20.
Ngantos rampung anggenipun sami dhahar, Ki
Lurah dereng nilaraken kursi papanipun lenggah. Jaswana ugi taksih keket
anggenipun ngamplok Bapakipun. Emban Sidhem linggih piyambakan ing kursi
ingkang boten tebih saking palenggahanipun Ki Lurah. Rewang ingkang kala wau
tata dhahar ugi taksih wonten ing papanipun leren, dereng nglorodi pirantining
dhahar Ki Lurah, malah sajak kesengsem anggenipun tumut mirengaken menapa
ingkang dipun rembag Ki Lurah kalihan Emban Sidhem.
“Pancen bener, nek wong maido kuwi kena
diarani mung wong ndelok sing dhemen alok nanging ora tombok, nek digatekne
bisa gawe mumete sing dipaido. Merga unine wong maido kuwi dhewe-dhewe, jumbuh
karo panemune sing mung waton metu saka lambe” Ki Lurah ngendika malih,
ngleresaken menapa ingkang dipun aturaken Emban Sidhem ingkang nyariyosaken
pituturing tiyang sepuhipun “nanging pamaido sing tak tampa iki magepokan karo
dina mburine si Thole Jaswana iki, Sidhem”.
“Magepokan kalihan mbenjing tembenipun Gus
Jaswana, Ki Lurah?” Emban Sidhem matur nyuwun pirsa “cethanipun menika kados
pundi?”.
“Sing diweruhi wong akeh, sing momong
saben dinane si Jaswana iki rak kowe?” wangsulanipun Ki Lurah mawi pitakenan.
“Mila leres lan makaten kanyatanipun Ki
Lurah” wangsulanipun Emban Sidhem.
“Lha ya kuwi, sing dadi dhasar anggone
padha maido” Ki Lurah lajeng ngendika malih “padha alok yen Jaswana iki saben
dina dituntun lan diwulang dening sing momong. Kamangka sing momong kuwi, nuwun
sewu… iki kandhane wong-wong lho?”.
Ki Lurah kendel sakedhap anggenipun
ngendika, kapireng radi tidha-tidha anggenipun badhe nglajengaken
ngendikanipun.
“Inggih kados pundi Ki?” Emban Sidhem
mbujung mawi pitakenan.
“Sing momong Jaswana iki mung Emban, dadi
wong-wong padha duwe panemu yen mbesuke sing ditiru lan digugu dening Jaswana
ya asil pamomong saka Emban kuwi mau. Sepisan maneh kuwi kandhane wong-wong
sing tak kandhakne maido mau lho, Sidhem?”. Ki Lurah paring wangsulan ngiras
nyethakaken pangandikanipun.
“Tumtrap kula menika boten pamaido Ki
Lurah” Emban Sidhem kanthi suwanten tatag ngaturaken pamanggihipun “awit mila
estunipun makaten, boten namung tiyang sanes ingkang akojah, nadyan kula ugi
makaten, awit saben-saben kula matur dhateng Gus Jaswana, salebeting manah kula
ugi anyurung mawi pandonga, mugi Gus Jaswana kersa andhahar pitutur ingkang
kula aturaken. Ingkang makaten kala wau, awit kula ngrumaosi sampun nampi
kapitayan saking Sawargi Nyai Lurah murih tumut momong putranipun. Lha menawi
ngantos ing tembenipun Gus Jaswana menika nggadhuh sipat ingkang boten jumbuh
kalihan kekudanganipun Nyai Lurah, ateges kula nyidrani kasagahan kula
dhumateng suwargi. Iba wirangipun kula menawi benjang ing ari loka kaparengaken
panggih kalihan Nyai Lurah bendara ingkang tuhu tresna dhateng kula menika?”.
Ki Lurah boten enggal paring wangsulan,
midhanget aturipun Emban Sidhem ingkang nedahaken kasetyanipun dhateng ingkang
Bendara. Lan boten rumaos ajrih menawi anggenipun momong dipun lepataken dening
Ki Lurah, awit Emban Sidhem anggenipun momong sampun mawi lelandhesan dhawuh
saking bendaranipun.
“Nuwun sewu Ki Lurah” Emban Sidhem lajeng
wicanten malih “menika kala wau pamanggih kula, menawi Ki Lurah kagungan
pamanggih utawi raos kuwatos menawi keng Putra pun Gus Jaswana benjangipun
dados priya ingkang boten jumbuh kalihan kekudanganipun Ki Lurah awit langkung
rumiyin kalebetan atur pitutur ingkang kula aturaken dhateng ingkang putra,
kula ugi boten kawratan menawi kula boten kakaperangaken malih momong Gus
Jaswana. Mesthi kemawon, kula inggih badhe nyuwun pamit wangsul dhateng Pajang
malih, jer ing mriki sampun boten wonten ingkang kula dhereki”.
“Sabar dhsisik Sidhem” Ki Lurah anggragap
penggalihipun midhanget aturipun Emban Sidhem ingkang kantun piyambak menika “tak
jaluk kowe aja banjur kleru panampa. Awit kaya sing tak kandhakne ing ngarep
mau, aku banget nedha nrima marang kowe sing wis momong kanthi becik marang
anakku lanang iki. Babar pisan ora ana rasa ing atiku kanggo ngluputake marang
anggonmu momong anakku. Lan aku ya ora arep nggugu gedhene nuruti karo kojahe
wong sing padha maido mau. Mung wae…..”.
Ki Lurah kendel malih anggenipun
ngendika.
“Mung wae kados pundi Ki Lurah?” Emban
Sidhem ketingal ngrantos bacuting ukara ingkang kandheg menika.
“Mung wae, iki mung saupama lho?” wangsulanipun
Ki Lurah, suwantenipun kapireng radi ndhredheg “jenenge saupama kuwi bisa dibacutake
ya bisa diwurungake”.
“Inggih Ki Lurah, saupami kados pundi?”
Emban Sidhem nigas rembag jalaran Ki Lurah boten enggal nglajengaken anggenipun
ngendika.
“Saupama, eh, aku percaya Nyai Lurah ya
Biyunge Jaswana ing alam kaswargan kana mesthi seneng, saupama ……..” Ki Lurah
kendel malih anggenipun ngendika.
“Nuwun sewu Ki Lurah” Emban Sidhem rumaos
kirang sabar mirengaken dhawuh pangandikanipun Ki Lurah ingkang pedhot-pedhot
ngaten menika, langkung-langkung nalika Ki Lurah kober nyebut asmanipun sawargi
Nyai Lurah “Jengandika menika paring dhawuh dhateng abdi, ingkang namung drajat
Emban. Nanging kawistingal Ki Lurah anggenipundhawuh nggembol raos pakewuh,
menika tuhu kirang prayogi Ki, mangga kadhawuhna kanthi lugas kemawon, murih
kula saged nampi ingkang kakersakaken Ki Lurah”.
“Iya, iya. Aku njaluk pangapura Sidhem,
pancen kudune aku kandha kanthi lugas lan apa anane wae, dadi ora mbingungake
sing tak ajak guneman” Ki Lurah paring wangsulan.
“Kula ingkang nyuwun pangapunten Ki Lurah”
Emban Sudhem tumunten nyuwun pangaksami labet rumaos bilih anggenipun atur
panyaruwe dhateng Ki Lurah kala wau saged dipun wastani murang ing tata krama.
“Kanggo ngendheg unine wong sing padha
maido mau, aku duwe cara nanging ya menawa kowe nyarujuki caraku iki kanthi lila
legawaning ati, ora jalaran kapeksa” Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih.
“Ngagem cara menapa Ki Lurah?” Emban
Sidhem miterang dhawuh.
“Upama kowe leren nggonmu dadi Emban,
nanging panggah duwe jejibahan momong anakku lanang Jaswana iki, kepiye mungguh
panemumu?” Ki Lurah wangsulan sarwi mundhut pirsa.
“Liripun kados pundi menika Ki?” Emban
Sidhem ngetingalaken raos gumun lan boten mudhengipun.
“Kanthi tulusing ati kang suci, aku
njaluk lilaning atimu gelema Sidhem dadi Biyung sambunge momonganmu lan ya
anaku lanang si Jaswana. Kanthi mangkono sliramu leren anggone dadi emban,
nanging ganti dadi Nyai Lurah nyulihi sawargi kang wis tentrem ing alam kaswargan.
Lan tumrap Jaswana bakal digulawenthah dening Biyunge dhewe sanadyan mung
Biyung sambungan. Piye Sidhem? Apa panjalukku iki bisa mbok turuti? Nanging
sepisan maneh aku njaluk lilaning atimu, aja merga kapeksa kowe gelem nuruti
panjaluke dhudha sing wis rada tuwa iki” wasana Ki Lurah saged ngendika kanthi
cetha menggah ingkang dados isen-isening penggalihipun.
Rampung paring dhawuh makaten kala wau,
kraos entheng lan longgar salebeting jajanipun Ki Lurah. Benten kalihan raosing
manahipun Sidhem, awit boten nyana babar pisan, malah mbok menawi ngimpi
kemawon boten badhe wani, piyambakipun ngajeng-ajeng tembung ingkang kados
makaten kala wau, saking Ki Lurah.
Ananging bawanipun Emban Sidhem menika sampun dangu dados abdinipun Nyai
Lurah ingkang nyata wicaksana, mila kanthi anteng Emban Sidhem kuwawa ngendheg raos
gumronjaling manahipun. Sanaosa makaten, sakecap Emban Sidhem boten kuwawa atur
wangsulan.
“Piye Sidhem? Aku mung saderma njaluk” Ki
Lurah ngendika malih “kowe wenang nampik lan wenang nuruti apa sing dadi panjalukku.
Aja wedi marang aku, wangsulana kanthi tulus saka suwaraning batinmu. Sepisan
maneh, aku ora duwe wewenang meksa utawa ora bakal meksa marang kowe, Sidhem”.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kanthi
suwanten ingkang alon nanging cetha, Emban Sidhem atur wangsulan “babar pisan
kula boten badhe mancasi dhawuh jengandika, namung kemawon Ki Lurah kula aturi
emut bilih Jengandika menika kenging kawastanan Trah Wiku Dibya, Turasing
Narendra Utama, awit saking menika tuhu langkung prayogi menawi ngatos-atos anggen
jengandika ndhawahaken sabda utawi pangandika”.
“Karepmu kepiye Sidhem?” Ki Lurah mundhut
pirsa.
“Kapundhut garwa dening Jengandika Ki
Lurah menika tuhu kanugrahan ingkang tanpa upami tumrap para Kenya utawi wanita
ingkang boten gadhah garwa, nanging kula suwun dhateng jengandika Ki Lurah
prayogi langkung rumiyin mahas ing samun, meminta nugrahaning Gusti, mugi
kaparingan pitedah prayogi menapa botenipun menawi Ki Lurah ngersakaken kula anyulihi
bendara kula Nyai Lurah sawargi minangka dados Biyung Sambungipun bendara kula
pun Gus Jaswana. Salajengipun sasmita menapa kemawon ingkang badhe jengandika
tampi saking Gusti, menika ingkang prayogi dipun lampahi. Sepisan malih kula
namung ndherek kersanipun Ki Lurah, waton Ki Lurah boten nilar pitedah saking
Gusti Ingkang Maha Asih” kanthi terang lan trawaca Emban Sidhem atur pamrayogi
dhateng Ki Lurah.
Midhanget atur pamrayogi ingkang makaten
kala wau, sakalangkung suka penggalihipun Ki Lurah. Lan Ki Lurah rumaos sansaya
sengsem dhateng ingkang momong putranipun menika. Awit Emban Sidhem sampun
nedahaken bilih piyambakipun boten gampil kepencut dhateng luhuring pangkat
saha kalenggahan, malah kepara langkung remen menawi bendaranipun purun sansaya
nyaket dhateng Dzat Kang Maha Wicaksana.
Rewang ingkang kala wau tata dhahar,
ingkang ugi mireng wangsulanipun Emban Sidhem dhateng Ki Lurah, ketingal
mlongo. Boten mudheng kalihan menapa ingkang dipun gagas dening Emban Sidhem,
tiyang ingkang karentahan kanugrahan kemawon dugi boten daya-daya anampi, malah
matur ingkang miturut pamanggihipun rewang kala wau atur ingkang “neka-neka”.
“Iya. Sepisan maneh bener kang dadi aturmu
Sidhem” wasana kanthi suwanten ingkang ngemu wibawa Ki Lurah angandika “aku arep
nindakne panembah istikarah marang Gusti, yen kongsi aku nampa sasmita luwih
prayoga kowe dadi biyung sambunge Jaswana, mangka tumuli kowe tak kanthi menyang
Pajang, bakal tak tembung marang Bapa lan Biyungmu kanthi tatacara kang samurwate”.
Nalika samanten jebul sampun radi dangu
Jaswana ketileman ing pondhonganipun Ki Lurah lan sampun wancinipun nglilir.
Nalika Jaswana nglilir, rumaos kaget awit boten kados padatan anggenipun tilem
inggih menika ing embananipun Sidhem. Nanging dalu menika jebul ing
pondhonganipun Bapakipun piyambak. Jaswana mulet lajeng nangis. Ki Lurah kejot
lajeng daya-daya masrahaken Jaswana dhateng Emban Sidhem. Kalih nampeni Jaswana
Emban Sidhem nunten pamitan dhateng Ki Lurah bilih badhe nilemaken
momonganipun. Ki Lurah ugi lajeng jumeneng, jengkar nilar papan bujana, badhe
nindakaken panembah ing wanci ngisa.
Kalih tindak Ki Lurah lamat-lamat taksih
midhanget suwantenipun Emban Sidhem ingkang rerepen kangge ngemban momonganipun
:
“Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga laku jatmika
Yen wacana kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning
manugsa sami…….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar