26.
Mireng wicantenipun saha sumerep
sikepipun Sapukawating Kalurahan ingkang kados makaten kala wau, estunipun
salebeting manahipun Puranta sanget ing boten remenipun. Wiwit alit ngantos
diwasa, dereng nate wonten tiyang ingkang wicara keras dhumateng piyambakipun.
Namung ing enjing menika tanpa wonten jawah tanpa wonten angin, dumadakan dipun
getak mawi suwanten sangar dening laren nem-neman ingkang namung sadarajating Sapukawat Kalurahan. Boten
kraos kabekta saking runtiking manahipun, Puranta sampun ngepelaken tanganipun.
Lan badhe gentos anggetak dhateng Sapukawating Kalurahan ingkang sampun
tumindak degsura dhateng piyambakipun menika.
Nanging dumadakan Puranta kengetan kalih piwucaling
Biyungipun, inggih Nyai Lurah Sidhem ingkang nate paring piwucal menawi
ngadhepi menapa kemawon kedah mawi nalar ingkang resik, sepen saking raos nesu.
Awit menawi manah sampun kacondhokan raos kanepson, mangka adhakanipun
ndadosaken nalar boten saged memikir kanthi leres. Awit saking menika, tangan
ingkang sampun ngepel kala wau nunten dipun kendhoni malih lan kanthi suwanten
ingkang alus Puranta pitaken dhateng Sapukawating Kalurahan kala wau :
“Mengko dhisik Kisanak, ndika kadhawuhan
supaya nglarapake aku ing parepataning Ki Lurah lan Para Bebau lan Sapukawating
Kalurahan iki apa sing dadi jalarane?”
“Sampun kekathahen rembag Ki Puranta”
Sapukawating Kalurahan menika wangsulan mawi suwanten ingkang sengol “prakawis
menapa ingkang dados jalaranipun ndika kalarapaken ing Parepataning Ki Lurah
lan Para Bebau miwah Para Sapukawating Kalurahan menika dede prakawis kula.
Ingkang baken kula kedah saged nglarapaken ndika mrika, sokur menawi ndika
nurut kemawon dene menawi boten nurut, kula kekalih sampun kaparingan purba
wasesa murih saged mbekta ndika dhateng Pendhapa Kalurahan enjing menika ugi”.
“Yen pancen mangkono aku ora kabotan
ndika irit menyang Pendhapa Kalurahan” Puranta wangsulan kanthi suwanten
ingkang cetha “nanging aku tak pamit dhisik marang bojoku supaya ora rumangsa
kelangan banjur nggoleki aku menyang ngendi-endi”.
“Mangga Ki Puranta, nanging sampun
dangu-dangu lan sampun nyobi badhe nglimpe lajeng nglungani kula” Sapukawating Kalurahan
menika wicanten malih.
“Senadyan dudu watake Puranta wedi ing
kewuh lan tinggal glanggang colong playu, nanging yen ndika ora ngandel karo
kandhaku ndika bisa ngetutne aku mlebu omah nemoni sisihanku!” wangsulanipun
Puranta ingkang lajeng mlebet griya badhe madosi semahipun.
Sapukawating Kalurahan wau boten semaur,
nanging lajeng ngetutaken Puranta mlebet ing griya kanthi siyaga dedamelipun.
“Sirep, esuk iki aku ora ngerti ana apa,
dumadakan kaya pasakitan aku ditimbali supaya ngadhep ing parepataning Ki Lurah
karo Para Bebau lan Para Sapukawat ing Pendhapa Kalurahan” Puranta wicanten
dhateng semahipun.
“Gek ya ana apa ta Kakang? Jarene ndika
wingenane lagi wae sowan marang Ki Lurah lan ditampa kanthi becik? Kok dumadakan
Kakang guneman kaya mangkono?” Sirep rumaos boten sekeca manahipun mireng
wicantenipun ingkang jaler makaten kala wau. Mila Sirep menika dening Puranta
kawulang murih boten ngginakaken basa krama manawi wicanten kalihan
piyambakipun, criyosipun murih boten wonten raos manawi drajatipun Sirep mapan
ing sangandhapipun Puranta.
“Mengko wae nek aku wis tekan Pendhapa
Kalurahan rak ya ngerti sing dadi sebabe” wangsulanipun Puranta “ora liwat aku
meling kowe neng omah sing ngati-ati, lan manawa nganti wayah bedhug aku durung
bali kowe tak lilani ngungak aku menyang Kalurahan”.
“Iya Kakang, muga-muga ora ana apa-apa”
Sirep wangsulan kanthi suwanten ingkang nyingidaken raos kuwatos ing manahipun.
Puranta lajeng asung sasmita dhateng Sapukawating
Kalurahan ingkang ngetutaken lampahipun wau, dipun ajak bidhal dhateng
kalurahan jumbuh kalihan jejibahan ingkang dipun emban dening Sapukawating
Kalurahan kekalih menika.
Sadumuginipun Puranta ing Pendhapa
Kalurahan, ingkang dipun sumerepi Puranta boten wonten ingkang nggadhahi ulat
padhang dhateng piyambakipun. Malah polatanipun Ki Tanbak Kapindho, inggih Ki
Lurah Tambak, ketingal mbrabak abrit sajak ngampet ing dukanipun. Makaten ugi
para Bebau lan para Pamong miwah para Sapukawating Kalurahan. Namung Ki Bebau
Tengah ingkang ketingal surem, soroting mripatipun nedahaken raos welas ingkang
tanpa alis, kabekta raos ajrih menawi Welas temahan lalis, dhateng Puranta.
“Puranta kowe ngerti yen aku wis ngerti
kabeh tumindakmu sing licik kanthi tutup sikepmu sing alus kuwi?” dumadakan
dereng ngantos linggihipun katata kanthi sakeca Puranta sampun dipun dangu
dening Ki Lurah mawi suwanten ingkang nedahaken menawi Ki Lurah nembe duka.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kanthi
suwanten ingkang alon nanging cetha Puranta nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah
ingkang taksih kadangipun sepuh menika “bares kemawon kula boten mangertos
kalihan dhawuh jengandika ingkang makaten menika. Menawi keparengaken mbok
inggiha Ki Lurah paring dhawuh ingkang cetha!”.
“Lemes ilatmu, manis lambemu, nanging aku
wis ora kena mbok apusi maneh yen kowe nyingidake kekarepan sing nistha ing
atimu” Ki Lurah ngendika malih suwantenipun cetha nedahaken bilih manahipun
nembe benter “ora ana wong sing nyana yen Putrane Ki Tambak Kapisan ya putrane Raden
Riyasa jebul dhemen ngliwati dalan sing ora pantes dilakoni dening manungsa
sing duwe watak satriya, kanggo mujudne kekarepane. Minangka sedulurmu tuwa,
aku wis mbudidaya aweh pamomong lan pangayoman marang kowe kanthi
sabecik-becike, nanging tinemune kowe malah arep nlikung aku saka pungkuran, arep
nyuduk gegerku saka mburi”.
Puranta ingkang dereng mangertos bongkot
pucuking ukara ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah, namung kendel. Awit Puranta
ngertos menawi Ki Lurah nembe duka lan salah pandakwa dhumateng piyambakipun.
Menawi ngantos kawangsulan tan wurunga inggih badhe mewahi kanepsonipun Ki
Lurah Jaswana. Awit saking menika, Puranta lajeng milih kendel kanthi
tumungkul. Mangke kemawon manawi sampun
kaparingan wekdal kangge wicanten badhe matur lan kanthi alon lan
ngleresaken pandakwanipun Ki Lurah ingkang lepat menika.
“Saiki ngene wae” Ki Lurah nglajengaken
anggenipun ngendika “mumpung aku durung kebacut nesu lan isih gelem ngelingi
nek kowe kuwi satemene isih sedulurku, sanadyan aku dilahirake dening Biyung
sing isih trahing priyayi saka Pajang lan Biyungmu jebul mung sadrajating
batur. Luwih becik yen kowe gelem ngaku, Dhuwung Kyai Pantek saiki mbok
singidake menyang ngendi he?”.
Kraos kaget manahipun Puranta, jebul
piyambakipun kadakwa sampun nyingidaken Piyandel Kalurahan Tambak inggih Keris
Kyai Pantek. Babar pisan Puranta boten ngreken panginanipun Ki Lurah dhateng
Biyungipun kala wau.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kanthi
suwanten ingkang kepireng kedher Puranta atur wangsulan “sampun malih kok
nyingidaken Kyai Pantek, saemut kula nyenggol ukiranipun kemawon kula boten
badhe wantun, jer menika sipat kandeking Kalurahan Tambak wiwit jaman rumiyin. Dados
kula inggih boten mangertos ing pundi papanipun Dhuwung Kyai Pantek menika”.
“Dadi kowe isih arep selak yen Keris Kyai
Pantek wis mbok colong saka plangkane he?” Ki Lurah sansaya muntab mireng
aturipun Puranta ingkang makaten menika “aku wis ngerti yen tekamu ing
Kalurahan wingenane wengi sing jaremu mung merga kowe wis kapang bisa
jejagongan kanthi mirunggan karo sedulurmu tuwa kae, jebul mung sikep kang
lelamisan, kowe mung butuh arep madik ing ngendi dununge Kyai Pantek sing
banjur mbok colong mau bengi kuwi. Ngertiya Puranta, sadurunge kowe diparani
Sapukawating Kalurahan ing omahmu mau, ing parepatan esuk iki aku wis ngabarake
marang Para Bebau, Para Pamong lan Para Sapukawating Kalurahan kabeh yen Kyai
Pantek ilang saka papan plangkane. Maune
aku ora nggagas babar pisan kanggo ndakwa kowe, nanging jebul Paman Bontot lan Bebau
Kidul luwih dening waskitha lan waspada. Paman Bebau Kidul apa dene Paman
Jagabaya Bontot luwih dhisik wis ngerti saka sasmita sing ditampa saka pusakane
dhewe-dhewe, yen Kalurahan Tambak iki kancam dening bebaya gedhe, jalaran ana
sing nyidra Kyai Pantek kanggo ngrebut panguwasa saka tanganku. Lan luwih cetha
maneh sawise paman Bebau Kidul lan Paman Jagabaya Bontot kaparingan ngerti
dening pusaka piyandel peparinge Ki Butulan jaman semana, yen sing nyidra Keris
Kyai Pantek kuwi ora ana liya kajaba sedulurku dhewe. Kowe ngerti sapa sedulure
Ki Tambak Kapindho ya Jaswana iki nek dudu kowe, Puranta. He ?”.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sareng
sampun boten kiyat ngempet anggenipun kepengin wicanten, Puranta lajeng nyela
atur “dados anggen jengandika ndakwa dhumateng kula nyidra Kyai Pantek menika
namung wewaton criyosipun Ki Bebau Kidul miwah Ki Jagabaya Bontot ingkang
ngaken sampun nampi wangsit saking pusakanipun ingkang pusaka kasebat boten
saged micara menapa-menapa menika?. Menapa wewaton ingkang makaten menika
jumbuh kalihan nalar ingkang wening Ki Lurah? Cobi Ki Lurah kendel sakedhap
kaparenga menggalih kanthi weninging pikir ingkang linandhesan sucining manah”.
“Piye?” Ki Lurah nggetak Puranta kanthi
suwanten ingkang sakalangkung sora “kowe wis wani nggorohake ature Paman Bebau
Kidul lan Paman Jagabaya Bontot sing olehe matur ora ngawur, nanging nampa
pituduh sing mijil saka pusaka kuna tinggalane Ki Butulan sing biyen melu babad
alas yasa Kalurahan Tambak iki?”.
“Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Ki
Lurah” kanthi suwanten ingkang sareh, Puranta suka wangsulan “menawi Ki Lurah pitados
dhateng Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot, menika mila boten kenging kapaiben
utawi dipun lepataken, nanging menawi Ki Lurah boten pitados dhateng aturipun
lare ingkang sanadyan linahiraken dening Kere ingkang Minggah Bale, nanging
lare menika taksih turasipun Ki Tambak Kapisan, taksih anakipun Raden Riyasa
lan Ki Lurah pilih nggega wicantenipun tiyang ingkang namung anakipun Tiyang
ingkang pejahipun awit nglalu ing pakunjaran sarana ngendhat mawi iket ing
usuking pakunjaran, jalaran boten wantun ndhadhagi wirang jalaran sampun
tumindak kados dene tumindaking kewan, inggih menika badhe mrosa asmara anak
kuwalonipun piyambak. Menika ingkang kapireng aneh lan boten pinanggih ing
nalar……..”.
“Setan alas, maling ora genah, wani-wani
gawe pitnah marang wong sing wis ora ana, iki jalukanmu!” dereng ngantos
rampung anggenipun wicanten Puranta, karumiyinan pambengoke Ki Waruju inggih Ki
Bebau Kidul ingkang wicanten ngaten menika sarwi sinarengan mencolot lajeng
andugang sirahipun Puranta.
Boten nginten duginipun bilahi, kenging
duganganipun Ki Bebau Kidul ingkang sakayangipun, Puranta rebah dhawah
glangsaran ing joganing pendhapa Kalurahan. Nanging gandheng Puranta rumiyin
nate katuntun ing reh kanuragan dening tiyang sepuhipun, boten dangu anggenipun
dhawah ugi lajeng saged tangi, ngadeg sarwi pasang kuda-kuda, siyaga ngadhepi
Ki Waruju ingkang sampun ngliga kerisipun. Lan boten tebih ing wingkingipun Ki
Waruju, jebul Ki Jagabaya Bontot ugi sampun siyaga kanthi nggegem gaganging
pedhangipun ingkang sampun dipun liga.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar