65.
Cahya kuning kuwi dumadakan wis salin wujud, kaya dene
wujude Kyai Bancik sing wujud bocah bajang mau, Cahya Kuning kuwi uga wujud bocah
bajang mung duwe cahya sing sumunar kuning semu rada mbalerengi. Aku ora enggal
sapa aruh marang wewujudan anyar iki, nanging aku panggah ora tinggal
kaprayitnan, nek nitik solahe Bocah Bajang mawa cahya iki cetha nek ora
sabaene, nanging duwe kadigdayan sing wangune ora gemen-gemen.
“Kula abdi jengandika Raden, sami kalihan Kyai Bancik”
kandhane Bocah Bajang mawa cahya kuning kuwi alus, anoraga “kula pun Sipat
ingkang wujud kasaripun arupi Slendhang Sutra Kuning ingkang tansah jengandika
agem sabukan”.
Aku kaget semu gumun, mau Kyai Bancik sing wujude
Keris nemoni lan aweh weruh sing dadi daya kekuwatan sing sinimpen ing awake,
saiki Bocah Bajang iki ngaku yen dheweke Slendhang Sipat, sipat kandel
peparinge Wa Anggara. Alon-alon tanganku nggrayahi bangkekan sing saben dina
tak taleni nganggo Slendhang peparinge Wa Anggara kae. Kaya Kyai Bancik nalika
ngongkon aku nggrayahi lempeng mau, saiki bangkekanku wis ora ketalenan
slendhang Sipat maneh.
“Sami kalihan Kyai Bancik Raden” Slendhang Sipat sing
wis wujud Bocah Bajang kuwi guneman maneh “minangka abdi, kula tansah ngantu-antu
kaparingan dhawuh saking jengandika Bendara kula”.
“Mengko dhisik Kyai Sipat” aku wangsulan alon “aku
ngerti yen jejer ndika iku mung piranti kanggo nyengkuyung apa sing tak karepake.
Banjur piranti wujud Slendhang kaya ndika kuwi bisa digunakne ing babagan apa?”.
“Kados ingkang sampun jengandika buktekaken piyambak
nalika jengandika Raden kepanggih prajurit Keling siswa-siswanipun Ajar Srapat
saderengipun jengandika Raden kepangih kalihan Maharsi Doradruwasa nika. Menawi
asta jengandika Raden kasabet kaping tiga mawi slendhang sipat, saestu saged
damel mirisipun sok sintena ingkang amengsahi jengandika Raden lan menawi nekad
boten miris mangka tiyang kala wau badhe nandhang lumpuh tanpa daya” Bocah
Bajang mawa cahya kuwi aweh wangsulan.
“Iya aku wis mbuktekne dhewe ing babagan kuwi” aku
guneman maneh “nanging tak kira ora mung mandheg tekan semono katiyasan sing mapan
ana pusaka peparinge Wa Anggara iki”.
“Mila leres makaten Raden” wangsulane Slendhang Sipat
sabanjure “Slendhang Sipat menika estu Slendhang ingkang dipun tampi dening
Sang Begawan Satiban nalika panjenenganipun mahas ing samun ing pucuking Ardi
Argapura nalika samanten, lajeng dening Panembahan Satiban kaparingaken dhateng
Ki Kebayan Bulak Pandhe ingkang lajeng kaparingaken dhateng jengandika Raden
menika. Saestu menawi Raden ngersakaken ngelih barang ingkang awratipun
ngungkuli gunung pisan, menawi wonten peranganing barang menika saged
katangsulan mawi Slendhang Sipat, saestu saged kanthi gampil jengandika seret
utawi kabandhilaken”.
“mBok menawa ana piguna sing liyane ?” aku takon
maneh.
“Kathah Raden” Slendhang Sipat wangsulan “manawi
jengandika watak, Slendhang Sipat saged jengandika ajak nrabas tembok ingkang kandel
tanpa damel risaking tembok, ugi saged jengandika dhawuhi murih ngewahi
wewujudan jengandika dados wewujudanipun tiyang sanes ingkang jengandika
kersakaken lan pigunipun ingkang sanes, benjang-benjang saged kula aturaken
kanthi mirunggan. Samangke keparenga kula wangsul malih anggubed salira
jengandika Raden, awit kula tingali lan kula raosaken dalu menika jengandika
badhe nindakaken pakaryan ing kang wigatos, mugi2 kangge ngrampungi pakaryan
menika kajawi ngginakaken Kyai Bancik mugi kula saged ugi kaginakna”.
Bubar muni ngono kuwi, Bocah Bajang mawa cahya kuwi
ilang, lan kaya mau saiki ing bangkekanku wis katalenan Slendhang peparinge Wa
Kebayan Bulak Pandhe sing wujud Slendhang Sutra Kuning kang aran Slendhang
Sipat.
Sansaya bombong rasaning atiku, sansaya manteb
tekading rasaku, wengi iki aku kudu bisa males lara wirange Rama Tumenggung
marang Ki Suwela lan Makara sarta nagihake utang wirang sing disandhang dening
Andalu merga saka tumindake Makara. Kanthi laku dhedhemitan sing ora bisa disawang
dening wong liya, aku mlaku kanthi kepenak, nurut dalan sing tumuju omahe
Makara lan omahe Ki Suwela.
Bener apa sing dikandhakne dening Karta Cikrak pas
mara menyang warunge Togog sore mau, wengi kuwi prajurit kraman saka Kedhiri
lan Keling padha jaga-jaga kanthi sikep gegaman sing jangkep. Malah meh
sadawaning rattan sing tak liwati, akeh prajurit sing uga mlaku baris wor
sapantha-pantha kaya yen arep budhal methukne mungsuh ing palagan ngana kae.
Weruh solahe para prajurit kraman kuwi, atiku dadi panas. Ngiras pantes
mbuktekne warta sing tak tampa saka Kyai Bancik mau, aku ntedhaki Lurahing
prajurit sing lagi mratitisake andhahane nggone padha mlaku.
“Dhug!” tanpa ngucapne apa-apa, tanganku kumlawe uwange
lurah prajurit kuwi tak cakruk nganggo kepelan tangan sakayange.
“Adhuuuuuuuh……..!” Lurah Prajurit sing oira weruh
sangkan parane bilahi kuwi njerit kelaran banjur rubuh tumiba neng lemah,
untune padha rampal saking bantere cakrukanku. Kanca-kancane padha kaget,
banjur pating pencolot padha nyedhaki, kepengin ngerti apa sing wis dialami
dening lurahe.
Genti sikilku sing tak obahne, Lurah Prajurit sing
isih gereng-gereng kelaran kuwi tak gajul prenah dhadhane. Sepisan maneh Lurah
Prajurit kuwi mbengok banter, banjur kejet-kejet semaput. Para andhahane dadi
sansaya geger ora karuwan, aku sumingkir rada ngadoh, karo ngenteni apa sing
bakal ditindakne para prajurit sing ditinggal semaput lelurahe kuwi.
“Piye ca iki?” salah sijine prajurit mbengok banter
nakoni kanca-kancane “Ki Lurah dumadakan kaya ketiban gegaman sing ora katon
ing mripat, ngerti-ngerti rubuh ing lemah lali puwa duksina”.
“Lha ya piye?” kancane ana sing semaur “katone Ki
Lurah kena guna dhesthi sing ditindakne bangsa alus, mau aku krungu suwara kaya
ana bindhi sing tumiba ing pipine Ki Lurah, banjur aku weruh Ki Lurah tiba neng
lemah. Lan sing sadurunge Ki Lurah semaput iki mau mesthine kabeh ya padha
krungu lan weruh, dhadhane Ki Lurah kaya ditibani gandhen wesi, sing ndadekne
Ki Lurah banjur ora kelingan iki”.
“Sing ngganggu gawe Ki Lurah iki mau cetha nek dudu
bangsane manungsa” prajurit liyane ana sing guneman “mbok menawa wae, Ki Suwela
utawa Ki Makara pirsa sapa sing wis ngganggu gawe Ki Lurah iki lan nganggo
sarat utawa sajen apa murih bangsa alus kuwi ora nindakne ganggu gawe maneh
marang awake dhewe lan prajurit saka Kedhiri lan Keling liyane, jalaran bisa
wae Ki Lurah wis nindakne sing dadi sirikane warga kene jalaran Ki Lura hora ngerti,
ngerti-ngerti wis nampa pidana kaya ngene iki wujude”.
“Yen ngono” Prajurit sing dhisik dhewe nakoni kancane
mau aweh prentah, wangune prajurit kuwi wewakile Lurah Prajurit sing lagi
ngrasakne cakrukan karo gajulanku kuwi “ayo Ki Lurah digawa menyang
pasangrahan, gajege wengi iki Ki Suwela karo Ki Makara uga lagi ana ing
pasanggrahan”.
Krungu yen para prajurit kuwi arep nemoni Ki Suwela
lan Makara ing pasanggrahan, batinku krasa seneng, rumangsa kabeneran tenan,
olehku tumindak gawe cilakane Lurah Prajurit mau jebul malah ana gunane. Saupama
aku mau bablas menyang omahe Makara, mesthi malah ora oleh gawe, wong Makara
ora ana ing omahe, samono uga karo Ki Suwela. Yen bengi iki Ki Suwela karo
Makara manggon neng Pasanggrahane Prajurit saka Kedhiri lan Keling, ateges wong
loro kuwi manggon neng omahe Wa Anggara. Lan kuwi luwih becik kanggoku, bengi
iki ora sah ndadak mindhon gaweni, wong loro kuwi bakal tak rampungi, jumbuh
karo dosa lan kaluputan sing wis ditindakne.
Aku banjur ngadeg ngenteni budhale para prajurit sing
arep nggawa lurahe sing ora eling kuwi menyang pasanggrahane, aku arep ngetutne
saka mburi, mesthi wae karo isih ngecakne dayane Kyai Bancik sing wis ndadekne
aku ora bisa disawang dening mripate wong-wong sing ana kono, kanthi cara iki
tak kira luwih gampang kanggoku arep methuki Ki Suwela lan Makara, anake.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar