12.
Sadumuginipun
Ki Lurah ing ing dalem, jebul ing pendhapa sampun wonten tamu ingkang
angrantos. Inggih menika Ki Butulan bebau ing Padhukuhan sisih Kidul, utawi
kaprah sinebut Ki Bau Kidul. Ki Bebau Butulan nalika samanten nembe lenggah ing
pendhapa Kalurahan, ing sacaketipun Ki Butulan ketingal satunggaling pawestri,
taksih timur lan pasuryanipun ayu, pakulitan kuning ngemu giring, rikmanipun
panjang dipun kucir mawingking, ngantos dumugi sangandhaping cingklok.
Polatanipun sumunar, netranipun mblalak kawistingal menawi pawestri menika
pakulinanipun tregal-tregel, kados Dewi Banuwati ing pawayangan ngaten menika.
Anggenipun lenggah pawestri ing sacaketipun Ki Bebau Kidul menika tumungkul,
nanging astanipun ketingal nembe ngelus-elus bandhuling sangsangan ingkang
dipun copot saking sangsanganipun, ingkang kadamel saking sesotya, sela abrit
ingkang rineka mirah delima.
Dupi Ki Butulan sumerep menawi Ki Lurah
minggah dhateng pendhapa, sakala gurawalan anggenipun mapagaken. Sarwi mbungkuk
caos kurmat, Ki Butulan nyaketi Ki Lurah ngaturaken pangabekti lajeng anjawat
astanipun Ki Lurah. Pawestri ingkang suawaunipun ketingal sengsem angelus
sesotya ingkang pindha mirah delima, sareng ngertos menawi Ki Butulan gurawalan
mapag rawuhipun Ki Lurah, lajeng tiru-tiru ing wingkingipun Ki Bebau.
“Wis suwe ndika mau ngrantu tekaku Paman
Bau?” pandangunipun Ki Lurah dhateng Ki Butulan sasampunipun Ki Butulan
ngaturaken pangabekti, nunten kalajengaken dhawuh supados Ki Bebau Kidul lan
kancanipun menika lenggah ing dhampar wiyar ingkang kulina dipun agem lenggah
jejagongan dening Ki Lurah lan tamunipun “ayo padha linggih ing dhampar kana,
murih gayeng anggone jejagongan”.
“Nembe kemawon kok Ki Lurah”
wangsulanipun Ki Bebau Kidul “ngaturaken genging panuwun Ki Lurah, suwawi
mangga kula dherekaken pinarak ing dhampar”.
“Ya sadurunge aku njaluk pangapura luwih
dhisik Paman Bau” dhawuh pangandikanipun Ki Lurah sasampunipun sekeca
lenggahipun, makaten ugi kalihan linggihipun Ki Butulan miwah pawestri
kancanipun menika “aja ndika anggep tambuh utawa nambong, yen aku takon marang
ndika Paman, tekane Paman ing pendhapa Kalurahan iki, mung arep sanja kuwarasanku
sakulawarga apa ana perkara liya sing wigati sing kudu tak ngerteni?”.
“Matur
nuwun Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Butulan kepireng ngatos-atos “langkung
rumiyin kaparenga kula anepangaken dhateng Ki Lurah, ingkang sowan sareng
kalihan kula menika…”.
“Iya, sapa iki Paman Bau?” Ki Lurah nigas rembagipun Ki Butulan “gajege
lagi sepisan iki aku weruh”.
“Mila leres ingkang kadhawuhaken Ki Lurah
menika” atur wangsulanipun Ki Butulan “lare estri menika pun Puranti, yoganipun
semah kula saking tiyang jaleripun ingkang rumiyin. Dados inggih taksih yoga
kuwalon kula piyambak. Wiwit alit, Puranti menika gesangipun tumut simbahipun
ing Jatisari mrika. Lha samangke lajeng nusul biyungipun mriki”.
“Lha wong tuwane Lanang si Puranti iki saiki
ana ngendi? Ki Lurah ndangu Ki Butulan.
“Bapakanipun Puranti menika rumiyin rak tiyang
mbara kerja ngupadi boga saking tlatah Banyumas mrika ta Ki Lurah?” Ki Butulan
lajeng ngaturaken sinten tiyang sepuhipun jaler Puranti “sareng anggenipun
ngumbara pados tedha dumugi ing Jatisari kepanggih kalihan Ki Lurik, inggih simbahipun
Puranti menika, nunten dipun pek mantu kajodhokaken pikantuk Jatun ingkang sak
niki dados semah kula menika, ngantos patutan yoga setunggal inggih pun Puranti
menika. Lha sareng anggenipun emah-emah kalihan biyungipun Puranti boten lana,
tiyang jaler ingkang nami Senu menika inggih lajeng kesah, kinten-kinten inggih
wangsul dhateng nagarinipun ingkang rumiyin”.
Ki Lurah namung manthuk-manthuk midhanget
katranganipun Ki Bebau Kidul makaten menika kala wau. Ki Lurah ugi pirsa lan
ngakeni salebeting penggalihipun, menawi Ki Butulan menika sanadyan samangke
sampun ngunduri sepuh, nanging taksih ketingal njenthara, tilas-tilas kebagusanipun
Ki Butulan jaman timuripun nyata boten ical babar pisan. Ki Lurah lajeng
kemutan bilih, semahipun Ki Bebau Kidul ingkang dipun sebat minangka biyungipun
Puranti utawi Jatun menika, semahipun Ki Bebau ingkang kaping kalih. Yuswanipun
ugi langkung sepuh tinimbang Ki Butulan. Semahipun Ki Bebau Kidul ingkang janur
ajur, menika tiyang saking tlatah wetanan, sacaketipun laladan Gunung Rambut, rumiyin
Tledhek ingkang mbarang, naminupun Sinem, sareng kepanggih Ki Butulan ingkang
nalika samanten taksih jaka lan Sinem, tledek mbarang kala wau inggih dereng
gadhah sisihan nunten dipun rabi dening Ki Butulan. Sareng Tledhek mbarang kala
wau sampun patutan yoga setunggal, Ki Butulan tepang kalihan Jatun, Sindhen
ingkang griyanipun Jatisari, Sindhen kala wau sampun gadhah bojo, ingkang
padamelanipun dados panjak, inggih manjaki semahipun menawi nuju tanggapan. Wiwitan
anggenipun Ki Butulan tepang kalihan Sindhen Jatun saking Jatisari menika
inggih langkung rumiyin Ki Butulan tepang kalihan Panjak Senu, sisihanipun
Sindhen kala wau. Ki Butulan dados asring sanja dhateng griyanipun Senu ingkang
taksih manggen tunggil sapekarangan kalihan marasepuhipun. Duka ingkang miwiti,
dangu-dangu antawisipun Sindhen Jatun kala wau kalihan Ki Butulan wonten
sambeting asmara. Kamangka kekalihipun sami-sami sampun gadhah sisihan lan
malah sampun sami gadhah yoga. Sareng Panjak Senu mangertos menawi sisihanipun
tumindak sedheng kalihan kancanipun piyambak, lan sampun dipun kandhani nanging
malah wani. Wasana dening Ki Senu semahipun nunten dipun perak. Ki Panjak Senu
lajeng kesah nilar Jatisari. Ki Butulan nunten gadhah lekas kepengin ngrabi
Sindhen ingkang sampun dados warandha menika minangka semah angka kalih.
Nanging Sinem, semahipun Ki Butulan boten purun menawi dipun wayuh, wekasan
dening Ki Butulan lajeng dipun perak lan dipun wangsulaken malih dhateng Gunung
Rambut. Yoganipun ingkang taksih nesep toya susu, ugi katut kabekta biyungipun.
Ki Lurah ugi pirsa menawi sasampunipun gadhah semah Sindhen menika, Ki Butulan
inggih taksih gadhah semah sanesipun, nanging boten kabekta wangsul dhateng
Tambak, Nyai Butulan, utawi Jatun ingkang tilas Sindhen menika mila marengaken
jaleripun rabi malih, kajawi ngrumaosi menawi yuswanipun langkung sepuh
tinimbang ingkang jaler, panyuwunipun Nyai Butulan ingkang boten marengaken Ki
Butulan mboyong semah-semah sanesipun dhateng Dhusun Tambak, ugi dipun tetepi.
“Iya sawuse kuwi, Paman Bau duwe kersa
apa maneh?” gandheng Ki Lurah ngrumaosi menawi kirang prayogi ngemut-emut
langkung tebih bab lelampahaning gesangipun Ki Butulan, Ki Lurah nunten mundhut
pirsa dhateng Ki Butulan menggah menapa ingkang dados jatining sedya.
“Ingkang sepisan Ki Lurah” Ki Bebau Kidul
lajeng matur “boten nama wadul lan boten jalaran kabekta saking raos meri, kula
badhe matur dhateng Ki Lurah, bilih sampun kathah kawula-kawula saking pitung padhukuhan
ingkang manunggal dhateng Kalurahan Tambak menika, ingkang sami dugi ing griya
kula saprelu wadul, magepokan kalihan tandang grayangipun Adhi Wungkul inggih
Adhi Bebau Sela, sadangunipun kaparingan purba wasesa dening Ki Lurah, minagka
wakil lan anyulihi Ki Lurah”.
“Iya Paman” Ki Lurah ketingal tanpa mawi
menggalih paring wangsulan ngleresaken menapa ingkang dipun wadulaken Ki Bebau
Kidul “aku dhewe ya wis meruhi gegayutan karo kabar sing ndika kandhakne mau.
Ora liwat, aku ya nedha nrima banget marang ndika Paman Bebau Kidul, dene wis
migatekne marang apa sing dadi wadulane kawula kang kacuwan atine. Sabanjure,
tak jaluk marang Paman Bebau, aja was lan aja kuwatir mikirake babagan kuwi.
Jalaran aku uga wis menggalih sarta wis oleh marga
kanggo ndandani kahanan murih para kawula ora kebacut padha cuwa atine lan Kalurahan
Tambak ora kebanjur-banjur dadi bubrah merga tumindak sing ora bener dening
para pamonge”.
“Dados Ki Lurah sampun uninga babagan
menika?” Ki Butulan matur malih ketingal menawi boten nyana bilih Ki Lurah
sampun pirsa magepokan kalihan ingkang dipun wadulaken. Waunipun Ki Butulan
nginten menawi Ki Lurah badhe paring wangsulan nggorohaken wadulanipun, nanging
jebul boten makaten.
“Ora mung wis ngerti” dhawuh
wangsulanipun Ki Lurah salajengipun “nanging kaya sing wis tak kandhakne, aku
ya wis oleh dalan kanggo ngatasi perkara kuwi. Sauntara Paman Bebau durung
prelu ngerti cara apa sing arep tak cakne, mbok menawa sesuk utawa suk emben
sajroning sepasar iki Paman Bebau lan kabeh Bebau, sapukawat lan paraga kang
mangreh Desa bakal tak jarwani lan bakal tak prentah nindakne apa sing dadi
putusanku”.
“Inggih matur nuwun Ki Lurah” atur
wangsulanipun Ki Bebau Kidul “sedaya dhawuhipun Ki Lurah badhe kula estokaken
kanthi lila legawaning manah waton kangge damel karaharjaning Kalurahan Tambak
lan kawulanipun sedaya”.
“Iya Paman” Ki Lurah ngendika malih “mau ndika
kandha nek sing ndika kandhakne iki mau kang kapisan, lha kang kapindho lan
katelu sarta sateruse babagan apa?”.
Ki Bebau Padhukuhan Sisih Kidul ketingal
lajeng nata anggenipun lenggah malih, sasampunipun radi dangu nembe matur
dhateng Ki Lurah, wedaling tembung kapireng las-lasan :
“Ki Lurah, mila minangka Bebau ingkang
mangayom ing saandhaping kawibawan jengandika Ki Lurah, kula sakalangkung
ngrumaosi bilih kekocah saha kasaenan ingkang sampun jengandika paringaken
dhumateng kula saestu boten kantenan kathahipun, mbok bilih kenging kaupamekaken
inggih kados ilining toya lepen ingkang tumuju dhateng seganten. Nanging Ki
Lurah, saben-saben kula manggih prakawis ingkang boten saged kula udhari
piyambak, kula taksih wantun nyuwun sih kawelasan jengandika murih prakawis
menika saged dipun udhari”.
“Kuwi wis dadi kuwajibanku Paman” dhawuh
wangsulanipun Ki Lurah nigas rembagipun Bebau Kidul “merga aku iki lurah ndika,
lan aku wis gelem nampa sampiran wujud panguwasa kanggo nglurahi Kalurahan
Tambak kene. Dadi Paman Bebau aja kaduk ati bela panampa yen ana perkara sing
mbutuhake aku kanggo aweh pambiyantu murih perkara kuwi bisa diudhari kanthi
becik, Paman bebau malah wajib, tegese kudu ora kena ewuh pakewuh kandha marang
aku murih padhanging babagan kang lagi peteng. Yen Paman Bebau ora gelem blaka
karo aku kanthi pawadan rikuh lan ewuh sarta pakewuh, kuwi padha wae ndika arep
nambahi dosa lan kaluputanku marang kang wis nyampirake pangwasa marang aku, ya
iku Gusti Prabu Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang, munggahe marang Gusti
Allah sing Maha Kawasa. Lan mesthi wae aku ora seneng yen Paman Bebau ora gelem
blaka marang aku sing wis ndika akoni dadi Lurah nDika”.
Kumlanthang pindha slaka dhawah ing jobinan
pangandikanipun Ki Lurah dhateng Bebau Kidul, temah Bebau Butulan rumaos
kasoran perbawanipun Ki Lurah Raden Riyasa.
Ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar