Total Tayangan Halaman

Rabu, 17 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (064)

64.

Bocah Bajang sing ngaku jeneng Bancik kuwi cengar-cengir ngguyu aku sing lagi bingung semu gumun dene gegaman peparinge Rama Tumenggung sing selawase ora tau uwal saka ragaku dumadakan wis ora ana.  Banjur karo mencolot neng dhuwur lincak sing mau tak engge lungguh, Bocah Bajang sing dedege mung sadhengkulku lan gedhene mung sak lengen kuwi guneman sansaya cetha :

 

“Mesthi kemawon boten wonten mriku Raden, jalaran estunipun Kyai Bancik ingkang wujud saben dintenipun rupi dhuwung menika, estunipun inggih kula menika”.

 

“Dadi ndika iku Keris Kyaiu Bancik?” aku takon.

 

“Leres Raden” wangsulane Bancik karo manthuk kurmat.

 

“Banjur ana karep apa ndika salin wujud kaya mangkono iku Kyai Bancik?” aku takon maneh.

 

“Mugi kaemutan Raden” kandhane Bancik anoraga “kula menika mila estu kawulanipun Bendara kula Raden Tumenggung Jatikusuma ingkang nunten kaparingaken dhateng jengandika Raden Suwanda, dados wekdal samangke menika Bendara kula inggih namung jengandika Raden Suwanda, ngantos dumugi titi wancinipun Raden Suwanda ngersakaken kula kesah misah kalihan jengandika Raden, kados lelampahanipun Kyai Baratketiga ingkang nunten dados titihanipun Sang Maharsi Doradruwasa kundur makahyangan”.

 

“Aja nyebut-nyebut jeneng Kyai Baratketiga maneh Kyai Bancik” aku wangsulan rada sengol “anane Kyai Baratketiga tak tundhung lunga nalika samana, merga aku ora ngerti sapa satemene Jaran sing jare asale saka Bumi Sumbawa kae”.

 

“Sami kalihan panganggep jengandika dhateng kula Raden” Kyai Bancik aweh wangsulan karo cengar-cengir “menawi boten mawi srana makaten tartamtu jengandika Raden namung badhe nganggep kula menika namung wujud tosan pinipih ingkang ginanipun namung kangge nyuduk sok sintena ingkang pantes sipun suduk, harak inggih makaten ta?”

 

Ditkemak kaya mangkono kuwi aku ora semaur, mung meneng, ngenteni rembug sing sabanjure saka Kyai Bancik.

 

“Lha dene anggen kula kumawantun matur dhateng Raden Suwanda kanthi cara ingkang makaten menika, jalaran kula ngrumaosi bilih jengandika menika Bendara kula lan kula kawula jengandika. Kuwajiban jengandika minangka Bendara sampun jengandika tindakaken kanthi sae, inggih menika tansah ngreksa lan paring pangayoman dhateng kula ingkang jejer minangka kawula. Dene kuwajiban kula minangka kawula, mila namung nengga dhawuh saking Bendara menapa ingkang kedah kula lampahi, nanging kula raos minangka Bendara enggal, jengandika dereng pirsa menawi kula nengga dhawuh saking jengandika ingkang titi kalenggahan menika saestu nembe badhe nindakaken pakaryan ingkang sakalangkung awrat” kaya sing tak badhe, Kyai Bancik nutugne rembuge.

 

Aku lenger-lenger krungu kandhane Kyai Bancik sing mangkono kuwi mau, pancen sasuwene iki aku mung nganggep yen Keris sing tak sengkelit neng lempengku kae mung piranti kanggo ngadhepi bebaya. Mula aku ya ora aweh prentah apa-apa, jalaran mung wong sing ora waras sing aweh prentah marang barang sing ora bisa obah. Nanging jebul kanyatane Kyai Bancik iki jebul ora mung  bisa obah wae, nanging malah bisa caturan kaya lumrahe manungsa lan malah bisa maujud dadi bocah bajang sing nduweni anggautaning raga ora beda kaya manungsa lumrah. Saiki dheweke kandha yen ngenteni prentah saka aku sing dadi bendarane, banjur prayogane aku aweh prentah apa marang Bocah bajang sing temene wujud keris cilik iki?.

 

“Raden Suwanda menapa saestu jengandika kagungan kersa badhe manggihi titah murtad ingkang nami Makara lan Suwela?” sawuse rada suwe meneng, Kyai Bancik takon, sing dadi pitakone iki cetha mung aku dhewe sing meruhi jalaran gagasan anggonku kepengin bisa adu arep karo Makara kanggo nagih utang wirange Makara marang Andalu, yektu durung tak kandhakne marang sapa wae. Mangka kanthi anane pitakon saka Kyai Bancik sing mangkono mau, nuduhake yen Kyai Bancik malah luwih ngerti karo apa sing ana sajroning angen-angenku.

 

“Gene ndika wis ngerti apa sing ana sajroning batinku Kyai?” aku mbalik takon “Apa Kyai Bancik kuwawa tak jaluki tulung kanggo mujudne angen-angenku iki Kyai?”.

 

“Kula menika namung piranti Raden” wangsulane Kyai Bancik karo mesem “kuwawi menapa botenipun gumantung dhateng bendara ingkang ngginakaken kawula ingkang wujud piranti menika”.

“Sing dikarepne Kyai Bancik karo wangsulan mangkono kuwi piye?” aku  blaka yen durung ngerti apa sing dikarepne karo tembunge Kyai Bancik.

 

“Makaten inggih Raden” Kyai Bancik aweh katrangan “menawi jengandika Raden badhe ngginakaken piranti ingkang wujud wangkingan alit ingkang nami Kyai Bancik menika, salah satunggalipun mawi cara, kanthi ngusap wilahipun Kyai Bancik mawi tapak asta kanan manginggil, mangka jengandika Raden badhe boten saged katingalan dening sok sintena kemawon ingkang wujud janma manungsa, ngantos Raden ngusap wilah malih mawi asta ingkang sami, namung saking nginggil mangandhap, ing mriku jengandika badhe katingalan malih dening sadhengahing tiyang. Dados menawi jengandika Raden ngersakaken manggihi Makara utawi Suwela kanthi sesidheman lan boten kadenangan sinten kemawon cara kala wau saged jengandika tindakaken”.

 

Aku manthuk-manthuk rumangsa eram karo katiyasane keris Kyai Bancik peparinge Rama Tumenggung sing sasuwene iki durung tak weruhi mungguh sing dadi katiyasane.

 

“Salajengipun” Kyai Bancik nutugne rembuge “menawi Raden ngersakaken murih wonten wewujudan ingkang kasat mripat saged katut boten katingalan dening tiyang sanes, Raden cekap angusap wilahing keris Kyai Bancik mawi asta kering manginggil sarwi mirsani wewujudan ingkang jengandika kersakaken, ing mriku sadaya wewujudan kalebet janma manungsa badhe ical saking panduluning tiyang sanes ngantos jengandika Raden ngusap mangandhap wilahing keris Kyai Bancik mawi asta kering”.

 

“Sabanjure apa maneh Kyai ?” aku takon katiyasan liyane sing ana sajrone Keris Kyai Bancik.

 

“Taksih kathah sanget Raden” wangsulane Bocah Bajang sing jebul wujud liya saka Keris Kyai Bancik kuwi “mangke ing wanci sanes ingkang radi mirunggan saged kula jlentrehaken kanthi cetha. Namung kemawon, menawi jengandika taksih dereng uwal saking pusaka Kyai Bancik, liripun Kyai Bancik taksih nyenggol salira jengandika, estunipun boten wonten malih ingkang pantes jengandika ajrihi, jalaran sakujuring salira jengandika badhe boten pasah ketiban gegaman wujud menapa kemawon, inggih kenging sinebat jengandika badhe tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning gerinda tanapi tedhaning kikir”.

 

“Ngono ya Kyai?”

 

“Inggih Raden” wangsulane Kyai Bancik sabanjure “samangke kula badhe wangsul dhateng panggenan ingkang jengandika kersakaken inggih menika sinengkelit ing lempeng jengandika Raden lan sedaya ingkang sampun kula aturaken, saged jengandika tindakaken, inggih menika ingkang kula wastani tumibaning dhawuh saking bendara dhateng kawula”.

 

Rampung guneman mangkono iku, dumadakan wewujudan Bocah Bajang banjur ilang saka panduluku, kasusul ana rasa gumrenjel ing lempengku. Nalika tak grayahi, jebul Keris Kyai Bancik sing maune ora ana wis mbalik manggon neng sengkelitanku maneh. Aku banjur nggagas, arep ngecakne apa sing lagi wae dikandhakne Kyai Bancik marang aku, aku nedya ngambah alam sing ora bisa disawang sapa wae. Aku kepengin enggal bisa males wirang marang Makara lan Ki Suwela sing nyata-nyata wis nyidrani kasetyane marang Kanjeng Rama Tumenggung Jatiukusuma munggahe marang Samparan Dalem Kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya. Lan kang luwih baku maneh, aku kepengin enggal bisa nagih utang lara wirang sing disandhang dening Andalu merga tumindake Makara sing koncatan jiwa kamanungsane.

 

Keris Kyai Bancik tak unus saka lempengku, ukirane tak candhak nganggo tangan kiwa, banjur karo memuji marang Hyang Agung sinartan tembung marang Kyai Bancik, wilahe keris tak usap mendhuwur nganggo epek-epek tangan tengen, kanthi mangkono aku wis percaya yen wektu kuwi aku ora bisa kesawang dening mripate sapa wae. Keris Kyai bancik banjur bali tak sengkelit neng lempengku kiwa lan aku tata-tata arep mlaku sumedya menyang omahe Makara sing manggon rada adoh saka papan kono, ya iku ing pinggirane Kutha Raja, cedhak karo Dalem Katumenggungan sing biyen tau tak panggoni.

 

Nanging durung nganti sikilku jumangkah, dumadakan saka dhuwur ana cahya sumorot anelahi gawe sulaping panyawangku, cahya kuwi mandheg persis ana ngarepku sajak arep ngadhang laku. Aku kaget lan banjur tata-tata ngadhepi bebaya.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...