17.
Ki Lurah mesem salebeting penggalih
midhanget aturipun Puranti ingkang nyebataken bilih nalika tetepangan kalih
piyambakipun Ki Jaladri ngaken namung Pangenipun Ki Bebau ing Padhukuhan
Tengah. Menika nedahaken bilih Ki Jaladri namung badhe njajagi sepinten
anggenipun Puranti nganggep dhateng piyambakipun menawi boten kesasapan pangkat
menapa-menapa. Nanging Ki Lurah boten nglajengaken anggenipun menggalih bab
sesambetanipun Ki Jaladri kalihan Puranti, tumrap Ki Lurah mesthi kemawon langkung
baken enggala saged ngrampungaken prakawisipun Ki Butulan ingkang samangke
nembe dados pesakitanipun Ki Bebau Sela tuwin Ki Jaladri.
“Sabanjure Nini Puranti” Ki Lurah lajeng
ngendika malih “ndika melu ngrungokne apa sing lagi wae dicritakne Ki Jaladri
marang aku, kang uga jeneng ndika katut kasebut ana crita. Sing tak takokne
marang ndika, Ki Jaladri iki mau critane ngayawara lan wis dora marang aku?,
apa pancen witing klapa salugune pancen ya mengkono kedadeyane?”.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Puranti
atur wangsulan, samangke sirahipun sampun radi dipun angkat, boten marikelu
kados wau “sedaya ingkang dipun aturaken Kakang Jaladri ing ngarsa jengandika
menika kala wau boten wonten ingkang sisip, sedaya leres. Lan gandheng menika
sampun kados makaten kawontenanipun, menapa kula kaparengaken ngaturaken
prakawis ingkang wonten sambung rapetipun kalihan kedadosan menika Ki Lurah?”.
Ki Lurah boten enggal paring wangsulan,
namung salebeting batos ngunandika menawi Puranti menika tuhu pawestri ingkang
nggadhahi kekendelan, jumbuh kalihan cakriking tiyang ingkang mbranyak
polatanipun, tregal-tregel solahipun.
“Iya tak lilani ndika ngandhakne apa sing
wis dumadi sing ana sambung rapete karo critane Ki Jaladri sing uga ndika alami
dhewe” wekasan Ki Lurah paring palilah dhateng Puranti.
“Makaten Ki, menawi kala wau enjing Ramake
inggih Ki Bebau Butulan sowan mriki lan nedya nglarapaken kula dhateng Ki
Lurah, menika estunipun cengkah kalih kekajengan kula piyambak. Nanging
bawanipun kula kapeksa dening Ramake saha Biyung, kula inggih boten saged
menapa-menapa kajawi namung kendel lan kula boten wantun matur dhateng Ki Lurah
bab menika kala wau enjing, awit kula ajrih dhateng Ramake. Pramila nalika Ki
Lurah mutusaken boten kepareng nampi pisungsungipun Ramake, estunipun kula
sanget matur nuwun dhumateng jengandika Ki Lurah. Nanging jebul sareng dumugi
margi ingkang sepen kula badhe dipun damel cilaka dening Ramake ingkang rumaos
sampun kula damel wirang, tujunipun kaselak wonten Kakang Jaladri saha Ki Bebau
Wungkul ingkang paring pitulungan” Puranti matur kanthi cetha sarta radi
panjang dhateng Ki Lurah. Ki Bau Sela lan Ki Bau Tengah ingkang ugi tumut
mirengaken sami manthuk-manthuk, salebeting manah sami nocogaken aturipun
Puranti menika kalihan rembagipun Ki Butulan ing pategilan waliking grumbul
kala wau.
“Dadi satemene ndika ora duwe karep
suwita marang aku kaya sing dikandhakne bapakmu kuwalon mau esuk?” Ki Lurah
ndangu Puranti, nyethakaken menapa ingkang nembe kemawon dipun aturaken
Puranti.
“Leres Ki Lurah” wangsulanipun Puranti “awit
sanaosa kula niki anakipun Biyung Jatun ingkang dados semahipun Ki Butulan,
wiwit alit kula menika boten tumut Biyung nanging kula dipun openi dening
simbah ing Jatisari mrika, kepanggih kalihan biyung menapa dene Ramake niku
dereng kantenan setunggal tahun sepisan. Mila kalih dinten kapengker kula dugi
dhateng Tambak mriki ing griyanipun
Ramake, awit kula dipun kengken Simbah magepokan kalihan anggen kula kekancan
kalihan Kakang Jaladri”.
“Wadhuh, sing ndika kandhakne iki kok
malah sansaya ndadekne aku rada bingung” kanthi suwanten sareh Ki Lurah paring
pangandika “teka tekan Ki Jaladri barang?”.
“Cethanipun makaten Ki Lurah” Puranti
lajeng matur malih “watawis wiwit tigang wulan kapengker kula tepang kalihan
Kakang Jaladri, kepanggih nalika Dhusun Jatisari ngawontenaken Bersih Dhusun,
nalika samanten kula tumut nyindheni pagelaran tayub lajeng Kakang Jaladri
ingkang ugi tepang kalih salah satunggaling Bebau ing mrika nyaketi kula lan
ngajak tetepangan, inggih ngakenipun Berah Pangenipun Ki Bebau ing Padhukuhan
Tengah bawah Kalurahan Tambak. Anggenipun dumugi Jatisari ningali pagelaran
tayub ing adicara Bersih Dhusun menika awit ngleresi Kakang Jaladri pados rumput
ingkang ing Tambak criyosipun sampun angel dipun padosi temah anggenipun pados
ngantos dumugi Jatisari. Salajengipun Kakang Jaladri kerep mampir dhateng
wandenipun Simbah lan ngajak jagongan kula ingkang ugi gadhah kuwajiban
ngladosi unjukan wedang dhateng sinten kemawon ingkang mampir ing wandenipun
Simbah”.
“Dadi sasuwene iki Ki Jaladri kuwi wis kerep
sanja menyang warunge Simbah ndika lan jagongan
karo ndika?” Ki Lurah munggel aturipun Puranti mawi pandangu mundhut pirsa.
Bebau Tengah katingal ndhingkluk kalihan
praupan mbrabak semu abrit mireng pandangunipun Ki Lurah dhateng Puranti
ingkang nyebat naminipun menika. Bebau Sela ingkang wiwit wau ketingal nahan
kanepsonipun, tumut ndhingkluk sumerep ewah-ewahan ingkang wonten praupanipun
Bebau Tengah, ndhingkluk kalihan ngampet anggenipun badhe gumujeng.
“Leres Ki Lurah” Puranti atur wangsulan
lan kalajengaken anggenipun cariyos “inggih awit saking menika, nunten Simbah nakeni
kula menapa kinten-kinten ing manahipun Kakang Jaladri wonten raos dhumateng
kula. Kula inggih lajeng mangsuli menawi kula dereng mangertos. Lajeng Simbah
nakeni raos kula dhateng Kakang Jaladri menapa wonten raos seneng menapa boten?”.
“Banjur wangsulan ndika marang Simbah
ndika kepiye?” Ki Lurah ndangu kalihan semu mesem ingkang kaampet.
“Kula inggih bares menawi inggih makaten
menika……” wangsulanipun Puranti kalihan praupan mbrabak anjambu darsana.
“Iya, aku wis mudheng” Ki Lurah mesem “sabanjure
kepiye?”.
“Simbah lajeng kengkenan Pak Cilik Sawal,
taksih pulunanipun Simbah piyambak, supados ngeteraken kula dhateng Tambak saprelu
criyos dhateng Biyung tuwin Ramak-e bab sesambetan kula kalihan Kakang Jaladri
menika. Kajengipun Simbah, Ramak-e supados mlambangi Kakang Jaladri ingkang
bendaranipun Kakang Jaladri menika mesthinipun taksih rencang kalihan Ramak-e
ingkang ugi Bebau ing Tambak mriki” Puranti atur wangsulan.
Salebeting batos Ki Lurah paring
pangalembana dhateng Ki Lurik, Simbahipun Puranti ingkang ketingal
ngatos-ngatos anggenipun njagi putunipun , saking panggodhaning tiyang jaler. Ing
salebeting penggalih Ki Lurah ugi ngalembana dhateng Puranti ingkang panggah
nggadhahi raos tresna dhateng Ki Jaladri ingkang namung ngaken satunggaling
Pangon, boten priya sugih ingkang sinung pangkat.
“Pak Cilik Sawal boten sipeng ing Tambak,
sasampunipun kula kapanggihaken kalihan Biyung lan Ramak-e, Pak Cilik Sawal ugi
lajeng pamit wangsul dhateng Jatisari malih” Puranti nglajengaken anggenipun
criyos.
“Lha sawise ndika kepethuk Paman lan Bibi
Butulan lan ngandhakne welinge Simbah, kepiye tuamnggape Biyung lan Ramak ndika
?” Ki Lurah lajeng mundhut pirsa malih.
“Waunipun Biyung sarujuk kalihan kajenge
Simbah, nanging sareng Ramak-e gadhah pamanggih ingkang benten, Biyung lajeng
tumut pamanggihipun Ramak-e” wangsulanipun Puranti.
“Lha panemune Paman Butulan kepiye he?”
Ki Lurah ndangu malih.
“Ramak-e criyos menawi boten sarujuk
menawi kula jejodhowan kalihan Kakang Jaladri, jalaran criyosipun Ramak-e,
Kakang Jaladri menika lare nem ingkang ndhugal, nakal lan urakan, boten ngilo
kalihan drajatipun ingkang namung berah Pangen. Criyosipun Ramak-e malih,
Kakang Jaladri menika lare nem ingkang polet lan lumuh, remen sesukan ingkang
nerjang sarak nyingkiri bebener, remen mendem arak, remen damel dolanan para
prawan, malah remen ugi anggonjak pawestri ingkang sampun winengku kakung
menapa. Amargi Kakang Jaladri gadhah aji Pengasihan saha Sapuregel, Pramila kathah
titiyang ingkang kapusan lan boten gething kalih piyambakipun, kalebet
bendaranipun Kakang jaladri piyambak” Puranti ngaturaken pamanggihipun Ki Bebau
Kidul ingkang dipun criyosaken dhateng piyambakipun. Ketingal Ki Jaladri
mencereng mripatipun, untunipun nggeget kalihan nyawang dhateng Ki Butulan.
Nanging ugi boten ebah saking papanipun linggih.
“Lha ndika ya banjur percaya karo apa
sing dikandhakne Paman Bau ngono kuwi mau?” Ki Lurah mundhut pirsa.
“Ing antawisipun ngandel kalihan boten Ki
Lurah, nanging manah kula lajeng angles, awit sampun cetha menawi anggen kula
dugi ing Tambak menika boten nguwohaken asil menapa-menapa” Puranti atur wangsulan
.
“Sabanjure kepiye?” Ki Lurah ngersakaken
murih Puranti nyambet anggenipun cariyos.
“Ramake ingkang sumerep menawi kula
nandhang sedhih lan bingung, lajeng ngandhani murih kula boten susah” Puranti
nglajengaken aturipun “Ramake criyos menawi sampun cumawis jodho kangge kula
ingkang samudayanipun tebih mapan ing sanginggilipun Kakang Jaladri. Criyosipun
Ramak-e, ingkang badhe kajodhokaken kalihan kula menika, priya dhudha ingkang
sampun peputra setunggal, dados dhudha awit katilar seda garwanipun. Priya
ingkang sakalangkung njenthara, kagungan kalenggahan ingkang kinurmat,
katenggan bandha donya ingkang boten wilangan kathahipun, inggih menika
jengandika piyambak Ki Lurah”.
“Ooooo……. Sabanjure?”.
“Gandheng kula ngrumaosi kula menika
sinten? Kula lajeng sanjang dhateng Ramak-e, menawi kula ajrih, awit tuhu boten
kepanggih nalar menawi Ki Lurah kersa kalihan lare dhusun pidak pajarakan kados
kula menika. Nanging Ramake kukuh ing pamanggihipun, malah lajeng criyos menawi
Ki Lurah menika bebasan sampun ginegem ing regemaning Ramak-e, sedaya ingkang
dados kekajenganipun Ramak-e tartamtu badhe dipun turuti dening Ki Lurah.
Biyung kula ugi tumut ngiyataken menapa ingkang dipun criyosaken Ramak-e, setengah
dipun peksa kula dipun ajak sowan ing ngarsanipun Ki Lurah kala wau enjing”
Puranti mungkasi anggenipun matur.
“Dadi ulet-uletan kaya jladren lemah sing
arep dicithak dadi bata, bareng aku krungu critane Nini Puranti ngono kuwi” Ki
Lurah lajeng ngendika “nanging murih adile, aku kudu takon maneh marang Ki
Bebau Tengah magepokan karo critane Puranti sing uga nyenggol jenenge iki mau.
Piye Ki Bau Tengah?”.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Tengah
atur wangsulan kalihan praupan mbrabak abrit “kula boten kuwawa matur dhateng
Ki Lurah bab leres lan botenipun cariyos ingkang dipun aturaken Puranti kala
wau. Nanging menawi kaparengaken, inggih murih adilipun, kula suwun Ki Lurah
paring pandangu dhateng Ki Bebau Sela ingkang estunipun ugi sampun ngertos
anggen kula kluyuran ngantos dumugi Jatisari lan mampir ing wande wedangipun mBah
Lurik menika”.
“Elho? Jebul sansaya adoh lan amba iki
lakone crita?” Ki Lurah ngendika alon “nanging ya ora dadi apa, malah kepara
luwih becik murih sansaya cethane kedadeyan ing sore iki. Coba Ki Sela, tulung
critaa sing ana sambung rapete karo sing dicritakne Nini Puranti lan Bebau
tengah iki mau!”.
Ki Wungkul nginger anggenipun linggih,
sasampunipun kendel sakedhap nunten amiwiti matur dhateng Ki Lurah.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar