Total Tayangan Halaman

Rabu, 08 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (021)


 

21.

       Dalu lumampah kanthi limrah, dumugi enjing boten wonten ingkang wigati kangge kacariyosaken, labet inggih boten wonten prakawis ingkang wigatos. Nembe enjingipun nalika surya sampun nginggahi cakrawala sisih wetan watawis saklandheyan inggilipun, para Bebau sakalurahan Tambak tuwin para pamong lan Sapukawating Dhusun Tambak sampun sami mlempak. Nuhoni dhawuh saking Ki Lurah ingkang dipun wartosaken dening Bebau Sela kala wingi. Namung Bebau ing Padhukuhan iring kidul, inggih Ki Butulan ingkang boten katingal lenggah ing joganing pendhapa Kalurahan ingkang dipun gelari klasa menika.

       Boten dangu Ki Lurah ugi lajeng miyos saking dalem, lajeng nusul ndherek lenggah ing tikar ingkang sampun kagelar. Sasampunipun bage binage sawatawis, Ki Lurah lajeng mundhut pirsa dhateng Bebau Tengah lan Jagabaya magepokan kalihan jejibahan ingkang kala sonten kadhawuhaken :

       “Kepiye Ki Bau Tengah, wis ndika tindakne kanthi becik apa sing dadi prentahku wingi sore kae?”

       “Nuwun inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah “sadaya dhawuh saking Ki Lurah sampun kula lampahi, lan nalika kula dipun takeni dening Ki Lurik menapa ingkang sampun kedadosan ngantos anggenipun wangsul pun Puranti, kula lan para sapukawat ingkang ngeteraken, kula inggih lajeng cariyos menapa wontenipun”.

       “Dadi simbahe Puranti ya wis ngerti kabeh kedadean sing dialami Puranti dina wingi kuwi?” Ki Lurah paring pandangu malih.

       “Leres Ki Lurah, inggih awit sampun kula cariyosi kala wau”.

       “Banjur kepiye sikepe Ki Lurik?”

       “Ki Lurik ngaturaken panuwun dhumateng Ki Lurah, kula ingkang kapurih ngaturaken, awit Ki Lurah sampun paring pangayoman dhateng putunipun, ugi Ki Lurik ngaturaken panuwun dhateng Ki Sela inggih awit saking pitulunganipun Ki Sela temah Puranti wilujeng saking bebaya ingkang sakalangkung ageng menika” Bebau Tengah ngaturaken wangsulan.

       “Ya tiba sapadha-padha, kamangka sing wis nylametake Puranti wingi kuwi dudu aku, nanging Gusti Kang Maha Agung lelantaran wis ngersakne ndika lan Ki Bau Sela ngliwati dalan sidhatan temah bisa nylametake Puranti” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah, ingkang lajeng mundhut pirsa malih “Lha kajaba kuwi apa ana maneh sing prelu ndika kandhakne marang aku gegayutan karo Ki Lurik?”.

       “Boten Ki Lurah” aturipun Bebau Tengah “nanging malah dhateng kula pribadi, Ki Lurik ndhawahaken sikepipun ingkang jejer minangka Simbahipun Puranti”.

       “Apa sing dikandhakne Ki Lurik marang ndika?” Ki Lurah ndangu malih.

       “Gandheng kula sampun kadenangan bilih kula menika jebul salah satunggaling Bebau ing Tambak mriki, lajeng Ki Lurik nedhi wangsulan menapa kajeng kula dhateng Puranti, kula inggih lajeng criyos menawi kula taksih pados wekdal ingkang sae, kangge nglamar Puranti saha kula ugi taken sinten ingkang wenang dados walinipun menawi Puranti benjing palakrami. Salajengipun, Ki Lurik wicanten bilih kula boten sisah mawi upacara ingkang neka-neka menawi badhe nglamar Puranti, tembung wangsulan kula kala wau sampun cekap kinarya panglamar menggahing Ki Lurik. Andilalah, kala dalu menika Ki Senu bapakipun Puranti kapinujon mertinjo ing griyanipun Ki Lurik, Ki Senu ugi sampun sarujuk menawi Puranti badhe kula semah. Puranti piyambak inggih sampun purun. Pramila kangge nyekapi sarat lampahing sarak, kala dalu Ki Lurik lan Ki Senu lajeng nglempakaken tangga tepalihipun sarta ngaturi Ki Kaum ingkang griyanipun gandheng kalihan wandenipun Ki Lurik. Ki Kaum lajeng makili Ki Senu njodhokaken kula kalihan Puranti kala dalu menika ugi” radi panjang lan dangu Bebau Tengah anggenipun matur dhateng Ki Lurah.

       “He he he jebul iki mau ana manten anyar teka kene ta?” anggenipun Ki Lurah paring wangsulan kalihan gumujeng. Bebau Sela ingkang ugi mireng lajeng tumut gumujeng tanpa nyuwanten. Para Bebau lan Sapukawat lintunipun ingkang dereng mudheng bongkot pucuking rembag antawisipun Ki Lurah kalihan Bebau Tengah namung sami pating domblong.

       “Lha Puranti banjur ndika ajak bali menyang Tambak maneh?” Ki Lurah lajeng ndangu dhateng Bebau Tengah.

       “Dereng Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah “angkah kula benjing kemawon menawi kawontenan sampun longgar, nembe Puranti badhe kula ajak wangsul mriki, mawi upacara prasaja Bapak kalih Biyung angundhuh mantunipun. Kala dalu sasampunipun kakepyakaken dening Ki Kaum, kula kalih para kanca sapukawat padhukuhan Tengah inggih lajeng wangsul. Meh pletheking surya kala wau, kula sakanca mlebet griya”.

       “Para Bebau lan para Sapukawat Tambak kabeh” Ki Lurah lajeng ngendika mawi suwanten ingkang saged kapireng dening sedaya ingkang wonten ing pendhapa “satemene dina wingi kuwi ing Tambak ana kedadean sing gawe kodhenging pikirku. Meh wae ing dalan sidhatan antarane Padhukuhan Krajan karo Padhukuhan Kidul ana kadurakan sing nggegirisi lan njejemberi. Katujune konangan dening Ki Bau ing Sela lan Ki Bau Tengah sing kuwawa ngendheg lakuning kadurakan kuwi mau”.

       Ki Lurah lajeng nyariyosaken prakawis ingkang sampun dumados. Inggih wiwit Ki Bau Kidul kalih yoganipun kuwalon ingkang nami Puranti sowan ing pendhapa, ngantos dumugi Ki Butulan kalebetaken ing Pakunjaraning Dhusun sarta kautusipun Ki Bau Tengah ngeteraken Puranti wangsul dhateng Jatisari. Sadaya kadhawuhaken dening Ki Lurah tanpa wonten ingkang kacicir. Para Bebau lan para Sapukawating Dhusun Tambak, sami eram. Lan gumun awit sami boten nginten menawi Ki Butulan ngantos kados makaten trekahipun. Ingkang dipun mangertosi para Bebau lan Para Sapukawat sadangunipun menika, Ki Bebau kidul menika asring sanget suka pitutur ingkang sae dhumateng para sinoman.

       “Samengko piye kahanane Paman Bebau Kidul Ki Jagabaya?” Ki Lurah mungkasi anggenipun nyariyosaken lelampahan kala wingi, kanthi mundhut pirsa dhumateng Ki Jagabaya ingkang tinanggenah anjagi Ki Bebau Kidul ing pakunjaranipun.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” atur wangsulanipun Jagabaya  “wiwit kala dalu ngantos enjing niki wau, Ki Bebau Kidul taksih kados tiyang ingkang boten waras. Kajawi mbengak-mbengok misuh-misuh ugi boten kendel anggenipun mlampah kekiter ing salebeting pakunjaranipun. Wau kula cobi mlebeti dhateng pakunjaran, angkah kula badhe kula ajak rembagan sae-sae, nanging malah ngamuk, kula dipun dugang, dipun pisuhi lan dipun idoni menapa. Meh kemawon kula katut nesu, nanging rahayunipun taksih emut weling jengandika murih boten ngantos nyikara dhateng Ki Butulan”.

       “Ora maido Ki Jagabaya” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “mbok menawa wae saking ora kuwat ngampet rasa wirange, Paman Butulan dadi kaya mangkono. Pancen yen nitik olehe duwe sedya ala marang Puranti kaya kang dicritakne Ki Bau Sela apa dene Ki Bau Tengah sarta kang uga dibenerake dening Puranti dhewe, kudune Paman Bebau Kidul kuwi nampa pidana sing cukup abot. Luwih-luwih yen ditlusur memburi, anggone arep misungsunake Puranti dadia klangenanku kuwi mokal yen Paman Butulan ora duwe sedya kanggo golek rai saka aku temah bisa ngendhalekake kawicaksananku”.

