Total Tayangan Halaman

Kamis, 02 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (013)


 

13.

       Sasampunipun radi sawatawis kendel awit rumaos kasoran kalihan kaperbawanipun Ki Lurah, Ki Bebau Padhukuhan Sisih Kidul lajeng lon-lonan matur :

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah, menapa menawi kula matur nyuwun pitulungan dhumateng jengandika kula boten nami lepat saha degsura awit ingkang badhe kula aturaken menika estunipun boten wonten kalihan sambung rapetipun tataning reh paprentahan ing Dhusun Tambak mriki?”.

       “Jenenge wong njaluk tulung, kuwi ora kudu ana sambung rapete karo jejibahan minangka pamong Paman, yen sing ndika jaluki tulung kuwi Riyasa mangka sing bakal mbudidaya kanggo aweh pitulungan ya Riyasa. Nanging yen sing ndika jaluki tulung kuwi Ki Tambak, ya Ki Tambak utawa Lurah ing Desa Tambak iki sing bakal mbudidaya nulungi ndika” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “mbok sing bares wae, Paman Butulan iki satemene duwe karep apa?”.

       “Inggih sepisan malih kula nyuwun pangapunten Ki” Ki Bebau Kidul atur wangsulan “estunipun minangka sami-sami tiyang jaler, kula saged ngraosaken sepinten sungkawanipun Ki Lurah ingkang katilar seda dening garwa. Awit sangertos kula, priyantun kakung ingkang gesang tanpa tinenggan garwa menika sok ndadosaken kirang tentrem penggalihipun, kenging dipun wastani bilih gesangpun taksih gothang lan ingkang gothang menika manawi dipun umbar lan boten enggal dipun jangkepi sok nuwuhaken panggalihan enggal ingkang tundhonipun badhe nuwuhaken prakawis ingkang kirang prayogi……..”.

       “Dadi tekane Paman mrene iki mau arep ngandhakne nek merga aku wis ora duwe sisihan maneh banjur uripku dadi gothang lan merga saka gothang mau ndadekne aku ora bisa ngayahi kuwajibanku kanthi becik, apa ya ngono Paman?” Ki Lurah munggel aturipun Ki Bebau Kidul kanthi suwanten radi inggil sanaosa inggih boten nedahaken menawi penggalihipun runtik awit aturipun Ki Butulan.

       “Boten makaten pikajeng kula Ki Lurah” Ki Bebau Kidul rumaos ajrih awit dipun dangu Ki Lurah mawi suwanten ingkang manginggil.

       “Banjur kepriye?” Ki Lurah mundhut pirsa malih, suwantenipun sampun kapireng limrah.

       “Makaten Ki Lurah” Ki Bebau lajeng matur malih “saestu kula pitados bilih Ki Lurah menika boten badhe kirang anggenipun lelabet dhateng Dhusun Tambak menika namung jalaran katilar seda Nyai Lurah, nanging kula ugi pitados bilih anggenipun Ki Lurah ngayahi kuwajiban minangka pangayomaning sanggya para kawula ing Dhusun Tambak mriki badhe langkung sampurna menawi Ki Lurah kepareng kagungan garwa malih, minangka sulihipun Nyai Lurah ingkang sampun kundur dhateng suwarga langgeng”.

       “Ha ha ha…..” dumadakan Ki Lurah gumujeng tadi seru “grethek pethele ndika kuwi mung arep aweh eguh pratikel marang aku supaya aku gelem golek bojo maneh, ngono ta Paman jebule?”.

       “Kenging kawastanan makaten Ki” wangsulanipun Ki Bebau Kidul “nanging menika inggih awit raos tresna kula dhumateng Ki Lurah saha para kawula ingkang sami angayom dhateng Ki Lurah”.

       “Aku banget nedha nrima marang eguh pratikel ndika kuwi Paman” Ki Lurah lajeng ngendika “bares wae, satemene aku ya wis mikir babagan kuwi. Nanging, kahananku saiki wis beda karo jaman aku arep ngepek bojo wong wadon sing jeneng Mirasih biyen, sing wekasane dadi Nyai Lurah sing saiki wis ndhisiki sowan ing ngayunaning Pangeran”.

       “Bedanipun kados pundi Ki?” Bebau Kidul nyuwun pirsa, polatanipun ketingal wiwit bingar malih.

       “Jaman aku duwe karep ngepek bojo Mirasih biyen kahananku isih ijen” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “aku ora duwe tanggungan kulawarga kajaba mung siji ya iku Biyungku sing ora mbutuhake kawigaten sing mirunggan dadi nalika aku klakon duwe bojo Mirasih, kawigatenku marang biyung ora suda malah kepara wuwuh. Beda karo wektu iki, kajaba aku kudu migatekne Biyung sing sansaya sepuh aku uga isih duwe kuwajiban maneh ya iku anakku si Jaswana sing saiki isih cilik lan mbutuhake kawigaten sing cukup saka wong tuwane, kamangka wong tuwane Jaswana kuwi saiki mung kari siji, ya mung aku dhewe”.

       “Kasinggihan Ki Lurah” Bebau Kidul nugel rembag kalihan praupan langkung bingar malih “leres sanget ingkang jengandika dhawuhaken menika, langkung-langkung ingkang wonten sambetipun kalihan ingkang putra Gus Jaswana. Menawi Ki Lurah ngantos kedangon aggenipun mitadosaken panggulawenthahing Gus Jaswana namung dhateng abdi, benjingipun saged ndadosaken Gus Jaswana kados abdi, awit niru lekasipun ingkang momong. Inggih awit saking menika, kula kinten langkung sae menawi Ki Lurah enggala misuda Nyai Lurah ingkang enggal, nyulihi Nyai Lurah ingkang sampun radi dangu seda. Nyai Lurah ingkang enggal mangke ingkang badhe nyulihi lan nglajengaken kuwajibanipun Nyai Lurah ingkang sampun seda kalebet kuwajiban nggulawenthah ingkang putra pun Gus Jaswana”.

       “Panemu ndika kuwi pancen ana benere Paman” Ki Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang sengaja dipun damel sareh, awit estunipun Ki Lurah boten patos remen kalihan rembagipun Ki Butulan ingkang makaten menika, nanging Ki Lurah ugi boten kepengin damel serikipun Bebau Kidul menawi rembagipun dipun pancasi “nanging, sing momong anakku si Jaswana iki Emban Sidhem, emban kinasihe  Nyai Lurah wiwit jaman isih ana Pajang biyen, dadi kang ndika kuwatirake yen nganti Jaswana kaya sing ndika kandhakne mau muga-muga wae ora bakal kedadeyan. Kaping pindhone ngupadi wanita sing bisa diwisuda nggenteni kalungguhane Nyai Lurah sawargi kuwi ora gampang. mBok menawa wae ya ora kurang  Lanjar, Warandha malah mbok menawa Kenya sing gelem tak rabi. Nanging, wong wadon sing gelem tak pek bojo kuwi durung karuwan gelem lan bisa dadi  biyunge anakku kanthi becik. Awit satemene dadi bojone dhudha kuwi ora angel, nanging dadi biyung kuwalon sing bisa nduweni rasa asih marang anake kakunge kuwi angel, luwih-luwih mengko yen wong wadon mau uga wis duwe anak dhewe. Paman Bebau Kidul kudu ngelingi, nek aku arep rabi kuwi ora mung ngrabekne awakku dhewe, nanging uga nggolekne biyung sing duwe rasa tresna kang tulus marang anakku si Jaswana”.

       “Sepisan malih tuhu leres dhawuh jengandika menika Ki Lurah” Ki Bebau Kidul matur malih “mila kathah tiyang estri ingkang purun dipun semah dening kakung ingkang sampun kagungan putra, nanging boten saged lan boten purun anresnani putra-putranipun kakungipun kala wau. Malah ugi kathah pawestri ingkang purun dados semahipun kakung ingkang sampun peputra, nanging lajeng wentala anyikara lan damel cilaka dhateng putranipun ingkang kakung kala wau, inggih anak kuwalonipun piyambak. Kathah dedongengan ingkang nyariyosaken bab kejeming para biyung kuwalon dhateng anak kuwalonipun. Inggih dedongengan ingkang nyariyosaken kedadosan wiwit ing kraton ngantos dumugi ing redi-redi lan ing papan pinggiring wana, sedaya sami, bilih biyung kuwalon menika adhakanipun kejem, wentala lan tega damel cilakanipun anak kuwalon”.

       “Mula saka kuwi Paman Bebau” ngendikanipun Ki Lurah sarwi mesem “mbok menawa salah siji sing njalari aku tekan titiwanci iki durung kepengin nggolekne biyung sambungan marang anakku Jaswana”.

       “Nanging Ki Lurah kedah emut, bilih Gusti menika Maha Adil” Ki Butulan matur malih “boten sedaya biyung sambung menika sami teku lan watakipun, dados inggih sampun dipun gebyah uyah asin sedaya. Tartamtu ugi wonten lan boten kirang kathah Biyung sambung ingkang nggadhahi katresnan tulus dhateng anak kuwalonipun lan nganggep bilih menika anakipun piyambak malah kepara sok nglangkungi katresnanipun dhateng anakipun piyambak”.

       “Bener Paman Bau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “ya muga-muga wae, saupama aku iki kinodrat mbesuk bakal omah-omah maneh, oleha wanita kaya sing ndika kandhakne keri dhewe kuwi mau”.

       “Gusti tamtu ngijabahi panuwun jengandika Ki Lurah” Ki Butulan matur kanthi ulat sansaya ketingal bingar “menawi Ki Lurah kagungan panjangka badhe palakrama malih kalihan wanita ingkang kajawi bekti dhateng Ki Lurah ugi tresna asih dhateng ingkang putra pun Gus Jaswana, murih kasembadaning sedya ugi kedah dipun jangkah, boten cekap kendel lan tansah ngingah panggalih menawi sedaya Biyung sambung menika badhe nyilakaken ingkang putra”.

       “Iya Paman, rerigen sarta eguh pratikel saka Paman Bau bakal dak penggalih sarta bakal tak cakne sajroning urip” Ki Lurah paring wangsulan.

       “Samangke kaparenga kula matur malih Ki Lurah” Ki Bebau Kidul sansaya wantun anggenipun matur.

       “Iya arep kandha apa maneh Paman?” Ki Lurah paring pandangu.

       “Nuwun inggih Ki Lurah” Bebau Kidul lajeng matur “Sowan kula mriki wau, kados sampun jengandika uningani bilih kula boten piyambak nanging kalihan pun Puranti yoganipun Jatun semah kula. Gandheng kula menika bapakipun kuwalon ingkang sampun ndhaku pun Puranti kados anak kula piyambak, kula lajeng ngertos kados menapa tekunipun Puranti menika.  Sanaosa Puranti menika lare saking gunung, nanging estu sampun nggadhahi kawruh tatacara lan budayanipun para luhur, inggih awit saking anggen kula tansah nyukani piwucal dhateng piyambakipun. Kajawi saking menika, lare menika ugi nggadhuh watak sabar, tlaten lan narima, boten kados limrahipun lare estri sapantaranipun ingkang namung nggagas murih sageding mulya gesangipun piyambak. Wiwit alit Puranti tansah kula gegulang murih nggadhahi jiwa remen tetulung dhateng sesami nebihi tumindak ingkang nerjang sarak saha nyingkiri bebener. Lha angkah kula, sowan kula kanthi nganthi pun Puranti menika, Puranti badhe kula pisungsunaken dhateng Ki Lurah murih gesangipun langkung migunani tumrap piyambakipun lan tumrap bebrayan agung. Samangke kaprenga Ki Lurah kersa nampi pasuwitanipun anak kula pun Puranti”.

       “Ooo, Paman Bau ngersakne supaya aku mundhut Puranti dadi bojoku ngono apa piye ?” Ki Lurah ndangu malih kalihan pasuryan ingkang nedahaken kejoting penggalihipun.

       “Sampun klintu ing panampi Ki Lurah” Ki Butulan matur kanthi semu gragapan “sanaosa saupami kalampahan Ki Lurah kersa mundhut garwa anak kula pun Puranti tuhu kula sakalangkung remining manah. Nanging wekdal menika kula boten wantun nyuwun dhateng Ki Lurah supados mundhut garwa anak kula menika”.

       “Lha banjur karepe paman kepiye?” Ki Lurah miterang kersanipun Ki Bau.

       “Puranti kula pisungsungaken dhateng Ki Lurah minangka klangenan kemawon, sinambi Ki Lurah angulat-ulati kados menapa sejatosipun Puranti menika, dene mbok menawi ing benjingipun Ki Lurah kepareng nyengkakaken Puranti nyulihi kalenggahanipun Sawargi Nyai Lurah, kula sakalangkung ngaturaken panuwun. Dene menawi Ki Lurah kagungan panggalih menawi Puranti boten pantes kapundhut garwa, inggih boten dados menapa, saestu kula lan semah kula miwah Puranti piyambak sampun rumaos marem lan seneng menawi ta Puranti saged ngladosi Ki Lurah minangka dados klangenan”.

 

Ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...