Total Tayangan Halaman

Sabtu, 04 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (016)


 16.

       Ki Lurah dados radi bingung penggalihipun, tangisipun Puranti menapa dene wangsulan saking Ki Butulan estu boten saged nyethakaken menggah menapa ingkang sampun dumados ingkang adamel Ki Butulan dipun banda lan kairit dhateng Pendhapa. Sauntawis menika, Ki Bebau ing Sela nyata taksih ketingal menawi dereng lerem anggenipun nesu. Pramila ki Lurah nunten dhawuh dhateng sedaya ingkang wonten mriku murih lenggah kanthi sekeca, mirunggan rumuyin. Ingkang kadhawuhan inggih ugi boten saged suwala. Namung papanipun linggih antawisipun Ki Bebau Sela kalihan Ki Butulan ingkang dereng ucul bandanipun, mila radi tetebihan. Namung Ki Bau ing Padhukuhan Tengah inggih Ki Jaladri ingkang sampun ketingal radi sareh praupanipun.

       “Saiki kabeh wae aja ana sing guneman dhisik, sing nangis tumuli menenga” sasampunipun sami ketingal sekeca anggenipun sami linggih, Ki Lurah lajeng paring pangandika “aku arep rembugan karo Ki Jaladri, liyane aja ana sing ngganggu utawa nyelani wuwus”.

       “Inggih” sedaya ingkang wonten pendhapa sesarengan nginggihi dhawuhipun Ki Lurah.

       “Saiki ndika Ki Jaladri, coba critaa marang aku apa sing wis dumadi satemah ana lelakon kaya mangkene iki?” Ki Lurah nunten paring dhawuh dhateng Ki Jaladri, inggih Ki Bebau Padhukuhan Tengah.

       “Ngestokaken dhawuh Ki Lurah” Ki Jaladri atur wangsulan “nanging ingkang saged kula aturaken inggih winates ingkang kula sumerepi kemawon”.

       “Iya, critaa apa anane aja ana sing ndika tutupi utawa ndika singidake lan iya aja ndika tambahi klawan crita kang ngayawara” Ki Lurah mangsuli anggenipun paring dhawuh dhateng Ki Jaladri.

       Ki Jaladri kendel sakedhap, lajeng nata anggenipun lenggah. Sasampunipun unjal ambegan panjang kaping tiga, Ki Jaladri miwiti crita :

       “Kawiwitan sakunduripun Ki Lurah saking dalemipun Ki Sela kala wau enjing, Ki Pikatan inggih Ki Bebau Padhukuhan Wetan ugi lajeng nyuwun pamit wangsul, semanten ugi kula pun Jaladri. Nanging dening Ki Wungkul kula dipun candhet lan dipun sraya murih ngancani anggenipun badhe nindakaken dhawuhipun Ki Lurah, ngaturi pirsa dhateng Bebau Kilen Ki Suganda, Bebau Ler Ki Widhig lan Bebau Kidul Ki Butulan, prakawis dhawuhipun Ki Lurah murih para Bebau saben dinten ing wanci surya ing langit sisih wetan sampun minggah watawis salandheyan, sami mlempak ing Pendhapa Kalurahan. Gandheng kula ngrumaosi bilih kula menika Bebau enggal ingkang dereng dangu anggen kula nggentosi Bapak ingkang sampun sepuh, kula inggih lajeng ndherek menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Wungkul.

       Sadaya para Bebau sampun kaaturan menggah ingkang dados dhawuhipun Ki Lurah, kajawi Ki Butulan Bebau ing Sisih Kidul. Awit nalika Ki Wungkul kalihan kula sowan ing dalem Kabutulan, Nyai Butulan paring dhawuh bilih Ki Bebau Kidul nembe dhateng Kalurahan awit katimbalan dening Ki Lurah saprelu nglarapaken putra kuwalonipun Ki Butulan ingkang badhe suwita dhateng Ki Lurah”.

       “Sing kandha nek Paman Butulan tak timbali supaya nglarapake anak kuwalone kuwi Bibi Butulan dhewe?” Ki Lurah nyelani cariyosipun Ki Jaladri.

       “Inggih Ki Lurah, awit ingkang wonten dalem Kabutulan kala wau inggih namung Nyi Butulan piyambak lan kula ugi boten taken sinten naminipun anak kuwalonipun Ki Butulan menika” wangsulanipun Ki Jaladri.

       “Ya wis, tutugna anggon ndika crita!” Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih.

       “Gandheng kula kalihan Ki Wungkul pitados dhawuhipun Nyai Butulan, kula kekalih lajeng pamitan badhe nusul Ki Bebau Kidul dhateng Kalurahan. Amargi kula kalihan Ki Wungkul mbujung cepet, lajeng pados margi sidhatan. Kula kalihan Ki Wungkul anggebal margi ingkang langkung caket, kanthi liwat galengan pasabinan miwah seliping pategilan, dados boten medal margi ageng. Sanaosa kula ugi nate mireng bilih medal margi sidhatan ingkang kula langkungi menika kedah ngatos-atos awit sok wonten buron wana ingkang wujud segawon ajak utawi sima loreng ingkang ngadhang margi” Ki Jaladri inggih Ki Bebau Padhukuhan Tengah kendel sakedhap anggenipun criyos awit ngulu idu nelesi gorokanipun ingkang kraos garing.

       “Sabanjure kepriye?” Ki Lurah ketingal kepengin uninga candhaking cariyos.

       “Dumadakan nalika kula kekalih mlampah kanthi ngatos-atos, ngulat-ulati mbok menawi kepanggih bebaya, dumadakan kula kekalih mireng tiyang ingkang paben regejegan saking waliking gegrumbulan” Ki Jaladri mbacutaken cariyosipun “kula kalih Ki Wungkul sakalangkung kaget lan kepengin mangertos sinten ingkang nembe paben lan menapa sebabipun paben, badhea kados menapa sampun dados kuwajibaning para pamong sami misah tiyang ingkang nembe tukaran lan angrukunaken malih”.

       “Bagus, pancen kudune mangkono Ki Bau” Ki Lurah nyelani rembag klawan ngalembana dhateng Ki Jaladri miwah Ki Wungkul.

       “= Sampun ngoten niku Ramake, kula niki yoga ndika dhewe lho ?!? =

Nalika kula dumugi sacaketing grumbul kula mireng ukara makaten menika, cetha menawi menika suwantenipun tiyang estri, nanging kula supe menika suwantenipun sinten?” Ki Jaladri nglajengaken anggenipun cariyos “lajeng kapireng suwantenipun tiyang jaler ingkang radi serak wangsulan dhateng tiyang estri kala wau makaten :

= Aja ngawur kowe Sundel, aku ora tau anak-anak kowe, ngerti? =

       = Nanging Ramake niku bojone Biyung kula, mosok ndika badhe tega lan mentala kalih yogane semah ndika piyambak? = makaten wangsulanipun tiyang estri kala wau.

       = Maune aku ya ora arep tega, nanging bareng ngerti nek kowe kuwi ora ana gunane, kajaba malah gawe wirangku wae, luwih becik kowe mati wae, nanging sadurunge kowe mati aku kepengin ngincipi legining madumu luwih dhisik ha ha ha… mula kowe aja kakehan polah ben ora kesuwen nggonmu nandhang lara =

Kepireng wangsulanipun tiyang jaler kala wau, lamat-lamat kula kados sampun nate mireng menika suwantenipun sinten?. Boten sabar malih kula kalih Ki Wungkul daya-daya nasak gegrumbulan kala wau, awit kula kekalih ngertos menawi estu badhe wonten kadurjanan ingkang nggegirisi. Nanging sepinten kageting manah kula nalika kula sumerep jebul Tiyang jaler ingkang badhe tumindak culika dhateng tiyang estri kala wau jebul………”.

“Jebul sapa Ki Bau?” Ki Lurah nigas cariyosipun Ki Jaladri.

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Jaladri atur wangsulan “tiyang jaler kala wau nuwun inggih Ki Bebau Kidul, lha tiyang estri kala wau tiyang estri ingkang nate tepang sae kalihan kula, putunipun mBah Lurik Bakul Wedang ing Jatisari mrika,naminipun Puranti, kula babar pisan boten nginten menawi Puranti menika jebul taksih yoga kuwalonipun Ki Butulan”.

“Ki Butulan ?” Ki Lurah ketingal kejot “kok bisa mangkono? Banjur kepriye sabanjure?”.

“Leres ki Lurah, kula boten nginten manawi Ki Butulan saged tumindak ingkang makaten kala wau. Nanging kula kalih Ki Wungkul sampun boten saged mikir panjang malih, awit kawontenanipun Puranti sampun boten gadhah daya kenging pangabaran ingkang dipun wedalaken dening Ki Butulan. Tanpa sranta kula mencolot , Ki Butulan lajeng kula geret saking wingking, temah anggenipun nyengkerem Puranti saged wudhar.

Ki Butulan sanget bendu sareng sumerep menawi ingkang nggeret piyambakipun menika kula, mripatipun mencereng lajeng anglolos keris ingkang dipun agem saking waranganipun sarwi wicanten :

= Keparat kowe Bebau sing isih mambu kencur, dina iki kowe kudu mati ana ing pucuking kerisku=

= Sabar Ki Bau Kidul = saderengipun kula wangsulan langkung rumiyin Ki Bau Sela ingkang semaur, ngaturi Ki Bebau Kidul murih sabar.

= Jebul kowe ya ana kene Bebau Bodho Sing keminter? Nek ngono kowe wong loro kudu tak rampungi pisan !!! =

Tanpa nengga wangsulan saking kula menapa dene Ki Bebau Sela, Ki Butulan sampun ebah kanthi kasudiranipun badhe namakaken Kerisipun dhateng kula. Nanging jebul Ki Bebau Sela boten kendel kemawon, sumerep kula kacipuhan ngendhani kerisipun Ki Butulan, Ki Bebau Sela lajeng nglolos sabetipun. Klawan ngempakaken sabetipun, Ki Wungkul paring pitulungan dhateng kula, sarana ngadhang kerisipun Ki Butulan mawi sabet.

Ki Butulan sansaya anggenipun duka, Kalih ngundamana mawi basa ingkang boten pantes kula ucapaken, Ki Butulan ngrangsang dhateng Ki Bebau Sela. Priyantun kalih ingkang sampun sepuh-sepuh menika sami ngunggar kasudiran. Sakalangkung rame. Nanging dangu-dangu ketingal menawi Ki Wungkul langkung unggul, inggih labet yuswanipun langkung timur menawi katandhing kalihan Ki Butulan. Wasana nalika wonten kalodhangan ingkang sae, Ki Wungkul saged nyabetaken sabetipun pas ing wilah kerisipun Ki Butulan temah keris ucul saking gegeman. Kula tanggap, keris ingkang dhawah ing siti nunten kula pendhet, kula gujengi kenceng ukiranipun.

Sanaosa sampun boten nggegem gegaman, suprandene Ki Butulan boten purun ngakeni menawi sampun kawon. Panggah ngasah nerjang Ki Wungkul, wekasan kanthi kasektenipun Ki Wungkul kapeksa damel Ki Butulan lumpuh lajeng astanipun kekalih dipun geret dhateng wingking dipun tangsuli mawi iketipun Ki Butulan piyambak. Ngantos makatena Ki Butulan dereng kendel, taksih misuh-misuh boten kantenan, mrentah dhateng Ki Wungkul menawi nyata perwira supados Ki Wungkul amejahi Ki Butulan. Boten namung dipun pisuhi lan dipun undamana mawi basa ingkang boten limrah, Ki Wungkul ugi dipun idoni dening Ki Butulan. Wekasan kados ingkang Ki Lurah uningani, wajanipun Ki Butulan kapeksa dipun damel rampal dening Ki Wungkul. Lajeng dening Ki Wungkul kula kaajak mbekta Ki Butulan mriki menika kala wau. Ki Wungkul ugi ngengken Puranti supados ndherek mriki, minangka seksi dhateng tindak kadurjanan ingkang dipun lampahi dening Ki Bebau Kidul. Makaten ingkang saged kula aturaken Ki Lurah, samangke sumangga kula namung saged anengga dhawuh saking jengandika. Lan keris ingkang ing tangan kula menika wujudipun keris kagunganipun Ki Butulan dados inggih dede gadhahan kula piyambak”.

Ngantos dangu Ki Lurah legeg penggalihipun, sakecap dereng saged ngedalaken suwanten, inggih awit saking kejoting penggalihipun. Manggihi lelampahan ingkang babar pisan boten dipun nyana-nyana ing saderengipun. Menapa malih, Ki Bebau Kidul lan yoganipun kuwalon kala wau siang sowan ing Kalurahan lan lenggah sapajagong kalihan Ki Lurah lan boten wonten tandha-tandha menawi Ki Butulan badhe nglampahi kados ingkang dipun cariyosaken dening Ki Bebau Padhukuhan Tengah menika.

“Nini Puranti” sareng sampun radi dangu anggenipun kendel, Ki Lurah lajeng ndangu anak kuwalonipun Ki Bebau Kidul “apa bener ndika kuwi tepung cedhak karo Bebau Tengah kaya sing dikandhakne marang aku mau?”

“Mila leres Ki Lurah” wangsulanipun Puranti kalih ndhingkluk “namung kemawon kula boten mangertos menawi Kakang Jaladri menika Bebau ing Dhusun Tambak mriki. Awit nalika tetepangan kalihan kula ngakenipun pangenipun Ki Bebau Padhukuhan Tengah Kalurahan Tambak menika”.

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...