       “Kajawi saking menika kula ugi badhe wadul Ki Lurah” dumadakan Bebau Tengah ingkang waunipun ketingal ayem lan remen manahipun, matur dhateng Ki Lurah mawi suwanten ingkang canthas “kula boten narimahaken dene Ki Bebau Kidul sampun damel cariyos ingkang ngayawara dhateng Puranti, kula dipun wastani lare nem ingkang urakan, dhemen mendem sarta suka damel dolanan prawan ugi mbergonjak semahipun tiyang sanes. Kula boten trima menika Ki Lurah”.

       “Tak jaluk ndika aja nambahi perkara Ki Bau Tengah” Ki Lurah paring wangsulan “sing njalari Paman Butulan crita ngayawara kuwi jalaran kawiwitan saka nggon ndika wis gawe crita sing uga ngayawara marang Puranti sarta mBah Lurik. Ya iku ndika sing wis ngaku mung buruh pangone Bebau Tengah. Lan maneh, critane Paman Butulan sing magepokan karo ndika, ora ana sing weruh utawa sing krungu kajaba Puranti lan Nyai Bebau Kidul wae, lan sadurunge warta ngayawara kuwi sumebar wis kena diendheg merga anane lelakon wingi sore kae. Dadi sepisan maneh tak jaluk ndika aja nambahi ruweting pikirku wae”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Jaladri matur “inggih kula ndherek kersa jengandika”.

       “Iya sokur, aku nedha nrima banget Ki Jaladri” Ki Lurah paring wangsulan kalajengaken anggenipun ngendika kalihan Jagabaya “dadi saupama esuk iki Paman Bebau Kidul digawa ing ngarepku saperlu diadili kira-kira durung bisa ya Ki Jagabaya?”.

       “Kula kinten makaten Ki” wangsulanipun Jagabaya “awit miturut pamawas kula anggenipun ngamuk Ki Bebau Kidul ing Pakunjaran kala wau, namung ngupados marginipun pejah. Menawi kula utawi sapukawat ingkang kajibah nenggani pakunjaran kepancing kalihan trekahipun Ki Bebau boten mokal saged nuwuhaken pasulayan ingkang tundhonipun badhe anyepetaken pejahipun Ki Bebau piyambak. Kula kinten Ki Bebau Kidul menika sampun nginten menawi badhe kapatrapan pidana ingkang sakalangkung awrat lan piyambakipun rumaos boten badhe kiyat nglampahi pidana ingkang badhe kadhawahaken dhateng piyambakipun”.

       “Iya Ki Jagabaya” Ki Lurah paring wangsulan “kamangka satemene, kajaba pancen kaluputan sing ditindakne Paman Butulan pancen ya cukup gedhe, nanging uga ana tetimbangan liya sing bisa kanggo ngentheng-entheng pidanane, ya iku aku isih eling yen arepa kaya apa, Paman Butulan kuwi biyen duwe lelabuhan kang gedhe magepokan karo madege Kalurahan Tambak sing saiki tak lurahi iki. Mula awake dhewe kudu sabar, dienteni wae sedina rong dina, mbok menawa Paman Butulan wis kesel olehe ngamuk lan bisa diajak guneman kanthi becik, temah bisa ngakoni kanthi lila legawa yen dheweke pancen luput, kanthi mangkono isih ana pangarep-arep bisa mareni lan mertobat saka anggone duwe teku sing ora bener kuwi”.

       Nalika Ki Lurah nembe ngendika makaten kala wau, saking njawi ketingal wonten salah satunggaling sapukawat ingkang minggah pendhapa lajeng mbisiki talinganipun Jagabaya.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Jagabaya lajeng matur dhateng Ki Lurah.

       “Iya sapukawat kuwi mau kandha apa marang ndika?” Ki Lurah mundhut pirsa. Ki Jagabaya lajeng suka sasmita dhateng Sapukawat kasebat supados matur piyambak dhateng Ki Lurah.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” wekasan kanthi radi glagepan Sapukawat menika matur “anu ketingalipun Ki Bebau Kidul sampun pejah”.

       “Piye?” Ki Lurah kawistingal menawi kejot penggalihipun “Nek guneman sing cetha bocah sapukawat!. Coba balenana nggonmu kandha, sing alon-alon lan aja kesusu, murih cetha apa kang dadi kandhamu kuwi!”.

       Sapukawat andhahanipun Ki Jagabaya menika ketingal ajrih. Nanging Ki Jagabaya paring tutur murih Sapukawat menika matur ingkang sae, Ki Lurah boten badhe paring duka menawi aturipun Sapukawat menika boten ngayawara.

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...