Total Tayangan Halaman

Jumat, 03 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (014)


 

14.

Ki Lurah boten tumunten paring wangsulan dhateng Ki Butulan, namung salebeting penggalih rumaos radi kejot. Saderengipun boten nyana babar pisan menawi Ki Butulan badhe misungsungaken anakipun kuwalon minangka klangenan dhateng panjenenganipun. Sapandurat Ki Lurah nglirik dhateng Puranti, anakipun kuwalon Ki Butulan ingkang dipun pisungsunaken dhateng panjenenganipun menika. Ki Lurah ugi ngakeni bilih boten kathah pawestri ingkang ayunipun saged nyameni Puranti, langkung-langkung angungkuli. Pawakan weweg, sedhet nengsemaken, prasasat wiwit dlamakan dumugi pucuking rambut babar pisan boten wonten ingkang nguciwani, sadaya katingal damel reseping pandulu. Tiyang jaler pundi kemawon tartamtu badhe kasengsem menawi ta ngulati prawan ayu yoganipun Nyai Butulan menika.

“Duwe karep apa maneh Bebau Kidul teka misungsungake anake kuwalon sing ayune kaya widodari ngejawantah iki marang aku?” makaten panglocitaning Ki Lurah ing salebeting batos.

Sawatawis menika, manah jaler ing penggalihipun Ki Lurah ugi kagugah, rumaos sengsem dhateng Puranti ingkang bebasan tanpa cacad menika. Napsu supiyah wiwit ebah, ngojok-ojoki murih Ki Lurah daya-daya nampi kanthi gembira menapa ingkang dipun aturaken Ki Butulan menika. Namung tiyang jaler ingkang bodho menawi ta ngantos nampik dhateng Puranti. Sawatawis napsu sanesipun ugi kraos angrojongi menapa ingkang dipun suwantenaken dening Napsu Supiyah ing panggalihipun Ki Lurah. Namung napsu Mutmainah ingkang asung sasmita bilih ing lebeting wohipun jambu darsana ingkang ketingal seger, sok wonten uleripun. Samanten ugi wohing mundhu ingkang katingal kuning nengsemaken pandulu jebul nggadhahi raos ingkang  boten cundhuk kalih wewujudanipun. Malah ugi boten sakedhik laron-laron ingkang dumugi ing pejah jalaran kapilut dhateng endahing sunaripun diyan ingkang pranyata ngemu geni panas ingkang saged damel pejahipun laron ingkang nedya amencoki. Ngantos radi dangu penggalihipun Ki Lurah goreh jalaran saking suwantenipun hawa nafsu ingkang boten sami menika.

“Kados pundi Ki?” sareng sampun radi dangu Ki Lurah boten tumunten asung wangsulan, Ki Bau Kidul lajeng munjuk atur malih, polatanipun ketingal ngemu raos ajrih “inggih kaparenga Ki Lurah paring pangaksami menawi kula kapiji degsura, dene kumawantun misungsunaken lare dhusun ingkang tanpa gambar dhateng ngarsanipun Ki Lurah. Menawi ta kadegsuran kula menika kedah nampi pidana, saestu kula badhe rila lan legawa nampi pidana awit saking kadegsuran kula menika”.

“Hm………” Ki Lurah ngedalaken suwanten kados tiyang nggereng nunten paring wangsulan “ora Paman, Paman Bebau ora luput luwih-luwih degsura, kuwi ora. Bares wae aku uga ngakoni arang golek tandhing wong sing bisa madhani kasulistyane anak ndika si Puranti iki. Malah upama Puranti iki dadi Nyi Menggung utawa Nyi Adipati ngono luwih pantes maneh, jalaran iya saka kasulistyaning rupane. Dadi sepisan maneh ndika ora luput lan ora prelu njaluk pangapura marang aku”.

“Ngaturaken genging panuwun awit kawicaksanan jengandika dhumateng kula Ki Lurah” Ki Butulan matur malih kanthi polatan ingkang wangsul bingar kados wau “lajeng samangke menapa Ki Lurah kepareng nampi pasuwitanipun yoga kula pun Puranti?”.

“Alon dhisik Paman” wasana kanthi wicaksana Ki Lurah angandika “aja kesusu mundhak dadine ora becik, satemene aku matur nuwun lan nedha nrima banget marang ndika kang tuhu migatekne uripku, nganti ndika rewangi misungsungake anak ndika marang aku, murih tentreming uripku. Sepisan maneh aku nedha nrima marang Paman Bau. Sabanjure kaya sing wis tak kandhakne neng ngarep, anak ndika iki nyata wanita sing sulistya bebasan tanpa ana cacade, mung wong lanang sing bodho wae sing ora kasengsem ndulu kaendahane Puranti iki”

Ki Lurah kendel sakedhap anggenipun ngendika, sawatawis Ki Butulan ketingal remen manahipun awit pangalembananipun Ki Lurah dhateng piyambakipun miwah pangalembananipun Ki Lurah dhateng kasulistyanipun Puranti. Puranti piyambak, sanadyan lenggahipun namung tumungkul anyingidaken praupan kanthi ningali jogan, nanging ketingal menawi praupan ingkang tumungkul menika ewah dados semu abrit, kawistingal menawi manahipun katuwuhan raos isin nanging remen, awit nampi pangalembana saking Ki Tambak Kapisan.

“Nanging Paman Bau kudu eling piwulange wong kuna-kuna biyen” Ki Lurah nglajengaken pangandikanipun.

“Piwucal ingkang pundi Ki?” Ki Butulan nyela  atur.

“Kae neeeeh…….” Ki Lurah paring wangsulan kalih mesem “sing kerep dienggo rerepen para Sindhen, gegarane wong akrami kuwi dudu bandha, ya dudu rupa, mesthine iya ora merga pangkat lan kalungguhan, nanging amung ati pawitane. Tegese ati ing kene, ya iku rasa tresna kang suci, tulus awit peparing saka Kang Maha Suci. Dudu tresna semu kang sejatine kuwi napsu. Jalaran wong omah-omah utawa wong jejodhowan kang linandhesan mung nuruti pangajake napsu kuwi bakal nguwohake keduwunging wuri munggahe dadi papa lan cintrakane. Dene titikan saka tresna semu sing sejatine napsu kuwi, ya iku tresna sing jalaran saka sengsem ndulu endahing rupa, kapindho kumecer merga kepengin ndarbeni akehing bandha donya, kaping telu kapencut marang dhuwure pangkat lan drajat dene kang kaping papat mung jalaran saka pakulinan sinuguhan wedang lan kinang sinurung ulat kang padhang tembung kang manis sing ndadekne kapincuting rasa. Teka kene Paman Bau wis bisa nyandhak marang kang tak kandhakne iki ta?”.

“Inggih sampun Ki Lurah” wangsulanipun Bebau Kidul manthuk-manthuk “nanging kaparenga Ki Lurah nglajengaken candhakipun”.

“Kamangka wektu dina iki” Ki Lurah nunten nglajengaken anggenipun ngendika “aku durung nemokne rasa tresna kang suci ing atiku. Dadi dina iki tak kandhakne marang Paman Bau yen aku durung bisa nindakne palakrama maneh embuh karo sapa wae kalebu karo Puranti anak ndika sing ayu iki”.

“Makaten inggih Ki Lurah” kepireng mawi suwanten ingkang sareh Ki Butulan matur malih dhateng Ki Lurah “jengandika paring dhawuh dereng kepareng badhe pala krama menika, kula saged nglenggana lan nampi kanthi manah ingkang wening. Lan mugi Ki Lurah uninga, kados ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, kula babar pisan boten wantun ngajeng-ajeng Ki Lurah kepareng mundhut garwa anak kula kuwalon menika. Panyuwun kula dhumateng Ki Lurah namung mugi Ki Lurah kepareng nampi pasuwitanipun Puranti kadadosna klangenan, kaginakakna menawi Ki Lurah nuju betah kemawon. Dene saupami ing tembenipun Ki Lurah tuwuh raos tresna ingkang suci dhumateng pun Puranti, menika tuhu nugrahaning Gusti tumrap anak kula kuwalon menika”.

“Paman Bau” Ki Lurah ngendika mawi suwanten ingkang canthas “pancen aran wis lumrah wong lanang mligine sing kasampiran pangkat lan bandha, padha duwe klangenan rupa wong wadon sing dudu bojone, meh kabeh para luhur para raja, tumenggung, mantri, bupati mudhune nganti tekan para lurah ing jagad iki padha ngopeni klangenan kang lumrah diarani Selir mangkono kuwi mau. Aku ora maido lan ora ngluputake marang sing karem ngopeni klangenan, nanging aku wiwit biyen lan muga-muga nganti tekan mati mbesuk ora seneng lan ora kepengin nduweni selir utawa klangenan. Aku ora gething, merga kanyatane aku dhewe linahirake dening biyungku sawijing wanita sing drajate malah sangisore garwa selir utawa garwa klangenan, merga Biyung kuwi mung wanita lembu petenge Kanjeng Sultan ing Pajang. Dadi menawa Paman Bau duwe karep supaya aku ngingu klangenan, sanadyan sing didadekne klangenanku kuwi isih  waris dhewe karo Paman Butulan, aku panggah ora bisa nglakoni”.

Ketingal mbrabak praupanipun Ki Bau Kidul mireng dhawuh saking Ki Lurah ingkang makaten menika kala wau. Kanthi pangandikan ingkang makaten ateges atur pisungsungipun Ki Bau Kidul dhateng Ki Lurah boten dipun tampi.

“Sepisan maneh tak baleni kandhaku” Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “tenane ngono, aku banget kasengsem sumurup kasulistyaning Puranti, nanging merga wis dadi sumpahku aku ora arep nibakne hardaning napsuku kajaba marang sisihanku sing sejati, mula aku ya banjur ora gelem nampa pasuwitane Puranti sing nedya kepengin ngladeni aku minangka klangenan. Jalaran Puranti kuwi ora pantes yen mung dadi klangenan, luwih-luwih klangenane wong sing mung pangkat lurah. Pantese Puranti kuwi ya dadi garwa, garwane wong lanang sing tresna lahir batine marang Puranti. Mula mbok menawa ing sawijining dina mengko aku ketaman asmara kang linandhesan saka tresna tulus kang asipat suci, aku ya ora kabotan bakal sowan menyang omahe Paman Bau nembung kanthi panglamar sing murwat jumbuh lan budaya kang lumaku. Nanging, saupama tekane rasa tresna suci ing atiku mengko jebul kedhisikan priya liya aku ya bakal nglenggana lila lan legawa. Malah welingku dina iki minangka Lurah ing Tambak kene, saupama bisa, pisan maneh saupama bisa, tegese aku ya ora meksa, aja nganti wanita-wanita ing Tambak kene gelem dadi klangenane sapa wae”.

Ki Bebau Kidul sampun boten wantun matur malih dhateng Ki Lurah. Bebau ingkang sampun radi lungse ing yuswa niku inggih namung tumungkul amarikelu. Wonten raos ingkang boten sekeca ingkang nggremeti salebeting dhadha. Ki Lurah ugi nglenggana, sanadyan tata gelar Ki Butulan sampun boten wicanten menapa-menapa malih, nanging Ki Lurah ugi kagungan pangira menawi estunipun Ki Bebau Kidul niku dereng saged nampi kanthi legawa menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah.

“Saiki yen wis cukup apa sing dadi sedya ndika, ndika sakloron tak lilani bali” setengah nundhung Ki Lurah nunten paring dhawuh dhateng Ki Butulan miwah Puranti.

Kanthi atur ingkang meh boten kapireng dening talingan, Ki Butulan lajeng pamit wangsul dhateng Ki Lurah, samanten ugi ingkang dipun tindakaken Puranti. Ki Lurah nguntapaken wangsulipun Ki Butulan lan Puranti ngantos dumugi regol ngajeng, lajeng wangsul minggah dhateng Pendhapa. Raos kapang dhateng ingkang putra tuwuh malih ing penggalihipun Ki Lurah. Awit saking menika, Ki Lurah ugi daya-daya mlebet ing griyanipun badhe madosi Jaswana ingkang nembe dipun emong dening Emban Sidhem.

Sasampunipun mlebet griya, Ki Lurah mesem rena, saking katebihan lamat-lamat kapireng suwantenipun Emban Sidhem ingkang rerepen anglelipur momonganipun : (kinanthi)

Ki Jabang Bayi puniku

Kekasihe Sang Hyang Widhi

Rineksa pra malaikat

Sing momong pra widodari

Pinayungan ing Hyang Suksma

Kinebutan para Nabi

 

 

Sakathahing wali kutub

Ngulama lan para Mukmin

Samya angreksa Ki jabang

Mila tebih ing sesakit

Sirna larane si jabang

Walagang slamet Ki Bayi.

 

 

Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...