Total Tayangan Halaman

Senin, 06 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (018)


 

18.

       “Nyuwun pangapunten saderengipun Ki Lurah” Bebau Sela miwiti anggenipun matur “estunipun ingkang kula sumerepi babagan ingkang wonten gandheng cenengipun kalihan Nini Puranti miwah Ki Bebau Tengah menika boten kathah, malah kula sumerep pawestri ingkang nami Puranti menika inggih nembe ing dinten niki wau. Inggih mangke ingkang kula aturaken winates ingkang kula mangertosi kemawon”.

       “Iya Ki Bau, coba kandhakna apa sing wis ndika weruhi” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

       “Kala wau enjing, enjing sanget Ki Bau Tengah menika dugi ing griya kula. Saderengipun Ki Bau wetan langkung-langkung Ki Lurah rawuh. Kula kinten menawi Ki Bau namung sanja limrah, jebul anggenipun dugi kala wau badhe taken lan kalajengaken aminta sraya kula” Aturipu Ki Wungkul mawi tembung ingkang las-lasan dados cetha menawi kamirengaken.

       “Ki Bebau Tengah arep takon marang nDika lan arep dibacutne klawan minta sraya? Babagan apa kuwi Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa dhateng ki Bau Sela.

       “Kawiwitan kalihan sambatipun Ki Jaladri, dene sampun meh lungse yuswa nanging dereng amengku semah” aturipun Ki Wungkul caos wangsulan.

       “Sambat sing lumrah kuwi Ki Bau” Ki Lurah mesem kalih paring wangsulan “jeneh Ki Bau Tengah kuwi kanca-kanca sabarakane wis padha duwe anak demolan kabeh, nanging Ki Bau tengah isih ijen durung omah-omah”.

       “Mila lajeng kula tuturi murih enggal pala krama, tumrap Ki Bau Tengah pala krama menika boten prakawis ingkang abot, tiyang inggih samudyanipun sampun nyekapi” Ki Bebau Sela nglajengaken anggenipun matur  “lha sareng kula tuturi makaten kala wau, Ki Bau Tengah lajeng criyos menawi piyambakipun nembe kesandhung ing warata, kabentus ing tawang suwung, kayungyun dhateng satunggaling Kenya lan ugi criyos menawi Kenya kasebat sanadyan dereng blaka nanging sampun  wonten tandha-tandha purun nampi katresnanipun Ki Bebau. Salajengipun, Ki Bebau pitaken menapa saenipun Kenya kasebat katembung lan dipun lamar pisan dhateng tiyang sepuhipun ? Lan menapa kemawon uba rampe ingkang kedah dipun bekta menawi badhe nglamar? Lan gandheng Ki Bau tengah Sepuh, inggih bapakipun Ki Bau Tengah wekdal menika sampun sepuh sanget, Ki Jaladri lajeng minta sraya dhumateng kula kinen amakili tiyang sepuhipun anglamar lan nembung lare estri ingkang dados gegantilaning manahipun Ki Bau menika. Sareng kula takeni pawestri menika naminipun sinten? Yoganipun sinten? Griyanipun pundi? . Ki Bau Tengah lajeng wicanten menawi naminipun kenya ingkang dados pilihanipun menika Puranti, Ki Bau dereng mangertos namining tiyang sepuhipun, nanging sampun ngertos naminipun Simbah ingkang dipun dhereki Puranti, inggih menika Ki Lurik, Bakul Benteran, ingkang griyanipun radi tebih saking mriki inggih menika ing Dhusun Jatisari”.

       “Oooo, iya, iya banjur bacute kepiye?” Ki Lurah wiwit uninga menawi Ki Bebau Tengah sampun kayungyun dhateng Puranti lan kanthi menika nedahaken bilih ingkang dipun cariyosaken Puranti ing ngajeng boten ngayawara.

       “Kula lajeng suka wangsulan dhateng Ki Bau Tengah, mila saenipun inggih enggal dipun tembung lan dipun lamar pisan. Nanging saderengipun bidhal nglamar, langkung prayogi menawi suka wewara dhateng Puranti lan Simbah ingkang dipun dhereki menawi Ki Bebau badhe nglamar, ngiras pantes pados kabar sinten tiyang sepuh minangka walinipun Puranti menawi saestu dados jodhonipun Ki Bebau Tengah. Lan kula ugi sampun nyagahi paminta srayanipun Ki Bau Tengah kangge nglamaraken” Ki Wungkul kendel sakedhap ngulu idu awit gorokanipun kraos sangklit, sasampunipun menika aturipun dipun lajengaken malih “Ki Bebau Tengah lajeng criyos bilih benjing piyambakipun badhe dhateng Jatisari manggihi Ki Lurik saha Nini Puranti lan badhe pados kabar sinten walinipun Nini Puranti menawi badhe palakrama benjang”.

       “Walaah tujune durung kelakon ya Ki Bau?” Ki Lurah nigas rembag kalih mesem wiyar “upama sida budhal harak sida kecelik, utawa saora-orane ora bakal kepethuk karo Nini Puranti, jeneh Nini Puranti jarene wis rong dina ana omahe Biyung lan Ramak-e?”.

       “Inggih mila leres makaten Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Bau Sela kalih gumujeng lirih.

       “Saiki aku wis ngerti sesambungan antarane Ki Bau Tengah lan Nini Puranti” Ki Lurah lajeng ngendika “nanging aku ora arep melu-melu ngrembug perkara kuwi, jalaran kuwi kalebu perkara kang asipat pribadi. Saiki kabeh genti padha rungokna aku arep takon marang Paman Bebau Ing Padhukuhan sisih Kidul”.

       “Sumangga Ki Lurah” ingkang atur wangsulan namung Ki Bebau Sela.

       “Paman Bebau Kidul……” Ki Lurah lajeng andangu dhateng Ki Butulan.

       “Ora sah ndadak takon sing neka-neka Ki Lurah” kanthi tembung ingkang kapireng santak Ki Bebau Kidul atur wangsulan, mawi basa ngoko kados dhateng andhahanipun kemawon. Bebau Tengah, Bebau Sela miwah Puranti ingkang mireng suwantenipun Ki Butulan makaten menika ketingal sami kaget.

       “Sabar dhisik Paman, aku mung arep takon marang ndika kanthi becik-becik” kados boten wonten ganjelan menapa-menapa Ki Lurah panggah ngendika mawi tembung ingkang sareh.

       “Kowe kuwi apa wis budheg ta Rah?” Ki Butulan malah nggetak  dhateng Ki Lurah “aku wis kandha, aja takon neka-neka, ora bakal aku sudi mangsuli apa sing arep mbok takokne. Ngerti?”

       Wicanten makaten kala wau Ki Bebau Kidul kalihan mripatipun mencereng mliliki Ki Lurah, kados mripatipun sima ingkang badhe anubruk cempe. Ki Bebau Sela ingkang kala wau sampun mandhap kanepsonipun, dupi mireng lan pirsa suwanten lan sikepipun Ki Bebau Kidul makaten menika lajeng tuwuh malih kanepsonipun. Tanpa nyuwun palilah sinten-sinten, Ki Wungkul lajeng ngadeg nyaketi papanipun Ki Bebau Kidul linggih. Ki Butulan dipun dugang mawi sikil kanan, kenging uwangipun. Sanadyan boten sambat Ki Butulan inggih lajeng glangsaran ing jogan. Ngantos dangu nembe saget tangi. Kalihan mapan linggih kanthi tangan taksih kabanda, Ki Butulan nyawang Ki Wungkul mawi sorot mripat ingkang murup.

       “Cuh, Cuh. Cuh !!!” Ki Butulan ngidu dhateng jogan kaping tiga lajeng wicanten kasar “Bajingan kowe Wungkul, dudu ,manungsa nanging asu kowe kuwi”.

       “Ooo wong Gerang ora keneng digawe becik!” Ki Wungkul nyauti gunem kalihan ancang-ancang badhe mbente Ki Butulan malih. Nanging…….

       “Cukup Ki Bau!!!” suwanten panggetakipun Ki Lurah, kuwawa ngendheg ebahipun Ki Bebau Sela, temah wurung anggenipun badhe mbente Ki Bebau Kidul.

       “Ora ana gunane tumindak kasar lan mung nuruti kanepson sing ora bisa mikir ngono kuwi Ki Bau” sasampunipun Bebau Sela mapan linggih malih, Ki Lurah lajeng ngendika kanthi suwanten sareh.

       Bebau Sela inggih lajeng tumungkul, rumaos lingsem awit sampun tumindak ingkang boten leres miturut pambijinipun Ki Lurah.

       “Saiki yen pancen Paman Butulan durung gelem diajak guneman, ya ora dadi apa” Ki Lurah ngendika malih “mbok menawa wae lagi kekeselen, dadi ya butuh leren dhisik”.

       “He Lurah cengoh….!” Ki Butulan nyuwanten sora “aja kakehan gunem, ayo mumpung tanganku isih dibanda, gage unusen kerismu sudukna menyang dhadhaku ora-ora nek bakal tak endhani!”.

       “Ki Bau Tengah!” tanpa maelu ucapipun Ki Butulan ingkang kados tiyang ingkang sampun boten waras ngaten menika, Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Ki Bau Tengah “Thuthuken Thonthongan Kayu Elo sing gumatung ing blandar empering Pendhapa kae, timbalana Ki Jagabaya supaya teka kene saiki uga!”.

       Ki Bau Tengah nunten ngadeg, nyaketi Thonthongan lajeng nindakaken dhawuhipun Ki Lurah. Thothongan katabuh kaping tiga sungsun tiga lajeng kasusul uluk-uluk dara muluk, minangka tengara bilih Ki Lurah ngersakaken sowanipun Ki Jagabaya ing kalurahan wekdal menika ugi.

       Boten dangu Ki Jagabaya ugi sampun dumugi ing Kalurahan, duginipun boten piyambakan nanging nganthi para mudha ingkang dados sapukawating Kalurahan. Sedaya siyaga ing dedamel, awit nyipta menawi Kalurahan nembe ing salebeting bebaya.

       “Linggiha  nyedhak kene Ki Jagabaya” dhawuhipun Ki Lurah dhateng Ki Jagabaya. Ingkang kadhawuhan ugi lajeng majeng, mapan linggih caket kalihan Ki Lurah. Namung Ki Jagabaya boten saged nyingidaken gumuning manahipun sumerep kawontenanipun Ki Bau Kidul ingkang bengep praupanipun lan kabanda mawi iket tanganipun.

       “Aja ndadak takon ana apa, yen wis wayahe kabeh bakal ngerti dhewe” Ki Lurah lajeng ngendika “saiki aja kesuwen, tak prentah marang nDika Ki Jagabaya, Paman Bebau Kidul iki singidna ana papan sing kulina kanggo nyingidake  durjana sing konangan gawe onaring desa. Nanging welingku aja nganti Paman Bebau ana sing nyikara, jagananen sing rapet aja nganti bisa metu saka pandhelikan. Yen wis wancine bakal tak takoni, saiki Paman Bau durung bisa diajak guneman”.

       “Sendika ngestokaken dhawuh Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya “kepareng kula lampahi sak menika”.

       “Iya sing ngati-ati aja kaya bocah cilik” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

       Ki Jagabaya lajeng asung sasmita dhateng para sapukawat pandherekipun. Ingkang kasasmintan tanggap, lajeng wonten nem-neman sekawan ingkang nyaketi Ki Bebau Kidul, lajeng dipun peksa ngadeg lan kagiring mlebet dhateng papan ingkang dipun tedahaken dening Ki Jagabaya.

       “Mengko dhisik….” Dumadakan Ki Lurah ngendika radi seru.

       “Wonten dhawuh Ki Lurah?” Ki Jagabaya nyuwun pirsa.

       “Mengko nek wis tekan panggonane, iket sing kanggo naleni tangane Paman Bebau kuwi ndika uculi lan ndika wenehne marang Paman Bebau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

       “Samangke kula lajeng kados pundi Ki Lurah?” sapengkeripun Ki Jagabaya, dumadakan Puranti ingkang wiwit wau namung kendel, nyuwanten nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah “bares kemawon, kula ajrih menawi wangsul dhateng griyanipun Biyung, ajrih menawi dipun pisakit, jalaran Biyung menika sami tekunipun kalih Ramake”.

       “Ngene wae” ki Lurah lajeng paring dhawuh “mengko nadyan colok lintang sambung obor, ndika bali wae menyang Jatisari mundhak dadi pangangen-angene simbah ndika Ki Lurik, gegayutan karo iki tak prentahne marang Bebau Tengah supaya nganthi sapukawat sacukupe, kena lima kena pitu, kancanana lan reksanen lakune Nini Puranti nganti tekan omahe Simbahe, ndika kena nggunakne kreta kalurahan lan para sapukawat supaya jejaranan”.

       “Ngaturaken genging panuwun Ki Lurah” aturipun Puranti kapireng menawi remen manahipun.

       “Kaparenga kula tata-tata langkung rumiyin Ki Lurah” Ki Jaladri ingkang ugi rumaos remen awit kadhawuhan ngeteraken Puranti lajeng nyuwun pamit badhe tata-tata.

       “Iya nanging aja suwe-suwe, ora prelu ndika ndadak macak gajah pasang tlale, merga laku ndika menyang Jatisari iki ora arep nindakne panglamar kaya sing ndika aturne marang Ki Bau Sela mau” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem. Ki Bebau Tengah ndherek mesem. Puranti ketingal radi mbrabak praupanipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...