22.
Ki Lurah pirsa menawi Sapukawat menika
ajrih menawi kadukan, inggih labet saking Sapukawat-sapukawat ingkang taksih
nem menika dereng kulina wicanten ing sangajenipun tiyang kathah. Pramila Ki
Lurah nunten ngendika kanthi aris, alus :
“Aja
kesusu nggonmu gunemen Prakas, Iya jenengmu Prakas ta? Prakas anake Ki Prana?”
“Inggih
Ki Lurah” wangsulanipun Sapukawat kala wau sampun boten glagepan malih.
“Ya
wis saiki kandhawa apa sing kedaden tumrap Paman Butulan sing ana jero Pakunjaran?”
Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih kanthi suwanten ingkang kapireng sabar.
“Nuwun sewu Ki Lurah, kula wau rak nembe
dugi nggentosi Kakang Dirja ingkang jagi wiwit kala dalu, dening Kakang Dirja
kula dipun sanjangi menawi Ki Butulan wiwit kala wingi dereng nedha. Criyosipun
Kakang Dirja, wau Kakang Dirja nyobi nyukani sekul kalih wedang dhateng Ki
Bebau Kidul, nanging malah Ki bebau Kidul ngamuk-ngamuk boten kantenan, Kakang
Dirja dipun tempiling menapa. Mila lajeng ngengken kula, mengke menawi sampun
boten kepireng Ki Bebau Kidul misuh-misuh supados kula ingkang nyukakaken sekul
dhateng Ki Bebau Kidul. Sareng sawatawis dangu, sampun boten kapireng malih
suwantenipun Ki Butulan ingkang misuh-misuh lan ugi boten kepireng piyambakipun
ngamuk nyadhuki gebyog pakunjaran. Kula tengga ngantos radi dangu panggah sepi,
mila kula inggih lajeng wantun mlebet pakunjaran badhe nyukakaken sekul kalih
wedangipun Ki Bebau Kidul. Nanging sepinten kageting manah kula? Sareng kula
caketi Ki Bebau Kidul sampun nggantung, gulunipun dipun jiret piyambak mawi
iket ingkang dipun tangsulaken dhateng usuk. Nalika kula demek, jebul sampun boten
ambegan, kula lajeng mlajar mriki criyos dhateng Ki Jagabaya ingkang lajeng
kadhawuhan matur piyambak dhateng Ki Lurah menika” Sapukawat ingkang nami Prakas
menika matur kawontenan ingkang wonten ing Pakunjaran.
Sakala Ki Lurah dados kejot, boten sranta
lajeng jumeneng kalih ngendika dhateng para Bebau lan sedaya ingkang wonten ing
pendhapa :
“Angel anggonku arep percaya karo sing
dikandhakne Prakas iki mau. Luwih becike ayo sedulur kabeh padha didelok bebarengan
kaya apa kahanane Paman Bebau Kidul”.
Lan tanpa ngentosi wangsulanipun para ingkang
wonten ing Pendhapa, Ki Lurah ngrumiyini njangkah tumuju Pakunjaran. Para Bebau
lan Para Sapukawating Dhusun, ugi lajeng sami tut wuntat.
Ki Lurah rumaos kejot saestu, menapa
ingkang dipun aturaken Prakas prayata leres. Kawontenanipun Ki Bebau Kidul
ketingal nggegirisi, gumantung ing usuk kanthi gulu dipun tangsuli mawi
iketipun piyambak. Ing ngandhapipun wonten dhampar ingkang sampun ngglempang.
Dados saged dipun titik bilih anggenipun ngendhat Ki Bau Kidul menika kala wau
kanthi ancik-ancik dhampar alit menika lajeng dipun jejak temah ngglempang lan
Ki Bau kajiret gulunipun. Mripatipun Ki Bau ketingal mlilik mendelik, lidhahipun
melet ketingal angajrihi dhumateng sok sintena ingkang mirsani.
“Ki Bau Sela……” Ki Lurah lajeng nimbali
Ki Wungkul.
“Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki
Bau Sela.
“Tulung ndika prentahne marang para
sapukawat murih yasa tandhu kanggo ngusung layone Paman Bebau Kidul bali
menyang omahe. Mengko awake dhewe kabeh padha ngiringi, aku dhewe kang bakal
aweh katrangan marang Bibi Bebau Kidul ngenani larah-larahe nganti kedadeyan
kang kaya mangkene iki” Ki Lurah lajeng ndhawahaken prentah dhateng Ki Bebau Sela.
“Sendika ngestokaken dhawuh Ki Lurah”
atur wangsulanipun Ki Bebau Sela lajeng bidhal ngatag para sapukawat murih damel
tandhu kados ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah. Ki Bebau Sela piyambak
ugi lajeng tumandang sareng-sareng kalihan para sapukawat ingkang dipun atag.
“Lan ndika Ki Bau Tengah” salajengipun Ki
Lurah paring dhawuh malih dhateng Bebau Padhukuhan Tengah, nenggih Ki Jaladri.
“Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki
Jaladri.
“nDika tak prentah gawe luwangan ing
kuburan kidul Desa, kanggo papan palereman kang pungkasan tumrap Paman Butulan”.
Ki Jaladri ugi lajeng bidhal ngayahi jejibahan
ingkang kadhawuhaken Ki Lurah, kanthi marentahaken dhateng para sinoman
sapukawat ing dhusunipun. Boten dangu, tandhu sampun samekta. Layonipun Ki
Bebau Kidul dipun andhapaken lan dipun gotong mawi tandhu kabekta wangsul
dhateng griyanipun ing Padhukuhan sisih kidul.
Boten maiben menawi Nyai Butulan lajeng
nangis ngglolo lan gero-gero boten kantenan nalika ngertos menawi ingkang jaler
sampun pejah jalaran lampus dhiri ing Pakunjaran. Jalaran wiwit kala dalu Nyai
Butulan tansah melang-melang manahipun awit ngentosi ingkang jaler boten
tumunten wangsul, kamangka kesahahipu ingkang pamit dhateng kalurahan kanthi
dipun kancani yoganipun estri pun Puranti. Samangke sareng wangsul sampun wujud
layon. Lan anakipun estri ugi boten katingal.
“Ya aku sing njaluk pangapura Bibi”
dhawuhipun Ki Lurah dhateng Nyai Butulan anyarengi Layonipun Bebau Kidul dipun suceni
lan dipun upakara kanthi samurwatipun dening Ki Kaum lan para sekabatipun “satemene
aku wis mbudidaya murih kabeh bisa lumaku kanthi becik. Nanging tekdiring Gusti
Sing Maha Adil wis nggarisake yen lelakone kudu mangkene iki”.
Ki Lurah lajeng nyariyosaken lelampahan
wiwit Ki Bebau Kidul lan Puranti dumugi ing Kalurahan manggihi Ki Lurah, kasambet
anggenipun Ki Bebau ingkang salah tampi kalihan wangsulanipun Ki Lurah lajeng
malah nglepataken Puranti sarta badhe amejahi lan mrosaasmara Puranti ing
waliking gegrumbulan tapel wates antawisipun Padhukuhan Kidul lan Padhukuhan
Tengah, ingkang lajeng kadenangan dening Ki Bau Sela lan Ki Bau Tengah lan
wekasan Ki Bebau Kidul kapeksa kalebetaken ing Pakunjaraning Dhusun.
“Dadi anggonku dhawuh marang Ki Jagabaya
supaya Paman Butulan kalebokne ing Pakunjaran kuwi merga Paman Bebau ora gelem
guneman apa-apa kajaba mung misuh-misuh karo nguman-uman sing ngajak guneman.
Malah aku dhewe katut dipisuh-pisuhi lan diidoni barang. Mula kapeksa Paman
Butulan tak kongkon ndhelikne menyang Pakunjaran luwih dhisik, karepku mengko
nek wis lerem lagi arep tak ajak rembugan. Nanging jebul kedadeyane kaya mangke
iki” Ki Lurah mungkasi anggenipun paring cariyos dhateng Nyai Butulan.
“Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Nyai
Butulan kalih taksih mbrebes mili “boten nginten babar pisan menawi Ki Butulan
jebul nggadhahi trekah ingkang kados makaten, lajeng anak kula Puranti samangke
kados pundi Ki ?”.
“Iya Bibi” Ki Lurah paring wangsulan “gandheng
wingi sore kuwi Nini Puranti sambat ora wani bali menyang omah kene jalaran
wedi yen Bibi nesoni dheweke, mula banjur tak kongkon bali menyang Jatisari
kanthi diterne para Sapukawating Kalurahan. Malah kabar sing tak tampa, mau
bengi kuwi Nini Puranti ditiliki Bapake ya Ki Senu sing mretinjo menyang
Jatisari lan sing luwih wigati maneh, anak wadon ndika kuwi mau bengi wis
ketemu jodhone lan awit kersane Ki Lurik lan Ki Senu wis klakon diijabne karo
Wong Lanang sing uga dadi pilihane Puranti dhewe”.
“Anak kula Puranti kala dalu sampun dipun
dadosaken manten Ki Lurah? Lajeng kalih sinten?” Nyai Butulan ketingal radi
kaget.
“Bener Bibi, nanging ya mung minangka
tali kasaguhan kang manut adat lan paugeraning agama, dene olehe ngramekne mbesuk
ngenteni dina sing becik. Wong Lanang sing dadi jodhone Nini Puranti kuwi ya
iku Ki Jaladri, Bebau ing Padhukuhan Tengah, sing sawise diijabne ya banjur
bali maneh menyang Tambak lan yen wis ana dina sing prayoga bakal bali maneh
menyang Jatisari kanggo mboyong Puranti kang bakal sinengkake dadi Nyai Bebau Padhukuhan
Tengah” Ki Lurah paring wangsulan kanthi gamblang dhateng Nyai Butulan.
Sanaosa wekdal menika Nyai Butulan
salebeting dhuhkita jalaran pejahipun Ki Butulan, suprandene wonten raos bingah
salebeting manah mireng menawi anakipun estri sampun pikantuk jodho
satunggaling Bebau ing Tambak. Nanging Nyai Butulan lajeng enget kaliyan
cariyosipun Puranti bilih lare jaler ingkang ketingalipun remen dhateng Puranti
menika namung gadhah panggaotan minangka Berah Pangenipun Ki Bau Tengah. Mila Nyai
Butulan lajeng nyuwun pirsa malih dhateng Ki Lurah :
“Nanging criyosipun Puranti lare jaler
ingkang mabet ati dhateng Puranti menika namung satunggaling tiyang ingkang
padamelanipun namung Buruh Pangonipun Ki Bebau Tengah menika Ki Lurah?”.
“Kawruhana Bibi” Ki Lurah ingkang samun
pirsa menawi Nyai Butulan sampun boten mbrebes mili malih lajeng paring
wangsulan kalih mesem “jalaran Ki Jaladri kepengin nodhi sepira katresnane
Puranti marang dheweke, Ki Jaladri ora ngaku menawa dheweke kuwi Bebau ing
Tambak, nanging malah mung ngaku yen mung dadi pangone. Puranti lagi ngerti yen
Ki Jaladri kuwi jebul Bebau ing Tambak, ya sawise kepethuk wingi sore kuwi”.
Nalika samanten anyarengi Ki Jaladri dugi
saking pakuburan badhe matur bilih anggenipun damel papan kangge metak layonipun
Ki Bau sampun samapta. Boten sranta Ki Lurah lajeng nimbali Ki Bebau Tengah
menika murih nyaket kalihan dipun ngendikani :
“Ki Jaladri, anggon ndika dadi manten wis
tak critakne marang Bibi Butulan, ayo saiki ndika ngaturake bekti marang Biyung
Maratuwa ndika iki!”
Ki Bebau Tengah radi kaget mireng dhawuhipun
Ki Lurah makaten menika, nanging lajeng emut menawi Puranti menika yoganipun
Nyai Butulan. Mila inggih kanthi radi semu isin, Ki Jaladri lajeng nyaket Nyai
Butulan ngaturaken bekti :
“Nyuwun pangapunten Nyai Bebau, kula Jaladri ngaturaken Pangabekti”.
“Inggih Ki Bau dhawah sami-sami” Nyai
Butulan paring wangsulan kanthi manah ingkang mongkog dene sampun gadhah mantu
satunggaling Bebau ing Tambak ingkang gagah prakosa lan taksih mudha.
“Ki Bau Tengah……” Ki Lurah nimbali Ki Bau
Tengah malih.
“Wonten dhawuh Ki Lurah? Inggih kepareng
matur bilih kangge pasareyanipun Ki Bebau Kidul sampun samapta sawanci-wanci
dumugi mrika boten badhe nguciwani” atur wangsulanipun Ki Jaladri.
“Iya, aku durung nakokne bab kuwi,
nanging ya sokur yen pancen wis samekta ing gati. Aku mau arep aweh tutur kuwi
lho…….mBesuk maneh nek ngaturi Bibi Butulan, ndika kuwi kudu sing bener, wiwit
mau bengi kuwi Bibi Butulan wis dadi Biyung Maratuwa ndika lan ndika kudu
ngerti kalungguhane Biyun Maratuwa kuwi ora beda karo Biyunge dhewe” Ki Lurah
paring pitutur dhateng Ki Bebau Tengah.
“Inggih ngestokaken dhawuh Ki Lurah” atur
wangsulanipun Ki Jaladri ingkang lajeng matur dhateng marasepuhipun “nyuwun
pangapunten Biyung, kula yoga ndika Jaladri kala wau klintu anggen kula ngaturi
Biyung”.
Nyai Butulan mesem, nalika samanten
anyarengi Ki Kaum ingkang atur sasmita menawi layon sampun saged kabidhalaken.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar