Total Tayangan Halaman

Minggu, 12 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (025)


 

25.

       Dereng ngantos setunggal wulan jumeneng dados Lurah, Jaswana ingkang samangke ngagem asma Ki Tambak Kapindho sampun ngecakaken kawicaksanan enggal kanthi ngewahi kawicaksanan ingkang sampun katetepaken dening Ki Tambak Kapisan. Jaman Ki Tambak Kapisan sasampunipun Ki Wungkul lengser saking kalenggahan minangka Bebau ing Sela lan kagantos anakipun, sesepuhing para Bebau lajeng kapasrahaken dhateng Bebau Tengah ingkang yuswanipun sepuh piyambak katimbang Bebau ing Padhukuhan sanesipun. Samangke dening Ki Tambak Kapindho sesepuhing Bebau Sakalurahan Tambak kapasrahaken dhateng Bebau Kidul, ingkang taksih kaprenah Pamanipun Nyai Lurah utawi Nyai Tambak Kapindho. Lajeng ki Bontot ingkang suwaunipun namung Kabayan ingkang jejibahanipun namung ambiyantu Bebau Kidul kainggahaken pangkatipun dados Jagabaya Desa ingkang mbawahi para Jagabaya ing padhukuhan sa Kalurahan. Bebau Tengah ingkang ngrumaosi sampun radi lunges ing yuswa, inggih namung saged nurut menapa ingkang dados kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho. Namung ing salebeting batos nraos eman dene ingkang kapiji anyulihi piyambakipun kok Bebau Kidul ingkang miturut pamawasipun , kirang anjangkepi sarat masrut, jalaran Ki Bebau Kidul ingkang nami Ki Waruju menika katthah kawula ingkang ngraosi ingih jalaran taksih remen ngabotohan lan ngunjuk unjukan ingkang damel wuru. Makaten ugi kawicaksanan ingkang nginggahken pangkatipun Ki Bontot, ingkang yuswanipun boten kaot tebih kalihan yuswanipun Bebau Tambak. Ki Bontot menika ugi nggadhahi pakulinan ingkang kirang nocogi manahipun para kawula, awit remen meksa sinten kemawon murih nggega dhateng pamanggihipun kanthi ngugungaken kuwaosipun.

       Lan mila saestu sareng kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho menika dipun cakaken, Ki Bebau Kidul menapa dene Ki Bontot lajeng malih slaganipun. Kekalihipun lajeng asring ngendel-endelaken dumeh sampun kasampiran panguwaos dening Ki Tambak Kapindho, lajeng remen tumindak sakajengipun piyambak. Ingkang makaten wau ndadosaken prihatosipun para Bebau, Para Sapukawating Kalurahan miwah para kawula ing Kalurahan Tambak.

       Ki Bau Tengah ingkang nyumerepi kedadosan ingkang saged nuwuhaken risaking tata reh parentah ing Tambak, boten wantun matur piyambak dhateng Ki Tambak Kapindho, nanging lajeng ngandharaken pamanggihipun dhateng Puranta, ingkang semahipun taksih kaprenah pulunanipun piyambak.

       “Menawi kula kalerenan anggen kula dados sesepuhing para Bebau menika estunipun malah kaleresan anakmas” criyosipun Bebau Tengah dhateng Puranta “awit kula piyambak inggih sampun rumaos sepuh, tenaga kula sampun kathah susutipun. Namung kemawon, menawi ingkang nggentosi kula menika Ki Bau Kidul, raosing manah kula kok kirang sreg. Jalaran anakmas Puranta piyambak mesthinipun ugi sampun uninga menggah tekunipun Ki Waruju ingkang kathah nyebal saking piwucaling agami ingkang dipun rasuk, kados dene anggenipun remen ngabotohan adu sawung, dhadhu kodhok ula, ngunjuk arak saha remen gontas-gantos selir kanthi boten mawi rikuh pakewuh makaten menika”.

       “Inggih Paman Bau” wangsulanipun Puranta angegongi panglocitaning Bebau Tengah “kajawi saking menika, kawicaksananipun Ki Lurah ingkang sanesipun ugi kula raosaken boten trep, inggih menika kanthi ngangkat drajatipun Ki Kebayan Bontot dados pangareping para Jagabaya. Kamangka awakipun piyambak sarta para kawula ing Tambak meh sedaya sampun sami sumerep menggah pakulinan ingkang boten sae ingkang asring katindakaken dening Ki Bontot”.

       “Bares kemawon Anakmas” Bebau Tengah wicanten malih “badhe atur pemut dhateng Ki Lurah, kula ajrih, kula kuwatos dipun wastani menawi boten lila masrahaken jejibahan minangka Sesepuhing Bebau menika. Saha kula ajrih menawi kula nampi suwanten ingkang damel sakiting manah kula. Nanging menawi kawicaksanan ingkang boten wicaksana menika boten kaleresaken murih leresipun, kula kuwatos Kalurahan Tambak ingkang sampun tumata awit katata kanthi premati dening Ki Tambak Kapisan badhe bibrah jalaran kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho menika”.

       “Inggih Paman” Puranta suka wangsulan “mila kedah ingkang saged atur pemut dhateng Ki Lurah ing babagan menika, nanging Paman rak ugi pirsa bilih manut pranatan Kalurahan ingkang enggal menika, jejer kula namung kawula limrah, menawi badhe ngaturaken pamanggih magepokan kalihan tata rakiting parentah ing Kalurahan Tambak kedah mawi lantaran para-para ingkang sampun piniji, kados dene Bebau utawi Sapukawating Kalurahan. Malah kangge ndherek ing parepatan saben sepeken ing pendhapa Kalurahan kemawon kula ugi boten gadhah wewenang kangge ngaturaken pamanggih kajawi langkung rumiyin nitipaken pamanggih menika dhateng ingkang kasebat kala wau”.

       “Nanging ndika kedah emut lho anakmas” Bebau Tengah wicanten malih.

       “Emut bab menapa Paman?” Puranta pitaken.

       “Salah satunggal ingkang anjalari kula kalerenan saking Sesepuhing para Bebau menika boten saged kapisahaken kalih atur kula dhateng Ki Tambak Kapisan saderengipun lengser saking Kalurahan. Nalika samanten meh kemawon kula paben kalihan Bebau Kidul, jalaran kula dipun sujanani boten badhe sarujuk menawi Gus Jaswana ingkang kapasrahan Kyai Pantek lan mila estunipun ingkang wenang nampi Kyai Pantek menika menawi nurut Paugeran harak namung ndika Anakmas Puranta? Nanging jebul anakmas Puranta malah ngersakaken ingkang nggentosi ingkang Bapa, Ki Lurah ingkang samangke menika. Estunipun kula ngertos, menawi anggen ndika masrahaken kalenggahan Lurah menika kajawi kasurung raos percaya lan tresna dhateng Ki Lurah ingkang sak niki niku, ugi jalaran Anakmas ngeman menawi ngantos Kalurahan Tambak wonten dahuru, awit pangincimipun Bebau Kidul lan Kebayan Bontot ingkang ngumbar suwanten ing pundi-pundi nanging boten ngakeni, menawi ngantos mbenjang menawi ingkang gumantos Lurah dede Gus Jaswana, badhe damel kisruh ing Tambak mriki lan kula piyambak ugi nimbangi kanthi nyebar suwanten kados Ki Bau Kidul lan Ki Bontot, menawi badhe mbabati sok sintena ingkang damel kisruhing Kalurahan lan mila kula sampun nyiyagaken kekiyatan kalihan Ki Jagabaya jalaran kula sumerep menawi Ki Bebau Kidul lan Ki Bontot sampun nusun kekiyatan kangge damel kisruhing kalurahan”.

       “Inggih Paman kula ugi ngakeni bab menika” Puranta suka wangsulan “Kula kinten, Ki Waruju menapa dene Ki Bontot badhe mendha menawi kula purun ngalah, nanging jebul malah kados makaten kawusananipun. Kula pitados anggenipun Ki Lurah kagungan kawicaksanan-kawicaksanan ingkang boten wicaksana menika, boten awit kersanipun piyambak, nanging awit saking pambujukipun Ki Bebau Kidul lan Ki Bontot”.

       “Menika sampun cetha Anakmas” Bebau tengah wicanten kalih mesem “jalaran boten mokal menawi Ki Waruju menapa dene Ki Bontot menika taksih ngigid-igid dhateng Ki Tambak Kapisan lan para putranipun, dhateng kula ugi dhateng Ki Wungkul lan turun-turunipun, jalaran taksih dereng narimakaken pejahipun Ki Butulan kala rumiyin. Ki Waruju lan Ki Bontot nginten menawi pejahipun Ki Butulan jalaran paekanipun Ki Lurah, kula lan Ki Wungkul, menika ketitik saking sumebaring cariyos ngayawara ing wande-wande ingkang nyariyosaken bilih tiyang sepuhipun Ki Waruju menika rumiyin tiyang ingkang satuhu wicaksana. Kamangka kanyatanipun boten leres”.

       “Inggih Paman” Puranta suka wangsulan “badhea kados menapa, kula ugi kedah ngakeni menawi lahiripun kawicaksanan ingkang boten wicaksana menika, kula tumut udhu lan kedah tanggel jawab. Inggih awit saking menika, kula nyuwun pangestu dhateng Paman Bebau, kula badhe sowan ing ngarsanipun Kakangmas Jaswana, badhe atur pemut murih Kakangmas Jaswana wangsul malih ngambah margi ingkang sampun ginarisaken dening Bapa Raden Riyasa salebeting Kakangmas Jaswana ngayahi jejibahan mninangka Lurah ing Kalurahan Tambak mriki menika”.

       “Menika kula kinten inggih langkung prayogi Anakmas” tumanggapipun Bebau Tengah kalih mesem “nanging Anakmas kedah ngatos-atos, sampun ngantos kadenangan Ki Bebau Kidul menapa dene Ki Bontot. Awit menawi ngantos tiyang kalih menika ngertos bab menika, kajawi aturipun Anakmas Puranta dhateng Anakmas Jaswana badhe muspra tanpa gina, ugi saged ngundang memala tan wurunga kekalihipun badhe maeka murih Anakmas Puranta cilaka”.

       Saestu anuju satunggaling sonten ing wanci sabibaring serap surya, ing wekdal ingkang mirunggan, Puranta siyos sowan dhateng dalem Kalurahan. Ujubipun namung martuwi kasugenganipun ingkang raka inggih Ki Jaswana ingkang sampun jumeneng kanthi sebatan Ki Tambak Kapindho. Ki Lurah Tambak Kapindho sanget suka penggalihipun awit sowanipun Puranta menika. Kekalihipun lajeng sami jejagongan ingkang gayeng, jejagonganipun kakang kalih adhinipun. Inggih ing kalodhangan menika, Puranta lajeng ngaturaken murih Ki Lurah Tambak Kapindho kersa amirsani malih kawicaksanan enggal ingkang dipun cakaken. Kathah-kathah anggenipun Puranta ngaturaken bab prihatosing para Bebau, Para Sapukawating Kalurahan mandhapipun para kawula, awit slaganipun Ki Bontot lan Ki Bau Kidul ingkang dhemen tumindak kanthi akekudhung panguwaos lajeng damel kuciwaning para kawula.

       Midhanget aturipun ingkang Rayi makaten menika, Ki Tambak Kapindho lajeng ngendika :

       “Iya Dhimas, aku banget ngaturake panuwun marang Dhimas Puranta. Kabeh kang Dhimas kandhakake iki bakal tak gagas tak limbang lan tak timbang, yen merga kawicaksanan sing wis tak cakake bisa mbebayani tumrap karaharjane Kalurahan Tambak iya mesthi bakal tak suwak lan tak ganti nganggo kawicaksanan kang jumbuh karo kang dibutuhake dening Kalurahan lan kawula ing Tambak kabeh”.

       “Ngaturaken genging panuwun Kangmas” kantho raos marem Puranta ngaturaken panuwun dhateng Ki Tambak Kapindho.

       Sasampunipun kaanggep sampun cekap betahipun, Puranta lajeng pamitan badhe wangsul dhateng griyanipun malih. Ki Tambak Kapindho inggih lajeng nguntabaken wangsulipun Puranta ngantis dumugi regol ngajeng. Kalihan mlampah wangsul Puranta nggagas, bilih boten dangu malih para-para ingkang sami kacuwan awit kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho, badhe tumuli mantun. Estunipun salebeting manah Puranta ugi kepengin daya-daya saged manggihi Bebau Tengah kangge ndumugekaken wartos ingkang dipun anggep ngremenaken menika, nanging gandheng kawontenan sampun radi dalu, Puranta lajeng murungaken anggenipun badhe bablas dhateng griyanipun Bebau Tengah. Ing batos badhe manggihi Ki Bau tengah ing dinten candhakipun kemawon.

       Nanging jebul petanganipun Puranta mleset, dinten enjingipun Puranta jebul repot magepokan kalihan anggenipun badhe nanem pantun ing sabinipun. Repotipun Puranta boten cekap setunggal dinten, nembe ing dinten katiga Puranta radi longgar. Lajeng enjingipun tata-tata badhe dhateng griyanipun Bebau Tengah.

       “Kula nuwun Gus” dumadakan nalika Puranta badhe menyat saking griyanipun wonten tamu tiyang kalih, inggih sapukawating Kalurahan ingkang asikep dedamel ingkang jangkep. Puranta radi ngungun manahipun. Lajeng pitaken menapa pikajengipun sapukawating kalurahan kekalih menika dumugi ing griyanipun kanthi asikep dedamel ingkang jangkep.

       “Nyuwun pangapunten Gus” wangsulanipun salah satunggal saking Sapukawating Kalurahan menika “kula namung sadremi nindakaken kuwajiban, inggih menika anglarapaken Gus Puranta ing sangajenging Parepatan Dhusun. Awit saking menika, murih saenipun sumangga Gus Puranta kula dherekaken bidhal sak niki ugi dhateng Pendhapa Kalurahan, sampun ngantos ndadak kula ngginakaken pamrawasa”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...