11.
“Kula nuwun Ki Bau……” kalihan uluk salam
Ki Tambak Kapisan mlebet dhateng Pringgitan papanipun jejagongan Bebau Sela, Bebau
Tengah saha Bebau Wetan.
Bebau saking tigang padhukuhan menika
sakalangkung kaget, awit babar pisan menawi Ki Lurah ingkang nembe kemawon
dipun raosi dumadakan njedhul rawuh ing Pringgitan mriku. Nanging inggih lajeng
sami sinamudana. Malah Ki Wungkul lajeng ngadeg, mapag rawuhipun Ki Lurah sarwi
ambagekaken :
“Mangga… mangga Ki Lurah” aturipun Ki
Wungkul sarwi anjawat astanipun Ki Lurah lajeng kaaturan lenggah anjajari
piyambakipun “ngaturaken kasugengan sarawuhipun jengandika Ki Lurah, bekti kula
mugi katur”.
“Iya, banget ing panarimaku Ki Bau dene
ndika ngaturake bekti marang aku ora liwat ya tiba sapadha-padha” dhawuh wangsulanipun
Ki Lurah kalihan mesem, kalajengaken ngendika dhateng Bebau Wetan lan Bebau
Tengah “Ki Bau Wetan lan Ki Bau Tengah
harak ya padha becik ta kabar ndika sakloron?”.
“Inggih awit saking berkahipun Ki Lurah kula
kekalih sami kaparingan wilujeng, bekti kula katur Ki” Bebau Tengah saha Bebau
Wetan sesarengan ngaturaken bekti.
“Iya, iya tak tampa lan tiba
sapadha-padha” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.
“Nyuwun pangapunten Ki Lurah, babar pisan
kula boten nyana dene jengandika kepareng rawuh ing griya kula. Menapa
sakintenipun wonten dhawuh ingkang sakalangkung wigatos ? Mangga kaparenga Ki
Lurah paring dhawuh” sasampunipun rampung anggenipun bage binage, Ki Wungkul
tumunten matur nyadhong dhawuh dhateng Ki Lurah.
“Aja ndadekne kageting ati ndika Ki Sela
lan ndika Ki Tengah apa dene Ki Wetan” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sarwi
mesem semanak nedahaken bilih penggalihipun nembe pajar “tekaku mrene iki mau
mung tiba ing kabeneran wae, sawuse aku nganglang desa ya Kalurahan Tambak,
nuju tekan laladan Dhukuh Sela, dumadakan aku kepengin mampir ing omah ndika
iki. Mesthine rasa ing ati ndika lan uga ing atine Ki Tengah apa dene Ki Wetan
ora pati beda karo rasa ing atiku wektu iki, ya kuwi wis kangen kepengin bisa
lungguh sapajagong kanthi mardikaning ati kaya sing uwis-uwis sadurunge aku
kelangan Nyai Lurah kae”.
“Ngaturaken genging panuwun Ki Lurah,
menawi rawuh jengandika ing rompok kula mriki awit sampun kangen kalihan kula”
aturipun Ki Bebau ing Dhusun Sela, tumunten badhe matur blaka “inggih estunipun
wekdal menika kajawi wonten raos kangen dhateng jengandika Ki Lurah, ing manah
kula ugi wonten raos wirang kaworan ajrih dhateng jengandika Ki Lurah”.
“Uwis Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan
kalihan esemipun katingal sansaya wiyar “ora prelu ndika kandhakne apa sing
ndadekne ndika rumangsa wedi lan wirang marang aku, awit aku wis ngerti tuking
perkara sing wis ndadekne ndika kasinungan rasa wirang lan wedi marang aku kuwi
mau iya mapan ana aku dhewe, kabeh kuwi mau dudu lupute Ki Bebau ing Sela kene,
Bebau Tengah apa dene Bebau Wetan. Uga dudu lupute Ki Butulan bebau ing
Padhukuhan Kidul. Nanging sepisan maneh, kuwi kabeh merga saka luputku dhewe”.
“Boten Ki Lurah……” Ki Bebau ing Sela rumaos
boten sekeca manahipun mireng pangandikanipun Ki Lurah makaten menika mila
lajeng nyela wuwus “kula ingkang lepat inggih labet cupeting seserepan kula,
kadukanana kula boten badhe suwala malah saupami kedah kapidana, kula pun
Wungkul botem badhe nggrantes”.
“Ki Bau ing Sela aja salah tampa” Ki
Lurah ngendika kalihan mesem malih “kandhaku mau mula bener, sak jege ditinggal
Nyai Lurah kae aku pancen lali lan wiwit mau bengi aku lagi eling. Mula dina
iki mau aku arep miwiti ndandani karusakan-karusakan sing tuwuh awit saka
anggonku wis lali temah lirwa ing kuwajiban mula tekaku mrene mau ya arep
njaluk pambiyantu saka ndika lan saka bebau liyane”.
“Inggih Ki Lurah” Bebau ing Sela, Bebau
ing Padhukuhan Tengah lan Bebau Wetan sami semaur sesarengan.
“Ya pancen bener apa dhawuhe wong
tuwa-tuwa biyen” Ki Lurah lajeng ngendika malih.
“Dhawuh ingkang pundi Ki Lurah?” Bebau
Padhukuhan Tengah nyuwun pirsa.
“Dhawuh babagan yen urip neng dunya iki
isine amung pacoban” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “kabeh kang dumadi marang
titah ya sing nyenengake ati ya sing nyedhihake ati, kuwi kabeh-kabeh sejatine
padha, ya iku padha – padha pacoban saka Gusti. Lan sing dicoba bisa lulus lan
bisa ora, ana sing bisane lulus sawise dikandhani liyan contone ora liya ya aku
dhewe iki”.
“Inggih Ki Lurah” Ki Bebau Sela nyauti
rembag.
“Aku tau meh wae ora lulus nalika nampa
pacoban sing gawe senenging atiku, jalaran wektu kuwi aku ora nggraita yen kuwi
jebul coba, meh wae kasenengan lan kabungahan kuwi malah gawe bubrahing desa
sing dadi tanggung jawabku. Ya iku nalika aku kasengsem lan seneng merga aku
weruh yen garwaku Nyai Lurah wis nggarbini, banjur aku lirwa ing wajib sarta
mercayakne kuwajibanku marang Ki Butulan utawa Ki Bebau ing Padhukuhan Kidul.
Sing wekasane ndadekne Desa Tambak iki dadi rada usreg, akeh kawula sing padha
digawe kuciwa atine jalaran Ki Butulan ora bisa nindakne kanthi becik apa sing
wis tak percayakne marang dheweke” Ki Lurah kendel sakedhap anggenipun ngendika
jalaran gorokanipun kraos sangklit. Lajeng ngranggeh Kendhi isi toya ing sacaketipun,
dipun langga isinipun kangge nelesi gorokan.
“Tujune jaman semana Nyai Lurah atur
pemut marang aku” Ki Lurah nglajengaken pangandikanipun malih “temah Desa
Tambak tumuli bisa didandani”.
“Inggih Ki Lurah” Ki Wungkul namung ngleresaken
dhawuhipun Ki Tambak Kapisan.
“Sabanjure, aku uga nampa pacoban sing
ora nyenengake atiku babar pisan ya iku klawan kapundhute Nyai Lurah bali
menyang Jaman Kelanggengan. Wektu kuwi, padha karo sing dhisik aku ya durung
nggraita yen kuwi pacoban sing kudu tak tampa kanthi nalar sing wening ati sing
pasrah. Malah saka ruweting nalarku lan petenging atiku, aku banjur duwe
pandakwa marang Gusti Kang Murbeng Urip lamun Panjenengane wis kagungan kersa
gawe susahing atiku. Ya merga kliruning pangira sing nuwuhake pandakwa ala
marang Hyang kang Maha Kawasa kuwi sing ndadekne aku sepisan maneh lali marang
kesaguhan lan lirwa marang kuwajiban minangka kawula kang dititipi dening Ratune
sarta Gustine. Lali yen Desa Tambak iki titipan saka Kanjeng Sinuhun ing Pajang, supaya tak reksa
lan tak upakara sarta tak budidaya murih sansaya ngrembaka lan para kawula kang
manggon ing desa kene ora nganti bubrah tata panguripane. Nanging Gusti Tuhu
Maha Asih, mau bengi aku nampa tamu sing wujud titahing Gusti saka alam liya,
tamu kuwi mau kepareng ngelingake aku yen satemene kapundhute Nyai Lurah kanthi
dalan seda kunduran kuwi ora ana liya kajaba wujud sih saka Gusti kang tumanduk
marang aku apa dene marang Nyai Lurah, kang kaping pindhone tamu mau uga wis
ngelingake aku mungguh kang dadi tanggung jawabku minangka kawulaning ratu lan
tanggung jawabku minangka titahing Gusti. Ya iku wujud titipan sing rupane Desa
Tambak iki. Yen kongsi Desa Tambak rusak, kawulane dadi rekasa lan tataning
panguripan dadi bubrah, mangka aku bakal nampa sapudhendhaning Hyang Agung
jalaran wis nindakne dosa telung perkara kang maujud dadi siji. Kang kapisan
dosa marang para kawula sing kudune wenang nampa pangayomaning lurah, kapindho
dosa marang Kanjeng Sultan ing Pajang jalaran aku ora bangkit bisa angreksa,
ngupakara lan ngrembakakne peparinge kang wujude Desa Tambak, dene jangkepe
kang kaping telu Dosa marang Gusti Kang Maha Kawasa, awit aku kang wis
kasampiran panguwasa nanging jebul aku nglirwakne kuwajiban temah aku mung
katrem mikirake butuhku dhewe”.
Sanadyan nalika samanten dhawuh
pangandikanipun Ki Lurah menika minangka wujuding pangudarasa ingkang nyariyosaken
kalepatanipun piyambak, nanging pranyata
kuwawa nggigah manahipun para Bebau ingkang dipun ajak ngendikan. Bebau saking
tigang padhukuhan menika sami mulat salira, temah nyumerepi bilih anggenipun lumampah
minangka Bebauning Padhukuhan taksih kathah ingkang eneripun namung nuruti
karsa priyangga utawi namung lelandhesan pikajenganipun piyambak namung kanthi
lelamisan pinulas mawi basa ingkang alus wantun umuk bilih tumindak ingkang
dipun cakaken namung kangge murih karaharjaning padhusunan miwah sakecaning
para warga lan kawula. Tuwuh salebeting manahipun para Bebau cacah tiga menika
kekajengan badhe ngewahi tumindakipun sarta badhe anulad lekasing Ki Lurah
Raden Riyasa.
“Saiki aku njaluk tulung marang ndika
kabeh supaya ndika padha gelem ngrojongi apa sing dadi lakuku kanggo ndandani
desa Tambak saisine iki” wekasan Ki Lurah nunten paring dhawuh.
“Kula tetiga saestu sendika ngestokaken
dhawuh Ki Lurah” Bebau Sela, Bebau Padhukuhan Tengah lan Bebau Wetan sesarengan
matur sendika.
“Lan kanggo ngayati laku iki” Ki Lurah
nunten nglajengaken anggenipun paring dhawuh “wiwit dina sesuk, saben dina ing
wanci srengenge munggah salandheyan dhuwure ing langit sisih wetan, kabeh para
Bebau tak jaluk padha mlumpuk ing pendhapa kalurahan, arep taka jak andum gawe
lan nata gelar kanggo ngecakne laku sing tak sebutake mau”.
“Nuwun inggih sendika Ki Lurah” Bebau
tetiga wangsulan sareng.
“Mligine marang ndika Ki Wungkul,
gandheng nganti titi wanci iki ndika isih jejer dadi wakilku, mangka dhawuhku
marang ndika tekakna panjalukku marang para Bebau ing Padhukuhan sisih kulon ya
Ki Suganda, ing Padhukuhan sisih Lor ya Ki Widhig lan Ki Butulan Bebau ing
Padhukuhan sisih kidul, supaya padha netepi marang panjalukku kang wis tak
kandhakne marang ndika mau”.
“Inggih sendika ngestokaken dhawuh Ki
Lurah” wangsulanipun Ki Wungkul.
Karaos sampun cekap anggenipun paring
dhawuh, Ki Lurah tumunten mundhut pamit badhe kundur dhateng dalem Kalurahan
malih. Inggih ing nalika samanten nembe Ki Wungkul kemutan menawi
tamu-tamunipun kalebet Ki Lurah jebul boten dipun segahi menapa-menapa. Sanaosa
inggih pirsa menawi Ki Wungkul supe boten caos pasegahan, nanging Ki Lurah
rumaos langkung marem jalaran penggalihipun kraos sansaya padhang. Anggenipun
tindak lajeng sansaya ginelak, daya-daya dumugia griya awit Ki Lurah ugi
katuwuhan raos kangen kepengin enggal pirsa kawontenanipun ingkang putra pun
Jaswana.
Ana
candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar