24.
Ki Lurah ketingal radi kejot, nanging
lajeng sinamudana temah boten kawistingal kejoting penggalihipun. Malah lajeng nata
anggenipun lenggah, lajeng ngandika dhateng para ingkang wonten ing pendhapa
sajak boten nggagas kalihan aturipun Bebau Tengah kala wau.
“Apa kang dadi panemune Ki Bau Tengah
sing wewaton Paugeraning Kalurahan pancen bener” ngendikanipun Ki Lurah “samengko
mbok menawa ana Bebau utawa Sapukawat liyane sing uga duwe panemu magepokan
karo sing lagi dirembug iki mau?”
Boten wonten ingkang atur wangsulan
kalihan pandangunipun Ki Lurah ingkang makaten menika. Ki Lurah nunten paring
dhawuh :
“Yen pancen wis ora ana, saiki aku arep takon
marang anakku lanang Puranta, saupama dheweke tak pasrahi Kyai Pantek Piandel
Kalurahan Tambak sing saiki isih tak enggo iki, kira-kira kuwawa nampani apa
ora?”.
“Nuwun sewu Bapa, kenging menapa ingkang
badhe dipun pundhuti pirsa malah Dhimas Puranta? Kamangka kula pun Jaswana ugi
sumadiya menawi Bapa badhe amundhut pirsa?” saderengipun Ki Lurah mundhut pirsa
dhateng Puranta, Jaswana langkung rumiyin nyuwun pirsa, kenging menapa dene
ingkang badhe dipun tari purun menapa botenipun nampi Kyai Pantek dede
piyambakipun.
“Sadurunge aku takon marang Puranta, anakku
Jaswana lan kabeh wae padha sumurupa yen wewaton Paugeran sing dikandhakne
dening Ki Bau Tengah mau, mangka kang kapisan duwe wewenang nampa piyandel Kyai
Pantek lan nggenteni aku dadi Lurah ing Kalurahan Tambak kene iki ya mung
Puranta. Jalaran Nyai Lurah sing saiki isih ana lan durung disulihi wong liya,
kuwi ora ana liya kajaba Biyunge Puranta sing duwe jeneng Sidhem. Dene Biyunge
Jaswana sing aran Mirasih wis luwih dhisik mangayun ing ngarsaning Pangeran
bareng karo lahire Jaswana biyen…….” Ki Lurah lajeng nyethakaken menggah sinten
Nyai Lurah ingkang samangke menika.
“Dados kula menika dede putranipun Biyung
Bapa?” Jaswana munggel pangandikanipun Ki Lurah kalihan panyuwunan pirsa,
praupanipun Jaswana ketingal mbrabak abrit. Salebeting manahipun babar pisan
boten pitados menawi piyambakipun dede putranipun Nyai Lurah ingkang samangke
taksih sugeng menika.
“Nuwun sewu Bapa” saderengipun Ki Lurah paring
wangsulan dhateng Jaswana langkung rumiyin Puranta nyela atur “estunipun kula
sampun dipun cariyosi dening Biyung, inggih cariyos ingkang miturut Biyung
cariyosipun Kere Munggah Bale ing Kalurahah Tambak menika. Lan Biyung ugi
sampun pirsa ungeling Paugeran Kalurahan, inggih karana menika Biyung nate
mundhut pirsa dhateng kula, menggah sepinten agengipun raos tresna kula dhateng
Kangmas Jaswana. Nalika samanten kula matur bilih katresnan lan bekti kula
dhateng Kangmas Jaswana menika ngungkuli raos tresna kula dhateng badan kula
piyambak. Lajeng Biyung dhawuh dhateng kula, menawi estu makaten kula kedah
saged ambuktekaken katresnan kula dhateng Kangmas Jaswana, sarana mbudidaya
murih Kangmas Jaswana benjingipun saged jumeneng Lurah nutugaken jejibahanipun Bapa,
sawanci-wanci Bapa lengser. Inggih awit saking menika, dinten niki ugi kula
nyuwun dhateng Bapa, mugi Bapa kersa ngginakaken ungeling Paugeran Kalurahan
Tambak ingkang ngandhap piyambak, inggih menika Lurah ingkang dereng lengser kasampiran
panguwaos masrahaken kalenggahanipun dhateng sinten ingkang dipun kersakaken.
Lan dumugi dinten menika, Bapa taksih jumeneng minangka Lurah ing Tambak mriki.
Awit saking menika, kaparenga Bapa dinten menika masrahaken kalenggahan Lurah
dhateng Kangmas Jaswana. Kanthi makaten gumantosing lurah ing Tambak menika
boten cengkah kalihan Paugeran ingkang wonten”.
Midhanget aturipun Puranta ingkang
makaten menika, sapandurat Ki Lurah boten saged ngendika menapa-menapa. Namung
ing socanipun ketingal kekembeng waspa. Titiyang sapendhapa sami kendel,
njegreg kados-kados kaperbawan dening aturipun Puranta dhateng tiyang sepuhipun
murih masrahaken kalenggahan Lurah dhateng Jaswana. Kamangka sampun cetha menawi
manut paugeran ingkang wonten, mesthinipun Puranta ingkang wenang nggentosi
tiyang sepuhipun manawi Ki Lurah sampun lengser.
“Jaswana…..” sasampunipun kendel radi
dangu ki Lurah lajeng nimbali Jaswana, putranipun ingkang ageng.
“Inggih Bapa?” wangsulanipun Jaswana alon
kalih nglirik ingkang rayi nenggih Puranta.
“Kowe wis ngerti unining Paugeraning
Kalurahan lan uga wis krungu apa sing dadi ature adhimu Puranta marang pun Bapa,
mesthine kowe uga bisa weruh sepira gedhening katresnane sedulurmu kuwi marang
awakmu. Samengko aku arep takon, kepriye mungguh panemumu?” Ki Lurah paring
wangsulan kanthi mundhut pamanggihipun Jaswana.
“Kados ingkang wongsal-wangsul kula
aturaken dhateng Bapa” Jaswana atur wangsulan “menapa ingkang kadhawuhaken Bapa
dhateng keng putra pun Jaswana, kula namung badhe nyendikani dhawuhipun Bapa.
Namung kemawon, magepokan kalihan aturipun Dhimas Puranta dhateng Bapa kala
wau, menawi ingkang nglandhesi atur kala wau awit kabekta raos mesakaken
dhateng kula, kula kinten Jaswana dereng pantes menawi nampi sih kawelasan
saking sinten kemawon, kalebet saking sedherek kula piyambak, ingkang pranyata
sedherek namung tunggal Bapa nanging benten Biyung menika”.
“Puranta…..” Ki Lurah lajeng ndangu
dhateng Puranta.
“Inggih Bapa?” kanthi suwanten ingkang
cetha Puranta atur wangsulan.
“Sadurunge panyuwunmu mau tak sembadani,
aku uga kepengin krungu kowe aweh wangsulan marang pitakone Kakangmu lagi wae
iki mau, saiki coba wangsulana kanthi cetha!” Ki Lurah lajeng dhawuh murih
Puranta mangsuli pitakenipun Jaswana.
Puranta mesem lajeng njejegaken
anggenipun linggih, tumunten wicanten:
“Menawi kadangu menapa ingkang dados
lelandhesan anggen kula ngaturaken panyuwunan dhateng Bapa kala wau,
lelandhesanipun nuwun inggih katresnan sejati. Katresnan ingkang sejati boten
badhe saged kapisahaken kalihan raos pitados dhateng ingkang dipun tresnani.
Minangka kadang ingkang kaprenah nem lan kula ngraosaken sampun dipun mong
dening Kangmas Jaswana kanthi tulusing katresnan, kula lajeng pitados menawi
Kangmas Jaswana tuhu tresna dhateng kula. Makaten ugi kula, kula sakalangkung
tresna lan bekti dhateng Kangmas Jaswana, dhateng Bapa, tuwin dhateng Biyung.
Awit kula tresna lan bekti mila kula langkung pitados dhateng Bapa tuwin Biyung
bilih sedaya ingkang kawucalaken dhateng kula tamtu piwucal ingkang sae ingkang
badhe mbekta kasaenaning gesang kula. Sepisan malih kula ambali, bilih Biyung
nate paring dhawuh dhumateng kula murih ambudidaya supados Kangmas Jaswana
tembenipun saged nggentosi kalenggahanipun Bapa minangka Lurah ing Tambak
mriki. Lan magepokan kalihan atur panyuwun kula dhateng Bapa kala wau, saestu
kula pitados bilih Kangmas kiyat nampi jejibahan minangka Lurah menawi Bapa
sampun lengser, tegesipun kiyat badhe nindakaken kuwajibaning Lurah kanthi
sasae-saenipun, sae tumrap Kalurahan lan Kawula ing Tambak sedaya. Menika ingkang
dados lelandhesan atur panyuwun kula kala wau Bapa. Dados tebih saking raos
mesakaken awit saestu kula mangertos Kangmas Jaswana boten betah dipun
mesakaken dening titah ingkang wujudipin namung sak kula menika”.
“Yen pancen mangkono, aku minangka wong
tuwamu lan minangka Lurah ing Tambak kene, bakal nuruti apa kang dadi
panjalukmu” Ki Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang anteb. Kasambung
paring dhawuh mawi suwanten ingkang sora, katujokaken dhateng sedaya ingkang
nembe wonten ing Pendhapa :
“Para sedulurku kabeh, aku njaluk wangsulan
marang ndika kabeh, apa ndika kabeh bakal panggah setya lan bekti marang
Kalurahan Tambak iki, saupama Lurahe wis
dudu aku maneh?”.
“Kasetyan lan bekti kula dhateng Kalurahan
Tambak boten badhe ewah Ki Lurah, ngantos benjing kukuding jagad” ingkang atur
wangsulan Ki Bebau Tengah, ingkang kalajengaken nari para ingkang sami wonten
Pendhapa sedaya : “Rak ya mangkono ta Sedulur kabeh?”.
“Nggiiiiiiiiiih……” boten wonten
setunggal-setunggala saking para ingkang wonten pendhapa ingkang boten semaur
makaten menika.
“Sabanjure aku njaluk paseksen ndika
kabeh” Ki Lurah ngendika malih “dina iki uga, kalungguhan lurah sing sasuwene
iki tak cekel, tak pasrahake marang anakku lanang Jaswana lan wiwit dina iki
sing wenang nindakne jejibahan Lurah ing Kalurahan Tambak kene ya anakku lanang
Jaswana. Apa ana saka ndika kabeh sing ora sarujuk marang kawicaksanan iki lan
ora gelem dilurahi dening anakku lanang Jaswana?”.
“Boteeeeeeeen……” ambata rubuh
wangsulanipun tiyang sapendhapa.
Ki Lurah lajeng nglolos dhuwung ingkang
dipun agem, nuwun inggih Kyai Pantek lajeng kaparingaken dhateng Jaswana minangka
tandha menawi Jaswana sampun jumeneng dados Lurah ing Tambak. Sasampunipun
sepisan malih Ki Lurah Jaswana ngekahaken kasetyanipun Para Bebau, Para
Sapukawating Kalurahan lan Para pamong sanesipun, pakempalan enjing menika
lajeng bibar. Ingkang Kantun namung Raden Riyasa ingkang sampun boten dados
Lurah malih, Jaswana ingkang sampun ngagem sebatan Ki Lurah Jaswana tuwin
Puranta.
“Ki Lurah lan sira Puranta……” Raden
Riyasa nimbali putranipun kekalih.
“Inggih Bapa” meh sareng Puranta lan Jaswana
atur wangsulan.
“Sawise kalungguhan Lurah tak pasrahake
marang Ki Lurah Jaswana, sesuk esuk sadurunge pletheking surya aku karo
Biyungmu bakal pangkat menyang Batapawon lan ora bakal bali maneh menyang
Tambak kene” dhawuhipun Raden Riyasa dhateng yoganipun kekalih “mung welingku
marang kowe ngger anak-anakku kabeh, kowe bocah loro kudu tansah rukun nganti
kukuding jaman, aja nganti padha tukar padu gedhene nganti padha kerengan,
padha reksanen dhewe-dhewe sedulurmu. Jaswana kudu ngreksa kaslametane Puranta lan
Puranta kudu ngreksa kaslametane Jaswana. Ora ana ing antarane Jaswana lan
Puranta sing tak lilani padha negakne siji lan sijine, ya negakne larane gedhene
negakne marang patine. Jagad anekseni, Gusti Midhanget lan Maha Mirsani, yen
nganti pawelingku iki ana sing nyidrani ing kono margane bakal lebur tanpa dadi”
Raden Riyasa pamitan lan anilar wekas dhateng Ki Lurah Jaswana miwah Puranta.
Kekalihipun inggih lajeng sami
angestokaken dhawuh lan janji bilih badhe setya dhateng pawelingipun ingkang Bapa,
kairing sumpah sok sintena ingkang amiwiti cidra mangka inggih piyambakipun
ingkang badhe angrumiyini sirna.
Raden Riyasa lajeng mlebet dhateng dalem
Kalurahan, Nyai Lurah inggih Sidhem
kaparingan pirsa bilih dinten menika kalenggahan Lurah sampun kapasrahaken
dhateng Jaswana. Nyai Lurah Sidhem ugi sampun nglenggana lan nampi wartos
menika kanthi sukaning manah. Lan nalika Raden Riyasa dhawuh bilih badhe
amiwiti gesang enggal ing Pratapan Batapawon, Sidhem inggih badhe ndherek. Enjingipun
anyarengi mega abrit ing langit sisih wetan njudhul, Raden Riyasa pamitan
kangge ingkang pungkasan dhateng putra-putranipun. Lurah Jaswana nguntapaken
jengkaripun ingkang Bapa ngantos dumugi regol ngajeng. Dene Puranta lan Sirep,
semahipun, ndherekaken jengkaripun Raden Riyasa ngantos tapel watesing Kalurahan,
nembe mandheg anggenipun mlampah ndherekaken tiyang sepuhipun sasampunipun Raden
Riyasa paring dhawuh murih Puranta lan semahipun wangsul dhateng griyanipun
malih.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar