15.
Pranyata anggenipun rerepen Emban Sidhem
kalihan linggih timpuh ing jogan, sawatawis ingkang dipun mong nembe tilem ing
amben alit. Kalih sinambi rerepen, tanganipun Emban Sidhem boten kendel
anggenipun anepasi Jaswana ingkang katingal angler anggenipun tilem. Ki Lurah
boten daya-daya nyaket, namung nguwasi saking katebihan solah bawanipun Sidhem
ingkang boten mangertos menawi nembe dipun uwasi dening bendaranipun.
Adhuh Raden Jaswana wong pekik
Nyata ndika trahing wikuraja
Ingkang gedhe prihatine
Amba mung bisa nuwun
Marang Gusti Kang Maha Suci
Muga Raden Jaswana
Benjing tembenipun
Dadya wong mukti wibawa
Kineringan dening sesamining jalmi
Winongwong ing Hyang Suksma
Kala wau rerepen ingkang dipun sekaraken
Emban Sidhem sekar macapat kinanthi, samangke gentos dhandhanggula. Ki Lurah
langkung pana, menawi rerepen kinanthi kala wau nenggih dhapur aniru rerepening
mantra kina ingkang kondhangipun yasan saking Kanjeng Susuhunan ing Kadilangu,
nanging menawi sekar dhandhanggula ingkang Kantun menika cetha menawi anggenipun
nggothak-gathukaken ukara dening Emban Sidhem piyambak. Ewa samanten kepireng
sekeca dipun mirengaken, labet dhumawahing sukon wulon ingkang boten slewah
kalihan paugeraning sekar macapat. Isining sekar ugi damel ayem ingkang
mirengaken, awit isinipun pamuji kunjuk Gusti ndedonga lan nenuwun mugi-mugi
lare ingkang dipun tenggani ing tembenipun saged dados tiyang ingkang mukti
wibawa kineringan dening sesamining titah. Tuhu panyuwunan ingkang tulus
ingkang medal saking manah ingkang suci, menapa malih kanthi basa saha
sikepipun, Emban Sidhem tansah angaosi dhateng ingkang dipun mong. Sanadyan
menika taksih lare alit ingkang dereng saged micara, suprandene pangrengkuhipun
Emban Sidhem boten benten anggenipun bekti dhumateng sawargi Nyai Lurah,
bendara ingkang dipun dhereki wiwit jaman taksih timur ing Kitha Pajang.
Ki Lurah Raden Riyasa rumaos eram dhateng
patrapipun Emban Sidhem ingkang tuhu setya dhateng bendara menika. Sanaosa
boten wonten ingkang nyumerepi parandene Emban Sidhem boten ngewah-ewahi
trapsilanipun. Menika tuhu nedahaken bilih anggenipun ngawula Emban Sidhem
dhateng bendaranipun menika namung minangka sarana anggenipun ngawula dhateng
Gusti Ingkang Maha Suci. Wonten panguda raos salebeting penggalihipun Ki Lurah,
mendah kados menapa bombongipun Nyai Lurah saupami pirsa putranipun dipun mong
dening wanita ingkang nggadhahi kasetyan kados Emban Sidhem menika. Nanging
pangudaraos menika tumuli kacupet, emut menawi Gusti ngersakaken Nyai Lurah
tentrem ing alam kaswargan langkung rumiyin. Namung kemawon, dumadakan wonten
raos aneh ingkang nggremet ing salebeting jaja. Raos tresna lan asih dhateng
wanita limrah ingkang sarwa prasaja nanging nyimpen jiwa ingkang tuhu luhur,
inggih pun Emban Sidhem. Ki Lurah kagungan dudutan, boten namung nama pas
menawi Sidhem dados juru mongipun Jaswana putranipun menika, nanging
anglangkungi ing saenipun. Malah kepara langkung pas yen ta Sidhem menika saged
dados Biyungipun Jaswana. Biyung ingkang minangka pawiyatan kapisan tumrap para
putra kangge nggayuh kawruh sanguning gesang. Ki Lurah sampun wongsal-wangsul
kanthi sesidheman nyumerepi bilih Emban Sidhem tansah ngeggulang ing kasaenan
dhateng Jaswana. Sanaosa kathah rewang ingkang sami maiben saha nglepataken
lekasipun Sidhem ingkang ngajak rembagan dhateng lare ingkang dereng saged menapa-menapa
kajawi namung nangis saha gumujeng, nanging Ki Lurah pitados bilih tutur-tutur
sae saking Emban Sidhem dhateng Jaswana menika saged katampi lan kasimpen rapet
ing nalaripun Jaswana ingkang ing benjangipun saged kawaos menawi Jaswana
sampun diwasa.
“Ehem…ehm….” Dumadakan Ki Lurah dhehem
minangka sasmita paring sumerep dhateng Emban Sidhem menawi panjenenganipun
rawuh ing mriku.
“Oh, Ki Lurah?.... mangga.. mangga Ki
Lurah” Sidhem ingkang boten nginten menawi Ki Lurah badhe mrepegi papanipun
rumaos kaget, lajeng mbagekaken rawuhipun Ki Lurah.
“Iya Sidhem” Ki Lurah paring wangsulan
kalih mesem nedahaken bilih rawuhipun ing mriku mawi sedya sae, lajeng kalihan
mapan lenggah ing amben boten tebih saking Jaswana ingkang kepati anggenipun
tilem api-api mundhut pirsa “apa anakku lagi beka?”
“Awit pangestunipun Ki Lurah” Sidhem caos
wangsulan blaka “keng putra pun Gus Jaswana tuhu pinter lan wicaksana, nulad lekasipun
ingkang Rama miwah ingkang Ibu, boten nate rewel menapa dene beka, Ki Lurah”.
“Ya sokur ta yen anakku ora rewel” Ki
Lurah ngendika mundhut pirsa malih “lha sajake wis sawatara Jaswana anggone
turu, ya gene ora mbok tinggal malah isih mbok kebuti barang?”.
“Nyuwun duka Ki Lurah” Emban Sidhem matur
kalih nangkepaken tanganipun kalih ngemba tiyang manembah “estunipun makaten
menika awit kula nglampahi dhawuh paweling saking Nyai Lurah nalika
saderengipun Gus Jaswana miyos rumiyin, dados inggih kula lampahi kanthi sakiyat-kiyat
kula”.
“Mengko dhisik, ditakoni perkara sepele
kok olehmu wangsulan teka nyebut asmane Nyai Lurah barang?” Ki Lurah mundhut
pirsa mawi suwanten ingkang nedahaken raos ngungun “Kowe tau nampa piweling apa
saka Nyai Lurah sawargi?”.
“Kala rumiyin nalika nembe anggarbini,
Nyai Lurah paring dhawuh dhateng kula makaten : - Sidhem mbesuk yen putraku wis
lair, aku rewangana momong ya? Jaganen putraku aja nganti ana sing ganggu gawe
marang dheweke, cilike ana sing memada gedhene ana sing gawe laraning ragane
anakku, aku ora lila, Sidhem – makaten dhawuh ingkang wongsal-wangsul kula
tampi saderengipun Gus Jaswana miyos, Ki Lurah” Emban Sidhem ngaturaken menapa
ingkang nate kadhawuhaken Nyai Lurah sawargi saderengipun seda.
Ki Lurah namung manthuk-manthuk, pitados
dhateng menapa ingkang dipun aturaken Emban Sidhem makaten menika. Jalaran Ki
Lurah emut bilih Sawargi Nyai Lurah menika menawi kalihan Emban Sidhem bebasan
toya binelah ingkang boten saged kapisah. Sambeting bendara kalihan abdinipun
menika kalambaran raos sih saha tresna ingkang tulus, Nyai Lurah sawargi
sakalangkung anggenipun asih dhumateng Sidhem lan Emban Sidhem sakalangkung
bekti dhumateng Nyai Lurah.
“Anggen kula boten nilar Gus Jaswana
nalika panjenenganipun nembe sare menika, awit kula ngertos sanaosa kagungan
kaprayitnan ingkang kados menapa kemawon, tiyang menawi nembe sare tartamtu
lajeng suda kaprayitnanipun. Kula boten badhe lila menawi ngantos Nyai Lurah
ing Alam Katentreman mrika dumadakan muwun awit saking mrika pirsa menawi Gus
Jaswana muwun jalaran dipun gigit lemut utawi jingklong, awit saking menika
kula kedah sasaged-saged mbudidaya murih Gus Wana boten ngantos muwun awit
dipun sakiti dening Jingklong”.
Ki Lurah sansaya eram dhateng Emban
Sidhem ingkang ngantos samanten anggenipun setya dhateng janji ingkang dipun
ucapaken dhateng Nyai Lurah. Kasetyan ingkang tuhu kiyat tumancep ing salebeting
jiwa, boten kasetyan ingkang asipat lamis, kasetyan ingkang ngalap pituwas,
menawi pituwas ingkang dipun ajeng-ajeng telas kasetyanipun ugi tumut telas.
Lan Emban Sidhem nyata nggadhahi kasetyan ingkang langgeng, sanaosa Nyai Lurah
sampun seda lan boten saged dipun ajeng-ajeng kekocah saha peparingipun malih,
suprandene Emban Sidhem boten suda kasetyanipun. Inggih awit saking menika,
ndadosaken Ki Lurah sansaya sengsem kayungyun dhateng Emban Sidhem. Kayungyun
boten awit sumerep endahing warna, boten jalaran kathahing bandha, ugi boten
awit menapa-menapa. Salabeting penggalihipun Ki Lurah nunten tuwuh pitakenan :
baya iki sing diarani tresna suci?.
Sanaosa makaten, Ki Lurah ugi boten
kasesa nyariyosaken suwantening nala menika dhateng Emban Sidhem. Langkung-langkung
nalika samanten wancinipun sampun radi sonten, sang surya sampun mangandhap ing
langit sisih kilen. Dumadakan Ki Lurah dipun kejotaken awit duginipun salah
satunggaling rewang ing dalem kalurahan ingkang gita-gita atur uninga :
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah, atur uninga
Ki Bau Kidul kalihan tiyang ayu ingkang wau sowan Ki Lurah sak niki mriki malih”.
“Ki bau Kidul karo anake kuwalon mrene maneh?”
Ki Lurah mundhut pirsa “ana gawe apa maneh?”.
“Kirang mangertos Ki Lurah” rewang kala
wau atur wangsulan “duginipun Ki Bau Kidul kairit dening Ki Bau Tengah kalihan
Ki Bau Sela, tanganipun Ki Bau Kidul dipun tangsuli, dipun banda mawi iket.
Ketingalipun nembe wonten prakawis ingkang wigatos, Ki Bau Sela ingkang
ndhawuhi kula supados ngaturi Ki Lurah murih tedhak dhateng Pendhapa”.
Midhanget aturipun rewang ingkang Kantun piyambak
makaten kala wau, Ki Lurah boten sranta malih tumunten mandhap saking amben
ingkang dipun lenggahi, ngawetaken nyampingipun dhateng wingking lajeng miyos saking patengganipun Jaswana tumuju Pendhapa.
Boten kober pamit dhateng Jaswana menapa dene dhateng Emban Sidhem.
Sadumuginipun ing pendhapa Ki Lurah
sumerep Ki Butulan ingkang sandhanganipun boten tumata, iketipun ugi boten
diangge, malah ketingalipun ingkang kangge mbanda tanganipun menika ugi
iketipun Ki Bau Kidul piyambak. Ki Bau Kidul linggih ing jogan kanthi praupan
ndhingkluk marikelu, boten tebih ketingal Puranti ugi linggih ndhingkluk. Ing
wingkingipun Bebau Kidul, Ki Wungkul ngadeg kanthi sikep waspada, tanganipun kering
ngepel lan tanganipun kanan nyepengi pedhang ingkang sampun kaliga saking wrangkanipun.
Ngadegipun Ki Bebau Padhukuhan Sela menika boten tebih kalihan ngadegipun Ki
Bebau tengah ingkang asikep sami, namung bentenipun Ki Bebau tengah boten
nyepeng pedhang, nanging mandi keris ingkang ketingal mramong pamoripun.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah, kula sowan
boten awit katimbalan” Ki Bau Sela mapag
rawuhipun Ki Lurah mawi atur nyuwun pangaksami.
“Gawe kageting atiku. Ana apa iki Ki Bau
Sela?” Ki Lurah lajeng ndangu dhateng Ki Bau Sela.
“Kula suwun Ki Lurah mundhut pirsa
dhumateng, Tiang Gerang ingkang boten pados dalan padhang menika piyambak. Ingkang
meksa kula nglarak piyambakipun dhateng pendhapa mriki” Ki Bau Sela matur,
sanadyan basanipun alus nanging kapireng taksih ngemu kanepson ing manahipun.
“Wong Gerang sing ora golek dalan
padhang? Apa sing ndika karepake Paman Bebau ing Padhukuhan Sisih Kidul iki he?”
Ki Lurah mundhut pirsa kanthi suwanten ingkang kapireng atos, lajeng ndangu
dhateng Ki Butulan “ana apa Paman? Apa sing wis kedaden antarane ndika karo
Bebau Sela lan Bebau Tengah he?”.
“Kula sampun ndhadha kalepatan kula Ki
Lurah” atur wangsulanipun Ki Butulan kalihan panggah tumungkul “kapejahana
kemawon kula langkung remen tinimbang kedangon anggen kula nandhang wirang”.
“Aku durung ngerti apa sing ndika
karepake Paman Bau” wangsulanipun Ki Lurah panggah atos, lajeng gentos ndangu dhateng
Puranti “satemene ana apa iki Puranti? Apa sing wis kedaden nganti ndika lan Paman
Butulan bali mrene maneh iki?”.
Dipun dangu makaten menika, Puranti boten
saged atur wangsulan malah lajeng nangis sesenggrukan kados lare alit.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar