19.
Nalika samanten wekdalipun sampun serap
surya, Ki Wungkul sampun wangsul dhateng griyanipun ing Dhukuh Sela, Ki Jaladri
lan para sapukawatipun cacah gangsal sampun bidhal dhateng Jatisari ngeteraken
Puranti wangsul dhateng griyaning simbahipun, Ki Jagabaya lan para sapukawat
ugi sampun andum damel anjagi Ki Butulan ingkang kalebetaken ing pakunjaraning
dhusun. Ki Lurah tumunten sesuci lajeng nindakaken kuwajibaning gesang manembah
dhateng Allah.
Nalika Ki Lurah mandhap saking papan
panembah, lajeng mlebet dhateng dalem wonten raos kepengin kepanggih kalih
putranipun pun Jaswana. Jebul Jaswana ingkang nembe saged jajalan ngadeg, nembe
dolanan ing sacaketipun Emban Sidhem ingkang ugi nembe nindakaken sembahyang. Lare alit menika ketingal bingar polatanipun,
tanganipun dipun damel nggeret-nggeret sandhangan panembahipun Emban Sidhem,
sandhangan warni pethak ingkang anutupi sakujuring badan, namung tapaking
tangan saha praupan kemawon ingkang boten katutupan ingkang warninipun pethak. Jaswana
ketingal gambira, katitik saking suwantenipun ingkang asring gumujeng piyambak.
Pirsa menawi Emban Sidhem taksih
sembahyang, Ki Lurah boten tumuli nyaketi putranipun, kuwatos menawi ngganggu
anggenipun sembahyang Emban pamomongipun Jaswana menika. Nembe sasampunipun
Emban Sidhem mungkasi nggenipun manembah kanthi noleh manganan lan mangering,
Ki Lurah ngersakaken badhe anyaketi, nanging inggih dereng ebah saking
papanipun, nembe boten kedhep angulati solah bawanipun Jaswana ingkang katingal
lucu, nggemesaken. Kados mangertos menawi Emban Sidhem sampun rampung
anggenipun sembahyang, Jaswana lajeng nubruk pangkonipun Sidhem kalihan gumujeng
nelakaken raos gambiranipun.
“Sakniki wancinipun ndedonga dhateng
Gusti, Gus” Emban Sidhem kapireng atur tutur dhateng momonganipun, tanganipun
angelus sirahipun Jaswana “menawi sampun rampung sembahyang boten kenging supe
nyuwun dhateng Pangeran mugi-mugi keng Ibu ingkang sampun tentrem ing alam langgeng
tansah binerkahan dening Gusti, ugi nyuwunaken keng Rama pangayoman dhateng
Pangeran, mugi anggenipun keng Rama ngayahi jejibahanipun tansah kaparingan
rahayu dening Gusti Ingkang Maha Agung”.
Rampung wicanten dhateng Jaswana makaten
menika, Emban Sidhem nunten anadhahaken tanganipun kekalih ndedonga dhumateng
Gusti kados ingkang nembe kemawon katuturaken dhateng Jaswana. Boten kraos
wonten luh ingkang nelesi paningalipun Ki Lurah, inggih awit rumaos trenyuh ing
salebeting penggalih. Samanten kasetyan lan katresnanipun Emban tilaranipun
sawargi Nyai Lurah menika, dhumateng bendaranipun. Inggih dhateng
panjenenganipun Ki Lurah piyambak sarta sawargi ingkang Garwa Nyai Lurah. Tresna
tulus ingkang boten karana pamrih menapa-menapa. Katresnan ingkang boten awit
murih kawigatosaning titah, nanging katresnan dhumateng titah ingkang
kaunjukaken ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Asih. Langkung trenyuh malih,
jalaran Ki Lurah ingkang ngrumaosi bilih panjenenganipun menika jejering tiyang
sepuh tumrap Jaswana, nanging sadangunipun menika boten kagungan kalodhangan
kangge nenuntun putranipun ing reh kautaman, malah Emban Sidhem ingkang namung
dhapur Emban suprandene mrelokaken asung pitutur luhur dhumateng Jaswana, menggah
kuwajibaning putra dhateng sudarma.
“Hem, hem….. Jaswana durung bobuk ya
Sidhem?” karumiyinan dhehem asung sasmita, Ki Lurah ndangu dhateng Emban Sidhem
ingkang dereng menyat saking pasujudanipun.
“Mangga Ki Lurah….” Emban Sidhem ketingal
radi kaget awit rawuhipun Ki Lurah ing papanipun, lajeng atur wangsulan “menika
Gus Jaswana nembe rampung sembahyang”.
“Iya, iya. Aku ya weruh awit saka
panuntunmu katone Jaswana mbesuk bakal dadi anak sing bekti marang wong tuwa
lan mituhu marang Gusti Sing Maha Agung” Ki Lurah paring wangsulan saha
pangalembana dhateng Emban Sidhem.
“Mangga Gus, samangke ngaturaken sembah bekti
dhateng keng Rama” boten atur wangsulan dhateng Ki Lurah, Emban Sidhem malah nyandhak
Jaswana lajeng kacaketaken dhateng Ki Lurah. Lare alit menika ketingal ajrih
sareng ningali pasuryanipun Ki Lurah, inggih tiyang sepuhipun piyambak, mila inggih
lajeng mbalik ngadhep dhateng Sidhem kalihan prembik-prembik badhe nangis.
“Kalihan Keng Rama boten pareng makaten
Gus, kedah bekti…., mangga!” kanthi tembung ingkang alus Emban Sidhem nuturi
lare ingkang dereng saged wicanten menapa-menapa menika. Elokipun, kados sampun
mangertos kemawon, Jaswana ingkang waunipun badhe nangis lajeng gumujeng lan
nalika dipun angkat dening Sidhem kacaketaken Ki Lurah, Jaswana lajeng boten
ajrih malih, malah tanganipu ngranggeh-ngranggeh sajak kepengin nyuwun digendhong.
“Pinter tenan putrane Bapa iki……” Ki
Lurah lajeng nampani Jaswana, dipun pondhong kalih dipun alembana “matur nuwun saka
kabeh kawigatenmu marang anakku, awit panuntunmu Jaswana bakal dadi satriya
kang sejati, Sidhem. Muga-muga kabecikanmu antuka leliru saka Kang Maha Agung”.
“Sanes awit panuntun kula Ki Lurah” Emban
Sidhem atur wangsulan “nanging mila Gus Jaswana menika putra ingkang bekti
dhateng tiyang sepuh, saha tansah emut kalihan welingipun ingkang Ibu, inggih
Nyai Lurah sawargi saderengipun kundur ing ngayunaning Gusti, kula namung
sadermi nindakaken kuwajiban minangka abdi kemawon Ki Lurah”.
Ki Lurah boten paring wangsulan, sampun
kasengsem mondhong Jaswana lajeng dipun ajak mlampah medal dhateng sanjawining bangsal.
Emban Sidhem ingkang dereng lukar saking busana panembahipun, ugi lajeng ngetutaken
saking katebihan. Anggenipun Ki Lurah mondhong Jaswana kalihan mlampah-mlampah
ngubengi sakiteripun dalem Kalurahan. Para abdi inggih para rewang dalem
kalurahan ugi sami ningali, meh sedaya sami nyaket sakedhap saprelu suka
pangalembana dhateng Jaswana ingkang dipun pondhong Bapakipun.
Nalika tindakipun Ki Lurah dumugi papan
bujana, angleresi rewang ingkang jejibahanipun tata dhahar kagem Ki Lurah nembe
wonten mriku, nyawisaken dhahar dalunipun Ki Lurah. Ki Lurah lajeng kendel
anggenipun tindak, nunten ngendika paring dhawuh dhateng abdi ingkang nembe
tata dhahar kala wau :
“Bibi, kabeneren banget saiki aku wis
luwe lan kepengin mangan. Tulung cawisna piring lan unjukan siji maneh, aku
kepengin mangan bareng karo anakku lanang Jaswana”.
Abdi kala wau ketingal ngungun, mireng
dhawuhipun Ki Lurah ingkang makaten kala wau. Awit boten jamakipun, lare taksih
bayi kaajak dhahar ing sasana bujana makaten menika. Nanging Rewang kala wau
inggih boten semanta menapa-menapa, malah lajeng daya-daya nindakaken
dhawuhipun Ki Lurah.
“Sidhem tulung nyeraka mrene” Ki Lurah
lajeng nimbali Emban Sidhem kapurih nyaket.
“Wengi iki aku kepengin mangan bareng
karo anakku lanang” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun Emban Sidhem nyaket “sadurunge
tulung aku tandukana dhaharan kaya sing ditindakne Nyai Lurah biyen, banjur
kowe ya tanduka kanggo kowe dhewe, jalaran aku ngerti nek Jaswana durung bisa
nuruti prentahku mangan bareng karo aku, mula kowe sing tak kongkon makili
Jaswana”.
Rewang ingkang kala wau nyawisaken dhahar
ketingal sansaya ngungun sumerep sikepipun Ki Lurah ingkang makaten menika.
Makaten ugi Emban Sidhem, rumaos radi kewetan anggenipun badhe nindakaken
dhawuhipun Ki Lurah, nanging gandheng menika kala wau wujudipu prentah, wasana
Emban Sidhem ugi lajeng nglampahi menapa ingkang dipun dhawuhaken bendaranipun.
“Nuwun sewu, kaparenga Gus Jaswana kula
ajakipun rumiyin Ki Lurah” aturipun Sidhem sasampunipun nanduki sekul
salawuhanipun kagem Ki Lurah.
“Ora!” Ki Lurah paring wangsulan “aku
kepengin mangan karo nggendhong anakku lanang, aku meri marang kowe Sidhem.
Saben dina kowe bisa mangan bareng karo Jaswana sing ana gendhonganmu, ya gene
aku sing nyata-nyata wong tuwane ora tau bisa mangkono mau?”.
Emban Sidhem boten saged atur wangsulan
menapa-menapa. Lajeng Ki Lurah ngendika malih :
“Lha endi olehmu tanduk sega kanggo kowe
dhewe? Aku dhawuh marang kowe lungguha ing kursi kancanana aku mangan, makili
anakku Jaswana”.
Kalihan sikep ketingal kidhung, Emban
Sidhem lajeng mapan linggih ing kursi, boten tebih kalihan Ki Lurah lajeng
mendhet sekul salawuhipun kangge awakipun piyambak. Saking katebihan, rewang
ingkang nata dhahar kala wau ningali kanthi praupan ingkang nedahaken
gumunipun.
“Wiwit ditinggal Biyunge Jaswana Lagi
wengi iki aku ngrasakne enake panganan” ing sela-selaning dhahar Ki Lurah
ngendika “aku matur nuwun banget marang kowe sing wis gelem makili Jaswana
mangan bareng karo aku, mendah senenge yen saben dina bisa ngene iki?. Saiki
saupama aku njaluk tulung marang kowe supaya gelem ngancani aku mangan saben
dina, ora makili Jaswana kaya saiki apa kowe kabotan Sidhem?”.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah”
sasampunipun radi dangu Emban Sidhem nembe atur wangsulan “boten ateges ndaga
dhawuh menawi kula kawratan, awit kersanipun Ki Lurah ingkang makaten kala wau
saged nuwuhaken panginten ingkang boten-boten dening ingkang nyumerepi, saha
malih kirang-kirang bejanipun saged ndadosaken kula supe, menawi kula menika
namung abdi jengandika, lan menawi kula ngantos supe, menika saged sanget
andrawasi kedadosanipun”.
“Iya, iya. aku bisa nampa nggonmu kabotan
nuruti pepenginanku iki” Ki Lurah paring wangsulan “kamangka aku uga isih duwe
pepenginan liya, pantes utawa ora yen pepenginan mau tak kandhakne ing ngarepmu
Sidhem?”.
“Menapa menika Ki Lurah?” sajak
ngatos-atos Emban Sidhem nyuwun pirsa ingkang ateges nglilani Ki Lurah
ngandharaken ingkang dipun kersakaken.
“Aku kepengin Jaswana bisa nampa
katresnan wutuh saka wong tuwane, murih ing tembe bocah bagus iki bisa nutugne
kanthi becik jejibahan sing tak emban samangsane aku wis kapundhut dening Kang
Maha Agung” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah dhateng Emban Sidhem.
“Menika kersa ingkang sakalangkung mulya
Ki Lurah” Emban Sidhem matur lan caos pangalembana ingkang dados lekasipun Ki
Lurah.
“Mengko dhisik, sing tak kandhakne mau
isih ana tutuge” Ki Lurah ngendika malih “kamangka kabeh wong ya weruh yen wektu
sing tak duweni kudu diedum antarane kawigaten marang anak lan kawigaten marang
jejibahanku. Tujune kanggo aweh sesuluh miwah tuntunan marang anakku lanang iki
isih ana kowe, dadi labuh labetmu marang Jaswana iki luwih akeh tinimbang
kawigatenku marang anakku lanang iki, Sidhem”.
“Inggih Ki Lurah, mila menika sampun dados
kuwajiban kula minangka abdinipun Gus Jaswana” Emban Sidhem atur wangsulan.
“Ewa samono, sok ana lan sok keprungu
pamaido saka wong sing ora weruh, sing tak tampa magepokan karo lelabuhanmu
sing ora weruh wektu lan ora ngreken kesele raga lan pikiranmu kuwi Sidhem!” Ki
Lurah ngendika malih.
“Tiyang sepuh kula rumiyin nate nyukani
tutur dhateng kula” Emban Sidhem lajeng matur “bilih tiyang maiben menika
gampil lan mila limrah, langkung-langkung menawi anggenipun maiben jalaran
saking boten ngertosipun. Mila prayogi menawi pamaiben ingkang makaten menika
dipun umbar kemawon, dangu-dangu badhe kendel lan ical piyambak”.
Ki Lurah namung manthuk-manthuk midhanget
aturipun Emban Sidhem ingkang nedahaken jiwanipun ingkang sabar lan narimah makaten
menika. Saking katebihan, Rewang ingkang wau tata dhahar tumut mirengaken
menapa ingkang dados rembagan antawisipun Ki Lurah kalihan Emban Sidhem.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar