusipun Resi Doradruwasa, lajeng kadhawuhan nyampurnakaken
ngelmi Sejatining Sih dening Kanjeng Ratu Setyawati, lajeng jengandika bidhal
malih dhateng Majapahit lan gantos nami dados Genter, menika boten wonten
ingkang kecicir saking panyawang lan pamireng kula”.
Diuneni kaya mengkono kuwi aku dadi sansaya gumun.
Cetha yen Bancik iki ngerti sabarang kalir sing magepokan karo lelakonku kabeh.
Banjur tuwuh pitakon lan pangira-ira ing angen-angenku, nek dudu bangsane
lelembut saka Alam Sonyaluri Bancik iki bisa uga Dewa sing lagi tumurun saka Kahyangan.
Nanging apay a ana Dewa kok nganggp bebisik Bancik?.
“Kula menika dede Dewa saking kahyangan ingkang mangejawantah
Raden” kaya ngerti apa sing lagi tak pikirake, Bancik guneman maneh “ugi dede
panunggalanipun Jim, Setan, Peri, Prayangan, Ilu-ilu Banaspati saking jagad samun”.
“Yen dudu Dewa lan uga dudu bangsane Ji, banjur ndika
kuwi bangsane apa?” aku genti takon.
“Kula menika barang ingkang kinodrat pejah, nanging
kawiradatan dening Empu ingkang asma Panembahan Satiban saking Gunung Argapura,
temah dados titah ingkang sepalih gesang sepalih pejah” wangsulane Bancik sing
ora bisa tak ngerteni karepe, mung aku gumun wae dene Bancik nyebut-nyebut
asmane Kanjeng Eyang Panembahan Satiban, ya gurune sawargi Kanjeng Rama
Tumenggung Jatikusuma lan uga gurune Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing wis
makahyangan.
“Nuwun sewu Raden” Bancik sing sajak ngerti yen aku
lagi ketaman rasa gumun banjur guneman maneh “menawi boten klentu, dhuk nalika
jengandika badhe jengkar saking Dalem Katumenggungan rumiyin, dening Gusti
Tumenggung Jatikusuma kaparingan sipat kandel wujud curiga alit, menapa leres
makaten Raden?”.
“Iya, bener apa sing dadi kandhamu iki” wangsulanku
rada kaget “aku diparingi keris sing jeneng Kyai Bancik, dadi apa ndika kuwi………….?”.
“Leres Raden estunipun kula menika Kyai Bancik,
wangkingan jengandika peparing saking Gusti Tumenggung Jatikusuma” Bancik aweh
katrangan sapa satemene dheweke “smangke cobi jengandika pirsani, ing lempeng
jengandika ingkang padatan sumlempit wangkingan Kyai Bancik, taksih wonten
mriku menapa boten?”.
Aku nggrayahi lempengku, keris Kyai Bancik sing wiwit
biyen ajeg tak sengkelit ana kono, jebul wis ora ana. Aku dadi sansaya gumun,
menyang ngendi parane gegaman sing wujud keris iki? Kamangka selawase ora tau
pisah karo lempengku kajaba yen aku wayah reresik awak, kuwi wae mesthi tak
selehne ora adoh karo papanku, teka saiki wis ora ana?.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar