23.
Sapejahipun Ki Butulan mangka Padhukuhan
iring Kidul, komplang boten wonten Bebaunipun. Jalaran yoganipun Ki Butulan
ingkang mijil jaler ingkang nami Waruju nembe umur gangsal tahun. Kangge
sawatawis wekdal kangge mangreh lan angesuhi Padhukuhan iring Kidul menika
dipun rangkep dening Ki Bebau Tengah. Sareng sampun sekawan wulan, anyarengi
kalihan sapeken anggenipun Ki Bau Tambak Tengah amboyong Puranti dhateng Tambak
lan kasengkakaken minangka Nyai Bebau Tambak Tengah, kanthi pasarujukananipun
para manca kaki saha para Bebau sanesipun tuwin para Sapukawating Dhusun
Tambak, Ki Bontot, nuwun inggih rayinipun Ki Butulan ingkang alit piyambak,
dening Ki Lurah Kapiji minangka Bebau Wakil ing Padhukuhan iring kidul mriku.
Mila kawastanan Bebau Wakil, jalaran Ki Bontot anggenipun nindakaken kuwajiban
minangka Bebau sadremi makili Waruju ingkang dereng diwasa. Mangke menawi
Waruju sampun yuswa pitulas tahun, Ki Bontot kedah masrahaken kalenggahan Bebau
dhateng Waruju lan Ki Bontot badhe kadadosaken Kabayan inggih menika Pamong
ingkang kabawah dening Ki Lurah dene jejibahanipun ambiyantu Waruju ingkang
sampun kasengkakaken minangka Bebau gumantos kalenggahanipun Ki Butulan ingih
tiyang sepuhipun.
Let setengah tahun saking pejahipun Ki
Butulan, Ki Lurah saestu anggarwa Emban Sidhem. Lan sebatan Emban nunten
kasuwak, kagantos mawi sebatan Nyai Lurah. Nyai Lurah boten suda katresnanipun
dhateng Jaswana, sanaosa sampun dados yoga kuwalonipun. Temah ngantos Jaswana
ageng, ngertosipun inggih Nyai Lurah Sidhem menika Biyungipun. Awit mila katresnanipun
Nyai Lurah dhateng Jaswana boten benten kalihan yoganipun piyambak, ingkang
nami Puranta. Makaten ugi Jaswana ngantos akil diwasa tansah bekti dhateng Nyai
Lurah lan sanget kasok tresnanipun dhateng Puranta, inggih adhinipun piyambak, sanadyan
adhi namung tunggal Bapa seje Biyung.
Lampahing wekdal boten nate mandheg,
tahun gumanti tahun. Boten kathah ingkang saged kacariyosaken. Kajujug
kawontenanipun Kalurahan Tambak ingkang sampun sansaya reja, sansaya wiyar
padhukuhan-padhukuhananipun awit kathahing griya ingkang kawangun dening para
warga, lan sansaya makmur pagesanganing para kawula. Para Bebau sampun sami
nglungsuraken palenggahanipun dhateng anakipun, jalaran sampun sami sepuh.
Kantun Bebau Tengah ingkang taksih panggah madeg dados bebau, inggih labet badanipun
ugi taksih prakosa. Bebau Padhukuhan iring Kidul sampun kalenggahan dening Ki
Waruju. Putranipun Ki Lurah kalih-kalihipun ugi sampun palakrama sedaya.
Jaswana krama pikantuk kaprenah putunipun Ki Butulan, inggih ponakanipun Ki
Waruju, ingkang nami Tayem. Lan Puranta ugi sampun Rabi pikantuk ponakanipun Ki
Bebau Tengah ingkang nami Sirep. Ki Tambak Kapisan rumaos sampun lungse ing
yuswa, mila lajeng amiji anakipun kekalih murih sami marak ing ngarsanipun.
Anyarengi kalihan mlempakipun Para Bebau sakalurahan, Para Sapukawating
Kalurahan lan para Pamong sanesipun, kados Jagabaya, Jagatirta, Pala Angon,
Pala Kubur lan sanes-sanesipun.
“Ngger anakku sakloron, Jaswana lan
Puranta” sasampunipun sawatawis anggenipun sami marak Ki Lurah lajeng paring
dhawuh dhateng ingkang putra kekalih “iki aku arep paring pangandika marang
sira bocah loro, sineksenan para Bebau, Para Sapukawating Kalurahan lan para
pamong liyane, magepokan karo dina mburine Kalurahan ing Tambak kene. Mula kowe
Jaswana lan Puranta padha menenga sarta semaken apa sing bakal tak dhawuhake
iki mengko, prelune mbesuk ora padha udur rebut bener sawuse aku ora ana”.
“Inggih Bapa” Jaswana lan Puranta sami
atur wangsulan sesarengan.
“Aku banget rumangsa begja sajroning
uripku iki, awit dening Gusti aku kaparingan anak loro lanang kabeh sing padha
bekti marang wong tuwa lan tresna asih marang kabeh kawula ing Tambak kene” Ki Lurah nglajengaken
anggenipun ngendika “ngerti lan ngaweruhi pakulinanmu bocah loro sing tansah
nurut marang piwulanging Agama lan Paugeraning Kalurahan, rasa bombong ing jero
dhadhaku iki, sanadyan durung ngambah alaming pati nanging kaya-kaya wis
ngrasakne kaendahaning suwarga. Lan kang mangkono mau, ngelingake aku marang
janjiku jaman aku meguru marang Eyangmu Kyai Anisapurwa ing Pratapan Bata Pawon
biyen”.
“Bapa nate janji menapa dhateng Eyang Anisapurwa?”
Jaswana nyela atur nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.
“Aku nate janji yen aku bakal
nyampurnakne ngelmu panembahku ing Batapawon kanthi njinglengi piwulange
Eyangmu Kyai Anisapurwa lan marsudi sampurnaning pati uga ana ing Batapawon
kana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah dhateng Jaswana.
“Lajeng kersanipun Bapa samangke kados
pundi?” Jaswana lajeng nyuwun pirsa malih.
“Telung dina kepungkur aku nampa dhayoh,
ya iku Ki Yasawida, putrane Kyai Pabadara dadi isih wayahe Kyai Anisapurwa”
kados boten maelu atur pitakenanipun Jaswana, Ki Lurah nglajengaken anggenipun
ngendika “tekane Ki Yasawida kajaba mretinjo kaslametanku, uga nyaritakake yen
sawise Kyai Anisapurwa seda nalika ngibadah Kaji ing Mekah rong puluh tahun
kapungkur, Pratapan Batapawon banjur disuhi dening Kyai Pabadara. Kabar kaping
pindho Ki Yasawida ngandhakake yen patang puluh dina kapungkur Kyai Pabadara
wis kundur mangayun ing ngarsaning Gusti, lan sadurunge seda Kyai Pabadara
ninggal wekas marang Ki Yasawida yen sasedane Ki Pabadara, Ki Yasawida supaya
nggoleki aku menyang Kalurahan Tambak kene iki lan njaluk supaya aku nutugne
jejibahane Kyai Anisapurwa lan Kyai Pabadara, mbengkoni Pratapan ing Batapawon.
Gagayutan karo kuwi, dina iki aku nimbali kowe anakku sakloron lan para Bebau Sakalurahan,
Para Sapukawating Kalurahan lan para pamong kabeh. Aku arep njaluk pamit bakal
nganthi Biyungmu bakal tak ajak menyang Batapawon, nuhoni janjiku lan nindakne
dhawuhe Kyai Pabadara lumantar wekas sing digawa Ki Yasawida kuwi”.
“Menawi Bapa badhe jengkar saking Tambak
lajeng angesuhi Pratapan Batapawon, lajeng kados pundi mangke kalihan Kalurahan
Tambak menika Bapa?” Puranta ingkang wiwit wau namung kendel lajeng matur
dhateng tiyang sepuhipun.
“Kowe aja kaya wong bodho Puranta” Ki
Lurah paring wangsulan dhateng Puranta “sadurunge aku budhal menyang Batapawon,
Kalurahan Tambak kudu wis duwe Lurah anyar sing nutugne jejibahanku, dadi
Kalurahan Tambak ora bakal komplang koncatan lurahe, ngerti?”.
“Inggih kula ngertos Bapa” wangsulanipun
Puranta ingkang kalajengaken atur panyuwun “kula ugi nglenggana menawi Bapa
kasampiran kuwajiban anetepi janji dhateng Kanjeng Eyang Anisapurwa ingkang kedah
dipun tindakaken. Inggih awit saking anggen kula anglenggana menika, kula suwun
kaparenga Bapa tumunten amisuda Kadang kula sepuh nenggih Kangmas Jaswana,
kajumengna minangka Lurah anyambet lan nutugaken jejibahan Lurah ingkang badhe
dipun tilar dening Bapa dhateng Batapawon”.
“Misuda Lurah kuwi gaweyan gampang
Puranta” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem “samangsa Keris Kyai Pantek
tak pasrahake ya sing kapasrahan kuwi wis madeg dadi Lurah ing Tambak kene kang
kudu digugu lan dituruti reh parentahe dening warga kang setya marang Kalurahan
Tambak. Kamangka anakku kuwi loro, mula kudu ana salah siji sing gelem tak
pasrahi wujude Keris Kyai Pantek kang dadi lambange Kalurahan Tambak iki”.
“Kula kinten menika dede prakawis ingkang
angel Bapa” Jaswana sumela atur “Bapa namung Kantun maringaken Keris Kyai
Pantek dhateng kula pun Jaswana menapa dhateng adhi kula Dhimas Puranta, kula
kinten sampun rampung. Manawi ta ingkang kaparingan Kyai Pantek menika kula,
kula inggih boten badhe suwala”.
“Leres menika Bapa” Puranta ugi numpangi
rembagipun Jaswana “Paugeraning Kalurahan nyebataken bilih menawi wonten Lurah
ingkang sampun lengser, jejibahan Lurah kedah kaparingaken dhateng salah
satunggal saking putranipun Lurah ingkang lengser menika ingkang mijil kakung,
menika ingkang sepisan lan kaping kalihipun ingkang sepuh piyambak. Dados sampun
trep menawi Kangmas Jaswana menika Bapa piji kapurih nampi wujudipun Wangkingan
Kyai Pantek, minangka tandha menawi Kangmas Jaswana sampun kajumenengaken dados
Lurah ing Tambak mriki. Dene kangge ngawontenaken pahargyanipun saged dipun
rembag wingking, kajumbuhaken kalihan kawontenan”.
Ki Lurah katingal manthuk-manthuk,
nanging ngantos radi dangu boten tumuli paring wangsulan.
“Nuwun sewu Ki Lurah, menapa kula pun
Jaladri Bebau Padhukuhan Tengah kaparengaken matur?” dumadakan Bebau Tengah
nyilak sepining kawontenan matur dhateng Ki Lurah.
“Iya Ki Bebau” Ki Lurah paring wangsulan
kanthi suwanten ingkang sareh “ora mung ndika wae sing kena ngandhakne panemune
ing kene, sanadyan sapa wae sing ana pendhapa iki duwe wewenang ngandhakne
panemune waton jumbuh karo Paugeraning Kalurahan lan bisa madhangake prakara
ora nambahi ruweting pamikir”.
“Ngaturaken genging panuwun Ki Lurah” Ki
Bebau Tengah nglajengaken anggenipun matur “boten ateges kula badhe mancasi,
namung kula kepengin anjangkepi ungeling Paugeran ingkang kala wau dipun
aturaken dening Gus Puranta”.
“Nuwun sewu Ki Bau” dumadakan Ki Bebau
Kidul nenggih Ki Waruju nigas aturipun Bebau Tengah kanthi suwanten ingkang sora
“Paugeran Kalurahan menika sampun jangkep, dados boten prelu ndika jangkepi
malih. Atur ndika niku saged kados ingkang kadhawuhaken Ki Lurah nambahi
ruweting pamikir……”.
“Mengko dhisik Ki Bau Kidul” Ki Bebau Tengah
gentos nigas rembag “ndika kuwi Bebau sing durung suwe madege, dadi ndika kudu
ngerti tatacarane guneman ing pasamuwan. Ing kene aku ora guneman karo ndika,
nanging aku matur marang Ki Lurah, sing wenang maido utawa nampa aturku iki Ki
Lurah dudu ndika Ki Bau Kidul”.
“Ampun sumekehan dumeh sampun dangu nggen
ndika dadi Bebau Ki Bau Tengah” Ki Bebau Kidul gentos mangsuli rembagipun Ki
Bebau Tengah “amergi Bebener menika boten kudu mapan ing pamanggihipun Bebau
ingkang sampun dangu anggenipun dados Bebau mawon………”
“Cukup!!!” Ki Lurah ngendika kanthi sora
medhot anggenipun Bebau Kidul gineman. Sadaya lajeng sami kendel, tumungkul
ningali siti, rumaos kasoran kalihan perbawanipun Ki Lurah Raden Riyasa.
“Coba ndika tutugne tembung ndika sing
durung rampung mau Ki Bau Tengah!” sasampunipun kawontenan dados sepen, Ki
Lurah nunten paring dhawuh dhateng Ki Bau Tengah “marang liyane tak jaluk padha
meneng dhisik, kena guneman lan ngetokne panemune yen wis rampung anggone
guneman Ki Bau Tengah”.
“Nuwun inggih Ki Lurah” Ki Bau Tengah
lajeng matur malih “ingkang kula kajengaken njangkepi paugeran ingkang kaaturaken
Gus Puranta kala wau, nuwun inggih ungeling Paugeran Kalurahan ingkang kaserat
ing sangandhapipun perangan ingkang dipun aturaken Gus Puranta kala wau, nuwun
inggih ingkang nyebataken langkung utami menawi kawiyosaken dening Nyai Lurah
ingkang boten wonten ingkang nyulihi malih. Kados nalika lelampahan kula dhuk
rumiyin, sanaosa Kula gadhah sedherek sepuh, nanging boten kawisuda dados Bebau
jalaran Biyungipun sedherek kula sepuh kala wau sampun boten wonten lan wekdal
kula dipun kepyakaken dados Bebau rumiyin ingkang kasebat minangka Nyai Bebau
tengah menika Biyung kula”.
Jaswana lan Puranta sami
pandeng-pandengan piyambak, jalaran kekalihipun dereng saged mangertosi
pikejengipun Bebau tengah menika.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar