27.
Sapandurat Puranta supe menawi nembe
wonten ing parepataning Ki Lurah lan Para Bebau. Tumrap Puranta tingkahipun Ki
Bebau Kidul menika sampun nglangkungi wates, sok sintena kemawon boten kenging
nampi kados ingkang nembe kemawon dipun tampi dening Puranta. Awit saking
menika, Puranta lajeng siyaga ing dhiri kanthi pasang kuda-kuda kangge ngadhepi
Ki Bebau Kidul menawi badhe tumindak ingkang kados wau.
Jebul ingkang rumaos runtik manahipun boten
namung Puranta kemawon, Ki Bebau tengah lan Para Sapukawating Kalurahan ingkang
sampun dangu anggenipun dados Sapukawat, kathah ingkang boten narimahaken dene
putranipun Ki Lurah Tambak Kapisan dipun sikara dening Ki Bebau Kidul. Menapa
malih sareng tiyang-tiyang menika sami sumerep menawi Ki Jagabaya Bontot
ingkang ugi sampun nglolos pedhang, ketingal menawi badhe suka pambiyantu
dhateng Bebau Kidul, Sakala Ki Bebau tengah ugi lajeng mencolot ngadeg ing
papan antawisipun Puranta kalihan Ki Jagabaya Bontot, Pedhangipun ugi sampun dipun
unus saking wrangka, siyaga badhe kangge ngadhepi sok sintena ingkang badhe ganggu
damel dhateng Puranta.
Nyumerepi ingkang kados makaten, Puranta
lajeng emut bilih piyambakipun boten kenging nuruti manah ingkang benter ing
salebeting pendhapa Kalurahan menika. Badhea kados menapa, Pendhapa menika
yasanipun Ki Tambak Kapisan inggih tiyang sepuhipun piyambak, menawi ngantos
kerengan ing pendhapa mriku ateges sami kemawon ngremehaken kawibawaning
Pendhapa sarta sampun nyepelekaken dhateng ingkang yasa Pendhapa. Pramila
Puranta lajeng wangsul linggih ing papanipun sakawit, kados boten ngreken
sikepipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot. Nanging estunipun Puranta
sampun siyaga, sawanci-wanci wonten bebaya dugi, sampun kapetang kanthi titi
kados pundi anggenipun badhe ngadhepi.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kalih mapan
linggih Puranta nyobi matur dhateng Ki Lurah ingkang kados tiyang ingkang
kenging gendam, netranipun mirsani dhateng papanipun Puranta, nanging lisanipun
menga lan boten wicanten menapa-menapa “kapeksa kula candhet anggen kula matur
awit wonten tiyang ingkang boten sumerep ing tata badhe damel kisruh ing
pendhapa agung Kalurahan menika”.
Sanaosa sampun kaaturan mawi ukara
ingkang makaten kala wau, parandene Ki Tambak Kapindho taksih dereng mantun
saking anggenipun kados tiyang ingkang kenging gendam kala wau, panggah ngembang
duren ndlongop kados tiyang ingkang kirang nalar.
Benten malih kalih sikepipun Bebau Kidul
ingkang sampun nyepengi ukiraning dhuwungipun, sumerep Puranta linggih sansaya
ndadra anggenipun murang tata. Awit Bebau Kidul sampun mangertos menawi Ki
Lurah Tambak Kapindho kangge sawatawis wekdal boten badhe saged ngendika malah
obah kemawon boten badhe saged, ingkang makaten menika jalaran Ki Bau Kidul
inggih Ki Waruju sampun sumerep menawi kala wau wonten cahya biru ingkang
dhumawah ing jangganipun Ki Lurah, inggih cahya biru menika cahyaning paser angin
ingkang dipun lepasaken dening Ki Lopara, gurunipun ingkang kala wau
amping-amping Ki Bebau Kidul lajeng anyarengi Ki Waruju anendhang Puranta kala
wau, Ki Lopara nglepasaken Paser angin ingkang mawi kekiyataning mantra gaib
menika temah ndadosaken Ki Tambak Kapindho boten saged menapa-menapa, ilining
rah ing saliranipun kados mandheg dadakan. Ki Bebau Kidul lajeng nyaketi Puranta
malih, lajeng kanthi suwanten ingkang songar lan sangar wicanten dhateng
Puranta :
“He Maling ya gene kowe mapan lungguh
maneh? Sumurupa, Ki Lurah wis paring palilah marang aku kanggo nugel gulumu,
yen kowe panggah ora gelem ngaku. Mula sawangen Ki Lurah ora ngendika apa-apa, pirsa
karo tumindakku marang kowe. Saiki kowe kari milih salah siji, ngaku yen wis
nyolong Kyai Pantek banjur kowe legawa nampa pidana kanthi dikethok tanganmu.
Apa kowe panggah ora ngaku banjur tak tugel gulumu? He?”.
“Bebau Kidul sing murang tata” dereng
ngantos Puranta mangsuli wicantenipun Bebau Kidul, sampun wonten satunggalipun Sapukawating
Kalurahan ingkang ngadeg ing wingkingipun Puranta kanthi anyepengi dedamelipun
ingkang wujud tumbak awangun trisula, ingkang lajeng nyaut rembagipun Bebau
Kidul “aja dumeh kowe lagi kasampiran Panguwasa banjur sawenang-wenang
patrapmu. Ngertia, aku Sarana Sapukawating Kalurahan Tambak sing ora narimakne patrapmu
sing wis degsiya marang Gus Puranta. Yen nyata kowe wong lanang tenan, ayo metua
menyang latar kana adhepana Sarana sadurunge kowe nyumbari Gus Puranta”.
Rampung anggenipun wicanten Sapukawat
ingkang nami Ki Sarana menika lajeng mlampah medal tumuju plataraning Pendhapa
Kalurahan. Kados jangkrik mambu kili, sakala Bebau Kidul lajeng nututi
lampahipun Sarana. Ki Jagabaya Bontot ingkang sumerep Ki Bebau Kidul mlampah
nututi Sarana, ugi lajeng nututi mlampah medal. Tanggap Bebau Tengah ingkang
boten badhe negakaken Ki Sarana, jalaran Ki Sarana menika taksih mambet waris
kalihan Ki Jaladri, nem-neman ingkang asalipun saking Jatisari. Ki Bebau Tengah
nunten badhe sumusul Sarana dhateng Plataraning Pendhapa Kalurahan.
“Paman Bebau” dumadakan Puranta ngadeg
lajeng mrepegi Ki Bebau Tengah kalih wicanten kanthi bisik-bisik dhateng
kupingipun Ki Jaladri “kaparenga kula nyuwun tulung, ndika padosaken dawegan
ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal, kaunjukna toyaning dawegan dhateng
Ki Lurah. Ketingalipun Ki Lurah nembe ketaman Paser Angin Biru. Prakawis
kaslametaning Ki Sarana, kapasrahna dhateng kula kemawon”.
Ki Bebau Tengah ingkang sampun nate
mireng dedongengan prakawis Paser Angin, nunten tanggap kalihan wicantenipun
Puranta. Kanthi semaur “Nggih” Ki Bebau Tengah lajeng miyos badhe pados menapa
ingkang dipun prentahaken dening Puranta kasebat. Puranta piyambak ugi lajeng
menyat tumuju plataran badhe suka pitulungan dhateng Ki Sarana ingkang jalaran
kebranang manahipun temah lajeng wantun suka panantang dhateng Bebau Kidul,
inggih Ki Waruju.
Jebul titiyang ingkang wau sami linggih ing
joganing pendhapa, sampun kathah ingkang nilaraken papanipun. Meh sedaya ngalih
dhateng plataran ngepung kupeng Ki Sarana ingkang nembe perang tandhing kalihan
Ki Waruju. Kantun Bebau Ler, Bebau Sela, Bebau Wetan lan Bebau Kilen ingkang
taksih wonten ing Pendhapa. Para Bebau menika lajeng sami ngrubung Ki Lurah
Tambak Kapindho ingkang ketingal dlongap-dlongop kados tiyang koncatan nalar.
Sedaya sami bingung, boten sumerep caranipun ngusadani Ki Lurah ingkang
dumadakan kados makaten menika.
Dugi plataran Puranta lajeng miyak
tiyang-tiyang ingkang sami ngepung kupeng damel kalangan kangge Ki Sarana miwah
Ki Waruju. Ki Waruju sampun salin gegamanipun, menawi kala wau nyepengi dhuwung
samangke gantos gegaman tumbak, kangge ngadhepi Ki Sarana ingkang ugi gegaman
tumbak amripat trisula. Anggenipun perang tandhing Bebau Kidul mengsah
Sapukawating Kalurahan menika ketingal rame. Kekalihipun ketingal sami-sami
prigel anggenipun nyolahaken dedamelipun piyambak-piyambak. Ngantos radi
sawatawis dangu kekalihipun ngunggar kasudiran, gentosan anggenipun sami
kalindhih. Nanging dangu-dangu ketingal menawi Ki Sarana langkung panjang
napasipun, Ki Bebau Kidul katingal mbaka sakedhik ketleyek, malah sampun kaping
setunggal utawi kaping kalih Ki Sarana saged nggarutaken pucuking trisulanipun
ngengingi gegeripun Ki Waruju, temah rasukanipun Ki Bebau Kidul ketingal abrit
kenging kringet ingkang kacaruban rah. Ki Bebau Kidul sansaya waringutan,
nanging panggah boten saged ngimbangi kacukatanipun Ki Sarana nyolahaken
dedamelipun.
Dumadakan Ki Jagabaya Bontot ingkang waunipun
namung kendel ningali, mencolot mlebet dhateng salebeting kalangan. Kanthi
pedhangipun ingkang ageng, Ki Bontot gentos angrangsang dhateng Ki Sarana.
Kanthi makaten paprangan ingkang suwaunipun sampun ngetingalaken bilih Ki
Sarana badhe unggul, samangke lajeng salin kawontenan. Dipun krubut kalih Ki Sarana
tuhu kacipuhan tandangipun. Malah saya dangu Ki Sarana sansaya kadheseg mundur,
wongsal-wangsul gedandapan ngendhani gegaman kalih ingkang duginipun boten sesarengan.
Saya dangu sansaya ketingal kendho tandangipun Ki Sarana, rasukan ingkang dipun
engge ing prenah geger sampun ketingal abrit kenging rah ingkang campur
kringet, jalaran sampun wongsal-wangsul pucuking pedhangipun Ki Jagabaya Bontot
saged nggarit prenah gegeripun Ki
Sarana.
Sumerep kawontenanipun Ki Sarana ingkang
sampun kethetheran lan kendho tandangipun, kekiyatanipun Ki Bebau Kidul kados
pulih malih. Solahipun wangsul cukat malih. Kados gadhah mripat, pucuking
tumbak ingkang kabekta Ki Waruju tansah kekiteran ngubengi gulunipun Ki Sarana.
Sawatawis menika, Pedhang ing tanganipun Ki Jagabaya Bontot ugi ketingal kados
solahing sawer bandhotan ingkang nembe kebrongot jalaran ngadhepi solahipun kadhal.
Lan nalika Ki Sarana sampun sansaya ketleyek, dumadakan tumbakipun Ki Bebau
Kidul saged ngengingi nunjem prenah pupunipun Ki Sarana. Ki Sarana njerit awit
keraos sakit, temah ical kaprayitnanipun. Inggih ing wekdal ingkang makaten
kala wau, pedhangipun Ki Jagabaya Bontot ebah badhe nembus jejantungipun Ki
Sarana. Ki Sarana rumaos sampun boten saged ngendhani utawi nangkis malih,
salebeting manah kantun pasrah dhateng pangwasanipun Gusti Allah. Mripatipun
dipun remaken awit boten wantun ningali pucuking pedhangipun Ki Jagabaya
nyudhet dhadhanipun lan nyigar jejantungipun. Anggraita salebeting wardaya
bilih namung dumugi samanten anggenipun gesang ing ngalam donya menika.
Nanging dumadakan Ki Sarana ingkang
sampun ngraos dumugi watesing gesang. Mireng suwanten gumebrug banter, kasusul
suwanten pisuh ingkang sora. Boten krasa Ki Sarana mbikak mripatipun. Ing ngajengipun
ketingal Puranta ingkang ngadeg kalihan pasang kuda-kuda kalih mripatipun boten
kedhep nguwasi Ki Jagabaya Bontot lan Ki Bebau Kidul ingkang dhawah glangsaran
ing siti kalih misuh-misuh boten kantenan.
“Tulung ndika mundur dhisik Ki Sarana”
tanpa mawi noleh Puranta wicanten dhateng Ki Sarana kanthi suwanten ingkang
lirih nanging saged kapireng dening ingkang dipun ajak guneman “tak tetere
sepira kasudirane menungsa loro sing dhemen tumindak sawenang-wenang dumeh
kasampiran panguwasa iki”.
Ki Sarana boten semaur nanging inggih
kanthi rekaos lajeng mundur, katampen dening kancanipun badhe kaupakara
tatunipun. Titiyang ingkang boten nyana menawi Puranta jebul nadyan sakedhik
nggadhahi kaprigelan ing reh ulah kanuragan, sami ngungun. Nanging ugi wonten
ingkang lajeng keplok-keplok ngetingalaken senenging manahipun dene Puranta
saged damel Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya dhawah glangsaran, kamangka nalika
semanten boten mbeta dedamel menapa-menapa.
“Maling edan keparat” Ki Bebau Kidul
misuh-misuh kalih tangi saking anggenipun dhawah “aja mbok kira kowe wis menang
Maling elek sing wanimu mung nglimpe ora wani adu dhadha, nyata kowe menungsa
sing licik , babar pisan ora duwe watak Satriya”.
Dipun pisuhi makaten menika Puranta
namung mesem, sakedhik kemawon boten ngetingalaken menawi manahipun dados serik
awit dipun pisuhi dening Bebau Kidul.
“Saseneng lan sagelem ndika arep ngarani
aku wong apa Ki Bau” ing sela-selaning esemipun Puranta suka wangsulan “nadyan
aku ora kandha wong sak mene akehe iki ana sing wuta, kabeh padha weruh lan
ngerti ana Bebau lan Jagabaya sing jarene sekti, nanging lagi ngadhepi
sawijining Sapukawating Kalurahan wae wedi nek maju ijen, wanine krubutan kaya
kirik sing ngrubut cempe cilik”.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar